Total Tayangan Halaman

Senin, 29 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (26)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Nganti pirang-pirang dina malah wis nyandhak nganti pirang-pirang minggu mundhake nganti sasen, Kamdi mider golek warta neng ngendi manggone Marti, nanging panggah ora ana sing weruh neng ngendi Randha ayu anak siji kuwi. Pancen meh kabeh tepungane Marti ora ana sing ngerti nek saiki Marti wis rampung olehe ngurusi layang pindhah tempat lan dadi penduduk Klegen Madiun. Pancen seminggu sawise tekan Madiun kae, dening Astuti Marti diterne ngurus pindhah tempat lan mlebu dadi anggota keluwargane Haryadi.  Marti wis rumangsa tentrem manggon neng Klegen dadi rewange kulawarga Haryadi. Gaweyane luwih sethithik nek dibandhing karo nyambut gawe neng omahe Juragan Kadirin, wong mung olah-olah gawe panganan, umbah-umbah karo resik-resik omah sing ora pati gedhe. Sing luwih ndadekne senenging atine Marti, sanajan ora nganggo dibancaki gedhen-gedhen ewa dene pangrengkuhe Haryadi apa dene Astuti marang Hajir ora kalah karo jaman Hajir dadi anak angkate Jurgan Kadirin. Saben esuk Hajir budhal sekolah bareng karo Bu Astuti sing uga dadi Kepala Sekolah ing SD Inpres ora adoh saka omahe. Baline, Hajir kerep dicelukne becak supaya diterne menyang omahe, sak jane Hajir kepengin mulih dhewe, ora sah ndadak numpak becak, wong mlaku wae ora nganti ndadekne kesel, nanging Bu Astuti durung tega, jarene mbesuk wae nek wis kelas papat utawa lima Hajir arep ditukokne sepedha ben bisa budhal lan mulih dhewe anggone sekolah.

“Iki blanja kanggo sampean Make Hajir” kandhane Astuti nalika Marti wis oleh sesasi dadi rewang ing omah kono “aku durung bisa menehi akeh, najan sethithik muga-muga mbarakahi”.

“Oalah, Buke, Buke…..” wangsulane Marti karo nampani dhuwit sing diwadhahi amplop “lha wong kula dipun parengaken ndherek Ibuk-e teng dalem mriki kemawon kula sampun remen, Hajir saged sekolah malih, niku sampun langkung saking cekap. Upamia kula boten dipun paringi arta blanja, kula inggih boten napa-napa. Kula sak niki rak boten betah napa-napa malih? wong danten empun dicekapi Buk-e kalih Bapak?”.

“Iya” wangsulane Astuti karo mesem sabar “saiki sampean pancen durung butuh apa-apa, nanging rak ya bisa dhuwit sing mung sethithik kuwi sampean celengi, kanggo njagani kabutuhane Hajir mbesuk nek sansaya gedhe”.

“Inggih Buk-e” Marti mbenerne sing diucapne bendarane “upami kula nyuwun tulung Buk-e supados nyimpenke arta peparinge Buk-e niku pareng napa boten Buk-e?”.

“O ngono?” Astuti seneng krungu panembunge Marti ngono kuwi “ya wis sesuk wae melu aku nyang Bank tak bukane rekening, dadi dhuwit blanjamu saben sasi langsung tak transfer nyang rekeningmu, mengko buku karo kartune ATM singgahna dhewe”.

“Inggih Buk-e” wangsulane Marti seneng.

Hajir sing sanajan mung anake rewang, nanging dening Haryadi diyasakne kamar dhewe, ora dadi siji manggon sakamar karo Make. Neng njaban omah, ora ana sing ngira nek Hajir kuwi mung anake Rewang utawa PRT, nanging akeh sing ngira nek isih ponakan utawa anake  Haryadi lan Astuti. Ora arang wong-wong padha ngonangi Haryadi lan Astuti ngajak Hajir nyang toko tuku barang-barang sing dadi kabutuhane Hajir, bangsane alat-alat sekolah, sandhangan lan uga dolanan. Haryadi nek mbasakane Hajir marang dheweke nganggto sebutan Bapak lan marang Astuti nganggo sebutan Ibu. Ora mung kuwi wae, Harun sing kerep sanja nyang omahe adhine ipe kuwi, uga mbasakne Hajir marang dheweke uga kanthi sebutan Bapak. Dadi Hajir nek jaman isih neng ndesa duwe Bapak, duwe Ibu lan duwe Emak, saiki bareng ngalih neng kutha Hajir duwe bapak loro, Ibu siji lan isih duwe Mak. Bedane maneh, nek jaman dadi anak angkate Juragan Kadirin Hajir nek sore dikongkon ngaji neng langgar, bubar ngaji lagi genti nyinaoni wulangan-wulangan sing ditampa neng sekolahane. Nek neng Klegen, Hajir saben wayah bubar luhur dadi santri TPA lan nek bengi olehe sinau wulangan sekolah kerep ditunggoni lan dituntun dening Ibu. Nek wis rampung olehe sinau lagi dikeparengake mapan turu.

Sanajan kena diarani uripe Hajir dadi luwih tumata tinimbang nalika isih manggon neng ndesa, nanging jenenge bocah, kerep wae Hajir sok lungguh meneng, kelingan karo barang sing jarene wis dadi duweke, sing saiki babar pisan ora tau diweruhi kahanane. Tanduran gembili ing Pager Satru, ing tegalan mburi omahe Juragan Kadirin. Hajir kelingan sadurunge ditinggal lunga, tanduran gembili pirang-pirang wit sadawane pager satru kae wis wayahe ngundhuh. Dening Make lagi diundhuh sak wit sing ana ngisor Wit Lamtara kae wae sak wit durung rampung. Lha saiki nasibe Gembili-gembili kae banjur kepriye?.

“Mak, gembiliku sing neng Pager satru kae saiki kepriye ya? karo pake wis diundhuhi apa durung ya kira-kira?” nuju sawijining dina Hajir tau takon marang Make perkara tanduran gembiline.

“Gembili kae sing duwe Juragan Kadirin ya Le?” wangsulane Marti sabar “ya embuh arep dikapakne, ya sakarepe sing duwe. Kowe gak sah nggagas kae maneh”.

“He, jarene Bapak Gembili kae wis dadi duwekku lho Mak?” Hajir mangsuli wangsulane Make “banjur mbesuk nek adhik wis gedhe jare Bapak adhik kon menehi, Gembili ing Pager satru kae dadi duweke cah loro, aku karo adhik”.

“Iya, kuwi biyen saiki wis beda” wangsulane Marti, Marti melu krasa nek satemene Hajir kuwi sayang banget marang anake Juragan Kadirin sing wis didhakokne dadi adhine dhewe, kajaba iku Hajir ya tresna banget marang tandurane sing dening Juragan Kadirin wis didhakokne dadi duweke. Nanging rasa tresna lan seneng kuwi jebul ora langgeng, kudu diputhes dening kahanan, tanpa ngerti sabab musababe Hajir dikatutne dosane wong tuwane, melu katundhung ninggalne sing padha ditresnani, dhakonan sedulur karo dhakonan tanduran gembili.

“Beda piye ta Mak?” Hajir takon maneh.

“Beda ya beda” wangsulane Marti “saiki Hajir ora oleh ngeling-eling kabeh sing ana ndesa kae. Merga bisa ngganggu pikiran, marakne ora bisa pinter sekolahe. Ngerti?”.

“Iya Mak ngerti” wangsulane Hajir manut Make “nanging mbesuk nek aku wis pinter, wis gedhe, wis bisa lunga dhewe, oleh ya Mak nek aku ngendhangi ndesa, niliki adhik karo niliki gembiliku kae?”.

“Oleh, nanging yakuwi, nek wis gedhe wis pinter apa-apa wis bisa dhewe”.

“Iya Mak”.

Rembugan karo anake lanang sing ngono kuwi, jebul wis ndadekne Marti kelingan kabecikan-kabecikan sing tau ditampa saka Juragan Kadirin. Wiwit jaman Taslim isih biyen, nganti Taslim entek slametane, kabecikane Kadirin ora tau mandheg tansah mili marang dheweke lan anake.  Marti uga kelingan yen biyen Marti uga tau duwe pepenginan bisa males budi becike Juragan Kadirin. Nganti marti uga ora tau bosen nuturi Hajir, anake . Hajir dikandhani supaya manut miturut karo kabeh pituture Juragan Kadirin sing wis gelem mupu Hajir dadi anak angkate, lan Marti manti-manti ing mbesuke lamun Hajir wis gedhe aja nganti ninggalne bekti lan kurmate marang bapak angkate kuwi. Marti uga ngerti yen satemene Kadirin babar pisan ora tega lan ora mentala Marti lunga saparan-paran merga nuruti karepe Sihmirah, bojone. Nanging wektu kuwi Marti sing kudu milih lunga, merga Marti ora kepengin Rumah Tanggane Kadirin bubrah, merga Sihmirah adreng olehe kepengin Marti lunga saka lingkungan kulawargane.

Gragap! Marti sadhar, dina iku wis jam loro awan luwih. Jam semono kuwi adate Buk-e mesthi wis mau-mau tekan omah. Nanging dina iki Astuti durung katon bali. Nek Haryadi ngono pancen padatan olehe tekan omah mesthi wis jam limanan. Ana apa iki ya?. Kamangka padatan nek arep kasep olehe bali, ajeg Astuti ngandhani Marti luwih dhisik. Gek mau esuk, Astuti ora meling apa-apa. Gek ana apa iki ya?.

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...