Total Tayangan Halaman

Senin, 29 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (29)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Marti sansaya ndomblong, merga pancen ora dhong, karo karepe bendarane sing jare arep nggawa anake menyang Pengadilan Negeri kuwi. Lha nek kudu kelangan anak, Marti genah nek wegah. Wong arepa piye-piye olehe direwangi urip ngrekasa kuwi ya mung merga anak kok, lha kok dumadakan Astuti arep ngrampas Hajir saka tangane, mesthi wae Marti ya ora bakal iklas. Malah mau sak jane Marti ya arep wangsulan gelem diarepne Harun nanging syarate nek Harun nggelemi Marti, Harun ya kudu bisa nggelemi Hajir minangka anake. Nanging Marti ora enggal semaur, isih ngenteni tembunge bendarane maneh, mbok menawa olehe ngomong Haryadi kuwi mau kleru.

“Karepku ki ngene lho Make Hajir” tenan, sawise dienteni Astuti banjur guneman “aku pancen duwe niyat arep ngadopsi Hajir dadi anakku, nanging aja sampean tegesi nek aku arep ngrampas Hajir saka tangan sampean, kuwi ora. Ya kaya sing wis mlaku sasuwene iki, Hajir duwe Bapak, duwe Ibu ya duwe Mak. Lha mengko nek sampean kersa dadi garwane Mas Harun, Hajir ben keri ana kene nanging sampean kapan wae kepengin ketemu Hajir ya bisa wae. Bares wae Make Hajir ya? aku karo Mas Har ki dening Gusti Allah ora dikeparengaken duwe anak dhewe, mula aku kepengin bisa ngragadi Hajir nganti bisa sekolah sing sakdhuwur-dhuwure lan mbesuk nek aku karo Mas Har wis padha tuwa, anaa sing tak ngengeri genti. Lha mengko nek sampean wis klakon dadi karo Mas Harun, kajaba Hajir duwe Bapak Mas Har, ya duwe Bapak Mas Harun. Piye nek ngono?”.

Marti lagi mudheng karo sing dikarepne bendarane.

“Nggih Buk-e” wangsulane Marti alon “menawi makaten kula namung ndherek”.

“nDherek piye Mak?” Haryadi takon.

“Nggih ndherek, manut kersane Bapak kalih Buk-e” wangsulane Marti.

“Gelem tenan tak jodhokne karo Mas Harun?” Haryadi takon karo mesem, suwarane keprungu lucu.

“Nggih”

“Nek ngono sesuk tak ndang nyang Kalurahan, ngurusi layang-layang sing kanggo ijabane. Merga sampean kuwi neng Kartu Keluarga dadi anggota keluwargaku, padha wae sing arep mantu kuwi mengko aku” kandhane Haryadi sabannjure.

“Nggih”

“Nek ngono saiki aku genti sing njaluk sampean njabel basane marang aku Make Hajir” Astuti numpangi rembuge Haryadi.

“Njabel basa pripun Buk-e?” Marti takon.

“Nek wis dadi karo Mas Harun, sampean ki ya banjur dadi mBakyuku, aku karo Mas Har kuwi adhike sampean, dadi nek nyeluk aku ya aja banjur Buk-e ngono kuwi, nek nyeluk Mas Har ya aja Bapak. Mosok karo adhine kok olehe nyeluk Buk-e rak ora bener? Karo maneh ya ora lucu nek karo adhine basa, malah adhine sing ora basa. Ya apa ora?” kandhane Astuti maneh.

“Nggih, olehe boten basa benjing mawon nek mpun siyos dados semahe Pak Harun” wangsulane Marti “lha kula ngaturi Buk-e niku kajeng kula rak mbasakne Hajir, Buk-e niku Ibuke Hajir, nek Bapak nggih Bapake Hajir, ngaten lho Buk-e”.

Sidane ora nganti sesasi saka olehe rembugan kuwi, wis klakon Harun dadi manten oleh Marti. Olehe ijaban neng omahe Haryadi, waline wali hakim merga Marti wis ora duwe wong tuwa lan ora duwe kulawarga sing wenang dadi waline.  Bubar ijab Marti ya banjur diboyong Harun menyang Oro-oro Ombo, ngenggoni omahe Harun. Sanajan biyen-biyene wong loro kuwi wis tau nglakoni omah-omah, malah Marti wis duwe anak siji, nanging pranyata wong loro kuwi kudu mbaleni maneh sinau carane omah-omah sing bener. Kanthi tlaten Harun mulang bojone supaya bisa nglungguhake awake minangka sisihane Kepala SMP, lan Marti sing dhasare ya gathekan dadi ya ora kangelan njumbuhake dhiri ambyur ing jagad sing anyar, jagad sing beda adoh karo jagad sing tau dileboni sadurunge. Ora nganti telung sasi, Marti sing biyen wis beda karo Marti sing saiki, ya tatakramane, ya anggone ngedi busana apa dene ngadi salira. Marti wis malih dadi Bu Kepala Sekolah sing ayu, anggun lan wibawa, ramah sarta kemraket karo kanca-kancane Harun lan sisihane dhewe-dhewe. Babar pisan ora ana tabed sing katon yen Marti kuwi biyen suwe olehe urip dadi rewang utawa pembantu. Kosok baline, Harun bareng duwe bojo maneh, uripe dadi luwih tumata merga ya ana sing migatekake. Harun ketok dadi luwih nom lan luwih seger, olehe nyambut gawe ya dadi luwih produktip.

Sauntara kuwi, Hajir ya wis klakon oleh pengakuan lan dadi anake Haryadi lan Astuti. sanadyan ta mangkono, kaya sing wis dikandhakne Astuti dhek emben, Hajir panggah duwe wong tuwa sing rangkep. Bapake loro, Harun karo Haryadi, Ibune siji lan Make ya panggah siji. Akeh sing ngandhani supaya Hajir yen ngundang Make kuwi diganti nganggo sebutan Ibu, nanging Marti ora setuju. Marti duwe panemu yen kanthi tetep ngundang Make, Hajir ora bakal lali karo asal-usule lan ora gampang nglalekne sumbere. Merga jarene lali sumber kuwi katiwasan.

“Boten ateges kula niki ngremehaken drajatipun Mas Harun” wangsulane Marti nalika Harun ngandhani supaya ngganti sebutan olehe mbasakne Hajir marang dheweke saka Make dadi Ibuke “nanging, sebutan Make niku saged kula damel cepengan murih kula boten supe, menawi kula punika tiyang dhusun ingkang nampi kanugrahan sinengkakaken dados garwa Panjenengan lan Hajir punika badhea kados punapa inggih namung lare saking dhusun ingkang boten pantes kumalungkung, ngendel-endelaken dumeh sampun dados putranipun Pak Harun. Dados sepisan malih, sebatan Make punika tetep kula kukuhi murih boten lali, jalaran criyose Ki Anom Suroto nika : Lali sumber katiwasan”.

“Ya wis yen ngono, ya muga-muga wae ing mbesuk Hajir ki dadia wong sing pinter tur sukses, bisa migunani marang awake dhewe, marang kabeh wong tuwane lan marang kabeh umate Gusti Allah” wangsulane Harun.

“Aamiin” Marti ngamini.

Hajir nyata bocah sing ora mrucut saka embanan luput saka kudangan, sekolahe lancar lan ajeg saben tahun mesthi oleh pangaji-aji saka sekolahane merga ajeg nek pinter dhewe, bijine adoh sak dhuwure kanca-kancane. Wiwit SD, SMP nganti lulus SMA ajeg ora tau owah. Kajaba saka iku, ya merga oleh tuntunan saka Bapak Ibune Angkat lan Bapake Kuwalon sing luwih pana ing babagan pendidikan, ndadekne Hajir bocah sing tuwuh dadi bocah sing ora mung pinter wae, nanging uga komplit. Lire Hajir dadi bocah sing ora duwe watak kumalungkung, adigang, adigung lan adiguna. Grapyak semanak marang sak pantarane, ngajeni marang sing luwih tuwa tinimbang dheweke. Duwe watak temen, taberi, sregep lan enthengan, dhemen mbantu lan ngrewangi sapa wae sing lagi nandhang karepotan. Ngibadahe uga sregep, prihatine gedhe, piwulang saka Make sing nadyan mung wong ndesa, yen manungsa kuwi ora duwe apa-apa kajaba yen lagi katitipan lan kasampiran dening Gusti Allah, tansah dumeling ing angen-angene Hajir.

Ora krasa lakune si wektu, Hajir wis lulus olehe kuliah neng Malang, karo wong tuwane angkat lan wong tuwane kuwalon, Hajir diprayogakne nutugne maneh olehe Kuliah neng tataran sing luwih dhuwur maneh. Lan gandheng Hajir kuwi sugih prestasi, dening Kampuse Hajir digeret supaya melu nggedhekne kampuse sarana melu dadi Dhosen neng kono. Mesthi wae Hajir lan wong tuwane uga padha seneng. Kanthi mangkono, Hajir dadi sansaya cetha yen bisa mujudne pepenginane para wong tuwane, yaiku dadi manungsa sing migunani tumrap awake dhewe lan wong-wong liyane.

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...