dening :immir
22
Jenenge sing asli Muhammad Kodrat, nanging bocah kuwi luwih seneng nganggo jeneng Kodrat Sambega, merga kepengin nunggak semi asmane simbahe sing asma Jaya Sambega. Bagus rupane, pakulitane resik, gedhe dhuwur, pinter srawung, sekolahe pinter,sregep ngibadah tur anake wong sugih. Kaji Mahmud wong tuwane Kodrat, kajaba sawahe amba lan pirang-pirang enggon, uga sawijing kemasan sing kondhang. Mas-mas rongsok, gelang cengklek, suweng tugel, kalung pedhot kuwi akeh-akeh playune nyang nggone Kaji Mahmud, dituku kanthi rega murwat, banjur diolah dadi perhiasan anyar sing wutuh, didol nyang Toko Mas kanthi rega sing nekakne bebathen ora sethitik. Kodrat kuwi dikuliahne wong tuwane nyang Sala, neng UNS. Sing dijupuk Fakultas Teknik Industri. Sadurunge ana Covid-19, Kodrat Kost neng Sala, nanging bareng ana Pandhemi Corona banjur akeh neng omahe, kuliah saka omah ngadhep laptop, liwat Internet.
Wis dadi barang sing lumrah, jejaka bagus pinter tur grapyak sumanak pinter srawung kuwi yen banjur dadi idolane prawan-prawan tepungane. Semono uga karo Kodrat, akeh bocah wedok sing mbudidaya kepengin cedhak utawa bisaa dadi kanca kenthele. Nanging Kodrat bocah sing pinter lan ngerti budaya, mula Kodrat ya ora gampang-gampang nindakne lumrahe bocah nom sing seneng dolanan klawan apa sing diarani pacaran. Kabeh bocah wadon sing kepengin cedhak ditanggapi kanthi becik. Nanging durung ana sing diaku minangka pacare. Sak temene, Kodrat neng atine wis duwe rasa sir lan seneng marang bocah wadon sing omahe ora adoh karo omahe wong tuwane. Bocahe ayu, tur pinter, sekolahe kacek rong tahun ing kelas sangisore. Yaiku Koiroh aktivis Rohis lan Pramuka sing trampil trengginas pinter srawung lan nduweni kawibawan sing menjila, sing ndadekne wong-wong padha duwe rasa sungkan upama kepengin sembranan karo dheweke.
Wis suwe atine Kodrat kethukulan rasa seneng marang Koiroh, yaiku wiwit Koiroh mlebu SMA sauntara Kodrat wis kelas telu. Nanging rasa seneng kuwi disimpen rapet neng jero atine, Kodrat ora ana kuwanen mblakakne marang sing disir. Uga ora wani crita marang sapa-sapa yen dheweke nyimpen rasa tresna marang Koiroh. Malah Kodrat wis duwe tekad, mengko wae nek dheweke wis rampung kuliah, sokur wis cekel gawe, ora ndadak nganggo jenenge pacaran utawa penjajagan, Koiroh arep langsung ditembung marang wong tuwane. Nanging ora kena diselaki, atine Kodrat krasa seneng lan krasa mulya yen bisa kepethuk utawa nyawang Koiroh. Mula saben esuk Kodrat ora tau gothang, ajeg teka neng warunge Koiroh, lungguh rada suwe. Ya mung sarapan karo ngombe kopi thok, sok-sok tekane dhewekan sok-sok ngajak kancane. Nadyan mangkonowa, neng jeroning atine kodrat wis ana rasa seneng kaworan marem, awit wis bisa nyawang pepujaning atine.
"Aku ki sok gumun lho Roh" sawijining esuk Kodrat pas golek sarapan nakoni Iroh "kowe kuwi bocah sekolahan tamatan SMA kok ya ora isin bakulan sega pecel malah sok-sok melu buruh tandur barang ngana kae. Gek resepmu kuwi apa lho Roh?".
Wong sak warung sing krungu pitakon ngono kuwi, melu nunggu wangsulan saka Iroh. Merga sak jane wong-wong kuwi ya padha gumun marang Iroh sing nduweni sipat beda karo kanca-kanca sak barakane. Kabeh ora ana sing wani takon kajaba mung Kodrat.
"O alaah Mas, mas" wangsulane Iroh prasaja "mandhak kaya ngono wae kok ndadak ditakokne resepe barang. Wiwit cilik awake dhewe lan kabeh wong kuwi kuwi mesthi tau krungu, nek jenenge wong urip kuwi kudu gelem lan kepara nyenengi sing diarani nyambut gawe, ya sak gawe-gawene sing bisa ditandangi lan ora ngganggu wong liyane. Lha kuwi sing tak dadekne dhasar aku gelem bakulan gelem buruh tandur lan sapiturute, merga jarene gaweyan sing becik kuwi nora ana sing aran remeh. Lha sok-sok ana sing nduwe panemu nek buruh tandur utawa bukak warung ngene iki diarani remeh, mangka panemu ngono kuwi ora ana dhasar lan wewatone. iya pa ra Mas? apa ora luwih isin yen aku nganggur terus mung dadi sanggane wong tuwa sing uripe ya mung pas-pasan kaya Bapakku ngono kuwi?".
Sing padha krungu wangsulane Koiroh mangkono kuwi, jroning ati padha mbenerne. Malah ana sing rumangsa diwelehne klawan ora terang-terangan.
"Bener Roh" Sudi bocah Mesjidan sing dijak sarapan Kodrat nrambul gunem "aku pantes matur nuwun marang awakmu. Merga najan ora kok tujokne nyang aku, nanging aku wis kok elingne".
"Lho kok ngono ta Mas?" Iroh nanggapi.
"Iya, aku iki sakjege lulus SMA bareng karo Kodrat kae, wis makaping-kaping ngejokne lamaran nyang ngendi-endi. Nanging babar pisan ora ana sing nyanthol, nganti saiki aku panggah dadi penganggur. Kamangka sak temene nek gelem nyambut gawe, aku rak ya bisa ngrewangi Bapak ngaritne sapi-sapi kae utawa ngrewangi nyang sawah. Nanging ya gene aku milih nganggur? wangsulanmu mau wis nggugah rasaku tenan, Wiwit mengko aku isin dadi wong nganggur Roh, aku isin tenan mung dadi benalu keluarga, aku arep niru kowe Roh. tenan".
Iroh ora semaur merga repot ngladeni wong tuku liyane. Kodrat mesem, pundhake Sudi diepuk-epuk alon karo ditakoni :
"Tenan? Lha nek ketemu Pacarmu kowe mengko apa ora isin?".
"Ngapa isin? wong aku ora tumindak maksiyat wae? aku arep nerokne Iroh, Iroh ya ora isin saupama kepethuk pacare. Iya ta Roh?" .
Disebut jenenge Iroh kepeksa wangsulan karo ngguyu :
"Apa Mas Sudi? Nek pethuk pacarku? Gek pacar ki apa ta Mas, mas? Aku iki lagi sangalas tahun, batas minimal usia wong menikah, rung arep wani pacaran dhisik, wedi nek keneng godhane setan liwat. Suk emben wae nek wis gedhe, Ya Mas Kodrat?".
Kodrat ngguyu krungu pitakone Iroh ngono kuwi.
"Adhuh... adhuh...." Sudi semaur karo ngguyu "durung genep sekesuk wis kena smash ping pindho aku, ha... ha .... ha.....".
"Ora Mas, ora nyemash" Iroh age-age nututi rembuge "sak jane pacaran ya ora apa-apa, waton bisa njaga awake. Ora kebacut nuruti ati karep sing ora gelem noleh kahanane, bareng kedadeyan ana apa-apa banjur bingung lan mbingungne wong tuwa kana-kene, ya ra Mas?".
Wong sak warung bali padha ngguyu alon, krungu omongane Iroh ngono kuwi. Klebu Ibu-ibu sing lagi antri ngenteni dibuntelne sega kanggo sarapan sing ana omah.
Rampung ngopi karo sarapan, Kodrat nyeluk Depi sing ngrewangi ngladeni wong tuku, karo ngrogoh sak klambine.
"Wis Dep, takokne mBake!, Kopi loro, sarapan loro tambah tempe goreng loro" .
"Nggih Mas, kopi kalih tigang ewu, sarapan kalih pitung ewu, tambah tempe kalih setunggalewu. Sedaya sewelas ewu" wangsulane Depi.
"Nyoh, susuk sewu ben kene, ngge panjer sesuk" Kodrat ngelung dhuwit sepukuhan siji karo rong ewunan siji.
"Matur Nuwun lho Mas, mpun dimodhali, he he he" Depi nampani dhuwit karo ngguyu.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar