41.
Sepisan
engkas, Sudimin lagi bisa mbatang apa tutuge tembung sing diucapake dening
adhine angkat sing kepunggel, jaman Biyunge dhawuh nek dheweke arep diajak
nemoni wong tuwane neng Sumatera biyen. Sudimin dhewe satemene uga ngrasakne,
sanadyan akeh kanca lan tepungan bocah wadon sing ing pasrawungan katon padha
kepengin cedhak karo dheweke, nanging sing dirasakne Sudimin bocah-bocah wadon
kanca lan tepungane kuwi ora tulus nggone cedhak karo dheweke, beda karo Wiwin
Winarah sing katresnane bisa dirasakne tresna lahir trusing batin. Mula akeh
ing jagad iki wong sing kandha jarene tresna marang wong liya, nanging sejatine
kuwi goroh. Katresnane kang mung dadi kudhung kanggo nutupi pamrih kanggo dhiri
pribadine. Katresnan kang mangkono iku kaya dene jamaking wong dol tinuku neng
pasar, kaya bakul karo wong blanja. Siji lan sijine padha dene olehe golek
bathi. Katresnan kang mangkono iku nyata nduweni sarat sing kudu bisa nekakne
bathi kanggo sing jarene anresnani. Sawayah-wayah sarat kuwi ora diwujudi utawa
prei olehe mujudi, rasa sing jarene tresna kuwi kanthi gampang bisa malih dadi
rasa gething. Beda karo katresnane Wiwin Winarah marang dheweke sing wis rada
suwe dirasakne, Wiwin Winarah ora tresna marang awake dhewe, nanging
temen-temen akeh rasa tresnane marang dheweke. Lan Sudimin mula uga kepengin
nimbangi, males kabecikaning katresnane Wiwin sing tuhu tulus lan suci. Iku
wujuding katresnane Sudimin sing temen tresna tulus sing ora mung merga nuruti
hawa lan napsune. Tresna kang tulus ora ngudokne sing ditresnani mbales
katresnane, ora ngudokne sing ditresnani nuruti pangajak hawa napsune, dadi uga
ora ngudokne Wiwin dadi sisihane. Arepa dadi sisihane sapa wae, katresnane
Sudimin marang Wiwin ora bakal luntur, jalaran pancen Sudimin ora merga
katuntun hawa napsune anggone tresna marang adhik angkate kuwi, iya wujude hawa
napsu apa wae, mligine napsu kang gegayutan karo sengseme rasa priya marang wanita.
“Lha
Awakmu piye Mas?” bareng wis rada suwe kahanan tintrim sawuse Wiwin ngaturne
isen-isening atine marang Bapa lan Biyunge, Pak Bahadir genti nakoni Sudimin
sing lagi katrem karo angen-angene sing nglambrang tekan ngendi-endi.
“Inggih
Bapa?” rada gragapan Sudimin atur wangsulan “sanadyan boten sami kalih raosing
manahipun Adhik, nanging saestu kula ugi tresna dhateng Dhik Wiwin, tresna kula
dhateng Dhik Wiwin menika dede napsu ingkang kekemul tembung tresna Bapa,
nanging tresna tulus lahir trusing batos”.
“Inggih
Bapa, kula ugi saged ngraosaken ingkang dipun aturaken Mas menika” Wiwin
numpangi rembug, mbok menawa ketang rasa senenging atine dene jebul Mase angkat
kuwi duwe rasa kang padha karo rasane.
“Yen
pancen mangkono” genti Bu Albertina sing ngendika “minangka wong tuwa sing uga
tau ngalami dadi nom, Biyung apa dene Bapa bisa nyengkuyung apa sing padha
dirasakne Mas karo Adhik iki. Mung wae, awake dhewe iki kabeh mung sipating titah
sing ora sepi saka lali lan luput. Sanadyan rasa tresna sing ana atine Mas lan
Adhik kuwi temen-temen katresnan kang suci, nanging dhawuhing Gusti sing kamot
sajroning Kitab Suci nyebutake yen anak putune Iblis kuwi nyata baud mbebujuk
hawa napsu sing cumondhok ing atine para Trah Adam, iya apa ora?”.
“Mila
leres ingkang dipun dhawuhaken Biyung menika” sing luwih dhisik atur wangsulan
Sudimin “inggih awit saking menika, keng putra nyuwun dhawuh menapa ingkang
kedah kula lampahi murih boten kelajeng mbikak margi kangge setan mlebeti ing
manah kula”.
“Bagus”
Pak Bahdir ngendika karo mesem, katon yen penggalihe lega “yen mangkono, becike
ati sing wis nyawiji antarane Mas karo Adhik iki enggal tumuli dikepyakne murih
dingerteni tangga kiwa tengen kene, iya manut karo laku piwulanging agama sarta
jumbuh karo paugeraning nagara. Ya nek bisa sadurunge Mas pangkat menyang negarane
Paman Sam kuwi”.
“Inggih
Bapa, kula namung saged ndherek Bapa murih saenipun, kados pundi” sing
wangsulan dhisik genti Wiwin Winarah.
“Yen
mangkono” Bu Albertina tumuli paring dhawuh “murih rancage laku, saiki ayo
padha andum gawe. Sesuk Bapa tak suwun tindak menyang Kalurahan nyuwun pituduh
marang punggawa Kalurahan yen arep duwe gawe mantu. Biyung karo Wiwin, budhal
menyang Ngawi matur marang Pak Suwaji yen putra momongane, bakal diijabne.
Banjur sing pungkasan, Mas kudu budhal menyang Sumatera matur lan mbedhol Pakde
lan Budhe Diman sarta Gendhuk Wagirah karo Gendhuk Daliyem menyang dalem kene, saprelu
nunggoni lan mangestoni olehe Mas karo Adhik ijaban. Piye?”.
“Kula
ingkang ndherek Biyung dhateng Ngawi?” Wiwin nyuwun pirsa “menapa boten saenipun,
kula ngancani Mas murugi Pakdhe lan Budhe Diman mawon?”.
“Ora!”
Bu Albertina paring wangsulan “lelungan nganti tekan Ngawi ngene iki, Biyung
mbutuhne kanca sing kena diajak omong-omongan neng dalan. Nek Adhik kepengin ngancani
Mas, suk emben wae nek karo ndherekne kundur Pakdhe Diman, sawise rampung ijaban,
dadi Mas karo Adhik wis kaiket talining urip salakirabi”.
“Inggih
Biyung” Sudimin genti sing atur wangsulan “kula ndherek kersanipun Biyung”.
Rembugan
neng Ruang Tamu sing wekasane malih dadi Rapat Kulawarga kuwi wis rampung
kanthi asil sing gawe senenge kabeh isine omah. Let sepuluh dina saka anggone
padha rembugan, daleme Pak Bahadir dadi reja. Plataran omah sing jembar kuwi
dipasangi tarub. Tangga teparo sing manggon ing sakiwa tengene padha teka kabeh,
nuhoni ulemane Kulawarga Bahadir. Pancen sing diulemi ya mung tangga teparo
limang RT, ditambah Pak Lurah lan punggawa Kantor Kalurahan. Pak Suwaji lan Bu
Suwaji wis wiwit wingi rawuh ing kono, tindake saka Kedunggalar nitih
kendharaan sing disupiri Mas Jadmika sopire Pak Bahadir sing oleh jejibahan
mapag Pak Suwaji lan Bu Suwaji lan ndherekne kundur sesuk sawise nenggani olehe
ijaban Sudimin lan Wiwin Winarah lan kangen-kangenan karo Kulawargane Pak
Bahadir. Diman Bandhat jangkep sak bojo, anak, mantu lan putune, brungkat
kimpul budhal kabeh bareng karo lakune Sudimin, wis luwih saka sepasar anggone
padha teka lan nginep ing daleme Pak Bahadir kono.
Adicara
prasaja sing diwiwiti wiwit bubar sembahyang Isyak kuwi lumaku kanthi rancag,
jumbuh karo sing dipengini dening sing kagungan kersa. Pak Kepala KUA sawise
rampung nindakne kuwajibane minangka Pencatat Nikah pamitan luwih dhisik, merga
isih ana jejibahan kang padha ing papan liya. Para tamu liyane, padha katungkul
lan kasengsem marang lakuning adicara candhake. Diwiwiti Pambuka, banjur Pak Bahadir
ngaturake Pambagya Rahayu marang para tamu sarta atur panuwun awit pambiyantune
para sanak kadang kabeh, ora kelalen pak Bahadir uga nyuwunake pangestu marang
putra-putrane sing lagi wae diijabne, uga mamitake Sudimin sing sanadyan lagi
wae dadi manten nanging kanggo sauntara kudu pisah panggonan karo bojone, merga
kudu nindakne wajib ngangsu kaweruh neng negara manca. Para tamu sing lagi
padha ngerti nek Sudimin saiki arep budhal kuliah menyang Amerika, padha eram.
Merga katone ora pati ndayani jebul Sudimin nggembol kaluwihan sing
ngedab-edabi. Mula banjur padha alok grenengan dhewe-dhewe :
“Ya
lumrah wong pinter kuwi bisa disawang saka lagak lagon lageyan saben dinane,
Mas Sudimin putra angkate Pak Bahadir sing saiki wis dadi mantune kuwi, pancen priyayine
sopan, tur ora gumedhe, asring kumpul karo nom-noman lan aweh bimbingan bocah
sinoman kene, ya sregep ngibadah, nek maca Al-Qur;an kepenak dirungokne. Dadi
ya lumrah wae nek banjur bisa sinau menyang Luwar Negeri, wong pancen dhasare
bocah nom sing pinter ning ora keminter”.
Wong
liyane uga padha ngalembana marang Sudimin dhewe-dhewe.
Watara
Jam sanga bengi, adicara wis rampung. Para tamu padha kundur ing daleme
dhewe-dhewe, karo nggawa warta sing bakal didadekne bebakal kandha nek lagi
dhong jagongan utawa kepethuk karo kanca lan tangga. Pak Suwaji lan Bu Suwajil,
ora banjur mapan sare nanging isih merlokne jagongan karo Diman Bandhat lan
Sudinem, neng lantai dhuwur. Nggelar klasa kaya jaman padha jagongan neng omahe
Diman Bandhat sadurunge budhal Transmigrasi biyen.
“Ya
iki sing diarani Tunggak Jarak Mrajak ngana kae Kang Diman” ngendikane Pak
Suwaji marang Diman Bandhat sing lungguh sila ing ngersane Pak Suwaji dijejeri
Sudinem, bojone.
“Menika
tegesipun pripun Pak Mantri?” Diman Bandhat semaur, karo takon.
“Ora
kok aku rumangsa luwih dhuwur drajate timbang drajatmu ya?” Pak Suwaji paring
wangsulan “aran ora pati nggumunake nalika anakku loro kae uga bisa sinau tekan
Eropa. Merga upama disanepakne kayu ngono aku iki klebu kayu sing gedhe, jero
oyote. Beda karo kowe sing upama wit ya wit jarak, sing lumrah oyode cethek. Mula
bares wae, upama sampean biyen kandha marang wong-wong tanggane dhewe nek sampean
kepengin anakmu lanang bisa kuliah menyang Luwar Negeri, wong-wong mesthi padha
ngguyu, ngguyu ngece. Iya apa ora?”.
“Lha
nggih sampun cetha ta Pak Mantri” wangsulane Diman Bandhat karo mesem “sampun
malih kok namine sekolah dugi Gajah Mada? Lha tiyang malah wonten sing
njampangi, Dimin saged sekolah ngantos lulus SD Pasopati mawon, criyose nglengkara”.
“Malah
rumiyin kula meh kemawon, nyarujuki Sudimin medal anggenipun sekolah lajeng
berah Ngongon Maesa” Sudinem melu amul rembug kelingan jaman Sudimin isih cilik
biyen “tujunipun Pakne niku kukuh lan Pak Mantri kanthi legawa kepareng ngukup
sarta ngramut Thole. Dados upami boten wonten sih kawlasan saking Pak Mantri
Guru, estu nglengkara Sudimin saged dados lare ingkang kados makaten menika”.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar