Nalika Pak
Suwaji lan Diman Bandhat karo bojone lagi jagongan kuwi, Sudimin nusul munggah
ditutne Wiwin sing lagi wae sah dadi sisihane, dadi bocah loro kuwi ya sithik-sithik
melu krungu apa sing dingendikakne Pak Suwaji apa dene dikandhakne Diman
Bandhat lan Sudinem.
“Lho iki manten
anyar kok ora enggal mlebu kamar ta?” Bu Suwaji alok karo mesem nalika pirsa
Sudimin karo Wiwin mapan lungguh melu jagongan neng klasa “kok malah arep melu
jagongan wong tuwa-tuwa?”.
“Taksih
kepengin ngangsu kawruh dhateng para sepuh rumiyin Ibu” sing wangsulan Wiwin
karo mesem semu isin.
“Lha wong iki
wong tuwa lagi padha umuk-umukan omong klobot kok, dudu Pengajian” Pak Suwaji
genti sing ngendika karo ngguyu.
“Criyosipun
Dhik Wiwin, priyantun sepuh menika menawi ngendikan kathah ngemu suraos pitutur
lampahing gesang Bapak, mila lajeng ngajak kula ndherek nusul mriki” atur
wangsulane Sudimin.
“Pancen bener
apa sing dikandhakne Gendhuk Wiwin kuwi Le” Diman Bandhat melu guneman “nek
wong tuwa kaya Pak Mantri utawa Bu Mantri pancen nek ngendika ngemu pitutur
sing becik, beda karo Pakmu utawa mBokmu sing cupet kawruhe iki, dadi malah sok
omongane nggladrah ora genah”.
“Ya ora ngono”
Pak Suwaji nyela rembug “merga satemene pitutur becik iku ora mesthi metu saka wong
sing jarene jembar kaweruhe wae, nanging ora arang wong sing ngrumangsani duwe
kaweruh cupet, kuwi sok nyimpen kaweruh sing dibutuhne lan digoleki wong akeh,
nanging padha ora nemokne merga sing duwe kaweruh padha ora dianggep”.
“Iki mau rak
lagi ngrasani kowe ta Le” Sudinem sing lungguhe dijejeri Wiwin kuwi melu
guneman marang anake lanang.
“Ngraosi menapa
Budhe?” Wiwin semlonong takon.
“He… nek nyeluk
aja Budhe nDhuk” Diman Bandhat ngandhani Wiwin “merga wiwit mau wis dadi
mBokmu, dadi awakmu nek nyeluk ya “mbok” aja Budhe!”.
“Inggih,
kesupen Pakdhe, eh Pak-e” Wiwin semaur karo ngguyu.
“Ngrasani olehe
bisa kaya saiki iki lho nDhuk” Sudinem nutugne olehe mangsuli pitakone Wiwin “merga
biyen kuwi ora ana sing ngira, malah mBokmu karo Pakmu iki ngimpi wae ora wani
nek Sudimin bisa kaya saiki iki. Wong biyen upama ora dikukup lan diramut Pak
Mantri karo Bu Mantri ngono, Sudimin ya mesthi dadi gedibal sangalikur sing ora
ana sing nganggep, merga bodho lan mlarat. Dadi Sudimin kuwi kudu tansah eling,
kabecikan-kabecikan sing diparingne Pak Mantri karo Bu Mantri marang dheweke
kuwi ora bisa ditaker saking akehe”.
“Iya mBok”
Sudimin aweh wangsulan “aku ngerti kabeh kuwi, Bapak karo Ibu kuwi ora mung
bendara sing tak dhereki lan tak nunuti urip wae, nanging malah kepara wis dadi
wong tuwaku dhewe sing peparinge ora bakal bisa tak bales nganggo apa wae,
bisaku ya mung tansah bekti marang Bapak lan Ibu, kaya dene bektiku marang
Pak-e karo mBok-e”.
“Nanging awakmu
ya kudu ngelingi Min” Pak Suwaji melu ngendika “merga awakmu gelem ndherek Bapak
ing dalem kana kae, ndadekne Bapak lan Ibumu
ora karepotan ngrampungne pagaweyan, meh kabeh pagaweyan sing ana mbok
tandangi kanthi iklas lan asile becik, kajaba saka kuwi nek mung ndherek Bapak
lan Ibu wae, awakmu mesthi ya ora bisa kaya saiki iki, aja maneh kok nganti
bisa sekolah menyang Luwar Negeri? Jeneh kowe kepengin nutugne sekolah menyang
SMA wae, Bapak lan Ibu ya ora kuwawa aweh pambiyantu. Dadi upama ora ana Bapak
lan Ibune Ning Wiwin, paling-paling kowe ya mung bisa dadi Buruh Pabrik sing pangkate
tukang usung-usung barang. Dadi kabecikan sing saka Bapak karo Ibumu marang
awakmu kuwi mung kaya banyu sing nyiprat kena awakmu wae, sing nyata-nyata
gedhe lelabuhane marang awakmu kuwi ya Pak Bahadir karo Bu Albertina, sing wis
dadi kajaba wong tuwamu angkat ya dadi maratuwamu”.
“mBok sampun
sanget-sanget anggenipun paring dhawuh ta Kangmas” ora ngerti sangkan parane
jebul Pak Bahadir lan Bu Albertina wis melu lenggahan ana klasa sing digelar
neng jogan lantai dhuwur kuwi, sing tumuli nyaut ngendikane Pak Suwaji.
Wong-wong sing
lagi padha katrem anggone jagongan padha kaget, lagi krasa yen sing kagungan
dalem wis nusul melu jagongan.
“Ingkang kula
aturaken niki wau mila kasunyatanipun lho Dhimas?” Pak Suwaji paring wangsulan
marang Pak Bahadir, sawuse pirsa lan krasa yen Pak Bahadir jebul wis ana kono lan
melu ngendika “cobi upami rumiyin Dhimas boten tedhak ing gubug kula? Harak Dhimas
menapa dene keng rayi tuwin anak kula pun Wiwin, boten badhe tepang kalih kula
ta? Lan mesthi kemawon boten badhe kepanggih kalihan Sudimin ingkang lajeng
Dhimas kukub lan ramut kados dene putra piyambak menika?”.
“mBok menawi
sadaya menika ingkang winastan kodrating jagad Kangmas” Bu Albertina genti sing
ngendika “mila sampun kaserat ing garising gesangipun menawi Mas Sudimin menika
kedah nglampahi gesang ingkang kados makaten lampahipun. Kawiwitan miyos saking
guwa garbanipun Budhe Sudinem, dipun emong dipun sesepi, dipun openi ngantos dados
lare demolan, saged makaten menika inggih awit saking katresnanipun Pakdhe
Diman Bandhat ingkang boten ngreken wonten bledheg sesautan panggah bidhal
madosaken ingkang dipun betahaken putra-putranipun kalebet Mas Sudimin menika.
Lajeng gentos Kangmas tuwin mBakyu kanthi rila legawaning penggalih kepareng
ngukub Mas Sudimin temah saged sekolah ing SMP lan Ngaji ing Langgaripun Kyai
Wahid, ngantos lulus. Namung dhapur kaleresan kemawon kula lan Pak Bahadir
sumerep wonten bebakalan sae, lajeng kepengin ndherek andhaku, wekasan
kasembadan matur nembung dhateng Kangmas lan mBakyu saha dhateng Pakdhe Diman
lan Budhe Sudinem, lan kula tuwin Pak Bahadir tuhu ngaturaken genging panuwun
dene Kangmas tuwin mBakyu Suwaji miwah Pakdhe Diman tuwin Budhe Sudinem, ingkang
sampun ngeparengaken Pak Bahadir miwah kula ndherek andhaku Mas Sudimin dados
anak”.
Rumangsa
trenyuh lan sansaya kelem rasaning atine Sudimin krungu rembugane para priyayi
sepuh kuwi. Wiwit wong tuwane dhewe, banjur Pak Suwaji lan Bu Suwaji, sarta sing
pungkasan Pak Bahdir lan Bu Albertina, wong tuwa angkat ngramgkep maratuwane,
kabeh ora ana sing ndhaku “paling
berjasa” marang dheweke. Malah kepara padha ngalembana marang siji lan sijine.
Sudimin rumangsa kasoran adoh durung paja-paja bisa madhani luhuring bebudene
wong-wong sing diaku minangka wong tuwane dhewe kuwi. Ana rasa mrekitik ing atine
Sudimin, saiba mulya rasane nek bisa niru lekase wong tuwa-tuwa kuwi nganti
bisa madhani luwih-luwih bisa ngungkuli
duwe bebebuden kang luwih luhur tinimbang wong-wong tuwane kuwi.
“Aku kudu bisa!”
dumadakan ora krasa, tembung kuwi mencolot saka lambene Sudimin kanthi suwara
sing rada sora.
“Bisa menapa
Mas?” Wiwin sing melu krungu panglocitaning bojone kanthi cepet takon.
“Bisa dadi anak
sing bekti marang wong tuwa, wiwit Pak-e, mBoke, Bapak, Ibu, Bapa sarta Biyung
sing kabeh wis ngruntuhake sejatining katresnan marang aku, tresna tulus ing
lair tumekeng batin, tresna sing tanpa karana, kaya dene tresnaku marang
sliramu lan tresnamu marang Mas” wangsulane Sudimin alon.
“Saiki ngene ya
Le” genti Diman Bandhat sing guneman maneh “lan nuwun sewu Pak Mantri, Bu
Mantri, Pak Bahadir lan Bu Albertina, kula ajeng ngandhani ingkang putra
Sudimin, mbok menawi mangke wonten ingkang boten pas, tulung samia kersa
ngleresaken”.
“Inggih mangga
Pakdhe”
“Iya Kang,
mangga”.
“Ngene lho le” Diman
Bandhat miwiti pituture “mesthine kowe ya duwe pepenginan bisa mbales budi
marang kabeh sing wis nuntun lakumu nganti kaya saiki lan mbok menawa mengkone
bakal luwih becik maneh. Ngertia ya? Aku percaya mbok menawa kowe mbesuk bisa
dadi wong sing mukti wibawa, sinung bandha sinung pangkat, sinung pakurmatan,
Bapak lan Ibumu apa dene Bapa lan Biyungmu, uga Pakmu karo mBokmu ora
ngarep-arep sembulih rupa bandha donya saka kowe, merga apa? Bapak lan Ibumu
apa dene Bapa lan Biyungmu wis ora kurang enthong lan ora kurang irus maneh
paribasane, Aku, Pakmu lan mBokmu ya wis rumangsa cukup, sanadyan mung barang
wewehan saka negara, Pakmu lan mBokmu ya wis duwe tegal sing kena dienggo sangu
nglakoni urip, adhi-adhimu loro ya wis mentas kabeh, kabeh ya padha wis duwe
kebon lan Garapan dhewe-dhewe sing cukup kanggo urip lan nyekolahne anak-anake
mbesuk. Mula aku mung meling marang kowe, ngelingana lan mangertenana, sak
rekasa-rekasaning ati kuwi ora ana sing ngungkuli rekasaning atine wong mlarat
sing lagi kesrakat lan wong bodho sing kepengin suda bodhone nanging ora kuwawa
ngliwati dalane. Mula yen mbesuk kowe wis bisa urip cukup, aja dhemen ngeremne
mripat, sawangen kiwa tengenmu. Aja abot tanganmu ngulungne pambiyantu marang
wong sing lagi kesrakat, aja ngeman tenaga lan bandhamu kanggo aweh pitulungan
marang wong sing kepengin ngangsu kaweruh murih suda bodhone. Lan kang luwih
wigati maneh, aja pisan-pisan kowe nglalekne sanadyan mung sagebyaring
that-thit suwene, kabeh kang kamulyan sing ana kuwi dudu merga saka
pambudidayamu dhewe, nanging kabeh amung saka sih wilase Gusti Sing Maha Welas.
Dadi aja kowe pisan-pisan nglalekne manembah marang Pangeran, ngunjukne rasa
sukur lan panuwun kanthi nuhoni dhawuh-dhawuhE, klebu nyebar kabecikan marang
kabeh umat manungsa kanthi adil, ora kena mbedak-mbedakne pangkat, drajat,
kaduwen, suku kalebu agamane. Tak kira kuwi dhisik pituturku marang kowe, mbok
menawa isih akeh kurange mengko Bapak lan Ibumu sarta Bapa lan Biyungmu sing
bakal nambahi”
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar