Total Tayangan Halaman

Minggu, 15 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (13)

 

dening: IMMIR

 

13.

Lagi wae mobil sing disetiri Andik arep metu saka plataran omahe Bu Narti, saka ngarep ana mobil Pikup menggok mlebu. Andhik mandheg, ngenteni mobil pikup iku mlebu tekan latar dhisik.Nanging mobil Pikup kuwi malah mandheg, sing nyetiri mudhun saka mobil, banjur mlaku nyedhaki mobile Andhik. Sopire wong lanang sing nganggo topi, nutupi rambute sing rada dawa, sandhangane ketok prasaja, kaya lumrahe sandhangane wong saka desa.  Bu Kardiman mbukak lawang mobil banjur mudhun, Mur lan Andhik uga banjur melu mudhun ngetutne bendarane.

"Bulik......? punapa sampun badhe kundur?" sopir Pikup kuwi luwih dhisik nglorohi karo ngethungne tangane ngajak salaman. Sawuse salame ditampani wong kuwi banjur ngambung tangane Bu Kardiman sajak kurmat banget. Bubar kuwi banjur nyalami Andhik lan Mur.

"Sujud ta?" wangsulane Bu Kardiman karo nguwasi wong kuwi.

"Inggih Bulik? punapa Bulik sampun badhe kondur dhateng Jakarta?" sepisan maneh Sujud takon.

"Iya, wong Bulik mau ngeneni awakmu wiwit esuk ora teka-teka, ya Bulik banjur arep bali" wangsulane Bu Kardiman.

"Nyuwun pangapunten Bulik" Sujud njaluk ngapura "murugaken wau nembe repot sanget, ngurusi damelan dhateng tegilan, dados sonten nembe saged sowan Ibu lan nyekar dhateng pasareyanipun Bapak".

"Ngendikane Ibumu mau saiki sliramu alih profesi ta?" Bu Kardiman takon.

"Inggih Bulik, kula nyobi kepengin mandhiri sinau dados tiyang tani dhateng tegilan ing Leuwiliang mrika" Sujud wangsulan "sampun radi dangu kok".

"Ya wis kapan-kapan Bulik ya kepengin dolan ndelok Kebun sayurmu kok, ya nek ana wektu longgar sliramu dolan ngendhangi Bulik ya? saiki Bulik tak pamit dhisik".

"Inggih Bulik, matur nuwun kula tengga rawuhipun Bulik teng dhusun, nggih menawi Bulik kundur sak niki pangabekti kula kemawon ingkang ndherekaken" wangsulane Sujud karo mesem.

Bu Kardiman bali munggah neng mobil, Andhik karo Mur ya banjur ngetutne munggah. Sujud bali menyang mobile maneh banjur dilakokne mlebu plataran.

Kaya padatan, ketemu Ibune  Sujud ya banjur sujud, sungkem ndhoprok neng jogan karo tangane ngapurancang ngadhep Ibune sing lungguh neng kursi.  Ya sing mangkono kuwi sing marahi Bu Narti sansaya wuwuh sih katresnane marang bocah kuwi, katresnane biyung marang anake, sanadyan anak sing ora olehe nglahirake dhewe. Bu Narti ngongkon Sujud supaya lungguh neng kursi, banjur kandha :

"Iki mau Bulikmu sedina lho nang neng omah kene, jane wonge ya kangen karo ponakane sing bagus iki".

"Inggih Buk" Sujud wangsulan "wau Sujud kepanggih Bulik dhateng ngajengan. Sak niki, Sujud nyuwun pangestu badhe sowan dhateng pasareyanipun Bapak rumiyin nggih Buk?".

"Oh, arep nyekar dhisik ta?" Bu Narti mangsuli "iya sing ngati-ati, sing dibutuhne Bapakmu saiki mung kari dongane putra-putrane Nang".

"Injih Buk, kepareng Sujud bidhal rumiyin"

"Iya, Ibu wingi sore wis saka kana kok".

Sujud banjur ngadeg, mlaku metu arep menyang kuburane Bapak-e.

Sauntara kuwi, lakune mobil sing disetiri Andhik wis rada adoh ninggalne Gunung Putri, karo mlaku Andhik matur takon marang Bu Kardiman :

"Nika wau napa Mas Sujud ta Buk? Kula kok radi pangling. Sak niki benten kaliyan rumiyin".

"Iya" wangsulane Bu Kardiman "iya saiki mundhak dadi rada ireng, sajake kakehan keneng sunare srengenge, wong Sujud kae saiki dadi wong tani neng Leuwiliang kana, nandur sayuran jarene".

"Inggih ta Buk? layak........".

"Layak piye? nyandhang nganggone saiki dadi kaya wong ndesa ngono ya?" Bu Kardiman mesem.

"Inggih, ketingal. nuwun sewu... boten radi  kopen".

"Lha iya genah ta nDhik, wong Sujud ki saiki ora ana maneh sing ngurusi saben dinane".

"Lha garwanipun?" Andhik takon.

"Genah nek Vera wis ora ana ngono lho? kowe pa lali? genah biyen ya dijak nglayat ngono kok?".

"Inggih Buk, kula emut, kajeng kula, napa sasampunipun ditilar seda mbak Vera nika dereng krama malih?"

"Durung, sajake lagi kasengsem ngurusi gaweyane sing anyar iki, dadi klendran olehe mikir bojo maneh".

"Mesakaken nggih Buk-e? Mesthi Budhe Narti inggih prihatos pirsa kawontenanipun Mas Sujud ingkang kados makaten punika" Mur nyela melu nrambul gunem.

"Ya pancen mesakne banget Mur" wangsulane Bu Kardiman "ing ngatase Sarjana, saiki penampilane kok kaya ngana kae mau, ketok luwih tuwa tinimbang umure sing asli".

"Lha Mas Sujud punika yuswanipun pinten ta Buk-e?" Mur takon.

"Bocah kae umure lagi wolulikuran, ning rak wis ketok tuwek ngono ta?".

"Jane nggih boten Buk" Mur aweh panemu "ingkang murugaken ketingal radi sepuh niku, nika lho rikmanipun gondrong tur boten dipun atur, lajeng rawis kaliyan jenggot ingkang ugi boten dipun urus. mangke menawi sampun kober paras rikmanipun dipun potong lajeng jenggot brengosipun dipun kerok rak ketingal timur malih".

"Lha sing arep ngongkon Sujud cukur sapa? sing gelem ngelikne ben gelem ngresiki jenggot karo brengose ya sapa?" Bu Kardiman kandha karo ngguyu.

"Nggih garwanipun ta Buk-e"

"Dikandhani nek Sujud ki durung duwe bojo maneh sak ploke ditinggal Vera, kok kowe ki malah ngomong nggih garwane?".

"Ingkang kula kajengaken, mangke menawi Mas Sujud sampun krama malih, ngoten lho Buk-e".

"O, ngono ta?" Bu Kardiman mesem.

"Inggih, Buk-e mawon enggal matur Budhe Narti supados kersa nuturi Mas Sujud, kersanipun enggal krama malih".

"Mau Budhe Narti ya wis ngendikan nyang aku, nek jare arep nuturi ngono kuwi. Nanging wong kahanane Sujud ki kaya ngana kae, apa kira-kira ya ana wong wedok sing gelem dipek? luwih-luwih Budhe Narti kuwi ya gampang-gampang angel, durung karuwan sing dadi pihane Sujud bisa ditampa karo Budhe Narti" Bu Kardiman kandharada dawa. menang-meneng sajroning atine, wiwit nocogi karo sing diomongne mBakyune Ipe dhek awan mau. Nanging, Bu Kardiman ya durung wani mblakakne apa sing wis disepakati antarane dheweke karo Bu Narti mau awan, ing rembugan neng jero mobil iki. Ngono kuwi merga kajaba ora kepenak rembugan wigati kok karo mlaku, kaping pindho Bu Kardiman kepengin olehe rembugan ora dingerteni dening wong sing ora ana sambung rapete karo prakara iki.

Mur ora omong maneh, ngrumangsani durung pati ngerti ing babagan ngono kuwi, Malah Andhik sing banjur nyauti :

"Pancen sedaya punika menawi dereng  panggih jodhone nggih radi angel nggih Buk?"

"Bener, wong terkadhang sing diangen-angen kuwi karo sing kudu dilakoni mlesete sok rada adoh barang" wangsulane Bu Kardiman.

"Upaminipun pripun Buk?" Andhik takon karo mesem.

"Ya upamane Budhe Narti karo Sujud padha-padha saiki kepengin oleh randha sing durung duwe anak, wong Sujud ya durung duwe momongan. Ndelalah, bisa uga dumadakan Sujud kepethuk Randha sing wis duwe anak loro banjur Sujud kepencut, ya bisa wae. Ya ra?".

"Andhik ngguyu krungu wangsulane Bu Kardiman sing mangkono iku mau.

"Nanging kosokwangsulipun inggih saged lho Buk-e?" Mur melu amul rembug maneh.

"Kosok baline piye?" Bu Kardiman takon.

"Saged ugi malah Mas Sujud kepanggih prawan ayu taksih nem, ingkang purun dados garwanipun".

"Iya kuwi ya bisa wae, Mur. Wong jodho kuwi sejatine wewenange Sing Ngecet Lombok, dadi abang apa dadi ijo ngana kae". Bu Kardiman wangsulan mbenerake apa sing diucapne Mur.

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...