Total Tayangan Halaman

Tampilkan postingan dengan label AAKK. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label AAKK. Tampilkan semua postingan

Selasa, 25 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (30)

dening : immir

30.

Wis keneng dibedhek, sing lagi teka kuwi Pak Muh, Bu Muh, Srimiyatun karo Setya. Arja Sampun gita-gita mapagne tamune karo ulat katon gembira, ngelingi pancen wis seprapat abad luwih ora kepethuk karo wong sing tau dadi kanca rakete. Upama ora eling nek iki isih musim pandhemi ngono, Pak Muh mesthi terus dirangkul, cipika-cipiki, kaya wong gedhe-gedhe neng televisi ngana kae, nanging gandheng nadyan zona wis kuning, tetep kudu tansah njaga kawaspadan lan ngati-ati. Arja Sampun banjur menjura kaya neng film Kungfu ngana kae marang para tamune.

"Mangga terus pinarak neng jero wae" kandhane Arja ngacarani tamu-tamune.

"Assalamu'alaikum" wong-wong kuwi karo njangkah mlebu omah padha uluk salam.

"Salam, mangga pinarak" wangsulane Sampun, sing banjur mara nyang sisih kulon omahe sing kanggo dodolan Iroh.

"Kang Soma, Gus Muh karo nyonyahe iki lho......" Sampun ngomongi Soma Kunthet sing isih lungguh neng dhingklik warung. Anane Soma Kunthet dikandhani kuwi merga Bapake Soma sing jeneng Asmuri boiyen Sapukawat sing pinercaya Bapake Pak Muh. Malah omah sing dienggoni Kuntet saiki kuwi ya peparinge Bapake Pak Muh. Asmuri leren dadi Sapukawat kuwi sawise tuwa banget lan gaeyan Sapukawat dilintirake marang ponakane sing jeneng Kandar. Ya Pak Kandar sing saiki dipercaya nggarap sawah lan ngupakara omah tuwa tinggalane nDara Bei Naib Kutha.

Arja Sampun banjur bali nemoni tamu-tamune, kaya mau aweh kurmat klawan modhel Pendhekar Cina sing kerep ditonton neng layar Televisi ngana kae.

"Iki mau wis Jiarah Eyange pa rung Gus?" Arja Sampun nakoni Pak Muh.

"Uwis Kang" wangsulane Pak Muh "aku mau njujug kana, ya ndongakne Bapak Ibu karo para Eyang, banjur mrene iki mau".

Iroh karo Depi metu saka Warung banjur nyedhak sungkem marang Pak Muh lan Bu Muh sarta Srimiyatun banjur manthuk kurmat marang Setya.

"Ngaturi Kasugengan sarawuhipun Bapak, Ibu " kandhane Iroh lan Depi bebarengan.

"Matur Nuwun" wangsulane sing dibagekne karo mesem.

"Ayu-ayu iki putramu Ya kang?" Pak Muh takon karo ngguyu seneng, weruh Iroh lan Depi sing anoraga ngono kuwi.

"Iya, sing gedhe kuwi Koiroh lha sing cilik adhine jenenge Depi" Arja Sampun ngenalne anak-anake.

"Mbak Iroh" Bu Muh nimbali Koiroh supaya luwih nyaket "Tulung iki jajan sethithik  tur ora mingsra dirawati ya?".

"Injih Bu Ngaturaken agenging panuwun" wangsulane Iroh karo nampani tas oleh-olehe Bu Muh "kepareng lengser dhateng wingking rumiyin".

"Mangga-mangga" Bu Muh wangsulan.

Ora let suwe, Soma Kunthet ditutne bojone melu nemoni Pak Muh lan kanca-kancane. Banjur dening Arja sampun dikongkon lungguh neng kono pisan. Dadi sing lungguh neng ruang tamu kuwi ana wong pitu klebu sing duwe omah. Kodrat karo Silvi ora melu nemoni tamune, nanging nusul Iroh lan Depi nyang Pawon sing nata lan nyepakne unjukan kanggo nyuguh dhayohe.

"Tamune kae sapa ta Dep?" alon-alon Kodrat nakoni Depi.

"Kae Pak Muh wayah buyute nDara Bei Naib Kutha sing sawahe digarap Pakdhe Kandar kae lho" wangsulane Depi "Sing ngagem Kaca Mripat kae ketoke Bu Muh, lha sing sijine aku rung ngerti, nek sing isih nom kae Pak Setya putrane, kanca rakete mBak".

"Kae tilas guruku ya?" Iroh gageyan nyaut, karo nyendhu adhine "kok kanca rakete, raket saka ngendi?"

Depi ngguyu nyekikik.

"Lha aku mung nerokne omonge Pak Setya dhek emben pas rene kae kok" wangsulane.

"Wis ayo mBak direwangi ngladekne unjukan iki" Iroh nudingi Lengser loro sing siji isi Banyu Putih gelasan plastik, sing siji isi Kopi Susu sing lagi wae digawe.

"Tak angkate Roh" Silvi nyauti "ayo kowe sing neng ngarep ngladekne".

"Lha sing siji tak angkate, sing ngladekne ben Depi" Kodrat melu nrambul gunem.

Pak Muh karo Arja sampun lan Kuntet sing maune rame anggone padha omong-omongan, mandheg olehe jejagongan merga metune suguhan.

"Nek sing niki yoga kula Den Mas" Kunthet ngenalne anake wedok sing nyangga baki  "namine Silvi, taksih kuliah dhateng IKIP Madiun". Silvi manthuk kurmat karo mesem.

"Oooo Putramu jebul ya wis gedhe ya Kang Kunthet?" Pak Muh nanggapi karo mesem.

"Inggih barakan kaliyan pun Koiroh yoganipun Adhi Arja niku" wangsulane Kunthet.

"Lha nek sing bagus kuwi putrane Kaji Mahmud kancane Panjenengan nyantri neng Al-Falah Surabaya biyen kae Gus" Arja nepungne Kodrat "jenenge Kodrat kuliahe neng UNS".

Kodrat manthuk kurmat. Pak Muh ngimbangi manthuk karo mesem, kandhane :

Oo, mirip banget karo si Mahmud pancene".

Bocah papat sing dhapuk dadi pladen kuwi banjur bali mlebu maneh, ora suwe banjur metu ngladekne jajanan, Bikang, Wajik lan Jenang Alot gawan sing diasta Bu Muh mau, banjur ditambahi gembili lan kacang godhog olehe nyepaki Bapake Iroh.

Sing jagongan bali krasa gumyak, padha ngguyu ger-geran, embuh apa sing diomong ora pati genah. Mung Setya sing sajak ora pati jenak lungguhe, sajake ora bisa ngladeni sing dadi omongan lan guyone wong sing beda umur karo dheweke kuwi.

"Iki rembuge wong wis tuwa-tuwa Bas" Bu Muh dumadakan ngajak omong anake lanang "kowe rung nyandhak. Ayo kowe saiki tak terne memburi, kana jagongan karo Koiroh ben kowe bisa melu omong-omongan".

Karo rada isin wusanane Setya manut, ngetutne Bu Muh sing dhisiki mlaku menyang Pawon.

"Koiroh" isih saka kadohan Bu Muh wis ngundang Iroh .

"Injih wonten dhawuh Ibu?" Iroh sing lagi jagongan karo Kodrat, Silvi lan Depi gage nyedhak karo takon.

"Iki Masmu dijak jagongan neng kono, neng kana ora gaduk karo sing dadi rembuge wonhg tuwa-tuwa" kandhane Bu Muh karo ngguyu renyah lan ramah.

"Injih Ibu, Mangga Bapak" Iroh banjur ngacarani Setya.

"Saiki iki wis ora neng SMA ya Roh" Bu Muh nglorohi Iroh "nek ngaturi Bas ki ya aja Bapak maneh, nanging luwih pas Mas wae, wong kaceke umurmu kuwi ya ora pati akeh. nanging kari awakmu dhing, Abang-abang Kembang Kertas".

"Punapa punika Ibu?"

"Pilih ngundang Abang apa ngaturi Mas" Bu Muh mesem.

"Injih Bu, Mas mawon" Iroh wangsulan karo ndhingkluk kurmat.

"Lha kula nek nyeluk mBak Iroh gantos napa boten Bu?" Setya nyelani takon.

"Ya becike iya, diganti Dhik ngono ben kepenak dirungokne kuping".

Setya banjur mlebu omah pawon jagongan karo Kodrat, Silvi, Depi lan Iroh. Ora suwe wis keprungu rame, guyune bocah-bocah nom kuwi ora kalah karo ger-gerane wong tuwa-tuwa sing jagongan neng ruang tamu kae.

***

Dinane terus mlaku mengarep ora tau leren. Dina Sabtu Sore, Immir lagi ndelok HP jadule, ana WA mlebu. Didelok saka kanca guyone, H.Syaifulloh Huda, Kepala KUA Kecamatan Pitu.

"Saiki acaramu apa Pakdhe?" pitakone Naib Huda marang Immir liwat HP ne.

"Iki perjalanan mulih saka ngeterne manten nyang Madiun Pak Naib, ana apa?" Immir mangsuli terus ditambahi takon.

"Sapa sing dadi manten? Thi adoh men? Tak kira nek rewang" Pak Naib Huda wangsulan.

"Sing dadi manten kancane Masmu sing nyentrik kae lho, Arja Sampun rabi oleh Madiun. Suk Ahad genti anake wedok sing dadi manten oleh ponakane bojone Sampun sing dhek mau, sorene mbudhalne anake lanang sing karan Bagong kae entuk tanggane, anake Soma Kunthet. Lha thik rewang kuwi rewang nggone sapa ta Pak Penghulu?" Immir nerangne terus takon maneh.

"Lho Mas Sampun rabi maneh, wis kesel ndhudha ketoke? terus seminggu maneh mantu loro? berarti anake Mas Sampun sing gedhe isih siji, gak kok pek mantu Pakdhe?. Sesuk aku ngijabne ponakane Kamituwa Endra, oleh Wong Sekarputih jenenge Darmun. Tak kira sampean rewang neng kono".

"Ora. Ora rewang ya ora ngepek mantu anake Sampun, merga tahun ngarep anake wedok Sampun sing jenenge Devia Sari kae, dadi manten oleh anake Kaji Mahmud sing lagi lulus saka kuliahe".

 

cuthel

cathetan :

iki dudu kisah nyata mung asil lamunane wong nganggur sing ora duwe gaweyan

timbang nglambrang ora karuwan terus ditulis

ngge ngisi  Grup WA

ben gak sepi,

dadi

nek ana asma utawa papan sing padha

karo sing ketulis neng kene

kuwi mung kapinujon.

Tembah Siti Sekul Binuntel roning kalapa

apuranta wit saking lepat kawula

Ngerengan Kidul Sepur, 24 Mei 2021. 

Senin, 24 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (29)

 

dening : immir

29.

Nalika Iroh arep ngladekne sarapan karo kopi marang Kodrat, sakala atine nratab. Soma Kunthet karo bojone mlebu warung ditutne Silvi. Nanging nratabe Iroh ya ora suwe, dheweke wis nata atine yen Silvi arep ngunek-unekne maneh kaya sing wis ditulis liwat pesen neng WA ne wingi. Depi sing lagi ngelapi gelas lan piring nganggo serbet resik sing garing ya weruh tekane wong telu mau. Dheweke nggagas, ketoke Kodrat ora mung ngajak Silvi, nanging malah ngajak Somo Kunthet sak bojone, pikire Depi nek pancen Silvi arep nerusne nggone ngajak geger banjur ngatutne keluargane, dheweke wis mathuk karo panemune Iroh wingi, yaiku nek keneng ya diumbar wae, dene ora keneng kriminal kuwi urusane Polisi.

"Mangga Dhe" Iroh grapyak mbagekne Soma Kunthet karo bojone kanthi sumeh ulate padhang, ora ngetokne nek lagi ana masalah karo Silvi "ngersakne sarapan? ngunjuke napa? Teh napa Kopi?"

Soma Kunthet sing ora ngira yen arep oleh tangkep sing grapyak semanak saka Iroh ngono kuwi, maune rada blangkemen. Nanging gandheng wis akeh olehe mangan legi asine urip neng donya, cepet wae enggal bisa nguwasani kahanan.

"Iya, sing sarapan telu, aku, mbokdhemu karo adhimu Silvi, aku ngombene kopi ora legi, mbokdhemu karo adhimu Teh Manis" wangsulane karo ngetokne Rokoke, Rokok Cap Warung Angkringan, sing banjur diterusne takon "neng kene oleh udut ta Roh?".

"Angsal mawon Pakdhe, nanging kula boten sadeyan Ses Lho" wangsulane Iroh karo nata sarapan neng meja, Dhepi ngracik kopi paitan, karo Teh Legi. Sega karo lawuhan cepakane Iroh wis kari sethithik, bar ngladeni wong papat kuwi mengko wis entek, kari nisa sethithik kira-kira mung cukup kanggo wong siji.

Ora ngawistarani nek pikirane lagi seser, atine lagi dheg-dhegan nggembol rasa was, anggone ngrahabi sarapan Soma Kunthet ketok diseger-segerne. Beda karo anak lan bojone, sing sajak ngati-ati olehe nyekeli sendhoke. Mripate Soma Kunthet sing bola-bali nglirik Kodrat sing lungguhe  ora adoh karo panggonane, dadi rada anyel, merga sajak Kodrat ora tanggap marang sasmita sing disawatne liwat mripate. Wekasane, Soma Kunthet ora sabar maneh, sikile sing ketutupan meja kuwi dijawilne menyang sikile Kodrat.

"Nggih sekedhap" Kodrat wangsulan karo mesem.

"Apa Mas?" Depi sing krungu wangsulane Kodrat marang Soma Kunthet, nyauti.

"Iki lho, olehmu ngracik Kopi esuk iki beda karo adate, krasa luwih sedhap" wangsulane Kodrat karo ngguyu. Soma Kunthet melu mesem, esem sing rasane kecut.

"Ngene lho Roh" Kodrat wiwit ngajak omong Iroh sing lagi lungguh karo nyerbeti piring "awakmu mesthi wis ngerti nek tekaku neng kene bareng karo Lik Soma sekaliyan lan Silvi esuk iki ora mung saderma arep golek sarapan thok kaya adate, nanging...........".

"Iya Mas" Iroh cepet munggel tembunge Kodrat "aku ya wis krasa kok, nanging dhingklik sing ana kene iki kanggo lungguh wong sing nedya sarapan utawa ngopi lan aku neng kene iki jejerku mung pladen, ngladeni wong sing arep sarapan utawa ngopi. Dadi nek Mas Kodrat ngersakne ngrembug perkara liya, mengko wae nek wis rampung sarapane, tur ora neng kene nggone, nanging neng kana kae lho sing panggonane luwih jembar nek kanggo rembugan".

Muni ngono kuwi Iroh karo nudingi ruang tamu neng omahe. Suwarane Iroh ora keprungu galak nanging ketara nek serius. Krungu wangsulane Iroh sing kaya ngono kuwi, Kodrat meneng, mung mripate wae ngolah-ngalih nyawang Soma Kunthet karo bojone sarta Silvi, sing uga padha nyawang marang Kodrat. Bojone Soma ketok nek sansaya pucet. Malah mripate Silvi wis ketok arep ngetokne eluhe. Sajake wong-wong kuwi ngira nek Iroh olehe nesu tenanan, nganti angel dijak rembugan saka ati menyang ati maneh.

"Dadi awakmu wis tega tenan karo aku ta Roh?" Silvi nyuwara kanthi suwara kedher, saka mripate wis mili luh bening sing nelesi pipine "ora ana maneh pangapura kanggo aku? kancamu wiwit SD nganti tekan SMP iki?".

Weruh lan krungu anake ngono kuwi, Soma Kunthet ndhingkluk, praupane mbrabak abang. Bojone melu mewek tanpa suwara. Kodrat mung meneng karo nguwasi Iroh genti genten karo namatne Depi.

"Mengko dhisik ta Sil" Iroh wangsulan karo suwara sing sareh lan sabar "sing wis mentala lan tega karo awakmu kuwi ki sapa? Karo maneh apa awakmu tau krungu yen aku iki wong sing duwe ati atos ngungkuli watu item kae? Saelingku lho, aja maneh kok karo tangga, sedulur lan kanca sing mbuh sepira tau nandur kabecikan marang aku? sedheng karo wong sing ora tau tak tepungi wae upama tumindak luput marang aku, aku isih bisa aweh pangapura kok".

Silvi ngadeg, banjur nyedhaki papane Iroh lungguh, banjur dirangkul kenceng karo nangis magep-magep. Bojone Soma Kunthet melu nyedhak karo prembak-prembik nangis.

"Tenan ya Roh, aku sing salah, aku njaluk ngapura tenan Roh....." omonge Silvi ing sela-selaning tangise. Depi sing weruh ngono kuwi, nutup lambene nganggo tangan. mBuh nutup esem mbuh nutup njedhire lambe.

"Iya, iya, sing wis kebacut ya wis, ora sah dibaleni" Iroh wangsulan karo ngelus-elus rambute Silvi sing dawa ngombak semu ngandhan-andhan "wis ndang lungguh kono, nek eneng sing weruh mundhak dadi rasanan mengko, dikira ana apa-apa".

"Matur nuwun ya Roh" Silvi saya keket anggone ngrangkul.

"Iya-iya, wis kana sarapane ndang dientekne, mengko nek nganti konangan wong liya marahi ora becik kedadeyane" Iroh nuntun Silvi dijak bali neng panggonane lungguh mau.

"Aku karo mBokdhemu, minangka wong tuwane adhimu Silvi, matur nuwun banget lho nDhuk Iroh" Sawise Silvi bali lungguh, Soma Kunthet nelakne rasa panuwune marang Iroh.

"Inggih Dhe" wangsulane Iroh alus "kula nggih nyuwun pangapunten empun damel susahe Pakdhe lan mBokdhe.

"Ana apa ta iki jane?" dumadakan saka njero omah Arja Sampun metu karo takon "tak rungokne saka omah kok sajak ana sing aneh?"

"O alaah Dhi Sampun...." Soma Kunthet kaget ora ngira karo metune Sampun, wangsulane "iki lho anakmu wedok si Silvi kirim WA sing ora genah nyang anakku si Iroh, dadi ya perlu di lurusne ben ora ndadekne perkara sing ngambra-ambra"

"Ho alah... mung ngono kuwi ta? wis rampung ta ? mosokhe perkara WA wae arep nganti tekan Pengadilan? he he he......" Arja Sampun semaur karo ngguyu.

"Alhamdulillah wis kok Dhi, kabeh wis bali apik"

Pas mbarengi Silvi bali neng palungguhane mau, tenane ana Mobil Inova modhel paling anyar, mlebu pekarangane Arja Sampun banjur parkir neng latar ngisor wit Jambu Mete sing wohe mbriyut saking ndadine. Disusul ana wong papat sing padha mudhun saka mobil, mau. Sing siji isih nom bagus tur gagah, sing siji wong lanang sing nadyan katon wis setengah umur nanging isih katon nggantheng tur kiyeng, banjur sing loro wong wadon nadyan wis setengah tuwa nanging isih katon ayu lan luwes. Bocah sing gagah kuwi mbukak bagasine mobil banjur njupuk barang diwadhahi tas gedhe, embuh apa isine, banjur mlaku nututi wong liyane sing mlaku tumuju lawang omahe Arja Sampun.

 

Ana Candhake.

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (28)

 dening : immir

28.

Esuk kuwi olehe adang Iroh ditambahi, olehe nggoreng tempe lan bakwan ya ditambahi merga kajaba Bu Suci sing wis pesen sepuluh bungkus, wingi sore Arifin Mandhor Proyek PDAM sing lagi arep wiwit nggarap pasang pipa saurute dalan Wonokerto - Kedunggalar, mara pesen sarapan lima las, tempe lima las, lan kopi kon madhahi ceret lima las gelas. Arifin ya wis nitipne dhuwit pisan, merga anggone pesen kuwi mengko saben dina nganti gaweyan pipanisasi ne rampung. Kira-kira ya sepasar. Isih peteng warunge wis dibukak, merga wis ana Ibu-ibu sing celuk-celuk golek sarapan kanggo anake sing arep lelungan.  Kaya padatan esuk kuwi Iroh lan Depi blas ora bisa leren, merga kudu ngladeni wong-wong sing padha golek sarapan, ya sing dibungkus digawa bali ya sing dipangan neng kono, kabeh kudu diladeni klawan ulat sing padhang, kebak esem semanak.

"Dhengaren kursi pojok kono kuwi jik kothong?" ana bocah nom lanang sing lagi teka wis ngelokne kursi sing adate wis ana sing nglungguhi, diterusne takon menyang Iroh "Mas Kodrat mau pa rung mrene ta mBak?"  

"Durung Dhik" Iroh klawan sabar wangsulan "embuh nek lunga, najan saiki usum kuliah daring, sok-sok rak ya butuh teka nyang kampus barang ta?".

"Embuh nek ngono" Cah nom sing jeneng Niko kuwi semaur, diterusne aba pesenan "aku kopi gak pati legi karo sarapan mBak, kulubane gak nganggo kembang turi".

"Siap" sing wangsulan Depi sing terus ngracikne wedang kopi.

Sing tuku sarapan, mlebu metu sasat ora ana mandhege.Najan mangkono, menang-meneng Depi neng jero atine wiwit nggagas, Kodrat nganti srengenge njudhul ora katon teka golek sarapan. Sajake bocah kuwi nyoba netepi janjine, yen esuk iki arep ngajak Silvi sarapan neng warung kono. Lan kira-kira Silvi ora gelem diajak. Mula Kodrat banjur ora wani mara pisan.

Kira-kira jam pitu, pesenan sing wis rampung dibungkusi wis padha dijupuk, mbarengi sing padha teka ya wis erat, malah sauntara dhingklik warung durung ana sing nglungguhi maneh. Depi wiwit nyicil korah-korah, gelas lan piring sing reged, neng mburi. Dumadakan ana mobil Panther modhel pikup, menggok mlebu Plataran omahe Arja Sampun. Iroh mung nyawang ora kedhep, karo ngawasi sapa wong sing lagi teka mau.

"Mas Yuda........." Iroh njerit semu kaget. Jebul sing lagi teka kuwi Mase si Pratama Yuda, sing kondhang dijuluki Bagong.

Bagong sing lagi mudhun saka Mobil mesem, banjur mijiki tangane nganggo sabun ing pancuran banyu PDAM sing dicepakne Bapakne neng ngarep omah kuwi. Iroh mara arep ngrangkul, nanging Bagong luwih cepet anggone menging :

"Eit..... ora oleh berpelukan dhisik.......ingat covid-19 tahu?" kandhane karo ngguyu. Iroh wurung ngrangkul kakange, banjur takon :

"Dhewekan ta Mas? Saka ngendi iki mau?"

"Iya, ya saka Surabaya, iki mau ana tugas Perusahaan kongkon nyang Solo, terus mampir omah pisan, dadi mengko aku ya gak bisa suwe, merga wis ditunggu gaweyan neng Solo" karo mlaku mlebu omah Bagong crita "Lha Bapak apa mancing?"

"Ora , wonge  wiwit esuk sibuk neng Pawon, masak iwak wagal, jare kancane arep dolan mrene" wangsulane Iroh karo arep mlaku nyang Pawon.

"Wis rampung kok" dumadakan saka omah mburi Arja Sampun njedhul .

"Bekti kula Pak" Bagong menehi isyarat bekti marang Bapakne.

"Iya, kana ndang sarapan pisan, jaremu mau ora bisa suwe?" wangsulane Arja Sampun ngongkon anake lanang sarapan.

"Mas....." saka nggon korah-korahan Depi mlayu-mlayu methukne mase.

"Iya, piye? Piye lancar kabeh sinaune?" Bagong wangsulan .

"Lancar car Mas" wangsulane Depi sajak ngalem.

Wong saomah banjur padha lungguh neng kursi tamu kabeh. Bagong mbaleni omong, nek olehe mampir omah ora bisa suwe, ikim mau diperlokne mampir merga kepengin weruh omah karo ngeterne Sarung lan klambi kanggo Bapake.

"Niki Pak Sarung kagem Bapak" Bagong ngelungne buntelan nyang Bapake neng  buntelan dikantheni amplop sing ditaleni karet karo buntelane.

"Lha thik eneng amplope barang?" Arja Sampun nampani buntelan karo takon.

"Enggih, arta sakedhik kagem cepengan" wangsulane Bagong alon.

"Lha wong wis saben sasi kok transfer ngono lho? Ya, ya ......".

"Kula wau mpun sarapan teng Ngawi Pak" Bagong omong "sak niki kula ajeng nerusne lampah teng Solo, lha niki tiyange mpun nangkletne dugi pundi niki?" .

"Dadi kowe mangkat saiki?" Bapake takon.

"Enggih, lha pripun?"

"Ya wis, wong tarah ya jenenge wong kerja kok, ya sing ngati-ati" Arja Sampun wangsulan karo mlaku njejeri anake lanang, nganti tekan nggon diparkire mobil.

"Kalih Pakdhe kula didhakoni mobil niki Pak, damel nyambut damel" kandhane Bagong saka njero mobile.

"Iya, nyambut gawe melu uwong sing temen, aja sedheng aja nganti ora jujur" wangsulane Bapakne karo nuturi.

"nggih" wangsulane Bagong sing banjur ngunekne mobile, etret ninggalne plataran omahe. Kacane mobil dibukak, Iroh karo Depi dha-dha marang mase.

Satemene pas Bagong teka mau, ana patang pasang mripat sing nyawang saka papan sing ora adoh, yaiku Soma Kunthet sabojone, Silvi lan Kodrat. Wong papat kuwi, maune arep bablas menyang warunge Iroh, nanging bareng weruh ana mobil menggok, banjur mandheg. Wong-wong kuwi ngira nek sing numpaki mobil panther modhel pikup kuwi mandhor proyeki sing arep golek sarapan. Mula banjur dienteni sak metune. Lagi bareng wong sing dienteni metu lan ninggalne papan kono, wong papat kuwi banjur marani warunge Iroh. Kodrat sing mara dhisik dhewe.

"Ketoke bar ana tamu istimewa ya Roh? kok Depi, karo Pakdhe Arja barang melu nguntapne?" Kodrat sing ndhisiki mara, teka-teka terus nakoni Iroh.

"O alaah, Mas Yuda, saka Surabaya mung bisa mampir sedhela terus arep nyang Solo" wangsulane Iroh karo mlebu menyang warunge maneh, Depi ya terus nututi mBakyune, Arja Sampun bali mlebu omah maneh.

"Yuda Bagong Masmu ?" Kodrat nututi mlebu warung karo takon maneh.

"Iya , mosok sampean pangling ta Mas? Aku dhewe mau pas Mas Yuda lagi mudhun saka mobil ya pangling kok" Iroh wangsulan karo njegigis, saiki mundhak dhuwur tur dadi tambah resik. Kopi ya Mas?"

"He eh karo sarapane barang no" Kodrat wangsulan karo mripate nglirak-nglirik barengane sing ora enggal nusul mlebu "Tibake mau Bagong? saiki ketok gagah, tumpakane Mobil pisan".

"Jarene mau mobil dhakon saka Perusahaan kok Mas, dudu mobile dhewe" wangsulane Iroh karo natakne sarapan. Banjur genti ngracik kopi. Depi isih repot nutukne olehe korah-korah.

"Arepa mobil perusahaan ritak, ya padha wae karo mobile dhewe ta Roh? wong kuwi jenenge mobil inventaris, wis dadi hake sing dicekeli, malah kepenak BBM sak perawatane sing nanggung ya Perusahaan. Bagong mung kari nganggo, ora angger wong lho bisa dipercaya Perusahaan nganti dicekeli mobil ngono kuwi, Bagong kuwi mesthi Karyawan sing wis oleh kepercayaan saka Pimpinane tenan, nagnti oleh Mobil Inventaris ngono kuwi" wangsulane Kodrat. Atine wiwit ayem, Soma Kunthet sak bojone wis katon markir sepedha montore ditutne Silvi neng mburine.

 

Ana candhake.

Minggu, 23 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (27)

 

dening : immir

27.

Silvi mung bisa ndhingkluk ora bisa kumecap, samono uga Soma Kuntet karo bojone. Kodrat wis akeh olehe ngomong yen nganti budhal saka WA sing dikirim Silvi marang Iroh kuwi ndadekne kulawargane Iroh ora nrimakake banjur nempuh dalan sing ngodhengne sirah kanggo males lara atine, mesthi ndadekne crita sing dawa sing sajroning crita kuwi ora bakal tinemu esem lan guyune.

"Lha ya kowe thik kaya ngono no nDhuk? apa sing wis marahi kowe mentala ngunek-unekne Iroh nganti kaya ngono mau?" Soma Kunthet nggresah karo nakoni anake.

"Lha si Iroh kuwi jane tau tumindak apa sing nganti gawe lara sajroning atimu?" Ibune Silvi melu nakoni.

Silvi ndengengek, sirahe diangkat banjur wiwit omong :

"Aku iki olehku ora seneng karo jenenge Iroh kuwi wis suwe banget, wiwit jaman sekolah neng SD bocah kuwi seneng ngendhih kesempatane wong liya. Aku eling terus, jaman arep cerdas cermat neng Kecamatan, Bu Tri karo Pak Darmuji kuwi genah wis milih nek sing kudu budhal makili sekolahan kuwi David, Anang karo aku, malah wis dilatih pirang-pirang dina. Lha kok ujug-ujug aku diganti karo Iroh, malah Iroh sing dhapuk dadi juru bicarane. Nganti dikirim neng tingkat Kabupaten barang. Apa atiku ora lara? lara, nanging tetep tak empet. Terus bareng wis neng SMP kanca-kanca sing maune luwih akrap karo aku, ngalih milih cedhak karo Iroh, merga Iroh pinter omong, sing ndelalah omongane Iroh kuwi akeh digugu Guru-guru karo bocah-bocah liyane. Iroh dhewe blas ora gelem noleh githoke, mandhak mung anake Tukang Mancing wae nek omongan ngalah-ngalahne anak pejabat, nek neng rapat OSIS utawa latihan Pramuka gayane keminter tambah kemayune ora jamak. Lha nganti saiki isih nekad, ngrumangsani wis ora duwe daya tarik apa-apa, merga mung  bisa dadi buruh tandur, lha kok ngecakne cara, nganggo dodolan barang. Tur maneh, lha wong sega pecel ki enake manggon neng sambele, kamangka aku ngerti dhewe sambel kuwi dudu gaweyane Iroh dhewe, nanging olehe nempil neng nggone Nana. Lha kok bareng wis dadi sega pecel, sing oleh panganembana malah Iroh, kudune rak Nana. Mula gandheng aku wis ora kuwat ngempet, ya terus olehku nulis banjur sasenengku ngono kuwi. Aku ya wis tata-tata ngadhepi nek enek murinane Iroh utawa Depi, malah sak bapakane pisan aku ya ora wedi".

"Ya wis yen ngono" Kodrat sing wangsulan "iki mau liwat Depi aku wis meling nyang Iroh, supaya aja mlaku dhisik. Nanging aku ya ora ngerti, welingku kuwi digugu apa ora karo Iroh".

"Aku ya ora wedi kok Mas" Silvi semaur "mbok kon rene saiki, tak adhepane. Ngapa Mas Kodrat ndadak menging Iroh kon aja mlaku dhisik, marahi kesuwen rampunge Mas".

"Lho Iroh ora bakal gelem nemoni awakmu Sil" Kodrat wangsulan karo mesem ngece "Iroh mesthi milih gawe Laporan menyang Polsek, nganggo bukti kiriman WA mu nyang dheweke. Terus kuwi mengko merga jenengku ya kok sebut-sebut, prosese aku mesthi melu diceluk nyang Kantor Polisi lan mesthi wae bakal ndadekne kagete Ibuku sing duwe lara jantung kae, nek ngono aku ya ora arep nrimakake, awakmu mesthi tak tuntut lan tak laporne nyang Polisi pisan. Ya wis nek ngono, saiki aku tak pamit sesuk utawa suk emben wae ketemu maneh neng ngarepe Penyidik Polsek. Sampun Lik Soma kula pamit wangsul, nyuwun pangapunten mpun ngganggu wekdale......."

Kodrat ngadeg arep ninggalne papan kuwi. Soma Kunthet kaget, Kodrat sing wis mlaku tekan ngarep lawang ditututi, dirangkul karo ditangisi dipenging mulih dhisik.

"Mengko dhisik Mas Kodrat. Aja kesusu bali, aku tak omong dhisik, mesakna Likmu sing wis tuwa tur bodho iki ya Mas........" karo nangis Soma Kunthet ngrerepa Kodrat.

"Lupute Silvi aku sing nyuwunke pangapura Mas" Bojone Kunthet sing wis menyat saka palungguhane kuwi melu nangis lan ngasih-asih marang Kodrat.

Kodrat ora sida nerusne lakune, banjur omong alon marang Soma Kunthet karo bojone :

"Sampun Lik, mangga lenggah mrika malih dirembag pripun amrih saene".

Ngerti apa sing arep dilakokne Kodrat lan weruh wong tuwane padha bingung, Silvi dadi wedi dhewe, nggetuni marang omongan sing lagi wae rampung diucapake. Tembunge marang kodrat karo luh sing wis dleweran :

"Tulung ya Mas, aku njaluk tulung tenan, aku durung tau diceluk lan diteter pitakonan dening Polisi, aku wedi Mas. Tulungana aku ya Mas........".

Bareng wis suwe meneng karo mrengut, Kodrat banjur wiwit omong maneh :

"Niki ngeten lho Lik, tuking perkara niku manggen wonten Silvi sing empun damel pesen WA dhateng Iroh sing kados niku wau. Lha rampung utawi botene perkara niki, lire ngantos dugi Polsek minggahipun dumugi Sidang Pengadilan, niku gumantung dhateng Silvi kaliyan Iroh. Nek Silvi purun ngakeni luput lajeng nedhi pangapura dhateng Iroh, lan Iroh purun ngapura nggih mpun rampung".

"Piye Sil, kowe mudheng karo sing diomongne Mas Kodrat kuwi pa ra?" Soma Kunthet nakoni anake wedok karo rada mendelik.

"Ngerti Pak" wangsulane Silvi alon.

"Lha piye? kowe gelem ngaku luput terus njaluk ngapura nyang Iroh apa ora?" Soma Kunthet bali nanting anake.

"Iya gelem" wangsulane Silvi alon "Lha Iroh mengko piye? gelem ngapura apa ora?"

"Piye Mas Kodrat ngono kuwi?" Ibune Silvi genti takon menyang Kodrat.

"Niku ngeten Lik, sak boten-botenipun Silvi mpun purun ngaku lepat lan purun nedhi ngapura, niku mpun sae. Menawi ngantos Iroh boten purun nyukani ngapura, niku pancen hak-e Iroh, nanging mangke sedaya badhe diserat teng BAP ne Polisi, dados mengke teng persidangan, saged dados pertimbangane Majelis Hakim". Kodrat wangsulan sareh.

"Dadi tetep dipanggil Polisi Mas?" Soma Kunthet takon semu kuwatir.

"Niku nek Iroh boten purun ngapura Lik, nanging kula nggih badhe nyobi tumut mbudidaya murih Iroh purun ngapura Silvi" Kodrat wangsulan ngeyen-eyem atine Kunthet.

"Nek ngono ngene wae" Kunthet banjur semaur rada banter suwarane "sesuk Silvi kancanana nemoni Iroh njaluk pangapura, aku karo Likmu tak melu pisan, nek Iroh wangkal aku karo Likmu ya arep njalukne pangapura merga lupute Iroh. Piye yen ngono?".

"Piye Sil ?" Kodrat genti nakoni Silvi.

"Manut Mas" wangsulane Silvi alon.

"Nggih Lik ngoten nggih sae, benjing sareng-sareng manggihi Iroh" Kodrat aweh wangsulan marang Soma Kunthet. Ing pikirane wiwit katon tronthong-tronthong ana cahya sing sumorot padhang.

"Iya Mas Kodrat, pancen kudune ngono" Bojone Soma Kunthet ngrojongi rembug.

"Sesuk mathune jam pira ?" Soma Kunthet takon. Kodrat meneng sedhela, mikir.

"Ditangguhne nek dagangane Iroh mpun meh telas mawon Lik, dadi tiyang-tiyang sing weruh kersane nginten nek awakipun piyambak namung ajeng pados sarapan. Boten ajeng petang sanes".

"Iya ngono luwih becik" Soma Kunthet semaur "Jam-jam setengah wolu ngono ya?"

"Inggih".

 

Ana Candhake

BANG-ABANG KEMBANG KERTAS (26)

 

dening : immir

26.

Ana suwara pit motor mlebu omah, ora suwe Setya teka. Weruh yen ana Bulike, gageyan Setya sungkem mbagekne :

"Bekti kula Bulik, sampun dangu ta ?"

"Ya wis sauntara, saka ngendi iki mau?" wangsulane Srimiyatun

"Saking pados Pulsa" Setya banjur melu jagongan mapan lungguh cedhak Bulike.

Bu Muh ngadeg banjur menyat ninggalne nggon jagongan, kira-kira sepuluh menit wis bali mrono maneh karo omong :

"Saiki ayo maem dhisik, wis tak cepakne neng mburi kae lho".

"Ayo, Dhik" Pak Muh ngadeg karo ngajak adhine ipe.

Wong papat banjur padha mangan bareng, ngrahabi olah-olahane Bu Muh sing masak Trancam Ketimun karo lalapane ayam kampung digoreng garing.

"Jane olehku mrene iki mau kajaba niyat tilik ya ana perlu liyane lho mBak" ing sela-selane mangan Srimiyatun sing lungguhe cedhak karo mBakyune kuwi omong.

"Perlu karo aku? karo Masmu? apa karo Bas?" wangsulane Bu Muh mbalik takon.

Srimiyatun ora enggal wangsulan merga isih mamah segane, lagi bareng sing dipamah mlebu weteng banjur semaur :

"Ya karo Mbak, ya karo Mas. Nanging mengko wae, nek wis bar mangan tak omong, nek tak omongne saiki kuwatir bisa ngrusak selera mangan iki mengko" Srimiyatun wangsulan karo mesem.

"Bener kuwi Dhik, ayo ndang dittutugne mangane, mengko bar mangan terus jagongan sing gayeng" Pak Muh melu wangsulan.

"Naaah, napa ta? sing disiplin makan tak boleh sambil bicara rak mung Bas dhewe ta?" Setya melu nrambul gunem.

Wong papat padha mesem bareng, merga wong papat ora ana sing ngecakne tata cara mangan sing becik, yaiku ora oleh disambi omong. Bareng wis padha rampung olehe mangan, Srimiyatun karo Bu Muh nglorodi piring-piring sing reged, digawa menyang panggonan isah-isahan. Pak Muh karo Setya bali lungguh neng panggonane mau, ora suwe disusul Bu Muh lan Srimiyatun. Bu Muh karo nggawa gedhang mentheg sing wis mateng, selirang gedhe-gedhe.

"Gedhang tandurane Tun niki Pakne" kandhane Bu Muh karo nyelehne gedhang sing diwadhahi piring neng ndhuwur meja.

"Sing nandur ya sawargi Mas Han ta mBak, mBak mosok aku?" Srimiyatun sing mangsuli.

"Wao, gedhang mentheg wis ndalu, senenganku iki" Pak Muh nyauti rembug karo mothelo gedhange sak uler.

"Wis gek ndang omonga, apa sing dadi perlumu?" Bu Muh aweh prentah menyang sedulure wedok.

"Mengke riyin Bulik" Setya numpangi rembug sadurunge Srimiyatun mangsuli tembunge Bu Muh "niki rak kangge para sepuh ta? kula tak ngalih riyin".

"Ora, Mas Bas neng kene wae, iki ora ana sing wadi kok" Srimiyatun menging Setya ngalih. Setya manut, ora sida ngadeg.

"nggih sampun nek ngoten" kandhane.

"Lha arep ngomong apa ta jane?" Pak Muh nakoni Srimiyatun.

"Badhe nangkletne maknane impen sing wongsal-wangsul ndugeni tilem kula Mas" Srimiyatun wiwit omong serius "impen sing meh sami, dugi teng tilem kula meh saben dalu, ngajengne parak enjing".

"Ooo, ngimpi nek wayah samono kuwi, nek carane wong jawa bisa diarani ngimpi sing Puspatajem, tegese bisa iku ngimpi sing tenane ngono sasmitaning Gaib marang manungsa lumantar ngimpi, nek cara agama Islam bisa uga iku wujude Rukyah shahihah, yaiku sasmita saka Allah marang titahE, ngimpi Rukyah Shahihah kuwi drajate meh sak pra patang puluhe wahyu sing ditampa dening para Nabi" Pak Muh aweh katrangan. Wong telu, Bu Muh, Setya lan luwih-luwih Srimiyatun nyemak kanthi tenanan.

"Lha awakmu kuwi ngimpi apa ? kok jaremu mau bola-bali ngimpi sing meh padha kuwi?" Bu Muh banjur nakoni adhine, ngiras pantes mbukak dalan supaya Srimiyatun enggal nyritakne impene.

"Inggih Mas" Srimiyatun miwiti nyritakne impene marang Pak Muh, sing uga dirungokne dening Bu Muh lan Setya "kula niki rak sampun dangu sanget boten kepanggih kaliyan  Mas Sampun sing riyin kancane Mas Muh nika? nggih antawis mpun selangkungan tahun".

"Lha iya, padha karo aku karo mBakyumu leh ora tau ketemu karo Si Sampun kuwi, wong pungkasan Sampun saba kene ki mbarengi karo pas Ibu kagungan kersa mengeti pitung wulan mBakyumu ngandhut si Bas kuwi. Lha ana apa kok nyebut jeneng Sampun barang kuwi?"

Krungu jeneng Sampun, Setya banjur kelingan marang Iroh, bocah sing sesuk arep didolani omahe bareng karo Bapak lan Ibune. Setya mesam-mesem dhewe. Bu Muh sing weruh nek Setya mesam-mesem, banjur nutup tutuk nganggo tangane, nutup esem sing ngguyu tingkahe anak lanange.

"Nggih Mas Sampun niku sing wongsal-wangsul kula sumerepi salebeting impen, wiwit malem selasa kliwon kepengker niku" Srimiyatun mangsuli pitakone Pak Muh.

"Lha neng impen kuwi Sampun ngomong apa marang awakmu?" Pak Muh takon maneh.

"Ingkang sepisanan" Srimiyatun wangsulan "rumaos kula niku, Mas Sampun mara teng griya, nanging namung ngangge kaos singlet kathokan cekak, kalih tangane nyangking betan ketingal yen awrat. Nanging nembe dugi latar sampun dipapag kaliyan Mas Han, rumaos kula Mas Han nggih taksih sugeng, kaliyan Mas Han Mas Sampun dilungi Sarung kaliyan rasukane Mas Han supados diengge Mas Sampun, nanging gandheng Mas Sampun taksih ngujengi betane sing awrat, sarung kaliyan rasukan wau namung disampirne pundhak. Kula lajeng nglilir, wekdal nedahaken sampun jam tiga, kula nggih nlajeng tangi nglampahi Tahajud, salebeting Tahajud kula ndedonga nyuwunaken pangapura dosa-dosanipun Mas Han".

"Lha banjur ngimpi liyane?" Pak Muh takon.

"Taksih kathah malih, mung ngimpi wau dalu  sing ndadosaken kula trataban mawon".

"Lha wujude ngimpi kaya apa?" Pak Muh mesem.

"Rumaos kula, kula kaliyan Mas Han numpak Honda Jazz nika, Mas Han ingkang ngasta Setir, nglangkungi margi ingkang dereng nate kula sumerepi saderenge. Sareng dumugi satunggaling margi prapatan, Mas Han mandheg. Ing mriku sampun wonten Mobil sae sanget, Mas Han mandhap saking Mobil lajeng dipapag kaliyan sopiripun Mobil  sae wau, lha ing mriku ugi wonten Mas Sampun ingkang ngadeg ing sandhing mobil sae wau. Mas Han lajeng ngengken Mas Sampun supados nggentosi nyetir Honda Jaz, Mas Han piyambak lajeng mlebet mobil sae wau lajeng mlampah nilar kula. Kula inggih lajeng nglilir. Kula dheg-dhegan niku nggih lucu, lha wong namung ngimpi kemawon kok lajeng kula gagas nek Mas Sampun niku sangertos kula rak boten nate saged nyopir ta Mas? Nanging duka, kula nek kelingan ngimpi dhek dalu niku kok lajeng radi trataban" Srimiyatun mungkasi critane.

Pak Muh mesem sajak wis bisa gawe dudutan bab makna impen sing ditemoni Srimiyatun.  Bu Muh lan Setya mung meneng sajak melu mikir lan ngenteni apa sing dadi werdining impen miturut petung lan wawasane Pak Muh. Srimiyatun ya terus dheg-dhegan ngenteni wangsulan saka Mase Ipe, kaya dheg-dhegane Soma Kuntet lan bojone wektu kuwi sing lagi ngenteni wangsulan saka Kodrat Sambega, murih apa sing wis ditindakne Silviana Hayuningrum marang Koiroh ora ndadekne lelakon Kriwikan dadi Grojogan.

 

ana candhake.

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (25)

 

dening : immir

25.

Kodrat ora enggal mbalesi WA sing dikirim Depi marang dheweke, sing isine Iroh meling Kodrat dikongkon ngajak Silvi, yen Kodrat sarapan neng warunge Iroh sesuk. Dhasar Kodrat bocah sing duwe panggraita cukup lantip nek dibandhing kanca-kancane, mula Kodrat banjur duwe dudutan yen wis ana apa-apa antarane Silvi karo Iroh sing ana gandheng cenenge karo anggone seneng sarapan neng warunge Iroh. Pancen wingi meh setugel dina, Silvi dolan neng omahe Kodrat merga Silvi njaluk warah mecahne masalah ing salah sijine mata kuliahe. Bar kuwi disambung omong-omongan kaya lumrahe bocah nom sing kepethuk kancane. Nalika jagongan karo Silvi, ndelalah Kodrat ora ijen, nanging neng kono ana Sandi lan Bagas sing olehe dolan mrono wiwit esuk sadurunge Silvi teka.

Sing dadi bahan omongan neka-neka, wiwit Covid-19 sing ora ilang-ilang, nganti tekan kegiatan Karang Taruna sing saiki wis ora tau keprungu kabare. Lha ing omong-omongan kuwi bola-bali kasebut jeneng Koiroh. Sing miturut Sandi Koiroh kuwi manusia luar biasa dan serba bisa, bocah nom sing patut ditiru dening sinoman liyane. Pokoke pas ngrembug Koiroh, bocah telu yaiku Kodrat, Sandi lan Bagas blas ora ana cacade, kabeh sarwa apik. Klebu pintere olah panganan sing marahi larising warunge.

"Aku jane ya krungu nek Iroh saiki bakul sarapan, jarene bocah-bocah murah tur ya mirasa, nanging aku durung tau ngrasakne sarapan gaweyane Iroh kuwi" Kandhane Bagas "merga aku ki nek bar subuh kerep keturon maneh, tangi-tangi wis rada awan, arep mara nyang warunge Iroh kuwatir nek wis tutup, wong jarene ora nganti awan".

"Iya pancene" Sandi nyauti "sok-sok jam pitu punjul sathithik ngana kae wae wis entek, dadi ya terus tutup".

"Mula aku nek mrana ajeg esuuk, mudhun subuhan bablas mrana, ngopi sak gelas karo sarapan sepiring, limang ewu wis wareg tur waras" Kodrat nanggapi.

"Awakmu ki kerep ya Drat mrana?"  Bagas takon.

"Gak, cumak saben esuk thok. perasaanku ki durung krasa komplit nek durung ngopi karo sarapan nggone Iroh ki" Kodrat wangsulan karo ngguyu.

"Sajake Kodrat lagi ngesir Iroh iki" Bagas nyauti karo mesem.

"Gak sah munafik coy" Sandi nrambul gunem " masia aku, kowe karo cah-cah liyane nek gelem jujur mesthi padha ngesir nek karo Iroh kae. Cumak gandheng Iroh ki nduweni sipat angker, dadi ya ora ana sing padha wani ngajak guyon sembranan, parikenan".

Bocah telu ngguyu bareng, Silvi sing krungu melu mesem. Ora suwe ngomong Iroh, Silvi pamitan bali.

Kelingan kuwi kabeh, Kodrat banjur gawe dudutan, sajake Silvi wingi rumangsa ewa marang Iroh. Banjur apa sing wis ditindakne Silvi, kok nganti liwat Depi Iroh meling supaya dheweke ngajak Silvi jajan neng warunge Iroh?.  Ora kesuwen, Kodrat nilpun Depi golek sisik melik. Maune Depi ora gelem blaka, nanging gandheng kalah pengalaman srawung, wekasan Depi ngaku nek Silvi wis kirim WA marang Iroh sing isine banget ora sopan lan ngalarani ati. Kodrat uga wis kasil njaluk tulung Depi supaya dikirimi screenshot WA ne Silvi menyang Iroh.

Bareng wis ngerti isi WA ne Silvi marang Iroh kanthi wutuh, Kodrat nggagas. Silvi sing wis wani ngaku-aku nek dadi pacangane, lan mentala nulis ukara sing ora pantes diwaca kuwi kudu diwenehi Pelajaran, ben ora kebacut-bacut anggone nasar.  Nek perlu ya nganggo cara ngapusi barang, sing baku ora ngembet-embet Iroh lan kulawargane. Kodrat wis nemu akal kanggo kuwi, mengko bar maghrib Silvi arep ditemoni, ora mung Silvi nanging Bapak Ibune ya arep digeret pisan.

Nalika Kodrat uluk salam kula nuwun neng ngarep lawang omahe Soma Kunthet, mbarengi ana wong wadon ayu rupane, alus solah bawane, umure  wis setengah tuwa, uga lagi nothok kori daleme Pak Muh ing Demangan Madiun. Pak Muh sing lagi mlebu omah, bubar maghriban saka masjid gage mbukakne lawang kanggo tamune.

"O alah, awakmu ta Dhik?" panyapane Pak Muh marang tamune "kana bablas menjero wae, mbakyumu ana kok".

"Inggih Mas" wangsulane tamune sing uga banjur mlaku tumuju omah mburi, dipapag karo rangkulane Bu Muh. Wong loro padha rerangkulan keket, lali nek jaman covid. tujune kok omahe cedhak lan padha  sehate.

"Kene-kene lungguh kene" Bu Muh ngajak tamune lungguh neng kursi ruang tengah.

"Saka omah wae apa saka ngendi iki arep nyang ngendi iki mau? arep mara kok ora telepon dhisik?" Bu Muh nakoni dhayohe. Pak Muh nusul melu njagongi, lungguh njenjeri bojone.

"Saka omah ya arep mrene iki" dhayohe wangsulan "wong ya wis sauntara ta aku iki ora mrene?"

"Iya, pancen kowe kuwi kebacut kok Tun, sedulur mung siji wae ora tau kok parani, wong mung kene-kono wae lho" Bu Muh semu srengen ngomongi dhayuhe. Pancen dhayuh kuwi adhine Bu Muh sing cacahe ya mung siji ndhil kuwi. Jenenge Srimiyatun, tunggal wadhah karo Bu Muh, lan tunggale Bu Muh ki ya mung loro, Bu Muh karo Srimiyatun thok. Srimiyatun dadi Guru SD ing Demangan kono. Bojone Srimiyatun wis rong tahun tinggal donya, dadi Srimiyatun wektu iki wis randha. Hanafi bojone Srimiyatun jaman uripe nyambut gawe dadi Guru SMP, lan sasuwene gandheng karo Srimiyatun, durung diparingi momongan. Dadi Srimiyatun saiki neng omah urip ijen ora ana kancane.

"Embuh mBak" Srimiyatun wangsulan "rumangsaku sansaya suwe ditinggal Mas Han ki ora sansaya mari susahe, nanging malah sansaya nglangut tanpa ana watese".

"Ya sing sabar ta Dhik" Pak Muh aweh tutur "awake dhewe ki dadi titah saderma nglakoni, lan ya mung kari bisa ndedeonga muga-muga Dik Han neng kana kaparingan papan sing apik, digrujuga rahmat lan pangapura".

"Inggih Mas" wangsulane Srimiyatun karo mripat sing kaca-kaca, kelingan sing wis ora ana.

"Kowe ngombe apa Tun? sing adhem apa sing panas?" Bu Muh nari dhayuhe.

"Ora sah mBak, mengko wae nek ngelak tak njupuk dhewe" wangsulane Srimiyatun .

"Lha iki Setya kok ora katon, apa lunga ta mBak?" Srimiyatun nakokne ponakane.

"Anu, iki mau pamit arep golek pulsa" wangsulane Bu Muh "paling sedhela maneh rak mulih".

"Piye? wis arep rabi apa durung? Setya ki wis wayahe lho mBak?"

"Embuh Tun, anakmu lanang kae angel kok, aku nganti bingung mikirne" wangsulane Bu Muh karo nyedhot ambegan dawa.

"Ora nek angel" Pak Muh nyelani rembug "sesuk kuwi Ibune arep tak jak ngancani Bas, nontoni cah wedok sing jeneng Khoiroh sing diomong kae. Lha nek ora ana acara sesuk Dhik Sri melu apa piye ben mundhak regeng?".

"Lha njenengan ki pripun ta pakne? wong arep mara nggene tiyang thik dadakan niku? gek mengke olehe ajeng nyepakne gawan pripun?" Bu Muh nutuh bojone.

"Sing arep diparani iki dudu kaya wong liyane ya Bu, dadi minangka dhayoh awake dhewe nyoba njumbuhne karo sipate sing duwe omah sing sok aneh ngana kae. Perkara jajan sesuk mampir warung apa toko, ya bisa" wangsulane Pak Muh ayem.

"Teng pundi ta Mas niku?" Srimiyatun takon.

"Nyang Ngarengan, nggone Pak Sampun sing biyen kerep dolan mrene kae lho" sing wangsulan Bu Muh. Krungu jeneng "Sampun" dumadakan neng dhadhane Srimiyatun ana rasa aneh sing mrambat ing jerone.

"Bisa melu ta?" Pak Muh nakoni.

"Insya'allah Mas" Srimiyatun mangtsuli, suwarane kedher. Rasa aneh neng dhadhane durung ilang.

 

ana candhake.

Sabtu, 22 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (24)

 

dening : immir

24.

Rampung shalat Ashar, Iroh nyandhak tenggok arep ngepeki kembangt turi,kangge campuran kuluban sing arep digawe pecel. Depi memburi ngrambani bayem jabut asil sebarane dhewe neng eyeran wedhi cedhak sumur. Kanggo sesuk kuwi pecele Iroh bayem karo kembang turi, sayuran seger sing asli herbal blas ora mambu rabuk kimia lan obat insektisida.  Ora suwe bocah loro wis awor neng  emper mburi omah, mbetheti kembang turi dibuwangi serbuk sarine sing nek ora dibuwang marahi pahit. Lagi padha enak-enak mbetheti Kembang Turi, bapakne teka. Ora kaya adate, Pak Bagong teka-teka njujug pawon, banjur ngundang anake wedok nakokne Maron wadhah banyu.

"Roh, Marone kok seleh ngendi?" pitakone Pak Bagong alias Arja Sampun.

"Sekedhap Pak" Iroh wangsulan banjur mlaku nyang pawon. Maron sing dikurepne neng ngisor paga dijupuk, banjur marani Bapakne karo omong "niki Pak, ajeng damel napa ta?".

"Arep ngge nyelehne Iwak" wangsulane Bapakne sajak seneng atine "mau Bapak oleh Wagal loro gedhe-gedhe, karo Areng-areng siji ya gedhe. Nyang Bapak ora dikatutne didol, bapak kepengin mangan enak, ngolah wagal dibumbu rujak, diungkus godhong gedhang terus digarang neng kreweng sakdhuwure dhiyang pawon".

"Lha thik ndadak ngangge Maron barang?"

"Lha iwak telu sakmono gedhe-gedhene mosok arep diolah bareng ta Roh? ya siji-siji, liyane diwadhahi maron ben gak mati, lha olehe ngolah sesuk wae, sesuk Bapak arep leren ora mancing. Iwak-iwak iki isih urip kabeh, wong leh entuk ya lagi wae, wis jupukna banyu sumur kana, Bapak tak ngetokne iwake saka kepis".

"Nggih Pak" Iroh nyandhak ember arep nggolekne banyu bapakne.

Jebul diwadhahi Maron, iwake kurang enggon. Banjur Iroh genti njupuk Genthongan Plastik sing sok dienggo tandhon banyu, iwak telu dicemplungne genthong diiseni banyu.

"Lha Depi mau nyang ngendi ta?" Arja Sampun nakokne anake wedok sing cilik.

"Nika, teng emper, mbetheti kembang turi, ditimbali Bapak?" Iroh wangsulan karo takon.

"Ora, mung takon wae kok".

"O enggih Pak" Iroh kelingan WA saka Pak Setya dhek esuk mau.

"Iya, ana apa?" Arja Sampun takon.

"Wonten pesenan kagem Bapak"

"Pesenan apa? sing pesen sapa?" Arja Sampun takon.

"Anu Pak Setya wau kirim WA teng Iroh, ngabari nek Bapakipun Pak Setya ngersakne ngendikan liwat telepon kaliyan Bapak. Bapak kersa napa boten?, menawi kersa, sagedipun telepon Bapakipun Pak Setya benjing punapa?. Niku pesen saking Pak Setya" Iroh nggenahne omonge.

"Mengko dhisik ta" Arja Sampun takon sajak rung mudheng "Pak Setya kuwi sapa? kok Bapak lagi krungu jeneng Setya iki mau?".

"Pak Setya niku komplite Pak Setya Basuki, gurunipun Iroh teng SMA. Lha nek Bapakipun sinten Iroh nggih dereng ngertos, kok dumadakan badhe ngendikan kalih Bapak, niku kula nggih boten mudheng" wangsulane Iroh blaka.

Arja Sampun meneng sedhela, banjur tembunge :

"Ngene wae, njajal saiki Pak Setya telpunen, mengko Bapak sing omong".

Iroh ngrogoh sak Hape ne ditokne, banjur nulis pesen liwat WA marang Setya Basuki.

"Bapak, Iroh badhe telpon saged?"

Ndelalah Setya ngepasi Online. WA ora dijawab malah banjur telpon.

Karo Iroh telpon ditampa banjur dilungne Bapakne karo omong lirih :

"Pak Seya Pak"

"Assalamu'alikum" Arja Sampun uluk salam nampani telpon saka Setya.

"Wa'alaikum salam" Setya kaged sing ditelpon genah nek nomere Iroh kok sing nampani suwara liya, wong lanang pisan "nuwun sewu, niki kula kalih sinten inggih?"

"Kula Bapakne Iroh Pak Setya" Arja Sampun wangsulan "Criyose Iroh Keng Bapak nimbali kula? wonten prakawis punapa inggih?".

"Ooh, Pak Arja ta? pangabekti kula Pak" Setya wangsulan groyok "inggih kula niki anake Pak Muh Demangan Bapak, nyuwun ditengga sekedhap inggih Bapak, Bapak kula aturane rumiyin".

"Oh, nggih, nggih" Arja Sampun wangsulan, hape tetep dicekeli ditemplekne kupinge, kandhane marang Iroh "tibakne Pak Setya ki Putrane Pak Muh ndhuk, biyen Bapak tau ngenger marang Bapake Pak Muh kuwi"

Iroh ora semaur mung sirahe manthuk-manthuk, ngiyani.

"Assalamu'alaikum" Pak Muh uluk salam liwat hapene Setya.

"Salam" wangsulane Arja Sampun "piye kabare Gus? garwa putra sehat kabeh?"

"Alhamdulillah entuk pamujimu Kang, kabeh waras. kulawarga kene ya sehat kabeh ta?" Pak Muh genti nakokne kabar.

"Alhamdulillah, jare anakku wedok Panjenengan nimbali aku? ana apa ta Gus? marahi aku dheg-dhegan wae lho?" Arja Sampun takon.

"Iya Kang" Pak Muh wangsulan karo ngguyu "mung merga kangen wae kok, karo dhek wingi, Ibune bocah-bocah aku ki arep dijak dolan nyang daleme sampean. Sampean ana wektu kapan? Nek sesuk esuk piye? Aku ben diterne anakmu lanang si Setya, sing telpon ki mau?".

"Sesuk? Bisa, nek sesuk wis tak rencanakne sesuk aku arep neng omah sedina, ora arep lunga nyang ngendi-endi kajaba nek ana tangga sing perlu dilayat he he he.......". Arja sampun wangsulan karo ngguyu renyah.

"Ya wis nek ngono, sesuk bar subuhan aku budhal saka omah. Ora sah repot-repot lho!, mengko sampean malah ndadak nyepakne sing neka-neka, gak sah tenan ya Kang?".

"Ha...ha ..." Arja Sampun ngguyu banter "aku kok repot? gek sing arep tak ngge repot kuwi lho ya apa ta Gus? jeneh bojo wae aku gak duwe kok he he he".

"Ha...ha...ha..." Pak Muh melu ngguyu "perkara kuwi aja samar, mengko tak rewangi golek. Ya wis ya Kang matur nuwun, Assalamu'alaikum".

Karo mbalekne Hapene Iroh,Arja Sampun omong :

"Sesuk arep eneng dhayoh Roh, paling sesuk jam wolu tekane kene, wong budhal saka Demangan Bar Subuh, mesthine sesuk sadurunge mrene Gus Muh rak mampir Ziarah nyang kuburane Bapak Ibune lan Eyange dhisik".

"Inggih Pak, lajeng napa sing kudu Iroh tandangi?" Iroh takon.

"Biasa wae lah Roh, kowe karo Depi ya nandangi gaweyanmu dhewe dhisik nganti rampung. Sesuk bar subuh Bapak tak wiwit masak iwak telu kuwi, beneran tenan iki, ngepasi oleh Iwak gedhe-gedhe lha kok eneng dhayuh, bisa di enggo nyuguh. Gek Gus Muh kae senenge nyang Wagal Bumbu Rujak ora ilok tenan lho, dadi ya sepisan maneh sokur alhamdulillah" wangsulane Arja Sampun karo mesamk-mesem. Embuh apa sebabe, Iroh ora ngerti. Sing cetha Arja Sampun lagi seneng atine, sesuk arep ketemu tilas juragane.

"Ya uwis, Bapak arep ngeluk boyok dhisik. Tutugna olehmu ngurusi gaweyanmu" Arja Sampun mlebu omah. Iroh bali nyang emper nusul Depi sing wis meh rampung mbetheti Kembang Turi.

"Thik rame men mau Bapak nelpon sapa lho mBak?" lagi wae Iroh mapan lungguh Depi wis mapagne nganggo pitakonan.

Durung nganti Iroh mangsuli, Hapene muni.

"Assalamu'alaikum" Iroh ngangkat hapene.

"Inggih Bapak, matur nuwun, Iroh rantos rawuhipun Bapak saha Bapak Ibu sedaya".

Hape bali dilebokne sak.

"Sapa mBak?" Depi takon.

"Pak Setya, karo Bapak Ibune sesuk arep dolan nyang omahe dhewe"

"Iya?" Depi mlengak kaya-kaya ora percaya.

"Iya, Bapake Pak Setya kuwi jebul tilas majikane Bapake dhewe, ngerti?.

Depi manthuk-manthuk thok.

Ana Candhake.

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (23)

 

dening : immir

23

Kira-kira jam wolu, dagangane Iroh wis entek. Warung banjur ditutup. Diterusne resik-resik ubarampening bebakulan. Dhuwit oleh-olehane dodolan dietung banjur dicathet neng buku mlebu metuning dhuwit bakulan. Depi wis wiwit mau ngadhep laptope karo nyekeli hapene, sekolah virtual. Iroh mlebu kamar, ndeloki Ha-pe ne mbok menawa ana kabar sing penting. Neng Aplikasi WhatsApp wis ana pesen pirang-pirang. Banjur wiwit diwaca siji-siji.

Sing dhisik dhewe diwaca saka Grup Tandur, ana pesen papat nanging kabeh ora ana sing penting.

Sing nomer loro saka Bu Suci, Kepala SD :

“mBak Iroh, nyuwun tulung ya? sesuk aku dibungkusne sarapan sepuluh, karo tempene ya sepuluh. Jam Pitu ben dijupuk Ella. Kabeh pira mBak?”

“Sarapan sedasa tigang dasa gangsal Bu, tempenipun sedasa gangsal ewu, sedaya sekawan dasa. Matur nuwun” wangsulane Iroh nganggo WA ne. Pesan wis terkirim centhang loro nanging durung biru.

Pesen sing nomer telu, saka Pak Setya, dumadakan ing dhadhane Iroh krasa rasa aneh, arep mbukak dadi dheg-dhegan. nanging ora suwe ya banjur diwaca :

“Assalamu’alaikum, mBak Iroh iki aku Pak Setya. Piye kabare rak ya sehat kabeh ta? Iki aku aku arep nyuwun tulung mBak Iroh, aturna Bapak yen Bapakku (Pak Muh) kepengin ngendikan karo Bapak liwat telepon, kira-kira bisane kapan? Banjur nomer telepone Bapak pira? Nek wis matur Bapak lan oleh dhawuh, tulung aku dikabari ya? Matur nuwun”.

Pak Muh arep ngendikan karo Bapak? ngono batine Iroh. gek arep ngendikan apa ya? kok aneh temen? Ah, kuwi rak urusane Bapak-bapak dudu urusanku, ngapa aku mumet dhewe? Iroh mesem kecut. Banjuur mbalesi WA ne Pak Setya :

“Inggih Bapak, niki Bapak taksih dhateng pinggir Benawi mrika, mangke menawi Bapak sampun dumugi griya dhawuh pesen saking Bapak badhe kula aturaken Bapak kula. O inggih Bapak kula boten kagungan Nomer telepon Bapak, nyuwun pangapunten”.

Pak Setya nuju Online, dadi wangsulane Iroh langsung diwaca lan dibalesi :

“Matur nuwun lho mBak, tulung pangabektiku diaturne Bapak pisan ya ?”

“Inggih Bapak” Iroh ya terus wangsulan.

Pesen sing sateruse saka Silvi, iya Silviana Hayuningrum anake Soma Kunthet, sing biyen kancane sekolah jaman SD lan SMP. Batine Iroh ndhengarekne, ora tau-taune Silvi kirim kabar marang dheweke, kelase wis beda. Saiki Silvi kuliah neng Madiun, statuse Mahasiswa, lha nek Iroh sabane kedhokan sawah. Kaya pas arep maca pesen saka Pak Setya mau. Maune Iroh rumangsa aras-arasen, nanging bareng kelingan nek mbok menawa ana kabar sing wigati, Iroh ya banjur maca pesen saka Silvi kuwi mau.

Kaya disamber bledheg awan-awan rasane Iroh maca WA saka kancane jaman neng SMP kuwi. Ora nyana ora ngira nek Silvi sing wis dadi Mahasiswa kuwi bisa nulis basa sing kasar lan isine ngunek-unekne dheweke, ngina sing tanpa upama asoring panginane. Sapandurat, Iroh nggeget untu nahan nesune, dhadhane krasa panas kaya ngobong jantunge. Tangane kedher, meh wae hape ne dikeplekne. Tujune ora suwe Iroh banjur eling, yen kanepsone babar pisan ora ana gunane.

“Iroh wacanen pesenku ya? Sanajan aku sakjane ya wegah nek arep ngelikne kowe, nanging ngelingi nek kowe kuwi tilas kancaku, pisan iki wae aku arep ngelikne. Pisan aja seneng rumangsa ayumu kuwi ora ana tandhinge ya? lan eman-eman ayune rupamu nek arep kok dol murah neng ndesa kene. Nek niyat arep dodolan ayu, kana lho neng Jakarta utawa neng Surabaya mesthi larang regane, tur ora konangan tanggane dhewe. Pancen bener, obral rupa ayu kuwi hakmu, nanging merga aku welas marang kowe, kowe tak elikne. Nek kowe wis niyat arep ngambah dalan peteng merga wis bosen urip mlarat lan kesrakat aja banjur ngorbanke tanggane dhewe, tangga sing wong apik-apik nek kok rusak, kowe mesthi entuk piwales saka Gusti Allah. Ngertia, aku ora bakal getun nek mung arep kelangan pacangan wae, nanging aku ora lila pacanganku mbok warahi bubrah kaya uripmu ngono kuwi. Aku ngerti kok, kowe ora lamba nanging kowe ya kudu ngerti japa semar mesemmu kuwi ya ora suwe. Titenana wae, sedhela maneh Mas Kodrat mesthi bali eling kaya maune, eling nek awakmu kuwi ora pantes nampa katresnane” ngono kuwi unine WA sing dikirim Silvi marang Iroh.

Sanajan Iroh pikirane muni nek nesu kuwi tanpa pedah, nanging atine tetep nggronjal rumangsa ora trima karo WA sing dikirm Silvi marang dheweke sing unine ngono kuwi mau. Ora krasa luhe dleweran, banjir saka jero mripate.

“Ana apa mBak?” ora weruh kapan tekane, dumadakan Depi wis ngadeg ana ngarepe karo takon.

“Ora ana apa-apa kok” wangsulane Iroh karo nyoba mesem.

Depi meneng, mapan lungguh njejeri mbakyune. Mau Depi weruh, saka jaba kamar sing lawange menga, yen sadurunge nesu terus nangis Iroh maca WA neng Hape ne. Hapene Iroh dicandhak, diiling-ilingi pas pesen saka Silvi durung ditutup dening Iroh. Bubar maca pesene Silvi marang mBakyune, Depi ngadeg karo ngepelne tangane.

“Wis mBak, mBak ora usah melu-melu, tak labrake bocah ora nduwe tata kuwi, tak tapukane cangkeme nganggo sandhal, ben ngerti apa lupute…….” Depi ngomong karo arep metu saka kamar. Iroh gage nyaut tangane adhine, banjur dikon bali lungguh.

“Ora ana gunane awake dhewe nesu Dhik” Iroh ngandhani adhine “luwih-luwih banjur marani Silvi kaya sing arep kok lakoni kuwi. Tiwas wirang digeguyu wong sing ora seneng karo awake dhewe, banjur entuk-entukane apa hara?”.

“Nanging Silvi wis nyebar pitnah marang mBak? wis ngarani mBak sing ora bener sakpenake udele dhewe?” Depi wangsulan.

“mBok ya Ben, wong sing omong mung Silvi wae lho? gek sing arep ngandel omongane Silvi kuwi sapa neh? Sing baku mBak ora kaya sing diomong Silvi rak ya uwis?”

“Nanging perkara iki kudu digenahne mBak, ben ora dadi pitnah sing ngambra-ambra tekan ngendi-endi” Depi wangsulan.

“Digenahne ya kena wae, nanging nganggo cara sing cerdas ngono lho, ora nganggo carane wong alasan sing ora tau mambu bangku sekolahan”

“Carane piye mBak?” Depi takon.

“Kowe ngerti nomer Hape ne Mas Kodrat?” Iroh genti takon.

“Neng grup Karang Taruna ketoke enek mBak” Depi wangsulan.

“Mas Kodrat japrinen ngene : Mas sesuk nek arep sarapan karo mbak kon ngajak mBak Silvi, nek Mas Kodrat gak ngajak mBak Silvi angur gak sah sarapan neng warunge mBak.  wis ngono wae”.

Depi manthuk-manthuk, wis bisa ngerteni apa sing dikarepne mBakyune.

“Ya mBak, tak japrine saiki” kandhane karo metu.

Iroh sing ditinggal adhine metu saka kamar, nicil ayem. Sepisan maneh pikirane ngandhani atine : Nesu kuwi ora tau ana gunane ora ngrampungne masalah malah nambahi perkara.

Ana Candhake.

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (22)

 dening :immir

22

Jenenge sing asli Muhammad Kodrat, nanging bocah kuwi luwih seneng nganggo jeneng Kodrat Sambega, merga kepengin nunggak semi asmane simbahe sing asma Jaya Sambega. Bagus rupane, pakulitane resik, gedhe dhuwur, pinter srawung, sekolahe pinter,sregep ngibadah tur anake wong sugih. Kaji Mahmud wong tuwane Kodrat, kajaba sawahe amba lan pirang-pirang enggon, uga sawijing kemasan sing kondhang. Mas-mas rongsok, gelang cengklek, suweng tugel, kalung pedhot kuwi akeh-akeh playune nyang nggone Kaji Mahmud, dituku kanthi rega murwat, banjur diolah dadi perhiasan anyar sing wutuh, didol nyang Toko Mas kanthi rega sing nekakne bebathen ora sethitik.  Kodrat kuwi dikuliahne wong tuwane nyang Sala, neng UNS. Sing dijupuk Fakultas Teknik Industri. Sadurunge ana Covid-19, Kodrat Kost neng Sala, nanging bareng ana Pandhemi Corona banjur akeh neng omahe, kuliah saka omah ngadhep laptop, liwat Internet.

Wis dadi barang sing lumrah, jejaka bagus pinter tur grapyak sumanak pinter srawung kuwi yen banjur dadi idolane prawan-prawan tepungane. Semono uga karo Kodrat, akeh bocah wedok sing mbudidaya kepengin cedhak utawa bisaa dadi kanca kenthele. Nanging Kodrat bocah sing pinter lan ngerti budaya, mula Kodrat ya ora gampang-gampang nindakne lumrahe bocah nom sing seneng dolanan klawan apa sing diarani pacaran. Kabeh bocah wadon sing kepengin cedhak ditanggapi kanthi becik. Nanging durung ana sing diaku minangka pacare. Sak temene, Kodrat neng atine wis duwe rasa sir lan seneng marang bocah wadon sing omahe ora adoh karo omahe wong tuwane. Bocahe ayu, tur pinter, sekolahe kacek rong tahun ing kelas sangisore. Yaiku Koiroh aktivis Rohis lan Pramuka sing trampil trengginas pinter srawung lan nduweni kawibawan sing menjila, sing ndadekne wong-wong padha duwe rasa sungkan upama kepengin sembranan karo dheweke.

Wis suwe atine Kodrat kethukulan rasa seneng marang Koiroh, yaiku wiwit Koiroh mlebu SMA sauntara Kodrat wis kelas telu. Nanging rasa seneng kuwi disimpen rapet neng jero atine, Kodrat ora ana kuwanen mblakakne marang sing disir. Uga ora wani crita marang sapa-sapa yen dheweke nyimpen rasa tresna marang Koiroh. Malah Kodrat wis duwe tekad, mengko wae nek dheweke wis rampung kuliah, sokur wis cekel gawe, ora ndadak nganggo jenenge pacaran utawa penjajagan, Koiroh arep langsung ditembung marang wong tuwane.  Nanging ora kena diselaki, atine Kodrat krasa seneng lan krasa mulya yen bisa kepethuk utawa nyawang Koiroh. Mula saben esuk Kodrat ora tau gothang, ajeg teka neng warunge Koiroh, lungguh rada suwe. Ya mung sarapan karo ngombe kopi thok, sok-sok tekane dhewekan sok-sok ngajak kancane. Nadyan mangkonowa, neng jeroning atine kodrat wis ana rasa seneng kaworan marem, awit wis bisa nyawang pepujaning atine.

"Aku ki sok gumun lho Roh" sawijining esuk Kodrat pas golek sarapan nakoni Iroh "kowe kuwi bocah sekolahan tamatan SMA kok ya ora isin bakulan sega pecel malah sok-sok melu buruh tandur barang ngana kae. Gek resepmu kuwi apa lho Roh?".

Wong sak warung sing krungu pitakon ngono kuwi, melu nunggu wangsulan saka Iroh. Merga sak jane wong-wong kuwi ya padha gumun marang Iroh sing nduweni sipat beda karo kanca-kanca sak barakane. Kabeh ora ana sing wani takon kajaba mung Kodrat.

"O alaah Mas, mas" wangsulane Iroh prasaja "mandhak kaya ngono wae kok ndadak ditakokne resepe barang. Wiwit cilik awake dhewe lan kabeh wong kuwi kuwi mesthi tau krungu, nek jenenge wong urip kuwi kudu gelem lan kepara nyenengi sing diarani nyambut gawe, ya sak gawe-gawene sing bisa ditandangi lan ora ngganggu wong liyane. Lha kuwi sing tak dadekne dhasar aku gelem bakulan gelem buruh tandur lan sapiturute, merga jarene gaweyan sing becik kuwi nora ana sing aran remeh. Lha sok-sok ana sing nduwe panemu nek buruh tandur utawa bukak warung ngene iki diarani remeh, mangka panemu ngono kuwi ora ana dhasar lan wewatone. iya pa ra Mas? apa ora luwih isin yen aku nganggur terus mung dadi sanggane wong tuwa sing uripe ya mung pas-pasan kaya Bapakku ngono kuwi?".

Sing padha krungu wangsulane Koiroh mangkono kuwi, jroning ati padha mbenerne. Malah ana sing rumangsa diwelehne klawan ora terang-terangan.

"Bener Roh" Sudi bocah Mesjidan sing dijak sarapan Kodrat nrambul gunem "aku pantes matur nuwun marang awakmu. Merga najan ora kok tujokne nyang aku, nanging aku wis kok elingne".

"Lho kok ngono ta Mas?" Iroh nanggapi.

"Iya, aku iki sakjege lulus SMA bareng karo Kodrat kae, wis makaping-kaping ngejokne lamaran nyang ngendi-endi. Nanging babar pisan ora ana sing nyanthol, nganti saiki aku panggah dadi penganggur. Kamangka sak temene nek gelem nyambut gawe, aku rak ya bisa ngrewangi Bapak ngaritne sapi-sapi kae utawa ngrewangi nyang sawah. Nanging ya gene aku milih nganggur? wangsulanmu mau wis nggugah rasaku tenan, Wiwit mengko aku isin dadi wong nganggur Roh, aku isin tenan mung dadi benalu keluarga, aku arep niru kowe Roh. tenan".

Iroh ora semaur merga repot ngladeni wong tuku liyane. Kodrat mesem, pundhake Sudi diepuk-epuk alon karo ditakoni :

"Tenan? Lha nek ketemu Pacarmu kowe mengko apa ora isin?".

"Ngapa isin? wong aku ora tumindak maksiyat wae? aku arep nerokne Iroh, Iroh ya ora isin saupama kepethuk pacare. Iya ta Roh?" .

Disebut jenenge Iroh kepeksa wangsulan karo ngguyu :

"Apa Mas Sudi? Nek pethuk pacarku? Gek pacar ki apa ta Mas, mas? Aku iki lagi sangalas tahun, batas minimal usia wong menikah, rung arep wani pacaran dhisik, wedi nek keneng godhane setan liwat.  Suk emben wae nek wis gedhe, Ya Mas Kodrat?".

Kodrat ngguyu krungu pitakone Iroh ngono kuwi.

"Adhuh... adhuh...." Sudi semaur karo ngguyu "durung genep sekesuk wis kena smash ping pindho aku, ha... ha .... ha.....".

"Ora Mas, ora nyemash" Iroh age-age nututi rembuge "sak jane pacaran ya ora apa-apa, waton bisa njaga awake. Ora kebacut nuruti ati karep sing ora gelem noleh kahanane, bareng kedadeyan ana apa-apa banjur bingung lan mbingungne wong tuwa kana-kene, ya ra Mas?".

Wong sak warung bali padha ngguyu alon, krungu omongane Iroh ngono kuwi. Klebu Ibu-ibu sing lagi antri ngenteni dibuntelne sega kanggo sarapan sing ana omah.

Rampung ngopi karo sarapan, Kodrat nyeluk Depi sing ngrewangi ngladeni wong tuku, karo ngrogoh sak klambine.

"Wis Dep, takokne mBake!, Kopi loro, sarapan loro tambah tempe goreng loro" .

"Nggih Mas, kopi kalih tigang ewu, sarapan kalih pitung ewu, tambah tempe kalih setunggalewu. Sedaya sewelas ewu" wangsulane Depi.

"Nyoh, susuk sewu ben kene, ngge panjer sesuk" Kodrat ngelung dhuwit sepukuhan siji karo rong ewunan siji.

"Matur Nuwun lho Mas, mpun dimodhali, he he he" Depi nampani dhuwit karo ngguyu.

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...