dening : immir
21.
Bareng wis rada awan Darmun pamitan, angen-angene sing kepengin bisa urip bebarengan karo Iroh wis cuthel. Kabeh tutur lan saran saka, kanca, sedulur lan tepungane wiwit dinalar lan diunggah udunke ing ati lan pikirane. Sanajana mangkono, jenenge uwong, anggone arep mlaku mulih Darmun plaur arep ngliwati dalan ngarep omahe Iroh, Darmun dhewe ya ora ngerti apa tujuwane kok liwat dalan kono kuwi.
Sauntara iku, Iroh sing wis nembung marang Bapakne lan uga wis diidini nek arep nyoba dodolan sarapan neng omahe, lagi nata enggon sing arep kanggo bakul, direwangi Depi, adhine. Meja loro dijejer, karo dhingklik dawa, ditambah lincak, ditata neng omah ngarep sisih kiwa. Miturut Iroh, ngono kuwi wis cukup merga neng dhuwur meja mengko ora diiseni apa-apa, paling tempe goreng utawa bakwan sing diwadhahi neng lengser siji wae wis cukup. Merga, rencanane bakulane ya ora neka-neka, sega pecel karo kopi, ngge nyawisi wong sing arep budhal nyang sawah utawa ibu-ibu sing nek esuk ora kober gawe sarapan dhewe. Sambel pecele kanggo sawantara ora nggawe dhewe, nanging njupuk nggone mBak Nana sing njurag Sambel Pecel modhel Madiun. mBak Nana wis omong nek kanggo Iroh, merga dienggo dodolan sega pecel, regane sambel digawe beda karo rega umume, mesthi wae luwih murah, sing baku bisa padha mlakune.Kanggo kuluban, sauntara iki ketoke ya durung perlu tuku nyang pasar dhisik. Neng mBuri omah, Kangkung dharat sing ditandur Bapakne cukup akeh. Sasuwene iki kangkung kuwi luwih akeh dirambani terus diwenehn-wenehne tangga-tanggane sing butuh, uga ana sing ramban dhewe. Merga nek mung kanggo nyukupi kabutuhan sayur saben dinane wis turah-turah. Uga tanduran Turi Genjah sing ditandur urut sadawane pager, kembange ndadi ora tau kendhat tansah nukulne kembange. Merga ora tau dipek kembange, malah akeh sing dadi klenthang. Lha mengko kembang turi sing ndadi kuwi bisa dimanfa'atake kanggo selingan anggone gawe sega pecel sing arep didol. Capar utawa Kecambah, bisa gawe dhewe wong sing dibutuhne ora pati akeh. Nek enek wong sarapan lan mbutuhne kopi, kopine arep nggunakne kopi sasetan wae, dadi ora nggoreng dhewe.
"Sesuk nek warunge wis bukak, aku tak ngrewangi ya Mbak?" bareng wis rampung olehe tata-tata Depi nembung arep ngrewangi mBakyune.
"Ngono ya keneng" wangsulane Iroh karo mesem, atine seneng adhine wis ngerti marang gaweyan "waton ora ngganggu sekolahmu wae".
"Ya ora ta mBak nek ngganggu?" Depi nyauri "jaremu bukake bar subuh, tekan jam wolu?"
"Ya wis" Iroh wangsulan banjur wiwit prentah "saiki nyanga nggone mBak Nana, njupuk sambel. nggawaa dhuwit, mbok menawa nek dhuwit sing mau tak wehne isih kurang".
"Siap laksanakan" wangsulane Depi karo arep mlaku metu.
"Eee... iki lho dhuwite digawa!" Iroh njupuk dhompet sing tumumpang meja, njupuk dhuwit rong puluhan salembar dilungne adhine.
Dhuwit disaut karo ngguyu, Depi banjur metu nyandhak pit onthele arep nyang nggone mBak Nana. Iroh nerusne nggone tata-tata, nyepak-nyepakne pirantine wong bakulan. Bar kuwi arep golek rambanan.
Lagi wae Iroh arep metu, ha pe ne muni. Nada dering panggilan liwat Whats App. Hape dicandhak, diiling-ilingi banjur :
"Assalamu'alaikum Iya Mas?" jebul sing manggil kuwi Bagong, Mase sing neng Surabaya.
"Salam, piye kabar omah Dhik?" liwat hapene Bagong takon kabar omah.
"Alhamdulillah sehat kabeh Mas, Mas Yuda ya sehat ta?"
"Sehat Dhik" Bagong wangsulan "anu wingenane Depi tak tukokne Laptop bekas neng Toko Online, nek wis teka tulung aku kabarana, karo alhamdulillah blanjaku diundhaki, dadi transferan kanggo omah iki ya tak tambahi"
"Iya Mas, makasih, Mas Yuda gak kepengin tilik omah ta?"
"Jane ya pengin banget Dhik, nanging piye? kowe ya ngerti wong saiki nek arep nyang ngendi-endi ki ribete gak jamak, kudu sing golek antigen kek, golek sing sing lah, ya suk emben wae nek wis gak pati ribet, lagi bisa tilik omah. Ya wis tulung bektiku wae aturna Bapak, karo kowe neng omah sing ngati-ati, covid-19 jik rung prei iki. Assalamu'alaikum".
"Iya Mas, Mas Yuda ya sing ngati-ati waalaikum salam".
Hape diselehne neng meja, ana rasa kangen marang sedulure tuwa sing wis rong tahun ora tilik omah merga saking kahanan kang ora ngidinake. Sedulur lanang sing kaprenah tuwa, sing banget migatekne adhi-adhine. Senajan ora nembung njaluk, nanging Bagong luwih ngerti nek Depi banget mbutuhake laptop kanggo sekolahe. Ya mung merga kahanan, wae Depi ora wani ngomong marang Bapak utawa mBakyune, lan Bagong sanajan mung bekas wis klakon bisa nukokne laptop sing dibutuhne Adhine. Iroh ya bisa ngrasakne lega, adhine bakal duwe laptop dhewe dadi ora terus-terusan nebeng marang kancane. Ana luh bening tumetes saka mripat sing lindri-lindri kuwi, nelesi pipi, rasa trenyuh wis campuh lan worsuh lan rasa marem mlumpuk dadi siji.
*
Esuke, sanajan lagi sepisanan bukak dhasar, sing tuku neng warunge Iroh wis rame. Ya ora maido, wong jajan kuwi sing akeh seneng milih warung sing bakule resikan, semanak, grapyak ora sembranan, sokur nek ayu pisan. Kajaba saka iku, Iroh pancen cukup dikenal neng desane yen wong sing apik, pinter lan seneng labuh marang sapepadhane. Ora ana critane Iroh sok gawe serik atine sapa wae, sing ana Iroh kuwi pinter karya nak tyasing sasama. Grapyak semanak nanging ngemu wibawa, dadi wong-wong padha ngajeni merga Iroh pancen pantes diajeni.
Ibu-ibu racake olehe tuku njaluk dibungkus digawa bali. Ana sing nembung rong bungkus, telung bungkus jumbuh lan kabutuhane dhewe-dhewe.Sing dipangan ngenggon racake bocah lanang sing arep budhal kerja, utawa sing padatan seneng sarapan lan ngopi neng warung. Kaya Kodrat Sambega, Putrane Kaji Mahmud, sing kuliahe neng Fakultas Teknik Industri UNS kuwi, saben esuk mudhun saka subuhan neng masjid, ajeg sarapan neng warung, adate Kodrat sarapane neng Warung Kedhungdawa, bareng ngerti nek Iroh bukak warung sarapan, esuk kuwi Kodrat njajal sarapan neng kono, Mesthi wae ya karo Ngopi.
"Cocok banget iki karo sarapane Roh" kandhane Kodrat ngalem dagangane Iroh "mung segane sing rada kakehan, ning ya tetep tak entekne wong enak lan mirasa, tempene kering krasa gurihe, sambele pas persis sambelane warung pecel Sleko Madiun kae. Pokoke mantap, seneng aku, saiki ora sah adoh-adoh tekan Dhungdawa".
"Matur nuwun lho Mas" wangsulane Iroh "nek sambele kuwi, sambel olehku nempil nggone mBak Nana kok, aku rung wani nyambel dhewe".
"Iya, upama kulubane kuwi mbok wenehi Godhong Kelor ketoke luwih mantap. Nek kober goleka neng nggonku, kelore akeh, gak sah tuku" Kodrat tawa-tawa.
"Iya jane Mas" Iroh wangsulan "nanging jarene godhong kelor kuwi sok ana sing nyirik, dadi aku ya ora wani nganggo. Jane kene ya ana, kae mburi omah kae kelore ya lemu-lemu, paling ya mung tak masak kanggo dipangan dhewe".
Kodrat manthuk-manthuk, Iroh wis ora kober ngajak omongan maneh, sing arep tuku sarapan sansaya akeh sing padha teka. Sarapan sing murah mirasa, sapiring rega telungewu limang atus. Ora larang.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar