dening : immir
23
Kira-kira jam wolu, dagangane Iroh wis entek. Warung banjur
ditutup. Diterusne resik-resik ubarampening bebakulan. Dhuwit oleh-olehane
dodolan dietung banjur dicathet neng buku mlebu metuning dhuwit bakulan. Depi
wis wiwit mau ngadhep laptope karo nyekeli hapene, sekolah virtual. Iroh mlebu
kamar, ndeloki Ha-pe ne mbok menawa ana kabar sing penting. Neng Aplikasi
WhatsApp wis ana pesen pirang-pirang. Banjur wiwit diwaca siji-siji.
Sing dhisik dhewe diwaca saka Grup Tandur, ana pesen papat
nanging kabeh ora ana sing penting.
Sing nomer loro saka Bu Suci, Kepala SD :
“mBak Iroh, nyuwun tulung ya? sesuk aku dibungkusne sarapan
sepuluh, karo tempene ya sepuluh. Jam Pitu ben dijupuk Ella. Kabeh pira mBak?”
“Sarapan sedasa tigang dasa gangsal Bu, tempenipun sedasa
gangsal ewu, sedaya sekawan dasa. Matur nuwun” wangsulane Iroh nganggo WA ne.
Pesan wis terkirim centhang loro nanging durung biru.
Pesen sing nomer telu, saka Pak Setya, dumadakan ing dhadhane
Iroh krasa rasa aneh, arep mbukak dadi dheg-dhegan. nanging ora suwe ya banjur
diwaca :
“Assalamu’alaikum, mBak Iroh iki aku Pak Setya. Piye kabare rak
ya sehat kabeh ta? Iki aku aku arep nyuwun tulung mBak Iroh, aturna Bapak yen
Bapakku (Pak Muh) kepengin ngendikan karo Bapak liwat telepon, kira-kira bisane
kapan? Banjur nomer telepone Bapak pira? Nek wis matur Bapak lan oleh dhawuh,
tulung aku dikabari ya? Matur nuwun”.
Pak Muh arep ngendikan karo Bapak? ngono batine Iroh. gek arep
ngendikan apa ya? kok aneh temen? Ah, kuwi rak urusane Bapak-bapak dudu
urusanku, ngapa aku mumet dhewe? Iroh mesem kecut. Banjuur mbalesi WA ne Pak
Setya :
“Inggih Bapak, niki Bapak taksih dhateng pinggir Benawi mrika,
mangke menawi Bapak sampun dumugi griya dhawuh pesen saking Bapak badhe kula
aturaken Bapak kula. O inggih Bapak kula boten kagungan Nomer telepon Bapak,
nyuwun pangapunten”.
Pak Setya nuju Online, dadi wangsulane Iroh langsung diwaca lan
dibalesi :
“Matur nuwun lho mBak, tulung pangabektiku diaturne Bapak pisan
ya ?”
“Inggih Bapak” Iroh ya terus wangsulan.
Pesen sing sateruse saka Silvi, iya Silviana Hayuningrum anake
Soma Kunthet, sing biyen kancane sekolah jaman SD lan SMP. Batine Iroh
ndhengarekne, ora tau-taune Silvi kirim kabar marang dheweke, kelase wis beda.
Saiki Silvi kuliah neng Madiun, statuse Mahasiswa, lha nek Iroh sabane kedhokan
sawah. Kaya pas arep maca pesen saka Pak Setya mau. Maune Iroh rumangsa
aras-arasen, nanging bareng kelingan nek mbok menawa ana kabar sing wigati,
Iroh ya banjur maca pesen saka Silvi kuwi mau.
Kaya disamber bledheg awan-awan rasane Iroh maca WA saka kancane
jaman neng SMP kuwi. Ora nyana ora ngira nek Silvi sing wis dadi Mahasiswa kuwi
bisa nulis basa sing kasar lan isine ngunek-unekne dheweke, ngina sing tanpa
upama asoring panginane. Sapandurat, Iroh nggeget untu nahan nesune, dhadhane
krasa panas kaya ngobong jantunge. Tangane kedher, meh wae hape ne dikeplekne.
Tujune ora suwe Iroh banjur eling, yen kanepsone babar pisan ora ana gunane.
“Iroh wacanen pesenku ya? Sanajan aku sakjane ya wegah nek arep
ngelikne kowe, nanging ngelingi nek kowe kuwi tilas kancaku, pisan iki wae aku
arep ngelikne. Pisan aja seneng rumangsa ayumu kuwi ora ana tandhinge ya? lan
eman-eman ayune rupamu nek arep kok dol murah neng ndesa kene. Nek niyat arep
dodolan ayu, kana lho neng Jakarta utawa neng Surabaya mesthi larang regane,
tur ora konangan tanggane dhewe. Pancen bener, obral rupa ayu kuwi hakmu,
nanging merga aku welas marang kowe, kowe tak elikne. Nek kowe wis niyat arep
ngambah dalan peteng merga wis bosen urip mlarat lan kesrakat aja banjur ngorbanke
tanggane dhewe, tangga sing wong apik-apik nek kok rusak, kowe mesthi entuk
piwales saka Gusti Allah. Ngertia, aku ora bakal getun nek mung arep kelangan
pacangan wae, nanging aku ora lila pacanganku mbok warahi bubrah kaya uripmu
ngono kuwi. Aku ngerti kok, kowe ora lamba nanging kowe ya kudu ngerti japa
semar mesemmu kuwi ya ora suwe. Titenana wae, sedhela maneh Mas Kodrat mesthi
bali eling kaya maune, eling nek awakmu kuwi ora pantes nampa katresnane” ngono
kuwi unine WA sing dikirim Silvi marang Iroh.
Sanajan Iroh pikirane muni nek nesu kuwi tanpa pedah, nanging
atine tetep nggronjal rumangsa ora trima karo WA sing dikirm Silvi marang
dheweke sing unine ngono kuwi mau. Ora krasa luhe dleweran, banjir saka jero
mripate.
“Ana apa mBak?” ora weruh kapan tekane, dumadakan Depi wis
ngadeg ana ngarepe karo takon.
“Ora ana apa-apa kok” wangsulane Iroh karo nyoba mesem.
Depi meneng, mapan lungguh njejeri mbakyune. Mau Depi weruh,
saka jaba kamar sing lawange menga, yen sadurunge nesu terus nangis Iroh maca
WA neng Hape ne. Hapene Iroh dicandhak, diiling-ilingi pas pesen saka Silvi
durung ditutup dening Iroh. Bubar maca pesene Silvi marang mBakyune, Depi
ngadeg karo ngepelne tangane.
“Wis mBak, mBak ora usah melu-melu, tak labrake bocah ora nduwe
tata kuwi, tak tapukane cangkeme nganggo sandhal, ben ngerti apa lupute…….”
Depi ngomong karo arep metu saka kamar. Iroh gage nyaut tangane adhine, banjur
dikon bali lungguh.
“Ora ana gunane awake dhewe nesu Dhik” Iroh ngandhani adhine
“luwih-luwih banjur marani Silvi kaya sing arep kok lakoni kuwi. Tiwas wirang
digeguyu wong sing ora seneng karo awake dhewe, banjur entuk-entukane apa
hara?”.
“Nanging Silvi wis nyebar pitnah marang mBak? wis ngarani mBak
sing ora bener sakpenake udele dhewe?” Depi wangsulan.
“mBok ya Ben, wong sing omong mung Silvi wae lho? gek sing arep
ngandel omongane Silvi kuwi sapa neh? Sing baku mBak ora kaya sing diomong
Silvi rak ya uwis?”
“Nanging perkara iki kudu digenahne mBak, ben ora dadi pitnah
sing ngambra-ambra tekan ngendi-endi” Depi wangsulan.
“Digenahne ya kena wae, nanging nganggo cara sing cerdas ngono
lho, ora nganggo carane wong alasan sing ora tau mambu bangku sekolahan”
“Carane piye mBak?” Depi takon.
“Kowe ngerti nomer Hape ne Mas Kodrat?” Iroh genti takon.
“Neng grup Karang Taruna ketoke enek mBak” Depi wangsulan.
“Mas Kodrat japrinen ngene : Mas sesuk nek arep sarapan karo
mbak kon ngajak mBak Silvi, nek Mas Kodrat gak ngajak mBak Silvi angur gak sah
sarapan neng warunge mBak. wis ngono wae”.
Depi manthuk-manthuk, wis bisa ngerteni apa sing dikarepne
mBakyune.
“Ya mBak, tak japrine saiki” kandhane karo metu.
Iroh sing ditinggal adhine metu saka kamar, nicil ayem. Sepisan
maneh pikirane ngandhani atine : Nesu kuwi ora tau ana gunane ora ngrampungne
masalah malah nambahi perkara.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar