Total Tayangan Halaman

Selasa, 17 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (040)


 

40.

Dina Senin esuk, Pak Bahadir sakulawarga kalebu Sudimin sing wis temen-temen dadi anak angkate Pak Bahadir lan Bu Albertina merga wis ditembung lan dililani dening Diman Bandhat lan Sudinem, pamitan arep bali menyang Yogya. Sudimin uga kandha marang wong tuwa lan adhi-adhine nek mbesuk-mbesuk ana wektu longgar bakal ngelangake kanggo tilik menyang omah pemukiman kaum transmigrant kuwi.  Nalika Sudimin, Wiwin Winarah, Daliyem karo Wagirah lagi padha katrem anggone omong-omongan, Pak Bahadir ngajak Bu Albertina lan Diman Bandhat karo Sudinem, golek panggonan rada adoh. Ana rembug saka Pak Bahadir lan Bu Albertina sing arep dikandhakne mligi kanggo Diman Bandhat lan Sudinem. Sudimin sing satemene ya weruh sarta krungu nek wong tuwane angkat arep ngajak rembugan pribadi karo wong tuwane sing aseli, ora guneman apa-apa. Mung ana tandha pitakon sing tuwuh ana sajroning atine, Bapa lan Biyung arep ngendikan apa karo Pak-e lan mBok-e?.

 

Ora suwe olehe padha jagongan, taksi sewan sing wis dipesen supaya mapag wayah disewa saka Bandara kae wis teka. Sudimin gita-gita olehe banjur ngaturi wong tuwane angkat nek taksine wis teka.

 

“Inggih bakenipun kula kalih mbokne niki kantun ndherek menapa ingkang Pak Bahadir dhawuhne wau” isih ana sisa suwarane Diman Bandhat sing dirungu Sudimin nalika dheweke nyedhaki papan anggone jagongan wong tuwane kuwi.

 

“Inggih Matur nuwun Pakdhe Diman” wangsulan saka Bu Albertina iya isih kober dirungokne Sudimin sing ora ngerti bongkot pucuke sing lagi wae dirembug “nanging lare-lare sampun diparingi ngertos rumiyin, benjing mawon nek wancine sampun nyaketi”

 

“Inggih Bu”

 

“Nyuwun pangapunten Biyung kalihan Bapa, Pake lan mBoke” isih saka rada kadohan Sudimin matur “anu, taksi ingkang dipun pesen kala wingenane nika sampun dugi”.

 

“Ya kabeneran nek ngono, saiki ayo gek ndang budhal wae, timbang mengko kumrungsung ana dalan” wangsulane Pak Bahadir karo ngadeg “Pesawate mengko rak jam setengah loro ta? Dadi isih ana wektu rada longgar kanggo leren neng Bandara”

 

“Sampun inggih Pakdhe lan Budhe, kula sakulawarga nyuwun pamit, wangsul. nyuwun pangestu mugi-mugi kaparingan slamet”  Bu Albertina pamitan karo nyalami Diman Bandhat lan Sudinem banjur diterokne Pak Bahadir.

 

Olehe nguntapne dhayoh-dhayohe, Diman Bandhat sanak bojone nganti tekan ratan, papan kanggo parkire mobil taksi sewan kuwi, lagi bali mlebu omah maneh sawuse mobile ora katon maneh merga menggok neng dalan prapatan sing tumuju menyang kutha.

 

Sawuse tekan omah Yogya maneh, kulawargane Pak Bahadir lan Bu Albertina ya mbalik kaya dina-dina sadurunge menyang Sumatera. Lire ya lumrah wae, Sudimin sing satemene pengin ngerti apa sing dirembug wong tuwane pas arep budhal mulih kae, ya ora wani matur nyuwun pirsa marang wong tuwane angkat. Nek Wiwin Winarah, pancen ora ngerti lan ora nggagas blas nek wong tuwane rembugan karo Diman bandhat lan Sudinem. Nganti pirang-pirang dina, Sudimin nyoba mbadhe-mbadhe apa isine rembugane wong tuwane kuwi, nanging panggah ora bisa nemokne jawabane. Nganti suwe-suwe Sudimin lali, merga ketutup karo akehe ayahan sing kudu dirampungne.

 

Dina terus mlaku, wektu sansaya adoh ninggalne dina kawuri. Wiwin sing duwe gegayuhan utawa cita-cita kepengin dadi Guru kuwi wis ketampa kuliah neng IKIP. Nunggak semi karo wong tuwane, sing dipilih Wiwin neng kampuse yaiku Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Sudimin dhewe ya wis rampung olehe nempuh S1, lulus tur oleh pangalembana, paling cepet anggone nempuh kuliah lan paling dhuwur IP ne. Awit saka rerigene para Dosen-dosene, Sudimin malah banjur ditarik mlebu, dipercaya melu mikuwati fakultase, kanthi dadi Dosen neng kampus kono. Ora mung kuwi kanugrahan sing ditampa dening Sudimin, sawise sinengkakne dadi Dosen, durung nganti kober mulang wis oleh kanugrahan kuliah menyang njaban rangkah, ya iku menyang San Fransisco State University kanggo nempuh S2.

 

Sing rumangsa seneng amarga Sudimin oleh kanugrahan ngono kuwi, ora mung Sudimin dhewe nanging uga wong saomah, Pak Bahadir, Bu Albertina sarta Wiwin Winarah. Pak Suwaji sing ana Kedunggalar uga dicaosi pirsa, Panjenengane uga rumaos rena penggalihe, semono uga Bu Suwaji. Nanging anggone atur kabar marang tilas Bendarane kuwi, Sudimin uga karo meling supaya kabar bab kuwi aja diwarak-warakne marang tangga teparone luwih-luwih marang tilas kanca-kancane jaman sinau neng SMP Kebangsaan biyen. Pak Suwaji uga nayogyani sing dadi ature Sudimin kuwi. Wong Tuwane Sudimin sing ana Sumatera, sing ora pati mudheng babagan kuliah, ya melu seneng, semono uga adhi-adhine sing saiki wis padha dirabekne kabeh. Mula welinge Diman Bandhat karo Sudinem marang anake lanang kuwi, aja kedlarung-dlarung mung mikir olehe sekolah wae, nanging yak on mikir supaya enggal omah-omah.

 

“Mas karo adhik” dhawuhe Bu Albertina marang Sudimin lan Wiwin Winarah, ing sawijining wengi nalika padha bebarengan nindakne dhahar wengi “mengko nek wis rampung olehe padha mangan, Biyung karo Bapa ngersakne rembugan sithik karo Mas lan Adhik neng ruang tamu kana”.

 

“Inggih Biyung” wangsulane Sudimin lan Wiwin Winarah meh bareng.

 

Wektu kuwi olehe budhal Sudimin menyang Amerika kari kurang telulikur dina maneh.

 

“Iki wigati tenan Mas lan Dhik” Pak Bahadir wiwit ngendika sawise bocah loro lungguh ngadhep Bapa karo Biyunge neng ruang tamu “ora nganti sesasi maneh Mas rak arep budhal menyang Amerika ta?”

 

“Inggih Bapa” wangsulane Sudimin.

 

“Bapa karo Biyung banget nyengkuyung marang Mas sing arep nutugne sinaune lan nambahi ngelmu sarta kawruhe iki. Nanging sadurunge Mas budhal, Bapa arep ngandhakne apa sing wis dadi pasarujukan antarane Bapa lan Biyung karo Pak Diman lan Bu Sudinem jaman semana”.

 

Wiwin mung meneng wae, durung nyandhak karo apa sing dingendikane wong tuwane lanang kuwi. Beda karo Sudimin, sing banjur kelingan jaman tilik wong tuwane neng Sumatera biyen. Mula Sudimin ya banjur nata ati kepengin enggal krungu apa sing arep didhawuhne Pak Bahadir kuwi, dhawuh sing wis pirang-pirang tahun dadi cangkriman ing sajroning atine.

 

“Satemene sanadyan wis dadi pasarujukan antarane Bapa lan Biyung karo Pakdhe lan Budhe Diman” Bu Albertina ngimbuhi rembug “ora arep diblakakne marang Mas utawa Adhik yen sajake ora ndadekne sarjuning atine Mas utawa Adhik. Nanging bareng Biyung pirsa liringing mripate Mas lan Adhik saben dinane, merga Biyung ya tau nglakoni dadi wong enom, Biyung banjur matur marang Bapa, supaya wewadi sing sasuwene iki kineker ing atine Bapa lan Biyung supaya enggal diblakakne wae marang Mas lan Adhik”.

 

Sudimin panggah meneng, ora wani nyambung gunem, sanadyan wis bisa mbadhe apa isining wewadi sing arep didhawuhne wong tuwane angkat kuwi. Semono uga, Wiwin Winarah uga ora wani guneman apa-apa, sanadyan satemene wiwit bisa nyandhak menyang ngendi underaning rembug sing bakal didhawuhne Bapa lan Biyunge kuwi mengko.

 

“Mas lan Adhik wis tau krungu dedongengane Raden Wiratmaya putrane Adipati Sarah Lawe ing Tuban lan Dewi Srihuning putrane Senapati Wangsapati sing gugur nalika mungsuh Adipati Urubisma ing lakon Kraman Blambangan?” dumadakan Pak Bahadir mundhut pirsa marang putra-putrane, sawuse Sudimin lan Wiwin nganti suwe ora tumanggap marang dhawuh saka Bapa lan Biyunge.

 

“Mesthi kemawon sampun Bapa” kanthi cepet Wiwin Winarah atur wangsulan luwih dhisik “Srihuning ingkang suwaunipun nandhang bingung salebeting manahipun, jalaran nandhang kunjana papa dhateng Raden Wiratmaya ingkang dipun kinten sedherekipun piyambak nanging sampun ndhawahaken raos tresna antawisipun priya lan wanita dhateng piyambakipun menika ta?”.

 

“Bener Dhik” sing paring wangsulan genti Bu Albertina “lha olehe Bapa mundhut pirsa mangkono iku mau, kanthi wewaton ngulati kanthi sesidheman slagane Mas lan Adhik sasuwene iki, sajake lakon katresnane Sri Huning lan Wiratmaya kuwi bisa nular ing dalem kene. Mula Biyung lan Bapa mundhut pirsa marang Mas lan Adhik, apa pangirane Bapa lan Biyung magepokan karo critane Dewi Srihuning lan Raden Wiratmaya mau ana benere?”.

 

Oleh pamundhutan pirsa sing kaya mangkono kuwi mau, sakala Sudimin mbrabak abang. Ora bisa nyelaki suwaraning atine yen satemene sawuse ngerti nek Hartini arep rabi biyen, jroning atine Sudimin wis ana rasa aneh sing nggremet ing jero dhadhane lamun nuju cecaketan karo sedulure angkat kuwi. Sanadyan ta mangkono nganti dina kuwi Sudimin uga durung blaka marang sapa-sapa ngenani rasa aneh sing nggremeti dhadhane kuwi. Beda karo Wiwin, sing dhasare duwe sipat luwih “terbuka”, sanajan durung wani ngandhakne, dheweke ngerti lan nyarujuki panjeriting atine sing kepengin dadi jodhone sedulure angkat, ya Sudimin kuwi.

 

“Mila leres Bapa lan Biyung” kanthi suwara sing cetha Wiwin atur wangsulan “estunipun wiwit taksih dhateng SMA rumiyin, Wiwin sampun gadhah raos tresna dhateng Mas. Jalaran, Wiwin sampun sarujuk kalih Biyung, bilih menawi pados bojo, menika kedah milih tiang jaler ingkang nggadhahi raos tresna lahir trusing batin dhateng Wiwin. Kamangka sadangunipun Wiwin gesang lan tepang priya kathah, boten wonten ing jagad menika priya ingkang tresnanipun dhateng Wiwin lahir trusing batin kajawi namung kalih, inggih menika Bapa piyambak lan setunggalipun inggih Mas menika. Mila Wiwin lajeng janji ing salebeting manah, menawi boten saged dados jodhonipun Mas lan boten kepanggih tiyang jaler ingkang kados Mas, Wiwin trimah wadat selaminipun”.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...