39.
Sidane
Kulawargane Pak Bahadir olehe nginep neng omahe Diman Bandhat rong bengi. Malem
Ahad karo malem Senin. Malem Ahad kuwi digunakne kanggo ngesok kangen lan
jagongan sing gayeng antarane Kulawargane Pak Bahadir karo kulawargane Diman Bandhat.
Wiwin, katrem dhewe karo Wagirah lan Daliyem, adhine Sudimin sing saiki wis
padha sekolah neng SMP. Prawan-prawan kuwi wis katon raket banget ora
mantra-mantra kaya lagi tepung, nanging kaya wis suwe banget olehe padha kekancan.
Manekawarna sing dirembug. Dadi bisa krasa luwih gayeng.
Kaya
sing wis diangen-angen saka omah, ing malem Ahad, Sudimin sida nakokne marang
wong tuwane bab crita jaman dheweke isih cilik, ya iku critane Sudinem sing
didakwa nyolong pari ageman dening Paeran Dengkek, rewange Pak Dalal sing
wekasane jare Pak Dalal lan Bu Dalal mara neng omahe Diman Bandhat banjur
ngrembug anggone kepengin ngajak besanan kae. Oleh pitakonan saka anak lanang
ngono kuwi, Diman Bandha apa dene Sudinem ya banjur kelingan lelakon jaman
semana sing wis suwe ora tau mampir ing angen-angene. Iya lelakon jaman isih
lara lapa ing Tanah Jawa urip sing sarwa kacingkrangan, beda adoh karo jaman
saiki sing uripe wis keneng diarani cukup, merga sanadyan isih dipotong
utang-utang kanggo urip nalika lagi teka biyen, asil saka Perkebunan Karet bisa dipanen, isih turah yen kanggo ngragadi
urip saben dinane.
“Sak
jane aku karo mBokmu iki wis wegah ngeling-eling lelakon jaman neng Jawa biyen
Le” kandhane Diman Bandhat miwiti crita minangka kanggo mangsuli apa sing
ditakokne dening Sudimin “merga kajaba ora ana gunane, uga sok marakne tatu-tatu
ing ati sing wis mari, sok krasa lara maneh lan nek ditutug-tutugne bisa ngrerandhat
olehe nyambut gawe”.
“Iya
Pak” Sudimin nyelani rembug “nanging iki kapeksa tak takokne, merga aku
kepengin ngerti kepiye sak jane crita sing satemene Pak olehe Pak Dalal
kepengin ngajak besanan Pak-e karo mBok-e jaman semana kuwi, senajan saiki wis
cetha nek mokal Pak-e besanan karo Pak Dalal, merga anake wedok Pak Dalal sing ora
duwe tunggal kae, telung sasi maneh arep dirabekne”.
“Pancen
sing dikandhakne Pak Dalal marang Pak Mantri Guru, sing dadi Bapakmu kuwi, ora
kabeh kleru, ana sing bener” Diman Bandhat aweh wangsulan “Bu Dalal jaman
semana pancen kasengsem weruh wujudmu sing dijejerne karo anake wedok, lan
kober ngomong nek kepengin njodhokne kowe karo Ninuk. Pak Dalal wektu kuwi ya
melu guneman sing surasane nyengkuyung apa sing dikandhakne bojone. Nanging, aku
wis aweh wangsulan sing surasane wegah besanan karo wong sugih kae. Merga Pakmu
iki jaman kuwi ngrumangsani nek mung gedibal sangalikur paribasane, lha nek
gelem dijak besanan karo Pak Dalal rak padha wae arep ngulakne rekasa lahir
batine marang kowe?”.
“Kok
saged makaten Pak Diman?” Pak Bahadir sing uga melu jagongan, nyelani takon.
Merga pak Bahadir lan Bu Albertina ya lagi krungu dina iki mau, yen Sudimin
duwe crita jaman semana.
“Lha
inggih ta nDara Tuwan” wangsulane Diman Bandhat karo ngguyu “wong kula nggih
ngertos tekune Pak Dalal niku, tiyange etungan banget, geleme ngetokne dhuwit nek
enten sing diarep-arep bathine, purun nulung ning nggih disarengi pados untung,
boten tulus kados tiyang sanese ngoten nika. Kula nggih mpun tau ditulungi Pak
Dalal, kula disukani pantun sekawan agem sing dipikul Paeran Dengkek, kalih wos
kinten-kinten nggih sacenthak, ning nggih niku angsale nyukani kula niku mawi
pamrih supados kula boten nesu najan anak kula meh kemawon didamel cilaka.
Ngoten mawon, teng njawi Pak Dalal niku ngumbar crita nek merga mesakne urip
kula sing kesrakat lajeng kula dibantu kanthi pantun sekawan agem kalih wos sacenthak niku. Lha nek pancen
tiyang niku remen tetulung dhateng tiyang mlarat, mbok inggih kuwajibane Zakat
nek pas panen nika ditetepi? Boten! Selawase urip, kula niki dereng tau krungu
Pak Dalal mbayar Zakat anggenipun panen. Benten tebih kalih Pak Mantri Guru
nika, saben panen zakate nggih dibayarne, saben-saben wulan bayare nggih
dizakati, sok kangge langgar ning nggih kathah-kathah kangge mbantu tiyang
mlarat sing gesange kesrakat. Nek Pak Dalal paling purune sedekahan nggih nek
bar panen lajeng nganakne kenduren ngundang tiyang sekampung, malah sok
dipilihi sing diundang kudu santri utawi tiyang sing purun sembahyang, nek
boten nggih boten diundang”.
“Lha
gandhenge kalih dhawuh panjenengan nek panjenengan kersa dijak besanan sami
mawon kalih kulak rekasa kangge Sudimin niku pripun?” Pak Bahadir takon karo
mesem, merga critane Diman Bandhat sing nyandra tekune Pak Dalal kuwi keprungu
lucu.
“Lha
enggih ta nDara Tuwan…..”
“Sekedhap
Pakdhe Diman” Bu Albertina nyela rembug, nigas tembunge Diman Bandhat.
“Inggih
pripun nDara Nyonyah?” Diman Bandhat wangsulan suwarane ketara nek rada kaget.
“Nek
nyeluk kula kalih Pak Bahadir niku, sampun ngangge sebutan nDara Tuwan napa
nDara Nyonyah ngoten niku. Boten sae. Cekap ngangge subutan Kang, Yu napa
sanese waton boten ngangge sebutan nDara” wangsulane Bu Albertina.
“Oalah
nggih, nggih nDar…. Eh Bu Bahadir” wangsulane Diman Bandhat kamisosolen. Banjur
disambung nutugne olehe wangsulan marang Pak Bahadir :
“Niku
ngeten Pak Bahadir. Lha nek ngantos dadi mantune Pak Dalal sing tekune kados
ngoten niku, mengke rak Dimin mung didadosne kados berahe, tenagane diperes,
nek enten kirang penere banjur diundhat-undhat, mlebune teng omahe mriku namung
glundhung suling, konthal-kanthil kathok thok. Nek ngoten napa Dimin boten
badhe rekaos rasaning manahe?”.
“Oo
dados makaten?” Pak Bahadir mesem.
“Enggih”
Diman Bandhat wangsulan “merga wekdal semanten kula taksih gesang kesrakat,
benten tebih kalih sak niki. Najan kebun karet gadhuhan kula niku nggih angsale
nyukani nagari, ning kula rak sampun gadhah? Kula boten rumaos remeh nek
diarani mandhak duwe kebun ya olehe menehi negara wae, menggah kula tesih gagah
kula tinimbang Pak Dalal sing sabine senajan amba nggih namung warisan saking
maratuwane mawon?”.
“Dados
upami sak niki dijak besanan kalih Pak Dalal, Pakdhe Diman sampun boten kuwatos
ngulakne rekaos Mas Sudimin?” Bu Albertina takon karo rada ngguyu.
“Ning
menawi saged lan nggugu kula, Sudimin kula kandhani nek pados bojo sampun kados
Ninuk sing wong tuwane gadhah teku ngoten niku, malah kinten-kinten mawon
tekune Ninuk nika nggih boten tebih kalih tekune tiyang sepuhe, lha wong kacang
mosok nggih ajeng ninggal lanjarane neh?” wangsulane Diman Bandhat uga karo
ngguyu.
“Ya
wis Pak nek ngono” Sudimin sing maune mung meneng karo ngrungokne genti guneman
“Pak-e ora prelu kuwatir, aku ora arep dadi mantune Pak Dalal lan ora arep
golek bojo sing wong tuwane duwe teku kaya tekune Pak Dalal”.
“Ya
Sokur nek pancen ngono” wangsulane Diman Bandhat banjur disusul ngaturi Pak
Bahadir lan Bu Albertina mbaleni ngrahabi suguhan sing ana dhuwur meja. Sing
diaturi uga banjur padha nglegani atine sing nawani.
“Iki
panemune wong tuwamu sing bodho lan cupet kawruhe Min” Diman Bandhat bali
ngandhani anake lanang “ya nek mbok nalar ana benere bisa mbok enggo lan mbok
cakne kanggo sangu nglakoni urip, nanging nek mungguhmu ora bener ora mbok
enggo ya ora apa-apa”.
“Apa
kuwi Pak?” Sudimin takon
“Dadi
wong urip neng donya kuwi nirua lakune wong sing kajen lahir batine, ora mung
kajen ing tata gelare wae, nek neng ngarepe, wong-wong padha mundhuk-mundhuk
kurmat, nanging nek wis ana pungkure wong-wong padha ngiwi-iwi lan ngede-ede.
Kowe kuwi klebu bocah sing beja, senajan tata gelar ngrekasa. Bejane ngene,
kowe diramut lan dikeparengake ndherek Pak Mantri Guru, kae priyayi sing luhur
lahir batine, ora ngendel-endelne dumeh wong pangkat, ora kumalungkung dumeh
ketunggon bandha donya sing akeh, malah kerep wae Pak Mantri kae paring dhawuh
nek pangkat lan bandha donya kuwi kabeh amanat saka Pengeran, ora keneng
dipamer-pamerne nanging kudu bisa digunakne kanggo aweh pitulungan marang sapa
wae sing mbutuhake, ora kena mbedak-mbedakne rupa lan jinise manungsa, uga ora
kena mbedak-mbedakne agama sing dirasuk, sing mbutuhake pitulungan ya wajib
ditulungi kanthi becik jumbuh lan paugeraning negara apa dene piwulange agama.
Dadi kowe minangka abdine Pak Mantri kudu bisa niru lekase Pak Mantri. Semono
uga saiki iki, kowe keneng diarani ngabdi utawa ndherek nDara Tuwan…. Eh, Pak
Bahadir lan Bu Albertina sing uga ora beda karo Pak Mantri, kowe kudu sinau
piye carane murih kowe bisa duwe teku kaya Pak Bahadir. Dadi upama mbesuk kowe
bisa dadi priyayi lan kadunungan kasugihan, kowe ora dadi kumenthus,
ngendel-endelne pangkat sing mung sampiran, ora ngedhir-edhirne bandha sing
mung titipan. Samono uga saupama kowe kinodrat dadi wong sing ora duwe, kowe
ora dadi wong sing mung seneng sambat, neng ngendi-endi pamer mlarat, murih
diwelasi wong sing dijak omong, sarta kosok baline kowe ora banjur duwe teku wis
mlarat nanging malah kemlinthi, duwe slaga kaya wong ana ning satemene kopong,
kuwi jenenge wong mlarat sing kakehan polah, wekasane uripe mesthi sansaya
bubrah”.
Sansaya
wengi olehe padha jagongan dadi sansaya krasa nges. Genti-genten Sudimin
ngrungokne pitutur-pitutur becik, ya saka Diman Bandhat, bapakne, saka Sudinem
simboke, uga saka pak Bahadir lan Bu Albertina sing wis dadi wong tuwa angkate.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar