– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –
Nek Hajir saiki wis nyambut gawe karo nyambi terus ngudi nambah kapinterane sarana kuliah neng tataran sing luwih dhuwur, ora akeh kaceke karo sing dialami dening Lasmini Indraswari anake Juragan Kadirin. Lasmi saiki wis gedhe, anak tunggal saka pasangan Kadirin karo Sihmirah kuwi, sanajan urip neng desa nanging wiwit kelas siji SMP wis sregep melu les-les lan bimbingan belajar, mula ya memper wae yen wekasane ya tuwuh dadi bocah sing pinter, sekolahe lancar saka SMP banjur nutugne menyang SMA lan uga banjur kuliyah. Dhasare anak wong sing cukup, dadi Lasmi ya ora tau sambat kekurangan apa-apa sajrone urip misah karo wong tuwane, merga kost neng kutha panggonan kuliahe. Lasmi pranyata marisi sipat-sipate wong tuwane, mligine ing babagan katresnan. Prawan ayu sing wis meh lulus S1 kuwi ora kaya prawan sapantarane sing wis padha duwe sir-siran utawa pacar, merga Lasmi kuwi kaya Ibune sing duwe cita-cita nek mbesuk bisa duwe mantu, aja nganti duwe mantu anake wong sing kaduwekane manggon ing sangisore, samono uga ing babagan kawibawane, lha nek Lasmini duwe tekad ora gelem pacaran karo bocah lanang sing kalah pinter karo dheweke. Dadi nek digathukne antarane pepenginane Sihmirah karo pepenginane Lasmini kuwi dudutane sapa sing ngarah kepengin dadi sisihane Lasmini kudu pinter, sugih lan duwe pangkat utawa drajat sing terhormat.
“Anakmu wedok kuwi apa-apa sarwa luwih lho Pakne” kandhane Sihmirah sawijining dina nalika Juragan Kadirin omong nek anake wis gedhe lan wis wayahe mikir nggolekne jodho “dhasare ya ayu, pinter lan ora tau ngrasakne kekurangan apa-apa, dadi saupama panjenengan nggolekne jodho si Las, ya kudu didelok bibit, bobot, bebete luwih dhisik”.
“Nek kuwi aku ya wis mikir, Ibune” wangsulane Kadirin “arepa kaya apa aku ya ora gelem nek duwe mantu sing ora tanggung jawab. nDelalah anakmu wedok kuwi ya wis luwih mudheng, Lasmini tau omong nek nganti saiki ya durung duwe sir-siran kaya kanca-kancane, merga Lasmini emoh pacaran karo bocah lanang sing kapinterane kalah karo dheweke”.
“Pinter thok durung cukup Pakmu” Sihmirah guneman maneh “nek mung pinter wae kira-kira ya akeh, nanging ya kudu duwe rupa sing keneng disuguhne dhayoh dadi nek kepethuk sedulur-sedulur ki gak ngisin-isini, saiki iki akeh lho Pakmu, wong pinter nanging ora mbudaya, nyandhang nganggo mung sak-sake, ora duwe apa-apa sing keneng dituduhne nyang wong liya, uripe mung pas-pasan malah keneng diarani ora gableg apa-apa, ngono kuwi saiki ya akeh. Arep dirabi wong pinter nek uripe mung pas-pasan, nyambut gawene mung sakecandhake, keluwarga saka wong tuwane ya mung dadi timun wungkuk jaga imbuh ora duwe kawibawan, ya malah sengsara uripe. Mula nek aku, Lasmi mbesuk kudu duwe bojo sing bagus, pinter, pangkat, sugih lan kajen kineringan”.
“Ya, awake dhewe sing jejer dadi wong tuwa sing akeh olehe ndedonga lan nyuwun marang Sing Kuwasa, muga-muga Lasmi oleh jodho kaya sing mbok kandhakne kuwi mau” Kadirin sing ora gelem engkel-engkelan karo bojone, aweh wangsulan karo ukara sing ayem “ya karo ngenteni rampung kuliyahe, sapa ngerti pas bar diwisudha dadi Sarjana, anakmu kepethuk jodhone kaya sing mbok kandhane mau”.
“Ya muga-muga wae Pakmu” kandhane Sihmirah sabanjure “merga aku ya kuwatir, nek dituruti ngono Las ki bar S1 njur njaluk sekolah maneh nyang S2, bar kuwi nyang S3, lha nek sing dipikir mung olehe arep sekolah wae, kapan awake dhewe bisa enggal duwe putu?”.
Kadirin mung mesem krungu tembunge sing wedok ngono kuwi, merga menang-meneng Kadirin ki ya sok meri karo kanca-kancane sik sak umuran karo dheweke, nek wayah kepethuk ana pajagongan ngana kae, meh kabeh padha mamerne putune dhewe-dhewe. Merga rata-rata anake kanca-kancane Kadirin kuwi nek wis lulus SMA utawa SMK banjur budhal golek gaweyan menyang kutha, let setahun endhang bali nyang omah karo ngajak bocah lanang sing banjur dadi bojone. Lha anake Kadirin dhewe sing duwe rupa ayu lan duwe kapinteran sing luwih tinimbang kanca-kancane, iki kuliah neng Malang wis meh limang tahun ya durung rampung, jarene lagi tahun iki kira-kira bisa diwisudha. Mula Kadirin ya nggagas muga-muga bar diwisudha mengko, Lasmini enggal oleha jodho. Kadirin uga kerep diencoki rasa kuwatir, kaya sing mau bar dikandhakne Sihmirah. Ya kuwi nguwatirake yen merga kebacut kasengsem kepengin luwih pinter maneh, Lasmini banjur mung mikir olehe arep kuliah wae, banjur ora mikir olehe arep golek jodho.
Juragan Kadirin karo Sihmirah sing nduweni rasa kuwatir ngono kuwi pancen keneng diarani lumrah, merga pendhak-pendhak sesasi pisan Lasmini bali tilik omah, sing diomong ora ana liya kajaba olehe kuliah. Dadi sing dingerteni Kadirin apa dene Sihmirah, sing ana angen-angene anake wedok sing ayu kuwi ya mung olehe kuliyah lan terus arep kuliyah. Kadirin lan Sihmirah ora ngerti, nek anake wedok kuwi kajaba mikir olehe kuliah wektu iki uga lagi arep nyambung taline katresnan karo wong lanang sing miturut Lasmini cocog banget nek bisa dadi jodhone. Sawijining Dosen sing isih legan, umur-umurane ora pati adoh karo umure Lasmini, prestasine sapirang-pirang, ora mung mulang neng Perguruan Tinggi siji, nanging akeh sing mbutuhake tenaga lan pikirane, kerep ngisi ceramah, seminar, diskusi ilmiah, work shop lan sapanunggalane neng kutha-kutha sing sumebar sa Indonesia lan wektu iki wis meh rampung olehe nempuh S3 ne.
Sesambungan antarane Lasmini karo wong lanang kuwi cukup raket, ing sambikalane longgar ora arang Dosen sing uga Mahasiswa S3 kuwi dolan menyang kost-kosane Lasmini, samono uga Lasmini uga kerep mara neng pondhokane wong lanang kuwi merga ana sambung rapete karo olehe kuliyah. Lasmini uga tau kepethuk lan tepungan karo Bapak lan Ibune Dhosen kuwi, anuju wong tuwane wong lanang sing wis gawe atine Lasmini kepencut kuwi sanja niliki anake lanang.
“Ya ditepungne wae mBak Lasmini, asmane Ibu, Astuti mung Guru SD nek Bapake kuwi ya mung trima Guru SMA neng kutha cilik Madiun kana” kandhane Bu Astuti nalika kepethuk Lasmini pas Lasmini sanja ing pondhokane Hajir, dhosene “Lha mBak Lasmi iki asline ngendi? saka Malang kene wae apa saka Kutha liya?”.
“Inggih Ibu, kula matur nuwun sanget saged tetepangan kaliyan Ibu lan Bapak” wangsulane Lasmini wektu kuwi “menawi tiyang sepuh kula inggih saking Dhusun kok Bu, anu saking Kedunggalar, Ngawi”.
“Kedunggalar?” Bu Astuti takon sajak rada kaget “Bapake Hajir kuwi, jaman cilikane ya tau neng Kedunggalar lho ?!? . mBak Lasmini Kedunggalare ngendi? nek Bapake kae jare biyen kulon Pasar, kidul stasiun. Ibu karo Bapak ki ya kerep nyang Kedunggalar, ziarah menyang kuburan kulawargane Bapak”.
“Inggih ta Bu?” Lasmini genti sing rada kaget “ziarah dhateng pasareyan pundi niku Bu? menawi griyanipun tiyang sepuh kula niku wonten ing Sendhangrejo”.
“Sendhangreja?” Pak Haryadi sing mau mung meneng karo ngrungokne genti sing kaget “kuburane wong tuwane karo mBakyune Bapak ki ya neng Sendhangreja lho?!?”.
“Lho, ngendikanipun Ibu wau dalemipun Bapak rumiyin kidul Stasiun, kilen peken? kok ziarahipun dhateng Sendhangreja?” Lasmini takon semu gumun setengah ora percaya, merga adate wong-wong kulon pasar Kedunggalar ki nek ninggal olehe ngubur nek gak menyang Makam Ngarengan ya neng Kuburan Kerchof Lor Stasiun.
“mBahku biyen tau manggon neng Sendhangreja, banjur seda lan disarekne neng kana lah wong tuwaku karo sedulurku olehe nyarekne awor karo pasareyane mBahku neng makam Sendhangrejo pinggir ratan wetan lapangan kae” Haryadi nggenahne wangsulane mau marang Lasmini sing banjur manthuk-manthuk tandha yen lagi ngerti.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar