cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
53.
Sauntara kuwi, Indri sing bareng karo Eva bareng tekan omah weruh ana Fortuner parkir neng latare dadi takon-takon neng jero ati. Ketoke Indri wis kerep weruh mobil kuwi, ning lali neng ngendi, karo lali dhek kapan olehe weruh. Indri banjur mudhun saka mobil, ditune Eva lan kanca lima liyane. Bocah lima anggota 3M kuwi, banjur padha pamitan, njupuk sepedha motore sing mau ditinggal neng kono, banjur mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Pak Anis ora mampir merga liwat dalan liya sing luwih cedhak.
"Ayo mBak mlebu omah dhisik" kandhane Indri ngajak Eva mlebu.
"Ketoke lagi ana tamu Dhik? nek ndelok mobile, Iki mesthi wong penting, Fortuner modhel sing anyar dhewe, plat L, Surabaya" kandhane Eva mangsuli pangajake Indri, karo ngomongne mobil sing diparkir neng latar ngisor pelem kuwi.
"Ooo, iya....." Indri ngomong karo ndemek bathuke dhewe .
"Apa Dhik ?" Eva takon rada kaget.
"Anu, kuwi mobile Pak Tri, Ome mBak Farida" wangsulane Indri "daleme Surabaya, nanging kok neng kene? Apa mBak Farida? kok gak WA dhisik?".
"Ya wis, ayo ndang mlebu" kandhane Eva "mengko rak genah nek wis kepethuk wonge".
Alon-alon bocah loro kuwi mlebu omah, karo uluk salam. Tekane Indri karo Eva dipapag karo eseme Bu Lilik, sing banjur nglorohi Indri :
"Temen ta mBak? Ammah wis tekan omahmu temen ta?. Saka kegiatan nang ngendi wae iki mau?".
Indri karo Eva gentenan nyalami Bu Lilik.
"Saking Kaligedhe Ammah" wangsulane Indri " saking studi banding dhateng Kaligedhe".
"Lha mBake iki sapa? ketoke Ammah kok durung tau ketemu?" pitakone Bu Lilik sawuse disalami Eva.
"Dalem Eva, Ammah, sedherekipun Dhik Indri" wangsulane Eva melu-melu ngundang Ammah marang Bu Lilik.
"Niki putra wuragilipun nDara Den Ayu Hartini Bulik" Karmini nrambul rembug nggenahne sapa Eva marang Bu Lilik.
"Oo, mBak Tien mBakyune Pakdhe Bagus ta? enggih-enggih" wangsulane Bu Lilik karo manthuk-manthuk.
"Bu Lilik karo Pak Triyanta iki biyen daleme ya kene mBak Eva, saiki pindhah nyang Sidoarjo kana, Pak Triyanta iku isih kapernah rayine Pak Supriyadi sing daleme Plosorejo wetanMasjid Al-Hasan kae" Karmini genti ngandhani Eva nggenahne mungguh sapa Pak Triyanta kuwi.
Eva rada kaget ngerti nek sing ana ngarepe kuwi jebul, sing dirasani karo Mamahe dhek esuk, Alif. Alif sing jare Mamahe arep dijodhokne karo dheweke, nanging Eva ora gelem mau. Eva nglirik, Mamahe pancen ora salah, Alif bocahe ngganthengt, pideksa, sopan tur ketoke ya pinter tenan.
"Beneran iki" dumadakan Antok ngomong kandhane rada dibanterne.
"Beneran piye ta Mas?" Bagus takon "sampean ki durung rampung omongan, malah arep ngomong liyane? coba mau olehe sampean ngomong mau tekan ngendi?".
"Iya... iya.... " Antok ngguyu "iya tak tutugne dhisik olehku kandha mau, Indri gak sah nglaih nang kene wae".
"Mangga" Bagus wangsulan.
"Wongtuwane Arek wedok iku gampang-gampang angel, nek kumat kakune kaya alu kencenge, ning nek lagi nengah udele, lemese kena ngge tali" Antok nutugne olehe crita "aku arep nembung nyang wong iku malih ragu-ragu, kuwatir wonge tersinggung banjur aku disatru. Mas Bagus ya wis ngerti dhewe, dadi wong ki aku gak pinter omong, sansaya nek ngomongne barang sing wigati ngono iku".
"Wis, aku wis ngerti saiki" Bagus wangsulan karo ngguyu "sampean rak arep ndhawuhi aku dadi talanging basa ta?. Siap Mas, kapan ? omahe ngendi?"
"Temen Mas?" Antok takon serius.
"Tenan, wis ta ndang paring dhawuh wonge iku sapa? Daleme ngendi? banjur olehe mara rana suk kapan? Tak jamin berhasil dengan gemilang Mas, waton bocahe kuwi durung ana sing nglamar lho?!?" wangsulane Bagus mantep.
Antok meneng sedhela banjur nyawang sisihane karo sinar mripate nuduhne tandha pitakon. Indri wangsulan karo isarat manthuk.
"Nek ngono, ngene Mas Bagus ambek mBak Kar, waleh-waleh apa pancen aku kudu bares marang sampean" Kandhane Antok ngati-ati, tembunge digawe arang olehe ngucapne "tekaku mrene iki mau, sepisan apene nagih janji marang mBak Karmini, ping pindho apene nyuwun tulung marang Mas Bagus".
"Nangih janji ingkang pundi Mas Tri?" Karmini takon sajak kaget, Bagus ya melu-melu kaget, merga ora ngerti nek sisihane jebul wis ngiket janji karo Antok, janji bab apa iki?.
"Aku nyuwun sepura Mas Bagus" kandhane Antok sabanjure "biyen awake dhewe isih nom, isih legan, aku tau gak bares marang sampean".
"Bab apa kuwi Mas?" Bagus takon.
"Nadyan rada isin ya tak kandhakne" wangsulane Antok karo mesem "biyen jaman baren-bareng ngeterne atlet silat Kedunggalar neng Ekakapti sing salah siji atlete ya mBak Kar iki, tanpa dingerteni sapa-sapa aku omong nyang mBak Kar nek kepengin nyambung talining katresnan, jebul dening mBak Kar ditulak, sebab mBak Kar wis luwih dhisik nampa katresnane Mas Bagus. Aku ya banjur mupus, pancen dudu jodhoku. Nanging aku banjur nembung nyang mBak Kar, mbesuk awake dhese besanan wae, ngono. Mbak Kar ya nyaguhi. Mula saiki aku arep nagih janjine mBak Kar mau. Banjur aku nyuwun tulung Mas Bagus supaya nembungne putra sampean si Alif marang wong tuwane Indri, nek Indri durung duwe pacangan, tur ya ora kabotan, tak suwun bisaa dadi jodhone putra sampean Alif".
Karmini karo Bagus rada kaget karo sing dikandhakne Antok ngono kuwi, ora nyana babar pisan nek tekane Antok saanak bojone kuwi mau arep nglamar anake. Beda maneh karo sing ana angen-angene Indri. Merga sanajan durung tau jagongan, omongan karo Alif ya mung nek pas kepethuk neng Yogya tur ya mung nek perlu thok wae, satemene ana rasa aneh ing atine Indri saben-saben krungu jenenge Alif diucapne wong liya ngana kae. Lan bareng saiki ditembung marang wong tuwane, Indri mung bisa meneng, pasrah apa sing dadi keputusane wong tuwane. Luwih beda maneh karo sing digagas Eva. Mau esuk, sadurunge budhal mau, Eva kober rada eyel-eyelan karo Mamahe, sing dadi jalaran mung merga ngrembug karepe Mamahe sing kepengin, njodhokne dheweke karo Alif, sing sasuwene iki durung tau ditepungi. Tujune mau, direwangi Mamahe nganti muring-muring Eva kukuh ora sarujuk karo pangrigene Mamahe. Upama mau diiyani? harak sida kecelik tenan?. Nanging, mengko kepriye ? Mamahe mau kandha nek Eva emoh, sing arep dijodhokne karo Alif ponakane bu Narsih ki genti si Ester, sedulur nak dulure. Gek mengko dadine kepiye, atake Ester ora kaya dheweke, dikandhani ana wong bagus sing isih jomblo, banjur ditampa ngono wae?. Banjur nek Mamahe sidane kecelik?. Ah, kuwi dudu urusanku........ akhire Eva mupus.
"Ngene ya Mas Antok" Bagus genti omong padha karo Antok pas omong mau, suwarane digawe ngati-ati tembunge diarang-arangne "nek wong tuwane Indri genah nek wis mathuk, saiki sing arep nglakoni tak tarine dhisik gelem utawa orane".
"Iya Mas, Mangga"
"nDhuk Indri, kowe wis krungu dhewe apa sing dingendikane Pak Tri mau, saiki wangsulana kowe gelem apa ora dadi sisihane Mas Alif?" Bagus nakoni anake wedok.
"Lha mengke kuliah kula pripun Bapak?" Indri ora mangsuli panarine Bapake malah takon bab kuliahe.
"He, Bapak ki takon kowe gelem apa ora? kok malah ngrembug bab kuliah barang? perkara kuliahmu dirembug nek kowe wis mangsuli pitakone bapak, gelem apa ora?".
Praupane Indri mbrabak abang, kabeh mripat sing ana kono padha tumuju marang dheweke, kabeh kepengin ngerti apa sing dadi wangsulane. Nanging Indri milih meneng ora wangsulan, merga Indri ngerti kabeh sing ana kono wis padha weruh, menenge prawan ditari rabi kuwi ateges wis ngiyani lan gelem nglakoni.
Kahanan dadi sepi, ora ana suwara apa-apa. Saka kadohan keprungu suwarane Manuk Kutut sing isih durung diingu lan diwadhahi ing kurungan, nanging bebas ngayer ing pang-pang wit sing ana ing pategalan. Lan saka omah sebelah, keprungu suwarane wong muter radio sing nggiyarne lagu-lagu campur sari, keprungu lamat-lamat Manthos ngidungne lagu lawas :
"....... wekasan mung welingku......
aku titip kembang mawar biru .........
cuthel.