Total Tayangan Halaman

Senin, 29 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (31)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Terus ginelak lakune crita, sore kuwi Lasmini lagi neng Sendhangreja, kaya padatan pendhak sesasi pisan mesthi bali tilik omah. Nanging baline Lasmini dina iki nggawa crita sing gawe mareme wong tuwane sakloron, Kadirin karo Sihmirah. Awan mau Lasmini wis rampung olehe nglakoni Pendadaran, lulus kanthi biji A. Bisa katut diwisudha dadi Sarjana, sawise llulus S1 suk sasi ngarep. Kaya padatan Lasmini ngethupyuk olehe crita marang wong tuwane sing ora pati mudheng ing babagan perkuliahan, nek olehe wis kasil ngrampungne kuliahe kuwi wis ngliwati perjuangan sing ora entheng. Lan Lasmini banget olehe matur nuwun marang wong tuwane sing wis nyengkuyung olehe kuliah nganti klakon bisa dadi sarjana iki.

“Ngene lho nDhuk” tembunge Kadirin nanggapi critane anake wedok “Bapak karo Ibu iki mung bisa melu ngrasakne seneng lan marem dene kowe wis lulus. Nanging ing sela-selane rasa senenge Bapak karo Ibu iki ana sing ngganjel neng jerone ati. Ya kuwi, kowe kuwi wis gedhe, umurmu ya wis cukup, wis wayahe kowe kuwi diwengku wong lanang, mulane wiwit saiki kowe aja mung mikir olehe arep nambahi kapinteran wae, bukaken atimu kanggo nampa katresnane wong lanang sing mbesuke dadi bojomu”.

“Niku ta Bapak?” Lasmini wangsulan entheng “niku gampil Bapak, napa Bapak malah sampun kagungan calon kangge kula? Sinten Bapak? Nek pancen tiyange pinter ngluwihi kula, kula nggih purun kok?”

“Kowe kuwi kok mesthi nganggo syarat sing pintere kudu sadhuwurmu ta nDhuk?” Sihmirah nyauti pitakone anake “sing baku ki Bapakmu milihne calon kanggo kowe ki mesthi dipilih sing bibit, bobot lan bebete satimbang karo kowe, ora sah ndadak nganggo sarat ngono kuwi”.

“Ngene lho Buk” Lasmini mangsuli panyaruwene ibune “Las ki wong wedok, lan wong wedok kuwi kudu bisa dipimpin sing lanang, lha nek sing arep mimpin Las kuwi wong sing ora pinter, mengko rumah tanggane Las ya ora bisa mlaku becik, merga dipimpin wong bodho kuwi ora ana kepenake blas Buk”.

“Jane ngono nDhuk…….” Kadirin guneman maneh kanggo misah omongane Lasmini karo ibune, merga nek ora ndang dipisah, wong loro kuwi mengko bisa eyel-eyelan sing ora ana enteke.

“Nggih pripun Bapak?” Lasmini bali ngrungokne tembunge bapake.

“Sing teka mrene nemoni Bapak ki ya wis akeh” Kadirin nutugne olehe guneman “ana Polisi, ana Tentara, ana Guru, ana Pengusaha, kabeh-kabeh padha ditawakne Bapak kanggo dijodhokne karo awakmu, nanging gandheng Bapak ki ngerti nek dhek emben ki olehmu sekolah durung rampung, mula kanthi pawadan kuwi Bapak durung bisa aweh wangsulan apa-apa marang sing padha mrene kuwi. Lha saiki sarehne ora suwe maneh kowe wis diwisudha, bapak arep njaluk wektumu arep tak kon milih ing antarane sing padha ditawakne Bapak kuwi, endi sing mungguhmu cocog lan bisa dadi jodhomu. Piye?”.

Oleh tembung sing kaya mangkono kuwi sakala Lasmini meneng, sing dingendikakne bapake kuwi genah nek dudu rembug sepele, dudu rembug guyonan, nanging keneng diarani wis jeneng rembug tuwa. Lasmini banjur kelingan dhosen sing wis ndudut atine dadi kepranan, yaiku Pak Hajir. Mula Lasmini banjur duwe gagasan kudu ngaturake perkara Pak hajir iki marang wong tuwane, merga nek ora selak kedhisikan wong tuwane nepungne sing jarene wis padha teka nemoni bapake kuwi.

“Ngeten nggih Bapak, kalih Ibuk” sawuse meneng rada suwe Lasmini wiwit guneman.

“Iya piye?” Kadirin serius wangsulane.

“Sak jane ngoten, Las nggih sampun gadhah pilihan, nanging dereng Las aturne dhateng Bapak kalih Ibuk, Las nggih dereng yakin napa bapak kalih Ibu mangke cocog kalihan ingkang dados pilihan kula niki napa boten” wangsulane Lasmini keprungu sajak ngati-ati.

“Ya Ibu karo Bapak kudu ngerti dhisik ta nDhuk” sadurunge Kadirin nanggapi, luwih dhisik Sihmirah sing aweh wangsulan “sing dadi pilihanmu kuwi jenenge sapa? nyambut gawene apa? umure pira? omahe ngendi? wong tuwane nyambut gawene apa? kabeh Ibu karo Bapak kudu ngerti luwih dhisik”.

Lasmini mesem. tembunge ibune kuwi keprungu ngandhut kekuwatiran nek nganti dheweke salah anggone milih.

“Nggih, Buk” wangsulane Lasmini sabanjure “namine Hajir, kula nek ngaturi Pak Hajir awit niku dhosen kula”.

“Sapa?  Hajir?” Sihmirah nugel rembuge anake “lagi jenenge wae kok sajak ora pati kepenak diucapne ngono neh?”.

“Mengko dhisik ta Bu” Kadirin nyendhu sisihane “Las ben rampung dhisik olehe omong”.

Muni ngono kuwi Kadirin karo kelingan marang Hajir bocah yatim sing tau dipupu nanging ora suwe merga kudu lunga ngetutne Make sing ditundhung dening Sihmirah. Iya Hajir sing dtresnani, sing tau didhakoni tegal sameter sadawane pager satru ing mburi omah sing nganti saiki tandurane panggah diopeni, yaiku jejeran wit gembili. Kadirin iya eling biyen tau kandha marang Hajir, yen tegal sing ditanduri Gembili kuwi wis dadi duweke Hajir nanging mbesuk nek Hajir wis gedhe asile kudu diedum karo adhine, ya Lasmini kuwi. Pikirane Kadirin malih nglambrang, Hajir sing wiwit lunga durung keprungu kabare kae, saiki ana ngendi? mesthine wis gedhe? nyambut gawe apa? Make saiki piye?isih urip apa wis ora ana?.

“Ya wis, ndang ditutugne dhisik olehmu guneman” tembunge Sihmirah sing ditujokne anake wedok, ndadekne buyar lamunane Kadirin.

“Iya nDhuk sabanjure kepiye?” kandhane Kadirin numpangi rembuge sisihane.

“Inggih” wangsulane Lasmini nutugne olehe matur “nyambut damele nggih PNS Dhosen teng Kampuse Las, yuswane antawis pitung tahunan sanginggile Las, griyanipun Klegen, Madiun, ibunipun guru SD asmane Bu Astuti, bapakipun Pak Haryadi Guru SMA”.

“Agamane apa?” Kadirin takon maneh, merga Kadirin ngerti nek nikah beda agama kuwi urusane rada ruwet lan Kadirin wegah karo sing ruwet-ruwet ngono kuwi.

“Agamine nggih sami kaliyan awakipun piyambak” wangsulane Lasmini karo mesem “malah ketingale sampun sami tindak Haji sedaya, sewulan kapengker nyarengi liburan lare sekolah nika nggih tindak Umroh”.

Krungu wangsulane Lasmini sing taharik-tharik ngono kuwi, neng angen-angene Sihmirah wis kegambar yen pilihane Lasmini kuwi wis pas banget, ketok nek saka kulawarga sing terhormat, sugih lan duwe pangkat. Ya kaya ngono kuwi besan sing dadi idham-idhamane Sihmirah.

“Lha nek Pak Hajir kuwi wis Haji apa durung?” Kadirin takon maneh.

“Sampun Bapak, sareng kaliyan tiyang sepuhipun” wangsulane Lasmini.

Angen-angene Sihmirah mundhak sansaya mendhuwur, mengko nek klakon duwe mantu wis Haji, dheweke bakal sansaya mundhak kajen, mesthi para ibu-ibu anggota yasinan bakal padha luwih ngajeni marang dheweke.

“Tak kira sing dadi pilihanmu kuwi wis pas banget nDhuk” kandhane Sihmirah sing banjur ngandhani sisihane “wis Pakmu, wong-wong sing padha mrene kae ndang padha dikabari nek jebul Las wis duwe pilihan dhewe ngono”.

“Iya” Kadirin mangsuli kandhane sisihane, banjur ditutugne omong marang anake wedok “nanging mengko dhisik nDhuk”.

“Inggih pripun Bapak?” Lasmini takon.

“Ora kok Bapak jeneng ora ngandel karo wangsulanmu kuwi mau, nanging upama bapak kepengin kepethuk luwih dhisik karo Pak Hajir kuwi ngono kira-kira bisa apa ora?”.

“Saged Bapak” wangsulane Lasmini seneng “niki rak dinten Jumuah malem Sabtu, malah kinten-kinten Pak Hajir nembe kundur dhateng Madiun, mengke kula telpune kersane benjing napa mbenjinge tindak mriki. Pripun?”.

“Ngono ya apik” wangsulane Kadirin karo mesem melu seneng “nanging aturana supaya dolan wae, dadi durung perlu ngajak Bapak Ibune, mbesuk wae nek pancen wis ginaris dadi jodhomu, ben bapak ibune rawuh mrene nglamar awakmu”.

“Inggih Bapak” wangsulane Lasmini.

Olehe jagongangan wis rampung. Bengi kuwi ing omahe Juragan Kadirin kebak impen sing endah, impene wong saomah.

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...