Total Tayangan Halaman

Minggu, 14 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 49

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


49.

 

Tekan subuh anggone Eva ngancing lawang kamare saka jero, mbarengi karo mletheke srengenge esuk, wis adus jibar-jibur neng kamar mandi, terus dandan rapi. Sri Hartini sing weruh nek nesune anake wedok wis lilih, mung ngulati saka kadohan nalika Eva nyerbeti sepedha motore ing garasi. Menang-meneng Sri Hartini rumangsa seneng, anake sing sok ngalem, rumangsane ketok ayu banget. Rembugan karo sisihane wingi awan, bali dumeling ing kupinge maneh. Eva sing ayu lencir kuning kuwi pancen cocog banget yen disandhingne karo Alif putrane Pak Triyanta sing bagus tur pidegsa kae. Lha mengko nek Alif Sarjana Teknik lulusan ITS sing dadi wong penting neng Pertamina kuwi klakon bisa didadekne mantune, banjur Ester ponakane sing lagi kapedhotan ing sih, dijodhokne karo sapa?.  Ah, kuwi urusan mburi, mengko mesthi ana liyane sing bisa dienggo gantine Arka, sir-sirane Ester sing wis ditampik dening Bandana merga saka eguh lan pratikele Harmana wingenanane kae. Sing luwih baku wektu iki mikirake masa depane anake wedok luwih dhisik, lan masa depan sing cetha yen apik kuwi yen Eva bisa dijodhokne karo Alif putrane Bu Lilik, sing bibit, bobot lan bebete ora ana sing nguciwani.  Bibite Alif kuwi trahe para luhur, garis leluhur saka Bapake, simbah lan simbah buyute Alif kuwi lurah sing kondhang kajen kineringan ing desa sing dilurahi. mBah Hadi Sutapa, mbahe kakung Alif kuwi biyen lurah Kedunggalar lan mBah Buyute Alif kuwi kena diarani bintange para Lurah sakabupaten Ngawi, nalika isih sugeng lan nglenggahi Palungguhan lurah ing Desa Jeblogan, Paron. Garis trah saka ibune, Alif kuwi isih putrane Bu Lilik. Bu Lilik kuwi putra wuragile Pak Uri, sing jaman sugenge nate dadi Perwira Angkatan Darat, simbahe Bu Lilik kuwi Raden Palil, Penghulu kawitan ing Kedunggalar. Bobote Alif ora kurang mantebe, Sarjana Teknik weton ITS sing lulus dengan mendapat pujian. Dene Bebetem, genah nek ora nguciwani wong saiki wis dadi tenaga ahline Pertamina. Dadi yen dijodhokne karo Eva, cetha nek wis pas lan mathuk banget. Padha-padha sarjanane, padha-padha trahing kusuma saka kulawarga sing cetha kinurmate, padha-padha duwe wong tuwa sing cukup ing reh panguripane, sanadyan wis pensiun wong tuwane Eva karone pensiunan PNS golongan papat, sauntara wong tuwane Alif Direktur Perusahaan Swasta sing tingkat operasine wis Nasional.

 

"Mamah ki ngapa?" Sri Hartini gragapan, ora weruh sangkan parane ngerti-ngerti ditakoni Eva sing wis nadeg neng ngarepe "wiwit mau kok mung jumeneng ora obah sajak mirsani barang sing ora cetha rupane, Mamah apa gerah?".

 

"He?, Ora" wangsulane Hartini karo mesem "Mamah sehat, anu Mamah arep omong sethithik karo kowe".

 

"Ngendika apa Mah?" Eva takon karo rada mrengut "arep ngrembug bab Mas Arka maneh? Timbang geger, Eva jawab saiki wae Mah, Eva ora ngerti sapa Mas Arka kuwi!".

"Ora Nok" Hartini wangsulan sabar karo eseme ngrenggani lambene "ayo saiki lungguh neng kursi kana dhisik, ben kepenak olehe rembugan, Mamah wis ora arep ngrembug kuwi maneh, nanging ngrembug liyane sing luwih ana manpangate".

 

Hartini banjur lungguh neng kursi sing ana ruang gandheng karo garasine. Disusul Eva sing uga banjur lungguh ing sandhinge.

 

"Saiki yen miturut panemumu piye?" Sawuse akeh-akeh nyritakne kahanane Alif sarta olehe wis rerembugan karo Bu Narsih dhek emben, banjur dipungkasi karo pangarep-arepe bisa besanan karo Pak Triyanta, Hartini genti nakoni anake.

 

"Eva ki dadi gumun lho karo Mamah lan Papah ki" wangsulane Eva karo mesem amba "sok-sok remen berpikir secara rasional dengan wawasan modern, ning kok ya sok isih remen berpikir klasik, tradisonal lan cenderung materialis feodalistik, kuwi sing marahi Eva ora pati mudheng karo cara berpikire Mamah lan Papah".

 

"Sing aneh ki kowe" diwangsuli anake wedok ngono kuwi, Hartini rada anyel "dijak rembugan becik-becik kok wangsulane ora nyambung blas, kowe kuwi jane keneng apa ta?".

 

Eva ngguyu nyekikik ngerti Mamahe ketok arep muring ngono kuwi, banjur wangsulan :

 

"To The Point wae ya Mah, ing jaman sing milenial ngene kok Mamah ki isih berpikir kanthi cara klasik ta? Wis ora jamane nggolek-nggolekne jodho putrane nganggo cara kaya sing Mamah dhawuhne ngono kuwi mau".

 

"Maksudmu?" Hartini nyela takon.

 

"Mamah ki lagi sepisan pirsa putrane Pak Tri banjur dingendikani Bu Narsih nek pulunane kuwi isih legan, ngono wae kok Mamah wis bingung olehe arep gawe rancangan kanggo njodhok-njodhokne Eva karo putrane Pak Tri, ngono kuwi kena diarani ora lucu Mah" wangsulane Eva.

 

"Ora lucu piye karepmu? Alif putrane Pak Tri kuwi bagus, nggantheng, sopan, nyambut gawene wis mapan, neng Jakarta kana omah, mobil lan liya-liyane wis duwe dhewe, arep kurang apa maneh. Nek dhasare bocahe durung duwe pacar, apa salah nek Mamah kepengin duwe mantu dheweke? Nek panemune Mamah iki mbok anggep salah, banjur sing arep mbok goleki ki wong lanang sing kaya apa? He?" Hartini naker anake karo suwara sing semu muring.

 

"Lha neng kono kuwi sing marahi jalan pikirane Mamah ketok nek gak rasional" Eva semaur karo mesem "Putrane Bu Lilik sing Bagus, gantheng, mapan, ora kurang enthong ora kurang irus, nanging durung duwe pacar. Kuwi mesthi ana sebabe. Sepisan mbok menawa kapedhotan sih karo wanita sing ditrisnani, nganti Alif ora bisa nglalekne wanita sing ditresnani kuwi. Kapindho, merga Alif kuwi selektif banget anggone golek calon bojo, ora mung wewaton gelar wujud sing kasat mata, intelektualitas, bandha lan rupa ora dadi bahan pertimbangan utama, nanging ana pertimbangan sing luwih dianggep prinsip, sing Eva ora ngerti. Dadi nek ujug-ujug dumeh pirsa nek Alif kuwi isih legan, banjur Mamah kagungan penggalih arep njodhokne Alif karo Eva, kuwi sing dadi ora rasional. Nek pertimbangane Mamah merga Eva iki putrane Mamah, wayahe Eyang Asper, Sarjana sing wis arep diwisuda, rupane ora nguciwani lan sapiturute, kuwi pancen ya kena-kena wae, nanging neng Jakarta panggonan nyambut gawene Alif, utawa neng Sidoarjo daleme Pak Tri, bocah wedok sing kelase padha Eva kuwi umbrukan Mah. Nek mung butuh sing kaya Eva, Alif kuwi wis biyen-biyen oleh jodho Mah".

 

"Dadi kowe ora gelem nek dijodhokne karo Putrane Bu Lilik sing jenenge Alif kuwi?" Hartini dadi jengkel krungu wangsulane Eva sing dianggep dawa kaya ula kuwi.

 

"Mamah aja salah tampa" Eva wangsulan nglegani atine ibune "kok ora gelem kuwi ya ora, nanging Eva kudu tahu diri Mah, Eva kuwi sapa? Eva emoh dadi kaya cebol nggayuh langit, wong wuta ngetung lintang utawa kaya cecak arep nguntal setlika. Dadi tinimbang mbuwang-mbuwang tenaga lan pikiran, luwih becik Mamah murungne wae olehe kagungan kersa arep njodhokne Eva karo Alif putrane pak Tri kuwi. Langka bisa kasembadan malah cepak gagale Mah".

 

"Ya ora apa-apa" Hartini kaku atine "nek pancen kowe ora gelem, Mamah ya ora arep meksa. Merga kajaba duwe anak Eva, Mamah ki ya duwe ponakan sing bisa dijodhokne karo Alif".

 

"Ya mangga nek Mamah arep njodhokne Dhik Ester karo putrane Bu Lilik kuwi. Nek Eva ngono wis bisa ngukur kekuwatane Eva dhewe kok Mah, padha-padha ora bisane kasembadan, nek mung arep pengin wae, Eva milih pengin dadi mantune Emir Kuwait sing isih jaka kae kok timbang pingin dadi mantune Pak Tri, merga loro-lorone kuwi padha olehe ora klebu nalar".

 

Hartini ngadeg, banjur ngalih. Eva ditinggal dhewe. Karo nyawang lungane Mamahe, batine Eva grenengan dhewe :

 

"Lha wong arep njodhokne kok njodhokne anake wong liya sing luwih pinter lan luwih jembar wawasane? O alaah Mah, Mah.......".

 

 

anacandhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...