Total Tayangan Halaman

Minggu, 15 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (038)

38.

Tekane Sudimin sing uga dikanthi dening wong tuwane angkat ing omahe wong tuwane, ndadekne bungahe Diman Bandhat lan Sudinem apa dene Daliyem karo Wagirah. Saking senenge, Sudinem nganti nangis gero-gero, anake lanang kuwi dirangkul banjur diambungi kaya jaman isih cilik biyen. Adhine Sudimin loro kuwi ya padha melu mingseg-mingseg, merga seneng. Mung Diman Bandhat sing ora nangis, nanging katon nek mripate melu kaca-kaca. Kabeh ora ana sing ngira nek anake lanang sing ditinggal neng Tanah Jawa sepuluhan tahun kepungkur, teka. Ora ijen nanging malah nggawa kanca telu cacahe.  Sawise rada sauntara, Sudimin nuli nuntun simboke dilungguh neng kursi. Omahe Diman Bandhat saiki wis beda adoh karo omah sing biyen dienggoni neng Tanah Jawa sing rupek, gedhege nam-naman pring, lan nek ana dhayoh digelarne klasa, Omah ing papan transmigrasi kuwi gedhe tur jembar, omah sing asli jatah saka Pemerintah wis diowahi total, nadyan saka njaba durung dilepa, gedhege omah wis malih dadi tembok, jogane plesteran alus, ana meja kursi tamu komplit. Kang mangkono kuwi nyata nuduhne yen uripe Diman Bandhat sakulawargane wis owah dadi lan apike. Sudimin uga banjur caos sasmita marang wong tuwane angkat supaya padha lenggah neng kursi tamu kuwi, merga wis sauntara nggone padha jumeneng mirsani solahe simboke Sudimin sing lagi ngesok rasa kangene marang anak lanang. Pak Bahadir nglenggana nek sing didhayohi kelalen ngacarani lungguh, mula ya banjur mapan lungguh neng kursi, semono uga Bu Albertina lan Wiwin Winarah.

 

“Maaf ndara Tuan…” sawise rada suwe kamitenggengen merga tekane anak lanang, Diman Bandhat lagi eling nek neng omahe ana dhayoh sing sajake dudu wong jawa, mula banjur gage-gage aweh pambagya wilujeng “selamat dateng di saya punya gubug ini, salam taklim saya untuk ndara Tuan bertiga”.

 

“Matur nuwun Pak Diman” sing wangsulan Pak Bahadir karo mesem “leres nggih ingkang kula sowani niki Pak Diman Bandhat lan Ibu Sudinem tiyang sepuhipun Mas Sudimin?. Sampun pekewed Pak, kula niki sanakanipun Pak Mantri Guru Suwaji, griya kula ing Ngayogya, nggih tiyang Jawi, nami kula Bahadir jangkepipun Ahmad Bahadir, niki semah kula naminipun Albertina dene lare estri menika anak kula Wiwin Winarah”.

 

“Ooo dados ndara niki sanes priyantun Landi nggih?” Diman Bandhat kaget carup gumun oleh wangsulan nganggo basa jawa sing alus, luwih alus tinimbang dheweke yen guneman nganggo cara jawa ngana kae “nggih nyuwun pangapunten, kula lepat, kula kinten menawi ndara tuan sekalihan lan ingkang putra niki wau nek piyantun Landi, nggih nyuwun pangapunten inggih ndara”.

 

“Boten dados menapa Bapak” sing wangsulan genti Bu Albertina “Bapak boten lepat, murugaken kula tiang tiga niki injih blas boten kados tiyang jawi. Menika inggih awit tiyang sepuh kula tuwin mbah-mbah kula menika asli tiyang Jerman, lha  menawi Pak Bahadir menika tiyang sepuhipun piyantun saking Nagari Turki, dene simbahipun saking bapak, menika piyantun Yunani”.

 

Diman Bandhat sing lungguh pas neng ngarepe Pak Bahadir keselanan meja, karo Sudinem sing lungguh neng kursi dawa dijejeri Sudimin sing sajak durung mari anggone kangen kuwi, mung manthuk-manthuk sajak kaya wis mudheng karo sing dingendikakne Bu Albertina. Sauntara wong tuwane padha nemoni dhayohe, Wagirah karo Daliyen sing saiki wis prawan gedhe-gedhe kuwi banjur padha ngadeg arep menyang pawon, gawe unjukan kanggo dhayoh-dhayohe. Sudimin tanggap banjur nututi adhi-adhine, oleh-oleh jajanan sing digawa saka Yogya banjur dicandhak digawa mlebu menyang Pawon.

 

“Nuwun sewu nDara Tuan” Diman Bandhat banjur guneman “niki wau kok sareng kalihan Thole, niku ndelalah ngepasi menapa mila sampun sareng saking Yogya mrika? Gek anggenipun bidhal saking Yogya kala menapa? Kok yah menten sampun dumugi mriki?”.

 

“Ngene lho Pak” sadurunge Pak Bahadir utawa Bu Albertina semaur, luwih dhisik Sudimin sing mlaku saka Pawon nyaut rembug  banjur bali mapan lungguh neng papane sekawit “Biyen jaman Pake karo mBok-e budhal transmigrasi kae, aku rak dikukup Pak Mantri Guru? Disekolahne neng SMP nggone mBah Cip kae?” .

 

“Iya banjur bacute kepiye?” Diman Bandhat nugel rembuge anake lanang “Mesthine olehmu sekolah neng SMP Kebangsaan kae rak ya wis rampung? Tak enteni nganti pirang-pirang tahun kok ora nusul mrene? Malah dumadakan tanpa kabar luwih dhisik, ujug-ujug teka?”.

 

“Mengko dhisik ta Pak ben anakmu kuwi crita dhisik, aja disauti ngono kuwi!” Sudinem genti nyauti rembuge sing lanang.

 

“Iya, iya” Diman Bandhat wangsulan karo mesem, banjur kandhane marang Sudimin “iya bacute piye Le?”.

 

“Sawise aku lulus SMP lan Pak Mantri Guru wis ora bisa maneh ngragati aku kanggo sekolah sing luwih dhuwur, sak jane aku ya banjur arep nusul mrene, melu Pak-e kerja neng Perkebunan PIR kene…….”.

 

“Lha wong sekolah dhuwur-dhuwur nganti SMP kok trima arep dadi kuli Perkebunan ki piye ta Le?” genti Sudinem sing nigas rembuge Sudimin.

 

“Kowe kuwi mau ngandhani ben anake crita dhisik, kok saiki malah nyaut-nyaut dhewe ta mBokmu?” Diman Bandhat mbales genti rada nyengol sisihane. Sudinem banjur meneng. Pak Bahadir lan Bu Albertina mesem, lanthine padha ditutupi nganggo tangan. Mung Wiwin sing lali ora nutup lambene sing uga melu mesem amba.

 

“nDelalah kersane Allah” Sudimin nutugne olehe crita “Bapa Bahadir karo Biyung Albertina kuwi tuwuh rasa welas marang aku, kanthi palilahe Bapak ya Pak Mantri Guru, aku banjur diramut, diopeni lan dwragadi disekolahne nganti lulus SMA lan isih didhawuhi supaya sekolah luwih dhuwur maneh, saiki anakmu iki wis Kuliah neng U Ge eM”.

 

“Dadi kowe disekolahne nDara Tuan karo nDara Nyonyah iki nganti lulus SMA banjur saiki nyambut gawe neng Pabrik Susu Bubuk tunggale Kamelpo kae?” Sudinem banjur takon merga Sudimin olehe crita wis mandheg rada suwe, lan dianggep wis rampung.

 

Maune Sudimin ora mudheng karo sing dikandhakne simboke, nanging ora let suwe banjur ngguyu rada banter.

 

“UGM mBok, dudu SGM” wangsulane Sudimin ing sela-selane guyune “UGM kuwi cekakan saka Universitas Gajah Mada, aku isih sekolah nang kana ora nyambut gawe neng Pabrik Susu SGM”.

 

Pak Bahadir karo Bu Albertina sing uga lagi mudheng karepe Sudinem sawise Sudimin nggenahne, uga banjur ora kuwat ngempet guyune. Malah Wiwin uga melu ngguyu, rumangsane wong tuwane Sudimin kuwi pancen lucu.

 

“Piye ?” Diman Bandhat malah sing ketok kaget “kowe diragadi nDara Tuwan karo nDara Nyonyah iki nganti tekan Gajah Mada? Aku ya ngerti nek kuwi sekolahane para luhur lho Le? Ora angger wong bisa sekolah nyang Gajah Mada”.

 

“Bener Pak” wangsulane Sudimin “aku ya ngono, nek ora merga Bapa karo Biyung iki mokal aku bisa sekolah nang UGM kuwi”.

 

“Matur nuwun lho nDara Tuwan lan nDara Nyonyah” Diman Bandhat nyedhaki Pak Bahadir banjur ndheprok neng jogan karo ngrungkebi pangkon “ing atase namung saanakipun Diman bandhat kemawon, sampun panjenengan ragadi kados makaten, nyawa kula kemawon boten cekap kangge gantose ragad niku ndara…..”.

 

“Sampun-sampun Pak Diman” Pak Bahadir banjur ngendika “mangga lenggah ing nginggil kemawon, kula tak gentos sing criyos”.

 

Muni ngono kuwi Pak Bahadir karo nggeret tangane Diman bandhat banjur dituntun dilungguhne nang kursi.

 

“Criyosipun niku rak makaten ta Pak Diman saha Bu Diman” ngendikane Pak Bahadir sawise Diman Bandhat bali lungguh neng kursine “kula kalih Biyunge Wiwin menika rak ngertos menawi Sudimin niku lare ingkang pinter, eman sanget menawi namung sekolah namung lulus SMP lajeng mandheg, menawi saged sekolah langkung inggil, sansaya inggil anggenipun sekolah, mangke sansaya kathah manpangat kapinteranipun Sudimin, inggih kangge awakipun piyambak, inggih kangge tiyang kathah. Pramila kula kalih Biyungipun Wiwin lajeng matur Pak Suwaji, nembung nyuwun dikeparengaken ndherek mupu pun Sudimin badhe kula dhaken kados dene anak kula piyambak. Jebul Pak Suwaji boten saged paring putusan, jalaran ingkang wenang mutusaken pareng menapa botenipun Sudimin kula pupu, menika namung Pak Diman Bandhat saha Ibu, sanaosa makaten Pak Suwaji ugi paring dhawuh, bilih kangge sawatawis wekdal ngiras pantes ngentosi wekdal saged kepanggih panjenengan, kula dipun keparengaken ngajak Sudimin manggen ing gubug kula rumiyin, menawi sampun wonten wekdal kula kadhawuhan sowan Pak Diman saha Ibu. Lha wekdal menika, andilalah wonten dinten prei tigang dinten, kula sakulawarga lajeng sowan mriki kalihan ngajak Sudimin, saprelu nyuwun keparengipun Pak Diman marengaken kula ndherek momong Sudimin dados anak kula lan tamtu kemawon Bapak saha Ibu Diman inggih panggah dados tiyang sepuhipun Sudimin. Kados pundi menapa atur kula menika saged dipun kabulaken pak Diman?”.

 

“Kula kalih mbokne cah-cah sakalangkung matur nuwun nDara Tuwan, menawi nDara Tuwan lan nDara Nyonyah kepareng ngramut anak kula pun Sudimin menika. Malah sak niki babar pisan panggulawenthaipun anak kula Sudimin kula pasrahaken dhateng nDara Tuwan lan nDara Nyonyah sawetahipun” muni ngono kuwi Diman bandhat karo mripat kembeng-kembeng, rumangsa oleh nugrahaning Allah sing tanpa upama gedhene, dene anake lanang oleh pitulungan saka wong sing dikira wong landa kuwi.

 

 

Ana candhake

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...