Total Tayangan Halaman

Minggu, 14 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 50

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


50.

Eva mesem dhewe, mau Mamahe kandha nek Eva ora gelem dijodhokne karo Alif, mangka Alif genti arep digathukne karo Ester sing dhek wingi mara mrene karo nesu-nesu. Yen Ester gelem, sanajan mbuh diarepi karo mbuh ora, kuwi mungguhe Eva pancen luwih becik. Ester bakal ora nguber Mas Arka maneh. Kanthi mangkono peluange Eva kanggo ngarah atine Mas Arka bakal luwih jembar maneh. Lan Eva ya arep terus mbudidaya kanthi cara sing terhormat kanggo mujudne pepenginane, nyambung tali katresnan karo nakdulure dhewe, putrane Pakne Cilik sing wis ndudut atine kuwi.

 

Eva ngetokne HP saka kanthongan clanane, arep nelpon Indri sing wingi lagi wae diparani.

 

"Wa'alaikum salam" Eva mangsuli salame Indri sing lagi wae ngangkat telepone Eva karo ngucapne salam " Dhik Indri dina iki ana acara apa ora? Nek ora arep tak kon ngancani aku, metu golek hawa seger. Neng omah tanpa kegiatan ki rasane sumpeg thok".

 

"Nek sida arep menyang Kaligedhe mBak" wangsulane Indri lewat HP ne.

 

"Kaligedhe kuwi ngendi ta Dhik? Acara apa?" Eva takon.

 

"Kaligedhe kuwi desa tengah alas, lor bengawan mBak, wong iki mengko bareng-bareng karo kanca-kanca Muda-Mudi Masjid kene, diajak Pak Anis Purwanto Penyuluh Fungsional, entrane ngono arep Studi Banding nyang Masjid Kaligedhe sing salah siji kegiatane pemberdayaan peternak kambing. Piye mBak?" Indri wangsulan nggenahne olehe arep lunga menyang kaligedhe esuk kuwi.

 

"Adoh no Dhik? Upama aku melu oleh apa ora? ben ngerti sethithik-sethithik kegiatan Muda-Mudi Masjid? Numpak apa ta?" Eva takon maneh, mikire nek oleh melu ya lumayan, wong mau olehe arep ngajak metu Indri kuwi kajaba kanggo golek hawa seger, ya murih bisa luwih raket olehe srawung karo adhine Mas Arka kuwi kok.

 

"Lha nek mbak Eva ngersakne ndherek ya luwih apik" wangsulane Indri "ngendikane Pak Anis nganggo mobile Pak Anis wae, nanging iki bocahe sepuluh, sewelas Pak Anis, nek tarah ora cukup salonge ben sepedhahan wae, aku mengko ya bisa kok sepedhahan".

 

"Ya wis nek ngono Dhik, aku melu, mengko tak ngetokne R3 ku wae, dadi gak sah enek sing sepedhahan. Nek Mobile loro rak rada longgar mengko" kandhane Eva maneh.

 

"Ya nek ngono matur nuwun banget mBak" liwat HP Indri ngaturne nedha nrimane.

 

"Ya Dhik, aku tak mrono saiki. Assalamu'alaikum" Eva nutup telepone. Banjur mlebu garasi, manasi mobile, mobil Suzuki R3, plat AB sing kulinane digawa kuliah.

 

"Lha kok manasi mobil arep nyang ngendi ta Nok?" Harmana sing lagi mulih saka olah raga numpak sepedha, nakoni anake wedok sing manasi mobile.

 

"Anu Pah, arep melu bocah-bocah masjidan studi banding menyang Kaligedhe, jarene bocah-bocah arep ngembangne usaha ternak kambing" wangsulane Eva blaka.

 

"Lha nek kancane akeh, nganggo mobile Papah apa piye? Papah dina iki ora nyang ngendi-endi kok" Harmana nawani anake wedok supaya nganggo mobile, Inova Rebon modhel anyar dhewe.

 

"Ora Pah, penak nganggo iki wae" wangsulane Eva, sing banjur mlaku menyang kamare, arep salin sandhangan, ganti nganggo jilbab merga menyesuaikan karo kanca-kanca sing bocah masjidan.

 

Ora let suwe, Eva wis nggelak mobile menyang omahe Indri, karo ati sing seneng, mbuh apa sebabe. Tekan omahe Indri, meh bareng karo Pak Anis Purwanto sing luwih dhisik mudhun saka mobil Inova G ne.  Neng latare Om Bagus kuwi wis ana sepedha motor telu diparkir neng ngisor pelem. Jebul bocah-bocah Muda-mudi Masjid cacah sepuluh klebu Indri wis ngenteni neng kono. Sing lima lanang sing lima wadon.

 

Bocah sepuluh kuwi padha ngrubung pak Anis, Penyuluh sing dikirim Kemenag kanggo mbina Muda-Mudi Masjid kono.

 

"Dipun tepangaken Pak Anis, niki mBak Eva sedherek kula" kandhane Indri marang Pak Anis Purwanto bareng Eva teka "lulusan Sarjana Agronomi, ingkang wisudanipun sekedhap malih".

 

"Tepangaken kula Anis Purwanto" kandhane pak Anis karo rada mbungkuk kurmat marang Eva.

 

"Matur nuwun, kula Eva Bapak, sedherekipun Dhik Indri" Eva wangsulannepungake dhiri.

 

"Pak Anis ki Pembinane bocah-bocah kene mBak" Indri melu nepungne Pak Anis marang Eva "Penyuluh Fungsional Kemenag, beliau iki Ketua Pokjaluh se Eks Karesidenan Madiun".

 

Eva mung mesem karo manthuk-manthuk.

 

"Ya wis ayo mumpung isih rada esuk gek ndang budhal wae" kandhane Pak Anis ngajak bocah-bocah kuwi budhal "sing sepedhahan ben cowok-cowok wae, ceweke ben bareng aku".

 

"Ngeten mawon, kanca-kanca sing jaler sareng Pak Anis, lha sing estri kersane sareng kula" sadurunge bocah-bocah kuwi ana sing semaur, Eva ndhisiki mangsuli kandhane Pak Anis.

 

"Oh, inggih matur nuwun nek ngaten" Pak Anis lagi kelingan nek mau Eva nggawa mobil.

 

Karo mlaku Indri nyritakne kegiatane Muda-mudi Masjid marang Eva. Pancen sengaja kumpulane bocah-bocah nom masjid kono kuwi ora nganggo jeneng resmi Remaja Masjid, merga jarene luwih sreg karo istilah sing digunakne dhisik dhewe nalika kumpulan kuwi dibentuk. Kumpulan sing jenenge dicekak 3M kuwi biyen sing ngrintis Arka sing dibimbing Ustadz Muhtarom, sing saiki wis almarhum. Kegiatane ora mligi ngaji utawa ngibadah ritual thok, nanging luwih akeh sing wujud kegiatan sosial kaya tunggale kerja bakti lan olah raga, uga sinau carane golek sangu urip neng donya, kanthi makarya kang nyata. Lan merga saka olehe sinau ing 3M kuwi wis akeh nom-noman sing wis bisa urip mandhiri, ana sing bakul bakso, ana sing bukak tambal ban, tuakang cukur, gawe paving  lan liya-liyane lha sing keri dhewe iki ana gagasan supaya ana anggota 3M sing gelem lan bisa mbudidaya ternak wedhus. Mula supaya apik asile nggone sinau, dening Pak Anis diajak studi bandhing ngangsu kawruh menyang Kaligedhe, sing nom-noman aktivis masjide wis luwih dhisik ngecakne budidaya wedhus etawa lan kena diarani wis sukses. Nom-noman Masjid Kaligedhe kuwi uga dadi  binaane Pak Anis Purwanto. Pancen Pak Anis Purwanto, Sarjana Dakwah weton IAIN Sunan Kalijaga, sing saiki wis ngalih dadi UIN Sunan Kalijaga Yogyakarta, kuwi kondhang Penyuluh sing sregep lan ora tau gelem leren nindakne tugas sing dipercayaake dening Pemerintah marang dheweke. Sansaya maneh, sawise kelingan nek tahun iki arep Pensiun, Pak Anis sansaya sregep anggone nindakne Penyuluhan.

 

Tekan Kaligedhe, wis dienteni dening para sinoman Masjid kono. Banjur padha dituduh-tuduhne kandhang-kandhang Domba Etawa sing sumebar neng pirang-pirang panggonan. Pak Sugiana sing luwih akrap karo asma singlone Ki Gambang Kawat, Kamituwa Kaligedhe sing bebarengan karo Pak Agus Supriyanto, Kamituwa Ngancar, kekarone kuwi Pembina Sinoman Masjid Kaligedhe, ora bosen anggone aweh wangsulan marang para sinoman kanca-kancane Indri sing padha takon magepokan karo cara sing becik olehe ngopeni wedhus. Wong loro kuwi uga aweh katrangan pirang-pirang, suket-suketan apa sing akeh gizine, carane gawe roti janggel jagung kanggo pakan wedhus, apa-apa sing kudu dipakakne wedhuse murih susune wedhus etawa kuwi bisa luwih akeh, lan liya-liyane. Kabeh katrangan saka Pak Agus karo Ki Gambangkawat dening bocah-bocah kuwi padha ditulis neng buku cathetane dhewe-dhewe.

 

Bubar sembahyang dzuhur anggota 3M banjur padha pamitan, diutapne dening Pak Agus Supriyanto karo Ki Gambangkawat klawan gembira, wong loro kuwi uga padha pesen, nek ana pitakonan sing kelalen ditakokne, bisa takon liwat aplikasi WhatsApp . Baline rombongan 3M kuwi dening Pak Anis diampirne neng warunge Pak Min Arab, merga wis wayahe mangan awan, dening Pak Anis bocah-bocah kuwi ditraktir mangan lawuh Gurameh Bakar sing dadi andhalane warunge Min Arab.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...