Sudimin
mesem.
“Lha nek wong Kedunggalar
ya arep apa?” pitakone marang Wiwin “ya malah keneng diarani napak tilase wong tuwane sing asale saka nDesa
cedhak watu adoh ratu iki. Lha wong tuwane asmane sapa?”.
“Drs, Agus Supriyanta,
M.Pd.I nembe kemawon Pensiun saking Kantor Kemenag Ngawi, criyosipun Thole
jabatan terakhir Kasi Urusan Haji, napa ngaten? Lha menawi ibunipun kagungan
asma Bu Sri, tutuge sinten Yahya kirang cetha, sak niki ngasta ing Kemenag,
nglenggahi jabatan Kepala salah setunggaling MAN ing Ngawi” wangsulane Wiwin
nekakne kabar sing ditampa saka anake lanang.
“Wadhuh calon besan
sampean ki wong gedhe-gedhe no Bune?” Sudimin takon maneh karo ngguyu “kok
Yahya ki golek bojo ya milih putrane wong luhur ya?”.
“Lha enggih ta Mas?”
Wiwin wangsulan karo mencep “lha nek dereng gedhe nggih dereng gadhah anak,
Panjenengan niku nggih ana-ana wae lho? Sing baku Yahya mpun cocog lan mpun
sreg, rak nggih empun ta?”.
“Iya” wangsulane Sudimin “Kira-kira
Yahya apa ya blaka nek anake Dosen Sastra Jawa apa ora ya?”.
“Botena ngaken ngoten,
calone Yahya nggih mpun ngertos” Wiwin nyethakne sapa satemene calone anake lanang
kuwi “tiyang Arfa sing dipilih Yahya niku rumiyin kuliahe nggih tunggal
sakampus, adhik kelas let tigang tahun, lare kalih niku sami-sami aktif teng
LDK”.
“Ya wis nek ngono, Yahya
ora sah ndadak sampean dhawuhi matur bapake perkara iki, sampean dhawuhi Bapake
wis mathuk ngono. Lan Yahya ya kon ndang matur marang wong tuwane…. sapa mau?”.
“Arfa Khairiyah Mas” Wiwin
nyebut jenenge calon mantune.
“Iya, Yahya sampean
dhawuhi matur marang wong tuwane Arfa,
Bapak karo Ibune wis siaga ing dhiri arep nglamar. Ya ben luwih cetha, Yahya
didhawuhi supaya bares wae, nek Bapake iki biyen ya wong Ngawi, anake Diman
Bandhat lan tau ndherek ngabdi marang Pak Suwaji Kepala SD Negeri Pasopati.
Dadi ben pirsa bibitane Yahya kuwi mung saka wong Pidak Pajarakan, saupama wong
tuwane Arfa ora sarju ing penggalih kagungan mantu sing mung turune wong ndesa,
drajate mung wong ndherek, bisa paring dhawuh marang Yahya nek anggone arep
nglamar ora sah ditutugne. Dene nek panjenengane kuwi ora metung bibite Yahya
kuwi turune sapa, awake dhewe sowan nglamar mrana kuwi ora diarani wong nglamak
lan degsura”.
“Inggih Mas” wangsulane
Wiwin sing banjur menyat arep mlebu omah.
Let seminggu sawise
Sudimin jagongan karo Wiwin neng Teras kuwi mau, karo sarapan esuk neng meja
makan Yahya, matur marang Bapake.
“Sedaya welingipun Bapak
sampun Yahya aturaken dhateng tiyang sepuhipun Arfa, Bapak” ature Yahya
ngati-ati.
“Iya? Klebu bibitanmu
sing mung anake tilas abdine Pak Suwaji barang?” wangsulane Sudimin karo mesem
seneng.
“Inggih sampun, ugi kula
aturaken pisan menawi simbah wedok inggih simbokipun Bapak menika namine
Sudinem padamelanipun ngasag lan buruh-buruh dhateng sabin, malah kula wewahi menawi simbahipun Yahya
inggih tiyang sepuhipun Bapak, menika manggen ing Sumatera ndherek Transmigrasi
napa” wangsulane Yahya “menawi bibit saking Ibu namung kula aturaken bilih
Eyang Kakung Putri menika pangumbara saking nagari manca, lajeng sepuh lan seda
wonten Yogya mriki”.
“Sokur, nek ngono”
wangsulane Sudimin “banjur tumanggape Bapak ibune Arfa piye?” .
“Waunipun Pak Agus
ketingal pripun ngaten” atur wangsulane Yahya karo rada mesem “lajeng Bu Sri
gumujeng nelakaken menawi penggalihipun rena. Bu Sri matur dhateng Pak Agus,
bilih Bu Sri sampun tepang sae kalihan Bapak, ugi sampun apal kalihan asmanipun
Simbah Lanang lan Simbah Wedok, Diman Bandhat kalih Sudinem, ugi asmanipun Lik
Daliyem saha Lik Wagirah napa. Bu Sri ugi ngendika menawi jaman alitanipun ugi
asring dolan ing dalemipun Eyang Suwaji, ngendikanipun jaman rumiyin Bapak
menika pinter nanem utawi damel Jamur Damen ingkang raosipun eca. Bu Sri criyos
menawi Bapak menika wiwit SD nganyos SMP tansah dados Bintang Pelajar………”.
“Mengko dhisik !” Sudimin
nyela rembuge Yahya “asmane Ibune Arfa kuwi jangkepe sapa? Lan ngastane ana
ngendi? Kok wis pirsa Bapak ?”.
“Menawi asma jangkepipun Yahya
boten ngertos Bapak” wangsulane Yahya “ngertos kula nggih namung Bu Sri
makaten, ngastanipun Kepala MAN, tahun ngajeng sampun pensiun. Saderengipun
menika, ngasta Pengawas Pendidikan Agama Islam ing Kemenag Ngawi. Menawi Pak
Agus saderengipun purna ngasta ing Kemenag ugi, Kasie Haji saderengipun menika
ngasta Kasie Pontren”.
“Sri sapa ya?” Sudimin
grenengan dhewe karo ndemok bathuk.
“Lha awakmu kok cepet
temen tekan daleme Pak Agus lho Nang?” Wiwin genti nakoni anake lanang.
“Lha menika kaleresan Bu,
kala Rebo nika Yahya wonten tugas dhateng Pondok Modern Gontor Putri 1 ingkang
manggenipun ing Mantingan Ngawi, lajeng Yahya mampir pisan dhateng dalemipun
Pak Agus ing Perumahan Lawu Indah. Dados kala Rebo menika anggen kula sowan
inggih dipun kancani Mas Jaka Sumarsana ingkang nyetiri mobilipun, kalih Ustadz
Aziz, kanca mucal ing Kampus ingkang ugi
alumnus Pondok Gontor Ponorogo” wangsulane Yahya.
“Lha sawise kowe matur
ngono kuwi mau, dhawuh wangsulane Pak Agus karo Bu Sri piye?” Wiwin takon
maneh.
“Dhawuhipun Pak Agus
dhateng kula, menawi Bapak saha Ibu badhe nglamar Arfa, saged benjing dinten Ahad
ngajeng, welingipun boten sisah ngasta menapa-menapa. Menawi Bapak utawi Ibu
ing dinten kasebat nuju wonten urusan ingkang wigatos, saged Ahad candhakipun
utawi salonggaripun Bapak lan Ibu kemawon, nanging saderengipun kula kapurih
ngaturi pirsa Pak Agus rumiyin” wangsulane Yahya sing banjur matur “Dospundi
Bapak benjing Ahad ngajeng Bapak wonten acara menapa boten?”.
“Lha nek awakmu pancen
wis manteb, Suk Ahad ngarep Bapak ya bisa. Ibune ya bisa ta?” wangsulane
Sudimin karo nakoni sisihane.
“Saged Mas” wangsulane
Wiwin Winarah karo mesem “angkah kula menawi Panjenengan mathuk, benjing mampir
Kedunggalar pisan, Pak Suwaji lan Bu Suwaji dipun aturi ndherek nembungaken Yahya,
murih sansaya kraos sakral lamaranipun. Pripun menawi makaten?”.
“Tak kira kuwi ya luwih becik,
Ibune” wangsulane Sudimin “mung siji sing rada ngganjel neng angen-angenku
wektu iki”.
“Menapa Bapak?” Yahya
matur nyuwun pirsa bapake.
“Calon Maratuwamu wadon
kuwi lho!. Sapa? Kok wis apal karo Bapak?” wangsulane Sudimin mbalik takon.
“O inggih, Bu Sri kala
emben inggih dhawuh makaten : Bapake Mas Yahya mengko rak kejot, nek ora ya
banjur gumun, kok Bu Sri wis wanuh karo panjenengane. Nanging Mas Yahya ora
prelu matur neka-neka, mbesuk nek wis klakon rawuh mrene Pak Profesor Doktor
Sudimin rak kemutan nek tau kagungan kanca Bu Sri iki. Makaten dhawuhipun Bu
Sri dhateng kula, Bapak” Yahya atur wangsulan nyritakne lan nirokne gunemane Calon
Maratuwane marang dheweke.
Sudimin mecucu. Wiwin
Winarah mesem amba, kandhane :
“Nek kula saged nginten-inten
Mas, ning nggih boten kula aturaken sak niki. Timbang mengke jebul panginten
kula klintu, kula rak lajeng lingsem piyambak”.
“Kleru gak apa-apa, sapa
kira-kira?” Sudimin mburu rembug.
“mBoten, benjing Ahad
ngajeng mawon, Mas rak pirsa piyambak” wangsulane Wiwin karo mesem “utawi
menawi ngersakaken pirsa samenika, cobi Mas mundhut pirsa dhateng Pak Drs, Anis
Purwanto, napa Pak Ir, Eko Agus Djoko Susilo, utawi piyantun OOB sanesipun
mangke rak pirsa”.
Sudimin mrengut. Wiwin
karo Yahya mesem amba.
Cuthel.
Telas sinerat ing Gubug
Palereman suksma, Ngarengan Kidul Sepur, Setu Pahing 28 Jumadilakir 1956 Ehe
anyarengi 21 Januari 2023. Sinengkalan : Rasaning maruta manjing bantala
(1956).