51.
Bebau
Jambon manthuk-manthuk mireng dhawuhipun Ki Lurah ingkang pungkasan kala wau.
Mila leres, tumrap kawula lan Pamong ing Pangapitan menika boten kedah nggega
sinten-sinten nanging wajib netepi menapa ingkang sampun kasarujukan minangka
paugeraning Dhusun. Lan sok sintena ingkang wantun nerjang paugeraning dhusun
lan boten purun kaemutaken kedah nampi pidananing dhusun.
“Lan
saiki ndika arep tak wenehi weruh sing ana gegayutane karo sing ndika critakne
iki mau, Baune Jambon” Ki Lurah ngendika malih.
“Inggih,
menapa menika Ki Lurah?” Bebau Jambon nyuwun pirsa.
“Mau
ndika crita yen Dungkul apa Batasigar ngandhakake manawa sajroning sedina utawa
rong dina bakal ana Pamong ing Pangapitan kang bakal ketiban walat merga ora
percaya marang wong loro sing dadi Cantrike Kyai Nagalanang kuwi?”
“Inggih
Ki Lurah, mila leres Ki Dungkul lan Ki Batasigar wicanten makaten” bebau Jambon
atur wangsulan.
“nDika
ngerti sapa Pamong Pangapitan sing dikarepake wong loro kuwi mau?”
“Bares
kemawon kula dereng mangertos Ki Lurah” Bebau Jambon atur wangsulan “nanging
menawi nitik ingkang dipun ungelaken dening Jagabaya Kawisan ingkang kapireng
sanget anggenipun ngigit-igit dhateng Ki Bau ing Pilang lan Ki Bau ing Pethek
ingkang dipun anggep sampun wantun nggorohaken Ki Batasigar menapa dene Ki
Dungkul, kula kinten inggih Ki Bau kekalih menika. Pramila enjing kala wau kula
langaken mampir dhateng Pilang rumiyin, awit kula kepengin sanget nyumerepi
kawilujenganipun Ki Pilang, saderengipun kula dumugi ing Kalurahan mriki, jebul
malah dening Ki Pilang kula kaajak sareng-sareng kalihan Ki Pethek lan Ki
Peleman mriki.”
“Landhep
panggraita ndika Ki Bau Jambon” Ki Lurah paring dhawuh malih “iya awit saka
pangayomaning Gusti dina iki ndika isih bisa kapethuk lan lungguh sapajagong
karo sedulur ndika, Baune Pethek apa dene Baune Pilang, Jalaran miturut
palapuran sing ditampa Baune Peleman mau bengi kuwi ana wong sing nedya nyidra
kaslametane Baune Pilang lan Baune Pethek, nanging konangan para Sapukawat,
wekasan lekase wong-wong sing duwe sedya ala kuwi bisa digagarake, mung emane
para sapukawat ora bisa mikut dadi bandan salah siji saka wong-wong mau.”
“Eman
sanget menawi makaten Ki Lurah” wicantenipun Bebau Jambon sareng mireng
pangandikanipun Ki Lurah ingkang makaten kala wau “saupami saged wonten ingkang
kapikut kula kinten gampil sanget saged kamangertosan tiyang-tiyang kala wau
kengkenanipun sinten.”
“Bener
Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “nanging para Sapukawat wis padha ngerti,
ing antarane wong-wong sing arep maeka Ki Bau Pilang lan Ki Bau Pethek mau ana
wong loro sing jebul Sapukawat ing Pangapitan kene.”
“Sapukawat
saking Pangapitan Ki Lurah?” Bebau Jambon mlenggong. Praupanipun nedahaken
kados tiyang ingkang nembe bingung. Sajakipun Bebau Jambon boten pitados menawi
wonten Sapukawat Pangapitan badhe damel kisruh ing dhusunipun piyambak sarana
badhe damel cilakanipun Bebau Pethek lan Bebau Pilang.
Nanging
dereng ngantos Bebau Jambon ical ngungunipun, kedadak saking jawi kepireng
suwanten gentha ingkang suka tengara menawi wonten tiyang ing pendhapa ingkang
kepengin kepanggih kalihan Ki Lurah. Tanpa mawi kaparentah Sukmana lajeng
ngadeg menyat saking Pringgitan badhe ningali sinten ingkang ngungelaken
gentha. Boten dangu inggih sampun wangsul malih dhateng Pringgitan.
“Sapa
sing teka Sukmana?” Ki Lurah paring pandangu.
“Kula
tingali saking katebihan kadosipun Bebau Sumber Bapa” atur wangsulanipun
Sukmana.
“Timbalana
mrene pisan, katone arep aweh kabar njangkepi warta sing wis dicritakne Baune
Jambon” Ki Lurah paring dhawuh supados nimbali Bebau Sumber.
Sukmana
lajeng menyat malih tumuju pendhapa, boten dangu mlebet malih sesarengan
kalihan Bebau Sumber ingkang lajeng ngrungkebi pangkonipun Ki Lurah, nangis
asok kalepatan lan pasrah pejah gesang.
“nDika
iku kena apa Baune Sumber?” pandangunipun Ki Lurah kalihan ngangkat pundhakipun
Bebau Sumber murih tangi saking pangkonipun Ki Lurah.
“Kula
sampun ngrumaosi lan ndhadha ing kalepatan kula Ki Lurah” aturipun Bebau Sumber
ing sela-selaning tangisipun “kula sampun lepat dhateng Ki Lurah lan dosa
dhateng Bumi Pangapitan, saestu kula nyuwun gunging sih pangaksama saking
Jengandika Ki Lurah, menawi ta minangka sarana panebusing dosa lan kakepatan
kula menika kedah mawi kapidana, jiwa lan raga kula aturaken ing ngarsa
jengandika, sanadyan kados menapa wujuding pidana, alitipun sakit agengipun
pejah, kula kanthi legawa badhe anampi, sauger dosa lan kalepatan kula
kaparingan pangaksami.”
“Mengko
dhisik Baune Sumber” Ki Lurah paring dhawuh malih “ndika kuwi guneman kok ora
cetha bongkot pucuke? Teka-teka banjur asok kaluputan pasrah pati urip pisan?.
Kuwi ana kendhi sing isih kebak banyune, coba ndika ngombe dhisik banjur ndika
lungguh sing kepenak, lagi ndika kandha apa sing ndika karepake?!?”
Bebau
Sumber lajeng nyaketi kendhi ingkang wonten ing tengahing jogan pringgitan,
Bebau Sumber lajeng ngombe toya kendhi sakedhik, lajeng mapan linggih ing
sisihipun Bebau Peleman.
“Piye
Ki Bau? Saiki coba ndika kandha sing cetha saka wiwitan ya gene ndika rumangsa
yen wis duwe dosa marang Pangapitan lan duwe luput marang aku?” Ki Lurah inggih
lajeng paring pandangu dhateng Bebau Sumber.
“Inggih
Ki Lurah, sepisan malih kula nyuwun pangapunten saderengipun” Bebau Sumber
lajeng matur “estunipun sampun radi sawatawis dangu kula ngambah margi ingkang
sasar, liripun margi ingkang boten leres
lan saged mbebayani tumrap kawilujenganipun Dhusun Pangapitan lan kasugengan
jengandika, Ki Lurah. Boten namung dumugi samanten kula ugi sampun nasaraken
Para Pamong ing Dhukuh Sumber mrembetipun dhateng Ki Bebau ing Jambon, kula
boten mangertos Ki Bau Jambon sampun matur dhateng Ki Lurah prakawis menika
menapa dereng?”
“Apa
sing ndika karepake kuwi prekara anggon ndika sing wis maguru marang sedulurku
Dungkul lan kancane sing jeneng Batasigar kuwi Baune?” Ki Lurah nyela rembag
mundhut pirsa nyethakaken aturipun Bebau Sumber “pancen iki mau lagi wae Baune
Jambon crita prekara olehe wurung nggone arep ngangsu kaweruh kebatinan marang
Dungkul lan Ki Batasigar lan sethithik iya nyenggol jeneng ndika barang.”
“Leres
Ki Lurah” Bebau Sumber atur wangsulan “menawi makaten kaparenga kula
nglajengaken cariyos ingkang sampun dipun aturaken Ki Bau Jambon kala wau.”
“Iya,
saiki ndika critakne kanthi cetha murih padha dirungokne dening kabeh sing ana
pringgitan kene iki” Ki Lurah paring dhawuh.
“Mesthinipun
Ki Bau Jambon sampun matur manawi kala dalu menika wonten pepanggihan ing joglonipun
Ki Kawisan ingkang enggal” Bebau Sumber wicanten malih “lha sasampunipun
pepanggihan kala wau dalu menika, Ki Jambon kula ajak mampir Sumber ngrembag
wosing pepanggihan kalihan para Pamong ing Dhukuh Sumber, nanging piyambakipun
boten purun, kanthi pawadan menawi manahipun taksih kisruh. Kula inggih lajeng
ngajak rerembagan para Pamong sa Dhukuh Sumber piyambak.”
“Mesthine
ora kabeh pamong sing saka Dhukuh Sumber ta Baune?” Ki Lurah nyela rembagipun
Bebau Sumber “gajege mau bengi kuwi ki Ki Modin Dulah karo Jagatirta Samirun
ana pendhapa Kalurahan kene.”
“Leres
Ki Lurah” kebat anggenipun atur wangsulan Bebau Sumber “tiyang kalih menika
mila kula prentah tumut ndugeni parepatan Akad Legen ingkang dipun majengaken
kala dalu menika. Nanging, sawangsulipun saking pendhapi Kalurahan Ki Modin lan
Ki Jagatirta ugi lajeng njujug panggenan kula. Dados kekalihipun inggih tumut
rerembagan ingkang kula wontenaken kanthi dadakan menika.”
“O,
ngono? Sabanjure kepiye?”
“Inggih”
Bebau Sumber nyambet aturipun “inggih ing rerembagan menika kula prasajakaken
dhateng pamong-pamong raosing manah kula ingkang memper kalihan pangraosipun Ki
Bau Jambon. Inggih menika dados suda raos kapitadosan kula dhateng Bapa Dungkul
menapa dene Bapa Batasigar.”
“Lha
panampane para Pamong ing Dhukuh Sumber kepiye?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.
“Ketingalipun
inggih sami kalihan kula” Bebau Sumber atur wangsulan “malah jebul Ki Kebayan Kasna langkung
mangertos prakawis menika katimbang kula, jalaran rayinipun ipe Kebayan Kasna
menika mila griyanipun Kawisan, tunggil pager kalihan Bebau Kawisan. Criyosipun
Kebayan Kasna kabar ingkang dipun tampi saking rayinipun ipe, wekdal samangke
tiyang-tiyang padhepokan andhahanipun Bapa Dungkul menapa dene Bapa Batasigar
sampun kathah ingkang mapan ing Kawisan, inggih menawi sampun satusan tiyang.
Kebayan Kasna ugi sampun ngertos ingkang dipun kajengaken Ki Dungkul sinten Pamong
ing Pangapitan ingkang badhe kenging walat saking Kyai Nagalanang, jalaran
ipenipun Ki Kebayan mireng anggenipun Bebau Kawisan prentah dhateng Sijam
kalihan Senthun, rayi saha ipenipun Bebau Kawisan, murih dados cucuk lampahing
andhahanipun Ki Batasigar ingkang kajibah nyidra kawilujenganipun Ki Bau Pethek
lan Ki Bau Pilang…..”
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar