dening: IMMIR
52.
Olehe
padha jagongan sajak gumyak kuwi jebul lagi ngrembug larah-larahe Yang Yem,
gelem nuruti eguhe Bu Kardiman supaya mara menyang Jakarta. Yang klawan blaka
suta apa anane nyritakne olehe Telepon Nita sing arep nggathukne Mur karo
kancane Nita sing kabare isih WNA kuwi. Yang Yem ua kandha nek dheweke babar
pisan ora mathuk karo rerigene Nita, nanging arep nulak sanalika pas bareng
karo Nita Telepon kae, Yang Yem ora wani, merga sing arep nglakoni kuwi Mur
dudu dheweke. Arepa dheweke nulak, nek sing nglakoni seneng Yang Yem tetep ora
bisa apa-apa. Mula banjur Mur arep dikongkon bali luwih dhisik arep dijak
rembugan lan dikandhani bab iki. Nanging Yang Yem ya isih duwe rasa kuwatir,
merga nek suk riyaya Mur sida bali, bakal ketemu Nita. Lan bisa uga Mur lan Yang
Yem bakal katut karo rerigene Nita sing wasis micara kae. nDelalah Bu Kardiman
nawani supaya Yang Yem teka nyang Jakarta nemoni Mur, malah wragate mlaku uga
wis disediyani pisan. Mula Yang Yem banjur semrinthil, manut kersane Bu Kardiman.
"Tindake
Bu Daryana ngantos dumugi mriki niku estunipun boten awitrerigen kula" Bu
Kardiman nanggapi critane Yang Yem "nanging awit dipun ebahaken dening
Ingkang Maha Kawasa. Awit sampun wancinipun Tembang Cemplang punika wangsul
dhateng not ingkang leres".
"Kok
Tembang Cemplang ta Dhik? apa kuwi ?" Bu Narti takon. Merga liyane mung
padha meneng, nadyan ketoke ya durung mudheng.
"Makaten
mBakyu" Bu Kardiman nggenahne kandhane "Bu Daryana utawi mBak
Srimurni punika, sampun meh kalih dasa tahun umpetan rapet ing pundi kula boten
sumerep, malah asmanipun piyambak ugi dipun gantos, namine putrane ugi dipun
elih, punika kenging dipun upameaken suwanten tembang, sae nanging kapireng
cemplang, awit notipun sampun dipun ewahi. Lha dening Gusti Ingkang Damel
Gesang, mBak Srimurni punika dipun kersakaken supados wangsul jati dhirinipun
sakawit, mila lajeng sumrinthil kersa tindak dhateng Jakarta mriki niku".
"O
ngono?" Bu Narti manggut-manggut lagi ngerti.
"Lha
nuwun sewu Bu Daryana" Bu Kardiman banjur nakoni Yang Yem "lha menawi
rigenipun Nita ingkang makaten kala wau Bu Daryana boten kepranan ing galih,
punapa Mur punika, sampun wonten calon pilihanipun Bu Daryana piyambak? Upami
dereng, sepisan malih upami dereng lho, kados pundi menawi kula padosaken
calon. Mesthi kemawon calon ingkang badhe kula aturaken, benten kaliyan ingkang
dipun tawakaken Nita. Ingkang badhe kula turaken punika namung lare lola, sampun
boten gadhah Bapak malih, nyambut damelipun namung Tani, griyanipun inggoh ing
padhusunan, nanging larenipun estu badhe tanggel jawab saestu, liripun inggih
nikah kanthi sah miturut satataning agami saha aturanipun nagari lan Mur badhe
dipun ajak gesang sawontenipun ing dhusun papanipun lare wau.
Kadospundi?".
Yang
Yem suwe ora semaur, Mur ngati-ati nglirik bendarane, batine takon sapa sing
dikarepne bendarane sing jare saiki wis dadi Bulike kuwi. Minangka anak saupama
simboke nyetujoni, dheweke mung bisa manut lan muga-muga dadi lan apike.
"Ngene
ya Dhik, eh makaten Bu" Yang yem wekasane wangsulan ngati-ati banget.
"Sampun
ngangge Dhik kemawon, kula langkung remen menawi Bu Daryana kados mBak Srimurni
ingkang kula tepangi jaman samanten" Bu Kardiman nugel guneme Yang Yem.
"Inggih"
Yang Yem nerusne kandhane "bares wae, aku minangka wong tuwa sak jane ya
wis kepengin supaya Mur kuwi enggal kawengku ing kakung, sokur bage yen aku
bisa nunggoni nganti tuwa, saora-orane sawanci-wanci aku dipundhut karo Sing
Kuwasa kuwi wis ora ngebot-eboti lakuku sowan neng ngersane Allah. Lha nek Dhik
Bhekti wis nemokne calon kanggo anakku Mur, aku matur nuwun banget, nanging
kabeh kuwi ya gumantung karo sing arep nglakoni, ya Mur dhewe".
"Matur
Nuwun mBak Sri" Bu Kardiman mesem lega, banjur kandhane marang Mur
"piye Mur panemumu?".
"Bakenipun
kula manut kaliyan kajenge Mak-e Buk, eh Bulik" wangsulane Mur ora kalah
ngati-atine "Kula pitados, punapa ingkang dipun pilihaken Bulik kangge
kula mesthi ingkang sae tumrap kula, mokal Bulik badhe njlomprongaken kula,
abdi ingkang sampun rinengkuh dados pulunanipun piyambak punika".
"Sokur
alhamdulillah yen mangkono" Bu Kardiman sansaya katon luwih bingar
"ngaten mBakyu, atur kula ing ngajeng taksih wonten sambetipun, lare
ingkang kula aturaken wau estunipun taksih ponakan kula piyambak. Inggih punika
putranipun suwargi Mas Sakun, naminipun Sujud inggih punika larenipun".
Muni
ngono kuwi Bu Kardiman karo nudingi Sujud. Yang Yem ndengengek nyawang calon
mantu sing ditawakne Bu Kardiman. Mur dadi rada kaget, ora krasa banjur nyawang
marang Sujud, sing disawang ngepasi uga lagi nyawang pernahe Mur. Ana sunaring
mripat sing tempuk lan nuwuhake rasa geter ing atine titahing Gusti sing beda
jinise kuwi.
"Iya
Dhik, aku matur nuwun banget. Nadyan semune ora pati percaya, apa bener Mas
Sujud kepareng ngramut anakku iki?" ora krasa luhe Srimurni wiwit
dleweran.
"Mugi
sineksenan jagad saisine Buk" Sujud sing semaur "kula prasetya badhe
nresnani Dhik Mur kaliyan sawetahing jiwa raga kula, mugi-mugi sageda tulus
ngantos puputing umur kula".
"Kula
tumut nekseni Jeng" Bu Narti sing maune mung meneng karo ngrungokne sing
padha omong-omongan nrambul rembug "kula nadyan namung dhapur Ibu sambung
saking pun Sujud, ngaturaken genging panuwun, Jeng sampun kepareng nampi anak
kula Sujud dados jodhonipun anak kula Nak Mur, matur nuwun Nak Mur Ibu remen
banget penggalihe".
"Dados
makaten nggih mBakyu, lan mBak Sri" Bu Kardiman bali omong maneh
"punika kula njodhokaken ponakan kula jaler pikantuk ponakan kula estri,
kula nyuwun idi pangestu dhateng mBakyu Narti saha mBak Srimurni mugi lekas
kula punika dipun ridani saha dipun ijabahi dening Gusti".
"Aamiin"
kabeh sing ana kono padha muni amin bebarengan.
Sauntara
kuwi, kaya adate saka mburi lawang ana sing lagi nyolong rungu. Ora mung kuping
loro, nanging ana kuping nem sing uga padha nekseni apa sing diucapne Bu
Kardiman lan Sujud lagi wae mau. Sanadyan ana sethithik rasa cuwa ing atine mBok Ti, Bu Kristin karo
Andhik, nanging telu-telune bisa nampa kanthi legawa. Bu Kristin banjur aweh
sasmita marang mBok Ti . Sing disasmitani tanggap banjur alon-alonan mlebu
nyedhaki sing lagi padha kalegan atine.
"Ana
apa mBok?" Bu Kardiman takon.
"Anu
Bu Kristin, rawuh mriki" wangsulane mBok Ti.
"Ya
diaturi mrene ngono" Bu Kardiman wangsulan karo mesem.
"Assalamu'alaikum"
Bu Kristin uluk salam karo arep mlaku mlebu.
"Alaikum
salam, mangga Bu Kristin" Bu Kardiman grapyak semanak nampa tekane
tanggane sing merlokne sanja kuwi.
Bu
Kristin mara banjur nyalami siji-siji sing ana kono kuwi kabeh. Nanging, sepira
kagete Srimurni nalika weruh sing lagi teka kuwi sapa?. Padha karo Srimurni,
nalika Bu Kristin nyawang praupane Srimurni.
"Sri........."
Bu Kristin njerit alon. Banjur ngrangkul Srimurni, karo diambungi.
"Iya
Bulik, ora nyana awake dhewe bisa ketemu maneh ana kene" wangsulane
Srimurni uga karo kembeng-kembeng tangis.
Bareng
wis rada sauntara Bu Kristin wis lungguh neng kursine, lagi banjur kandha
marang Bu Kardiman :
"Nyuwun
pangapunten Bu, jebul kula kepanggih ponakan kula piyambak, Srimurni semahe
Daryana. Kula punika adhikipun wuragi sawargi ibunipun Daryana. Kula kepanggih
pungkasan kaliyan Srimurni punika selapan dinten sasampunipun Daryana kaliyan
Sri nikahan, dugi sepriki nembe panggih punika".
Tembange
Sing Cemplang sansaya alon, not-not sing asli wiwit dipapanake ing samesthine.
Banjur apa sing ndadekne Sri Subekti banget rumangsa kepotangan budi, malah
jare kepotangan nyawa karo Yang Yem?
Yen
ana wektu lan kalodhangan muga-muga bisa diaturake ing crita candhake.
Tammat.
Tlas
sinerat ing Maladi Hening, Ngarengan Kidul Sepur, Ahad Wage, 27 Sura 1955 Tahun
Alip, Windu Sancaya, Mangsa Katelu, Wuku Landep. Sinengkalan : Panahing Yaksa
nembus bantala. Ambneri klawan tanggal kaping lima sasi September Tahun 2021.