43.
Sudimin
mung bisa ndhingkluk amarikelu, apa sing dikandhakne Bapakne, sing jarene mung
wong sing ora pati melek hurup, kuwi krasa kaya sabdaning Begawan Wiyasa nalika
paring pitutur marang Raden Permadi ing jejeran wayang kulit sawuse perang
gagal ngana kae. Semono uga Wiwin Winarah, sanadyan tata gelar sing oleh
wejangan mau sisihane, nanging tumraping Wiwin pitutur sing dikandhakne
maratuwane kuwi uga kanggo dheweke barang lan kudu dibudidaya murih kabeh bisa
dileksanakne kanthi sabener-benere. Pak Bahadir lan Bu Albertina, rumangsa
cocog lan sarujuk banget karo sing dikandhakne Diman Bandhat marang anake
lanang kuwi. Maune kekarone rumangsa eram, ingatase mung Sak Diman Bandhat teka
bisa aweh pitutur sing jero lan amba tebane kaya mangkono kuwi, nanging bareng
dinalar kanthi wening, ya pancen ora mokal lan ora aneh maneh, wong kanyatane
wong desa sing sekolahe mung tekan kelas telu SR kuwi, wong sing wis ngukir
jiwa ragane Sudimin, bocah pinter sing wiwit SD nganti tekan Perguruan Tinggi
mesthi nduweni biji sing luwih becik tinimbang kanca-kanca saangkatane. Dadi
bisa dijupuk dudutan, tata gelar Diman Bandhat kuwi mung wong ndesa, nanging
dhasare ngono kagadhuhan nalar lan rasa sing klebu genius, mung merga nasib wae
sing ndadekne Diman Bandhat ora ana sing ngakoni nek dheweke kuwi sawijining
wong sing klebu cerdik-cendekiawan.
“Tak
kira kanggo wektu iki apa sing dikandhakne Pakmu kuwi wis luwih saka cukup Min”
sawuse meneng sauntara, Pak Suwaji ngendika marang Sudimin “lan pituture Kang
Diman Bandhat iki mau, becik katindakne ora mung dening Sudimin dhewe, nanging kalebu
marang kabeh sing padha ngrungokne. Harak inggih makaten ta Dhimas?”.
“Leres
sanget Kangmas” Pak Bahadir sing dumadakan didumuk Pak Suwaji atur wangsulan
karo rada nggragap, banjur genti paring pitutur marang Wiwin “klebu kanggo kowe
barang Adhik, adhik iki kena diarani wong sing beja kemayangan merga dening
Gusti Allah tinakdirake duwe maratuwa Pakdhe Diman Bandhat lan Budhe Sudinem
iki”.
“Inggih
Bapa, dhawuhipun Pakdhe eh Pak-e kala wau badhe tansah kula emut-emut kangge
rambatan anggen kula kalih Mas mecaki dinten-dinten salajengipun” atur
wangsulane Wiwin.
Sudimin
mesem amba. Atine rumangsa bombong lan lega dene isih ketunggon wong-wong tuwa
sing klebu wicaksana lan uga kaparingan jodho wanita sing pinter nalar lan
atine. Eseme Sudimin sansaya mundhak amba.
“Panjenengan
niku menggalih menapa ta Mas?” Wiwin Winarah sing wis ngadeg ana sandhinge
takon “mosok wiwit wau kok tansah mesam-mesem mawon, ngantos bojone nusul mlebu
kamar ora digatekne blas!”.
“He…?”
Sudimin gragapan, wangsulane “he eh, nggagas urip sing lucu iki lho Bune”.
“Lucu
kados pundi? Menapane ingkang lucu?” Wiwin nguber pitakonan.
“mBuh
apa sing njalari, pas Ibune pamit metu arep ngancani mBok Mi karo mBak Sri
nonton Tivi mau, pikiranku nglambrang tekan ngendi-endi, nitik dalan sing tau
tak liwati wiwit sadurunge mlebu SD nganti tekan mbok terne suntik nang nggone
dokter Sigit banjur mampir nang warunge Kang Mungin mau, kabeh katon cetha”. Wangsulane
Sudimin karo nggeser anggone ngglethak, aweh panggonan marang sisihane.
“Inggih
ta ?” Wiwin mapan neng sisihe sisihane karo guneman “niku tegese panjenengan
mbetahne istirahat Mas, wau Dokter Sigit rak inggih criyos ta? Mas niki boten
kagungan catatan penyakit menapa-menapa, namung kedah pinter-pinter ngatur
wekdal, sampun “memforsir” tenaga lan pikiran terus-terusan kados ingkang
sampun. Sampun, sak niki mangga sare rumiyin, benjing mawon kula tak matur
babagan ingkang langkung wigatos”.
“Perkara
apa kuwi?” Sudimin noleh, genti nyawang sisihane sing wis ngeremne mripate arep
turu.
“Sampun
ta, sak niki sare rumiyin mawon” Wiwin melek maneh banjur wangsulan karo mesem “benjing enjing mawon
kula tak matur, panjenengan tamtu badhe kepencut kalihan ingkang badhe kula
aturaken, amargi ingkang kula aturaken benjing menika langkung mencutaken
katimbang ngemut-emut anggen panjenengan methik Jamur Damen Ing Pinggir Galeng
utawi jagongan kalihan mBak Hartini sing lencir kuning utawi mBak Ninuk ingkang
tregal-tregel nggemesaken nika”.
“Sampean
kuwi senengane kok gawe penasaran wae lho?” Sudimin guneman karo nyiwel irunge
sisihane “ya wis nek ngono, ayo ndang turu dhisik”.
Tangane
Sudimin ngranggeh saklar lampu sing ana sisih ambene, ngganti lampu kamar sing
maune padhang kencar-kencar malih dadi remeng-remeng sing cocog nek dienggo
madhangi wong sing lagi kepengin turu.
Esuke
bubar shalat subuh neng masjid sing ora adoh saka omah, Sudimin karo Wiwin
Winarah bali luwih dhisik. Merga Yahya isih arep aweh kajian marang Remaja
Masjid sing dianakne pendhak dina Ahad esuk. Pancen wiwit Yahya isih cilik
biyen, kulawargane Sudimin kuwi nek wayah ora lunga saka omah, nek nindakne
sembahyang milih melu jama’ah ana masjid, Kanthi mangkono, bisa luwih
ngraketake anggone padha srawung karo tangga teparone. Sudimin sakulawargane
ngrumangsani banget yen merga akehe ayahan sing kudu dirampungne, ndadekne ora
pati bisa ngumpuli tangga, bisane ya nek wayah pertemuan RT kuwi wae mung
pendhak sesasi sepisan, tur durung karuwan Sudimin bisa teka merga kudu
nindakne tugas saka kampuse. Ya mung kanthi nindakne sembahyang berjama’ah neng
masjid ngono kuwi kulawargane Sudimin bisa kepethuk saka sebagian tangga-tanggane.
“Mas
sampun pirsa menapa dereng menawi Pak Puguh, Marbot masjid nika badhe kagungan
kersa mantu?” karo mlaku mulih, Wiwin nakoni sisihane. Lagi wae lakune wong
loro kuwi dilancangi wong lanang sing numpak pit, karo alok ndherek langkung.,
ya wong lanang kuwi sing jeneg Puguh, Marbot Masjid.
“Uwis,
aku dhek emben kae gajege ya wis kandha nyang sampean ta?” wangsulane Sudimin
mbalik takon.
“Dhek
napa ta Mas? Kula kok supe” Wiwin takon maneh.
“Pas
aku kandha nek amplop saka Bandung ora tak wenehne sampean kae lho? Kae rak
merga tak caosne Pak Puguh? Ya idhep-idhep mbantu bot-repote tangga lan kanca,
wong sampean ya ngerti dhewe panguripane Kulawargane Pak Puguh ki ya mung ngana
kae, mula sanadyan jarene olehe arep mantu kuwi mung climen, nanging wong ya
jenenge duwe gawe mantu, panggah mbutuhake redana sing ora sethithik” Sudimin
nggenahne olehe wis ngandhani Wiwin nek Pak Puguh arep duwe gawe mantu.
“Oo,
inggih, inggih” Wiwin lagi kelingan “lha kala emben nika kula wastani nek dede
Pak Puguh Marbot kok, Mas rak dhawuh Pak Puguh sing gawene resik-resik? Nggih kula
kinten nek Pak Puguh sanese”.
Lakune
Sudimin lan Wiwin wis tekan omah. Sudimin ndhisiki munggah, ora bablas mlebu,
nanging malah mapan lungguh neng kursi teras. Wiwin uga banjur melu-melu
lungguh neng kono.
“Jilu
lusan niku tembung napa ta Mas?” dumadakan Wiwin takon maneh, ora ana sambunge
karo sing lagi wae diomong karo mlaku mau.
“Lha
sampean ki sing wong Sastra Jawa kok malah takon aku bab Jilulusan? Kuwi rak
basa jawa” ora mangsuli pitakone bojone, Sudimin malah mbalekne pitakone Wiwin.
“Mosok
Jilulusan niku basa Jawi Mas? Kula kok nembe niki mireng?” Wiwin nekad takon.
“Iya,
kuwi gandhenge karo wong arep jejodhowan utawa arep besanan” wasana Sudimin
gelem aweh wangsulan “Jilulusan kuwi cekakan saka Siji Telu Telu Kapisan, kuwi
sok ana wong Jawa sing nyingkiri, ya iku njodhokne anak nomer siji utawa pambarep
oleh bocah sing nomer telu lan kosok baline anak nomer telu karo anak sing
lahir kapisan, nanging kuwi jaman biyen. Ana apa ta kok nakokne Jilulusan
barang ki?”.
“Lha
menawi Mas nyingkiri Jilulusan niku napa boten?” Wiwin durung mangsuli pitakone
Sudimin, nanging malah takon maneh.
“Lha
nek aku ya ora” Sudimin ngalahi aweh wangsulan luwih dhisik banjur takon “ana
apa jane?”.
“Alhamdulillah”
Wiwin semaur “jan-jane rak makaten ta Mas, putrane panjenengan Yahya niku kala
emben rak matur dhateng kula, Yahya sampun kepengin rabi Mas”.
“Ya
sokur alhamdulillah ta neh?” Sudimin munggel rembuge sisishane “kuwi ta sing
jare arep sampean kandhakne mau bengi kae?”.
“He
he he inggih Mas” wangsulane Wiwin karo ngguyu “nanging Yahya badhe matur Mas
niku tidha-tidha, awit ingkang badhe dipun rabi Yahya niku anak nomer tiga,
ragil pisan. Lha tiyang sepuhipun lare kala wau nyriyosi putrane, nek tiyang
Jawi niku wonten ingkang nyiriki Jilulusan, sanaosa tiyang sepuhipun lare estrin
kala wau boten. Kuwatosipun mangke menawi jebul awakipun piyambak, inggih
tiyang sepuhipun Yahya taksih nyiriki Jilulusan menika, Pramila saderengipun
kelajeng , lare estri niku criyos dhateng Yahya makaten menika kala wau”.
“O
ngono ?” Sudimin lagi mudheng sing dikarepne Wiwin “saiki wis cetha nek awake
dhewe ora nyiriki Jilulusan, nek miturut Yahya sing arep dirabi kuwi bocah sing
becik akhlake awake dhewe ya kudu nyengkuyung lan ngrojongi karepe si anak.
Bocah ngendi ta kuwi? Jarene Yahya jenenge sapa?”.
“Lare
Ngawi, Mas” wangsulane Wiwin “alamate Perumahan Lawu Indah Ngawi, naminipun Arfa
Khairiyah”.
“Omahe
Ngawi?” Sudimin takon semu rada kaget.
“Inggih,
Ngawi Kota Mas, sanes Kedunggalar” wangsulane Wiwin karo mesem.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar