dening: IMMIR
12.
Bubar mbisiki Bu Kardiman, Bu Narti ketok sumringah . Bu Kardiman ketok rada owah polatane , sajak ora pati mathuk karo sing dadi karepe mBakyune. Nanging Bu Kardiman nganti sauntara ora omong apa-apa, ndadekne Bu Narti malih dadi rada gumun, mula ya banjur nakoni adhine ipe kuwi :
"Mathuk ta Dhik? Kuwi miturut pamawasku lho?".
Bu Kardiman rada domblang-domblong, mula banjur wangsulan :
"Pripun nggih mBakyu? nek kersane mBakyu makaten kala wau napa nggih boten mesakaken Sujud?"
"Merga aku mesakne kuwi mau Dhik, banjur aku duwe pikiran sing mangkono iku mau" wangsulane Bu Narti "Lha piye ta?".
"Ngaten nggih mBakyu" Bu Kardiman nyawang pernahe lawang, bareng sing dikuwatirne teka sawayah-wayah durung katon, banjur nerusne ngomong alon sajak ngati-ati "sedaya niku rak nggih kedah timbang ta mBakyu? Lha wong Sujud niku lare pinter, sarjana ingkang wawasanipun wiyar, turun utawi trahipun kulawarga kinurmat, mesthinipun menawi dipun padosaken jodho inggih ingkang satimbang, bibit, bobot lan bebetipun ta mBakyu? Boten kok nuwun sewu, waton lare estri ngaten kemawon".
"Olehku milihne kuwi ya ora waton milih lho Dhik?" wangsulane Bu Narti "saiki pilihanku kuwi mau kurange manggon neng ngendi? coba karo sampean pirsani anakmu si Sujud kuwi kahanane wektu iki, wong-wong sing diweruhi Sujud kuwi wong tani utun sing uripe ora kopen merga ora ana sing ngurusi".
"Nuwun sewu nggih mBakyu" Bu Kardiman ngomongne panemune "Menawi sampun ngertos kanthi wetah sinten lare ingkang dipun kersakaken mBakyu kala wau, kula kinten kok anak kula Sujud kathah boten purunipun".
"Kok sampean duwe panemu mengkono? nganggo dhasar apa?" Bu Narti nugel rembug.
"Rumiyin Sujud sampun nate gadhah semah, sanadyan bab rupa boten kaot kathah kaliyan ingkang dados pilihanipun mBakyu punika nanging babagan kawruh harak inggih langkung inggil sanget kaliyan ingkang punika. Rumiyin Vera lulusan SMA , lha nek lare sing niki? namung dugi kelas gangsal SD lho mBakyu" Bu Kardiman njlentrehne pawadane.
"Mengko dhisik Dhik" Bu Narti genti aweh pawadan kanggo nguwatne panemune "ora ateges ngremehne bocah weton sekolahan lho ya ? Jareku nadyan ora sekolah pisan, waton wis ngerti tulis, bisa maca kanthi lancar kuwi tumrape Ibu Rumah Tangga wis cukup, lire kanggo ngayahi kuwajiban dadi Ibu Rumah Tangga ora kudu pinter ing babagan Matematika sing njlimet, Bahasa Inggris sing bisa cas-cis-cus, Biologi utawa IPA liyane nanging cukup siji ngerti ing kuwajibane. Dene perkara ana kurange mengko dadi kuwajibane sing lanang supaya mulang muruk. Karo maneh jenenge kawruh sing ana sambung rapete karo kuwajibane wong omah-omah kuwi sing akeh ora diwulangake ing sekolahan lho Dhik, nanging kawruh sing ditampa awit ombyaking kahanan. Iya apa ora?".
Bu Kardiman meneng sedhela, pancen sing dadi dhasar utawa pawadan lan pancatane Bu Narti kuwi ora kabeh salah, nanging ya ana benere. Nanging sabodho-bodhone wong urip mesthi ngerti nek lulusan SMA kuwi tetep dudu tandhinge yen dijejerne karo sing ora duwe ijasah babar pisan, sanadyan ora buta hurup. Arep ngomong ngono, nanging Bu Kardiman wedi yen nganti gawe gelane mBakyune. Mula banjur meneng lan durung semaur kanggo mbenerake utawa nampa sing dadi pawadane Bu Narti sing ngono kuwi mau. Bu Narti ya ora omong apa-apa maneh, ngenteni wangsulan saka adhine ipe.
Nalika wong loro kuwi padha meneng-menengan, saka ngarep keprungu suwarane Kanthi lagi omong-omongan karo Mur, sajake olehe omong-omongan karo mlaku.
"Ngaturi pirsa Budhe" Mur sing tekane bareng karo Kanthi kuwi banjur lungguh neng jogan sacedhake Bu Narti lungguh neng kursi. Kanthi ya melu lungguh njejeri Mur.
"Iya piye? wis rampung ta?" Bu Narti wangsulan karo takon.
"Sampun Budhe" wangsulane Mur sopan banget "para adhik-adhik panti sami ngaturaken panuwun dhteng Budhe lan ndherek ndedonga mugi-mugi Pakdhe Sakun kaparingan barakah dening Gusti Allah dipun suda dosa lan kalepatanipun lan dipun wewahi ganjaranipun".
"Amiin" Bu Narti nyauti karo muni amiin.
"Lajeng niki wau kaliyan Bu Enggar kula diparingi Kwitansi supados dipun aturaken Budhe" kandhane Mur karo ngulungake kwitansi.
"Apa? Kuitansi?" Bu Narti nampani sing diulungne Mur karo takon.
"Inggih" Mur wangsulan "estunipun kula wau injih sampun matur bilih Budhe Narti boten ngersakaken kuitansi, nanging ngendikanipun Bu Enggar punika wajib kangge sarat tertibipun administrasi, kula wau injih kadhawuhan supados parap neken dhateng buku, inggih sasaged-saged kula lajeng kula parap".
"Iya-iya" Bu Narti manthu-manthuk banjur pitakon maneh "dadi mau sing matur menyang Bu Enggar Mur? dudu Kanthi?".
"Nyuwun pangapunten Buk-e" Kanthi sing wangsulan "kula radi ajrih wong kula boten pati saged basa krama inggil kados mBak Mur, mila kula lajeng nedhi tulung teng mBak Mur, kersane boten nglelingsemi".
"Iya, iya ora dadi apa" wangsulane Bu Narti "mula kowe kuwi kudu sregep ngelingt-eling nek dhong tak warahi basa ngana kae".
"Injih Buk-e, anu lho wau mBak Mur kalih Bu Enggar dikinten taksih pulunane Ibuk-e lho" Kanthi genti crita.
"He? Piye?" Bu Narti takon karo mesem.
"Injih Budhe" Mur genti sing nerangne "Bu Enggar namung ndangu punapa Mur pulunanipun Budhe ngaten, lajeng kula matur bilih kula punika abdinipun Buk-e, rayinipun Budhe. Bu Enggar inggih namung gumujeng lan boten njabel basanipun".
"Iya, sak jane upama mau kok wangsuli inggih kula ponakane Budhe Narti ngono ya ora apa-apa kok" Bu Narti wangsulan karo ngguyu sajak seneng.
"Lhah Budhe niku kok, niku rak nami goroh? mengke dosa kula rak tumpuk undhung" wangsulane Mur.
"Lha kok tumpuk undhung?"
"Lha inggih, sepisan dosa dhateng Gusti Allah, ping kalih dosa dhateng Bu Enggar amargi kula sampun wani ngapusi, ping tiga kula dosa dhateng Budhe Narti, awit sampun wantun ngaken bilih kula pulunanipun, ping sekawan dosa dhateng Buk-e awit sampun nerjang piwucalipun Buk-e supados kula boten goroh".
Bu Narti ngguyu seneng krungu wangsulane Mur sing ngono kuwi mau.
"Ya wis, mau jajane wis padha dimaem apa durung? kana ndang padha dimaem, mau tak selehne neng kenap cedhak lemari makan" Bu Narti banjur wangsulan.
"matur nuwun Budhe" Mur karo Kanthi manthuk banjur lon-lonan padha mundur.
Sapungkure bocah loro kuwi Bu Narti banjur genti nyawang Bu Kardiman karo kandha :
"Arang lho dhik jaman saiki bocah sing unggah-ungguhe komplit kaya bocah sing dadi pihanku kuwi mau".
Bu Kardiman ora semaur mung manthuk karo mesem. Bu Narti mbacutne kandhane "malah ora arang bocah weton sekolahan , SMA pisan ta sing nek omong nganggo basa krama dadi kuwalik-walik".
"Inggih mBakyu, sakniki ngatren kemawon mangke utawi benjing punapa mBakyu enggal ndangu lan naros Sujud ing prakawis punika, menawi Sujud mathuk nembe kula badhe nyobi nari lare ingkang dipun pilih mBakyu punika".
"Iya Dhik, aku ya mathuk nek ngono kuwi" wangsulane Bu Narti sajak kalegan atine.
Kira-kira jam papat sore, olehe ngganti olie Andhik wis bali saka anggone ngganti olie. Bu Kardiman banjur pamitan arep bali menyang Jakarta.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar