52.
Tiyang-tiyang
ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun
Bebau Sumber makaten menika. Sadaya sampun sami mangertos menawi ingkang kengkenan
tiyang-tiyang ingkang badhe mejahi Bebau Pilang saha Bebau Pethek menika Bebau
Kawisan. Sanaosa makaten, dupi mireng malih lekasipun Bebau Kawisan ingkang
makaten kala wau tiyang-tiyang sami kimat anggenipun getem-getem lan
ngigit-igit dhateng Bebau Kawisan. Namung Bebau Jambon ingkang ketingal
manthuk-manthuk, nembe ngertos sinten Sapukawat kalih ingkang dipun kersakaken
Ki Lurah kala wau.
“Kajawi
saking menika” Bebau Sumber nglajengaken anggenipun matur “Ki Bayan Kasna ugi
nampi wartos ingkang sakalangkung nggegirisi malih.”
“Mengko
dhisik” Ki Lurah nyelani aturipun Bebau Sumber “ipene Kebayan Kasna teka
ngerteni warta sing kudune banget ing wadine kuwi nalare kepriye? Apa dheweke
kalebu Sapukawat Kawisan sing banget pinercaya dening Bebau Kawisan ?”
“Mugi
kauningana Ki Lurah” Bebau Sumber atur wangsulan “suwaunipun Sampir, inggih
ipenipun Ki Bayan menika, padamelanipun rewang ing griyanipun Bebau Kawisan
minangka tukang yasa kajeng obong kalihan kala-kala kaparentah mijeti Baune
Kawisan. Nanging sareng Ki Dungkul lan para andhahanipun asring wonten
joglonipun Baune Kawisan ingkang enggal, padamelanipun Sampir gantos ngladosi menapa
kabetahanipun Ki Dungkul lan Ki Batasigar miwah para siswa padhepokan ingkang
wonten mriku, kalebet mijeti ingkang sami sayah.”
“O,
iya iya, banjur warta sing nggegirisi sing dikandhakne Sampir marang Ki Bayan
Kasna kuwi warta apa?” Ki Lurah ndangu malih.
“Miturut
kabar ingkang dipun pireng dening Ki Bayan Kasna” Bebau Sumber matur “kados-kados
Ki Batasigar lan Ki Dungkul sampun mesthekaken menawi Jengandika Ki Lurah boten
badhe kersa manunggal kalihan Paguron Nagalanang. Pramila Bebau Kawisan lajeng
kaparentah murih tata-tata madeg dados Lurah lan njongkeng kawibawan
jengandika. Miturut petanganipun, Bebau ingkang taksih langkung setya dhumateng
jengandika Ki Lurah saha nggadhahi kekiyatan sapu kawat radi kathah, kantun
Bebau ing Peleman, Bebau Krajan lan Bebau Munggur. Bebau ing Pethek lan Bebau
ing Pilang kekalihipun sampun dipun sirnakaken kala dalu. Dene bebau ing dhukuh
sanesipun kaanggep gampil dipun ajrih-ajrihi. Menika kala wau petanganipun Ki
Batasigar lan Ki Dungkul kalihan Bebau Kawisan, Dene anggenipun badhe madeg
Lurah Bebau Kawisan, ngentosi dhawuh saking Ki Batasigar lan Ki Dungkul ingkang
badhe sepisan malih ngadhep lan nanting Jengandika Ki Lurah kersa manunggal
kalihan Padhepokan Nagalanang menapa boten. Menawi saestu jengandika kekah
boten kersa manunggal, nembe Ki Kawisan badhe dipun biyawarakaken menawi sampun
madeg dados Lurah, mirong kampuh jingga, mbondhan tanpa ratu lan wantun kalihan
jengandika Ki Lurah.”
Tiyang-tiyang
ingkang sami lenggah ing Pringgitan menika ketingal sami getem-getem,
ngepelaken tanganipun lan kepireng nggegetaken untunipun mratandhani menawi
nembe benter manahipun. Langkung-langkung Bebau Pilang lan Bebau Pethek,
senaosa kekalihipun boten wicanten menapa-menapa nanging ketingal praupanipun
ingkang mbrabak mengangah ngantos dumugi ing kuping. Untunipun kemrutug lan
lathinipun kedher awit ngampet raos benter ingkang ngobong manahipun. Namung Ki
Lurah ingkang ketingal ayem kemawon boten nedahaken menawi duka, namung
wongsal-wangsul njengkerutaken palarapan, pratandha menawi nembe ngulir
penggalih pados srana kangge ngudhari reruweting dhusun Pangapitan menika.
“Nuwun
sewu Kakang” dumadakan Ki Palir matur “patrapipun Kakang Dungkul lan Kakang
Dhangkal saha rencang-rencangipun menika sampun kesangeten anggenipun ngliwati
wates. Wirang ing manah kula sampun boten saged dipun aling-alingi malih.
Inggih awit saking menika, kaparenga Kakang Lurah paring pangestu, dinten
menika kula badhe dhateng Dhukuh Kawisan, badhe nglabrag lan nundhung Kakang
Dungkul lan Kakang Dhangkal saking Pangapitan.”
“Sampun
tindak piyambakan Paman” saderengipun Ki Lurah dhawuh wangsulan dhateng Ki
Palir, Sukmana numpangi rembag “kaparenga kula ugi badhe ndherek Paman Palir.”
“Adhi
Palir lan Kowe Sukmana” Ki Lurah paring dhawuh “kowe aja padha kaya bocah cilik
sing mung nuruti ati sing lagi kebranang. Apa mbok kira nundhung Dungkul karo Dhangkal
murih lunga saka Pangapitan kuwi gampang? kaya wong nggusah manuk glathik sing
neba ing empingane pari gaga?. Dungkul lan Dhangkal kae kajaba nduweni
kaluwihan ing olah kanuragan uga duwe watak julig lan culika. Nek kowe wong
loro saiki budhal arep nglabrag menyang Kawisan, tan wurunga bakal lebur tanpa
dadi, kaya dene kutuk sing marani sunduk utawa kaya ula sing marani gepuk……”
“Leres
menika Ki Lurah” Bebau Pilang nyela atur “tindakipun Ki Palir lan Adhi Sukmana
kedah wonten ingkang ngombyongi, kula lan sedaya Sapukawat lan Pamong ing
Pilang kanthi remening manah badhe ndherekaken Ki Palir lan Adhi Sukmana.”
“Makaten
ugi kula Ki Lurah” Bebau Pethek numpangi rembag “kula saha sedaya Pamong lan Sapukawat
ing Pethek, ugi badhe ndherek ngombyongi tindakipun Ki Palir lan Adhi Sukmana
nglabrag tiyang-tiyang ingkang badhe damel kisruh ing Pangapitan.”
“mBoten
kantun kula lan para Pamong lan Sapukawat ing Peleman ugi badhe ndherek lekasipun
Ki Pilang lan Ki Pethek, Ki Lurah” Bebau Peleman ugi urun rembag.
Bebau
Sumber lan Bebau Jambon meh kemawon badhe wicanten nanging dados wurung,
jalaran karumiyinan Ki Lurah paring dhawuh :
“Kabeh-kabeh
kok gampang temen nggone padha seneng nuruti panasing ati ta? nDika kabeh padha
elinga, sing diadhepi awake dhewe iki wong julig sing dhemen tumindak culika,
ora duwe rasa isin yen tumindake nyingkur marang jiwaning satriya, wani wirang
waton menang, tega ngurbanake nyawaning wong tanpa dosa sing wis kadhung
percaya marang pangebang-ebang ing crita kang ngayawara. nDika kudu ngerti, nek
saupama ndika lan para sapukawat sing budhal nglabrag Dungkul lan Dangkal sarta
kanca-kancane, mengko ndika sakanca bakal diadhepi dening para Pamong lan
Sapukawat saka Kawisan. Dadi ndika sakanca bakal paten pinaten karo sedulur
ndika dhewe sing padha-padha kawula lan warga Pangapitan. Yen wis mangkono
banjur sapa sing bakal nandhang kapitunan? Ora liya ya Desa Pangapitan, dudu Paguron
Nagalanang. Malah Paguron kuwi bakal oleh bathi sing akeh, tanpa kangelan
mungsuhe wis ringkih jalaran saka bodhone dhewe, tukaran karo kanca lan
sedulure dhewe. Yen wis mangkono, bebasan suwe mijet wohing ranti Paguron kuwi
anggone bakal ngregem Desa Pangapitan.”
“Lajeng
prayogining lampah kados pundi Kakang?” sareng tiyang-tiyang sami ndhingkluk boten
wonten ingkang wicanten, Ki Palir lajeng matur dhateng Ki Lurah “awit
kanyatanipun sanaosa ingkang badhe ngreridhu lampah kula lan para Bebau tuwin
Sapukawat lan Pamong saking Pangapitan menika mangke tiyang-tiyang Kawisan
ingkang ugi warga Pangapitan nanging rak sampun cetha bilih tiyang-tiyang menika
badhe damel kisruh ing Pangapitan menika?”.
“Sing
ndika kandhakne kuwi pancen ana benere Dhi” Ki Lurah paring wangsulan kalihan
suwanten ingkang nedahaken raos sabaripun “nanging si Adhi uga kudu ngelingi,
anane wong Kawisan tumindak mangkono kuwi mau jalaran merga keblithuk dening
wong sing pinter umuk sing ndadekne padha lali marang piwulange para leluhur
kang wis padha kundur ing kaswargan. Jalaran lali wong-wong mau banjur kleru
nggone milih dalan, dadine kesasar nggugu kojahe mungsuh sing pancen nasar. Lha
yen ana sedulure sing lali, wajibe dielingne, ora dimungsuhi nganggo
kekuwataning raga luwih-luwih nganggo landheping gegaman. Aku wis nemu cara
kanggo ngelingake sedulur-sedulur sing padha lali kuwi mau ngiras pantes cara
kanggo ngadhepi trekahe Wong Brendhilan lan para Cantrik saka Padhepokan
Nagalanang sing arep gawe kisruh ing Pangapitan iki. Mula iki aku njaluk tulung
marang ndika kang ana ing Pringgitan iki kabeh, supaya kabeh para Bebau lan
Pamong miwah para lelurahe Sapukawat ing dhukuh-dhukuh sa Pangapitan kajaba
sing saka Dhukuh Kawisan, ing dina sesuk esuk ing wancine srengenge salandheyan
dhuwure ing cakrawala iring wetan, padha mlumpuk ing Pendhapa Kalurahan. Aku
arep medharake cara sing tak kandhakne iku mau. Satemene mengko sore ya
bisa-bisa wae, nanging mengko sore kuwi aku lan Adhi Palir duwe gaweyan sing
uga wigati, mula mlumpuke para Bebau lan pamong sarta lelurahe para Sapukawat
luwih becik sesuk esuk kaya sing tak kandhakne mau wae.”
“Nuwun
sewu Kakang” Ki Palir matur “mangke Kakang Lurah lan kula badhe nindakaken
padamelan menapa? Dugi kula supe prakawis menika?”
“Si
Adhi apa lali yen ing omahmu sing saiki isih diawat-awati dening para Sapukawat
lan Ki Bau Krajan ana barang nyalawadi sing durung kamangertenan wujude? Ya
gaweyan niti priksa isining omahmu kuwi sing mengko sore arep ditindakne awake
dhewe” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem.
Ki Palir boten wicanten namung sirahipun
manthuk-manthuk tandha menawi sarujuk. Tiyang sanesipun sami nyawang Ki Palir
mawi soroting netra ingkang ngemu tandha pitaken.
(ana candhake)