dening: IMMIR
51.
Sawise
gaweyane rada longgar, mBok Ti pamitan Bu Kardiman arep menyang omahe Bu
Kristin sedhela, ngeterne oleh-olehe Yung Yem. mBok Ti blaka marang bendarane
nek dheweke nembung marang Mur supaya Bu Kristin sing wis apik srawunge karo
mBok Ti lan Mur kuwi diwenehi oleh-oleh saka ndesa kuwi. Bu Kardiman ya bisa
nampa klawan seneng marang lekase mBok Ti sing luwih bisa akrap srawunge karo
tangga, tinimbang Bu Kardiman dhewe sing luwih akeh repote merga gaweyan sing
diayahi luwih akeh.
"Akrap
karo tangga kuwi ya apik mBok" kandhane Bu Kardiman pas mBok Ti pamitan
mau "nanging aja nganti kakraben, banjur seneng ngrumpi ngrasani tangga
liyane".
"Inggih,
Buk-e" wangsulane mBok Ti "kalih Mur kula nggih sampun dicriyosi
ngoten niku kok. Mangke paling kula bakda ngelungne niki nggih lajeng
wangsul".
"Iya"
Bu Kardiman nerusne rembuge "Ya nek ana wektu longgar, nek Bu Kristin
kepengin tepungan karo Ibune Mur diaturi tindak mrene sedhela ta. Mur kuwi ora
mung ponakanmu dhewe mBok saiki, nanging ya ponakanku barang. Wong Bu Daryana
ibune Mur kuwi isih mBakyuku dhewe, mBakyuku sing ilang pirang-pirang tahun
digoleki nyang ngendi-endi ora ketemu, jebul malah ora sengaja teka dhewe
marani aku. Dadi Mur kuwi saiki nek nyeluk aku ya kudu malih ora Ibuk-e maneh,
nanging Bulik".
"O,
jebul ngaten ta Buk-e?" mBok Ti lagi rada mudheng.
"Iya,
wis ndang budhal"
Karo
mlaku mBok Ti ngangen-angen karo apa sing mentas dikandhakne bendrane kuwi mau.
Kareben wong-wong kancane nyambut gawe ndherek Pak Kardiman, ora nyawang Mur
sakepanake dhewe, mBok Ti niyat mengko arep ngandhani wong-wong kuwi kabeh. Nek
Mur kuwi jebul ponakane Bu Kardiman, anake mBakyune sing banget diajeni dening
Bu Kardiman.
"Matur
nuwun banget lho mBak" Bu Kristin nampani oleh-oleh kuwi karo mesem sajak
seneng atine, banjur takon "dadi mBok-e Nak Mur niliki anake mrene?"
"Inggih
Buk" wangsulane mBok Ti "jebul Ibunipun Mur punika taksih mBakyunipun
Ibuk-e, ngendikanipun Ibuk-e wau, duka kenging punapa, boten dangu sasedanipun
Bapakne Mur, lajeng ngical. Dipadosi pinten-pinten tahun boten kepanggih, lha
kok dumadakan ngetingal piyambak".
"Lha
ya lelakon kok nganti bisa kaya ngono ya mBak?" Bu Kristin nanggapi
critane mBok Ti.
"Wau,
Ibuk-e nggih meling, mbok menawi wonten wekdal lan Bu Kristin ngersakaken
tepangan kaliyan Ibunipun Mur, katuran tindak mrika" kandhane mBok Ti
maneh, nerokne welinge bendarane.
"Oh,
ya ya, matur nuwun mBak" Bu Kristin semaur seneng "mengko wae, nek
bar potong-potong tak ngidul".
mBok
Ti banjur pamitan, Bu Kristin nguntapne tekan emper ngarep. Sauntara iku, neng
Pos jagan, dikupengi Singgih, Marsana karo Sadirun, Andhik lagi ngethuprus
crita. Ngomongne warta anyar anggone nguping neng mburi lawang karo mBok Ti.
"Nek
ngono Budhe Narti karo Mas Sujud kae dudu wong baen-baen" kandhane Marsana
sawuse Andhik rampung crita.
"Lha
kok Budhe Narti karo Mas Sujud Mas?" Andhik takon.
"Wong
loro kae cetha nek nduweni indera keenam, panggraitane landhep banget, nanging
ora gelem ndhisiki kersaNe Sing Kuwasa" wangsulane Marsana.
"Piye
ta? aku kok malah sansaya bingung ki?" Singgih genti takon.
"Sadurunge
Mak-e, eh Ibune Mur teka, wong loro kae sikepe marang Mur jarene Andhik wis
beda, malih dadi ora kaya sikepe marang rewang. Malah nek nyeluk Mur Budhe
Narti malih dadi Nak Mur, banjur Mas Sujud nek nyeluk nganggo tambahan Dhik.
Iya apa ora?" Marsana nggenahne karepe.
"Iya,
ya Mas?" Andhik manthuk-manthuk.
"Lha
saiki, mBak Mur kuwi apane Boss wedok?" Singgih genti sing takon. Andhik
ora bisa wangsulan, merga olehe nguping mau ora krungu bab kuwi. Wong papat
banjur meneng kabeh. Nanging banjur padha kaget, bareng ana sing mangsuli :
"Mur
kuwi Pulunane Ibuk-e" wong papat noleh bareng menyang asale suwara
wangsulan kuwi. Jebul mBok Ti sing lagi wae saka omahe Bu Kristin mampir
menyang Pos.
"Iya
ta mBok?" Marsana genti takon menyang mBok Ti.
"Lagi
wae, Ibuk-e mau crita nyang aku. Bu Daryana ya Ibune Mur, kuwi isih mBakyune
Ibuk-e. Lha Bu daryana kuwi biyen lunga saka omah ora pamit sapa-sapa,
ngerti-ngerti ilang tanpa lari, lha dhek mau malah ngetok dhewe, wonge ki
mesthi ora ngira nek anake wedok malah ngabdi marang adhine dhewe" mBok Ti
nggenahne critane.
"Dadi
critane ngono kuwi?" Andhik takon "kok bisa nganti kaya ngono
ya?".
"Ya
bisa wae ta Mas Andhik" Sadirun sing wiwit mau mung meneng genti semaur
"mbok menawa Ibune mBak Mur kaya neng crita-crita jaman biyen ngana
kae".
"Crita
apa maneh kuwi Om?" Singgih takon.
"Critane
Wong gedhe sing namur laku, merga lagi nglakoni prihatin, napakne anak putu
mbesuk ben dadi wong sing mulya uripe, jenenge lakon tapa ngrame ngana
kae".
"Lha
nek ngono, sasuwene iki awake dhewe iki sing ora ngerti sapa satemene mBak Mur.
Merga ora ngerti nganti wani ngandhani sing ora-ora sing ndadekne nesune mBak
Mur" Marsana omong maneh.
"Bener
kuwi Mas" Andhik wangsulan "Gek kuwi sing paling nemen aku? tujune
mBak Mur olehe nesu mung sak gradagan thok, terus mandheg. Kapok tenan
aku".
"Kapok?
dadi saiki wis ora tresna maneh karo Mur?" mBok Ti takon karo mesem kecut.
"Tresnane
ki ya tresna mBok, nanging aku genah nek ora bakal wani nembung"
wangsulane Andhik karo ngguyu-ngguyu anyel.
"Nanging
nek aku ditari mBakyune Boss wedok, apa gelem ngrabi anake ngono aku ya ora
bakal nolak kok" Singgih sing genti semaur.
"Kuwi
jenenge ketiban kanugrahan Mas Singgih" Sadirun nanggapi karo ngguyu
"mbok sapa wae mesthi rindik asu digitik nek ditari ngono kuwi, kok istilahmu
ora nulak?".
"Nek
aku panggah ora wani Om" Marsana sing genti omong "rabi anake wong
gedhe kuwi kena diupamakne kaya wong nyunggi lumpang kentheng".
"Lumpang
Kentheng ki apa Mas?" Andhik takon.
"Lumpang
Kentheng, kuwi lumpang sing digawe saka watu gedhe. Wong nyunggi lumpang
kentheng kuwi entuk-entukane mung dialembana wong sing weruh, diarani rosa.
Nanging kurang-kurang bejane, sirahe bisa pecah, gulune coklek, merga saking
abote barang sing disunggi".
Wong
papat, lima mBok Ti padha ngguyu bareng.
mBok Ti banjur ngalih arep bali menyang omah, isih ana gaweyan sing kudu
ditandangi. Karo mlaku mulih mBok Ti nggagas, atine krasa ayem, bocah-bocah
sing maune padha rebutan kepengin ngrebut atine Mur sajake wis padha mendha.
Sing dipikirne mBok Ti kari Tanta karo Bu Kristin, kira-kira mBoke Mur gelem
nampa apa ora saupama Bu Kristin nembung Mur arep dipek mantu?.
"Ah,
ya gene aku kudu melu mumet mikirne butuhe wong liya sing ora ana sambung
rapete karo aku?" bareng olehe mikir rada suwe mBok Ti banjur mupus dhewe.
Pas
lakune mBok Ti ngliwati cedhak lawang butulan menyang ruang tengah, mBok Ti
kober nglirik neng ruang tengah, bendarane karo tamu-tamune lagi padha gumyak
jagongan, karo ngadhep teh, pacitane jadah karo wajik klethik. mBuh apa sing
lagi padha dirembug.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar