Total Tayangan Halaman

Rabu, 06 Maret 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)


 52.

        Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya sampun sami mangertos menawi ingkang kengkenan tiyang-tiyang ingkang badhe mejahi Bebau Pilang saha Bebau Pethek menika Bebau Kawisan. Sanaosa makaten, dupi mireng malih lekasipun Bebau Kawisan ingkang makaten kala wau tiyang-tiyang sami kimat anggenipun getem-getem lan ngigit-igit dhateng Bebau Kawisan. Namung Bebau Jambon ingkang ketingal manthuk-manthuk, nembe ngertos sinten Sapukawat kalih ingkang dipun kersakaken Ki Lurah kala wau.

        “Kajawi saking menika” Bebau Sumber nglajengaken anggenipun matur “Ki Bayan Kasna ugi nampi wartos ingkang sakalangkung nggegirisi malih.”

        “Mengko dhisik” Ki Lurah nyelani aturipun Bebau Sumber “ipene Kebayan Kasna teka ngerteni warta sing kudune banget ing wadine kuwi nalare kepriye? Apa dheweke kalebu Sapukawat Kawisan sing banget pinercaya dening Bebau Kawisan ?”

        “Mugi kauningana Ki Lurah” Bebau Sumber atur wangsulan “suwaunipun Sampir, inggih ipenipun Ki Bayan menika, padamelanipun rewang ing griyanipun Bebau Kawisan minangka tukang yasa kajeng obong kalihan kala-kala kaparentah mijeti Baune Kawisan. Nanging sareng Ki Dungkul lan para andhahanipun asring wonten joglonipun Baune Kawisan ingkang enggal, padamelanipun Sampir gantos ngladosi menapa kabetahanipun Ki Dungkul lan Ki Batasigar miwah para siswa padhepokan ingkang wonten mriku, kalebet mijeti ingkang sami sayah.”

        “O, iya iya, banjur warta sing nggegirisi sing dikandhakne Sampir marang Ki Bayan Kasna kuwi warta apa?” Ki Lurah ndangu malih.

        “Miturut kabar ingkang dipun pireng dening Ki Bayan Kasna” Bebau Sumber matur “kados-kados Ki Batasigar lan Ki Dungkul sampun mesthekaken menawi Jengandika Ki Lurah boten badhe kersa manunggal kalihan Paguron Nagalanang. Pramila Bebau Kawisan lajeng kaparentah murih tata-tata madeg dados Lurah lan njongkeng kawibawan jengandika. Miturut petanganipun, Bebau ingkang taksih langkung setya dhumateng jengandika Ki Lurah saha nggadhahi kekiyatan sapu kawat radi kathah, kantun Bebau ing Peleman, Bebau Krajan lan Bebau Munggur. Bebau ing Pethek lan Bebau ing Pilang kekalihipun sampun dipun sirnakaken kala dalu. Dene bebau ing dhukuh sanesipun kaanggep gampil dipun ajrih-ajrihi. Menika kala wau petanganipun Ki Batasigar lan Ki Dungkul kalihan Bebau Kawisan, Dene anggenipun badhe madeg Lurah Bebau Kawisan, ngentosi dhawuh saking Ki Batasigar lan Ki Dungkul ingkang badhe sepisan malih ngadhep lan nanting Jengandika Ki Lurah kersa manunggal kalihan Padhepokan Nagalanang menapa boten. Menawi saestu jengandika kekah boten kersa manunggal, nembe Ki Kawisan badhe dipun biyawarakaken menawi sampun madeg dados Lurah, mirong kampuh jingga, mbondhan tanpa ratu lan wantun kalihan jengandika Ki Lurah.”

        Tiyang-tiyang ingkang sami lenggah ing Pringgitan menika ketingal sami getem-getem, ngepelaken tanganipun lan kepireng nggegetaken untunipun mratandhani menawi nembe benter manahipun. Langkung-langkung Bebau Pilang lan Bebau Pethek, senaosa kekalihipun boten wicanten menapa-menapa nanging ketingal praupanipun ingkang mbrabak mengangah ngantos dumugi ing kuping. Untunipun kemrutug lan lathinipun kedher awit ngampet raos benter ingkang ngobong manahipun. Namung Ki Lurah ingkang ketingal ayem kemawon boten nedahaken menawi duka, namung wongsal-wangsul njengkerutaken palarapan, pratandha menawi nembe ngulir penggalih pados srana kangge ngudhari reruweting dhusun Pangapitan menika.

        “Nuwun sewu Kakang” dumadakan Ki Palir matur “patrapipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal saha rencang-rencangipun menika sampun kesangeten anggenipun ngliwati wates. Wirang ing manah kula sampun boten saged dipun aling-alingi malih. Inggih awit saking menika, kaparenga Kakang Lurah paring pangestu, dinten menika kula badhe dhateng Dhukuh Kawisan, badhe nglabrag lan nundhung Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal saking Pangapitan.”

        “Sampun tindak piyambakan Paman” saderengipun Ki Lurah dhawuh wangsulan dhateng Ki Palir, Sukmana numpangi rembag “kaparenga kula ugi badhe ndherek Paman Palir.”

        “Adhi Palir lan Kowe Sukmana” Ki Lurah paring dhawuh “kowe aja padha kaya bocah cilik sing mung nuruti ati sing lagi kebranang. Apa mbok kira nundhung Dungkul karo Dhangkal murih lunga saka Pangapitan kuwi gampang? kaya wong nggusah manuk glathik sing neba ing empingane pari gaga?. Dungkul lan Dhangkal kae kajaba nduweni kaluwihan ing olah kanuragan uga duwe watak julig lan culika. Nek kowe wong loro saiki budhal arep nglabrag menyang Kawisan, tan wurunga bakal lebur tanpa dadi, kaya dene kutuk sing marani sunduk utawa kaya ula sing marani gepuk……”

        “Leres menika Ki Lurah” Bebau Pilang nyela atur “tindakipun Ki Palir lan Adhi Sukmana kedah wonten ingkang ngombyongi, kula lan sedaya Sapukawat lan Pamong ing Pilang kanthi remening manah badhe ndherekaken Ki Palir lan Adhi Sukmana.”

        “Makaten ugi kula Ki Lurah” Bebau Pethek numpangi rembag “kula saha sedaya Pamong lan Sapukawat ing Pethek, ugi badhe ndherek ngombyongi tindakipun Ki Palir lan Adhi Sukmana nglabrag tiyang-tiyang ingkang badhe damel kisruh ing Pangapitan.”

        “mBoten kantun kula lan para Pamong lan Sapukawat ing Peleman ugi badhe ndherek lekasipun Ki Pilang lan Ki Pethek, Ki Lurah” Bebau Peleman ugi urun rembag.

        Bebau Sumber lan Bebau Jambon meh kemawon badhe wicanten nanging dados wurung, jalaran karumiyinan Ki Lurah paring dhawuh :

        “Kabeh-kabeh kok gampang temen nggone padha seneng nuruti panasing ati ta? nDika kabeh padha elinga, sing diadhepi awake dhewe iki wong julig sing dhemen tumindak culika, ora duwe rasa isin yen tumindake nyingkur marang jiwaning satriya, wani wirang waton menang, tega ngurbanake nyawaning wong tanpa dosa sing wis kadhung percaya marang pangebang-ebang ing crita kang ngayawara. nDika kudu ngerti, nek saupama ndika lan para sapukawat sing budhal nglabrag Dungkul lan Dangkal sarta kanca-kancane, mengko ndika sakanca bakal diadhepi dening para Pamong lan Sapukawat saka Kawisan. Dadi ndika sakanca bakal paten pinaten karo sedulur ndika dhewe sing padha-padha kawula lan warga Pangapitan. Yen wis mangkono banjur sapa sing bakal nandhang kapitunan? Ora liya ya Desa Pangapitan, dudu Paguron Nagalanang. Malah Paguron kuwi bakal oleh bathi sing akeh, tanpa kangelan mungsuhe wis ringkih jalaran saka bodhone dhewe, tukaran karo kanca lan sedulure dhewe. Yen wis mangkono, bebasan suwe mijet wohing ranti Paguron kuwi anggone bakal ngregem Desa Pangapitan.”

        “Lajeng prayogining lampah kados pundi Kakang?” sareng tiyang-tiyang sami ndhingkluk boten wonten ingkang wicanten, Ki Palir lajeng matur dhateng Ki Lurah “awit kanyatanipun sanaosa ingkang badhe ngreridhu lampah kula lan para Bebau tuwin Sapukawat lan Pamong saking Pangapitan menika mangke tiyang-tiyang Kawisan ingkang ugi warga Pangapitan nanging rak sampun cetha bilih tiyang-tiyang menika badhe damel kisruh ing Pangapitan menika?”.

        “Sing ndika kandhakne kuwi pancen ana benere Dhi” Ki Lurah paring wangsulan kalihan suwanten ingkang nedahaken raos sabaripun “nanging si Adhi uga kudu ngelingi, anane wong Kawisan tumindak mangkono kuwi mau jalaran merga keblithuk dening wong sing pinter umuk sing ndadekne padha lali marang piwulange para leluhur kang wis padha kundur ing kaswargan. Jalaran lali wong-wong mau banjur kleru nggone milih dalan, dadine kesasar nggugu kojahe mungsuh sing pancen nasar. Lha yen ana sedulure sing lali, wajibe dielingne, ora dimungsuhi nganggo kekuwataning raga luwih-luwih nganggo landheping gegaman. Aku wis nemu cara kanggo ngelingake sedulur-sedulur sing padha lali kuwi mau ngiras pantes cara kanggo ngadhepi trekahe Wong Brendhilan lan para Cantrik saka Padhepokan Nagalanang sing arep gawe kisruh ing Pangapitan iki. Mula iki aku njaluk tulung marang ndika kang ana ing Pringgitan iki kabeh, supaya kabeh para Bebau lan Pamong miwah para lelurahe Sapukawat ing dhukuh-dhukuh sa Pangapitan kajaba sing saka Dhukuh Kawisan, ing dina sesuk esuk ing wancine srengenge salandheyan dhuwure ing cakrawala iring wetan, padha mlumpuk ing Pendhapa Kalurahan. Aku arep medharake cara sing tak kandhakne iku mau. Satemene mengko sore ya bisa-bisa wae, nanging mengko sore kuwi aku lan Adhi Palir duwe gaweyan sing uga wigati, mula mlumpuke para Bebau lan pamong sarta lelurahe para Sapukawat luwih becik sesuk esuk kaya sing tak kandhakne mau wae.”

        “Nuwun sewu Kakang” Ki Palir matur “mangke Kakang Lurah lan kula badhe nindakaken padamelan menapa? Dugi kula supe prakawis menika?”

        “Si Adhi apa lali yen ing omahmu sing saiki isih diawat-awati dening para Sapukawat lan Ki Bau Krajan ana barang nyalawadi sing durung kamangertenan wujude? Ya gaweyan niti priksa isining omahmu kuwi sing mengko sore arep ditindakne awake dhewe” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem.

 Ki Palir boten wicanten namung sirahipun manthuk-manthuk tandha menawi sarujuk. Tiyang sanesipun sami nyawang Ki Palir mawi soroting netra ingkang ngemu tandha pitaken.

 

(ana candhake)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...