Total Tayangan Halaman

Sabtu, 13 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 48

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


48.

Harmana karo Hartini dadi sansaya kaget bareng anake wedok ngalih mlebu kamar banjur lawange dikunci saka njero. Pancen tekune Eva wiwit cilik nganti tekan saiki kuwi durung owah. Saben - saben nesu utawa ora cocog atine banjur ngunci neng kamar lan ora metu-metu maneh nganti mari nesune. Lan nek wis ngono kuwi mbok digedhor saka njaba kaya ngapa wae bantere, ora bakal Eva gelem mbukak lawang kamare. Gandheng antarane Harmana lan Hartini wis padha apal karo lagak lagon lan lageyane Eva sing ngono kuwi mau, wekasan ya banjur meneng. Eva dijarne wae turu neng kamare.

 

Sauntara iku, Ester sing uga dadi sansaya bingung nemoni kahanan sing mangkono kuwi, uga banjur meneng. Atine dadi bali panas maneh,pranyata pandugane nek Pakdhe karo Budhene wis gawe pitnah marang Pak Arka kuwi kanyatan. Mau nalika Budhene ngomong nek Bapake Pak Arka kuwi jebul isih adhine Budhene dhewe lan Budhene kandha wis apal kabeh panguripan sak kelakuwane kulwargane Pak Arka nganti tekan simbahe, Ester wiwit rada percaya lan duwe pikiran nek wis kedadean salah tampa antarane Pakdhe lan Budhene karo Pak Arka, sing banjur ngandhani supaya Bapake murungne karepe Pak Arka olehe arep nglamar dheweke, Ester isih duwe pangarep-arep yen salah paham kuwi bisa didandani. Nanging bareng Eva teka lan ngandhakne apa sing sabenere, pangarep-arepe Ester bisa ndandani sesambungane karo Pak Arka dadi pupus. Luwih-luwih mau Eva ya ngabarake nek Pak Arka kuwi sanadyan wong sing sabar, nanging yen nganti ana wong sing ngina marang wong tuwane, mangka Pak Arka sing sabar bakal ilang pangapurane marang wong sing wani ngina wong tuwane mau. Kamangka, wingi merga dikandhanani Pakdhe lan Budhene, Bapake Ester olehe ngongkon murih Pak Arka murungake karepe, uga dibumboni pangina marang wong tuwane Arka barang. Lan Pak Arka sajake ya nesu tenan, ketitik nomer HP ne Ester wis diblock, ora bisa nyambung menyang HP ne Pak Arka maneh.

 

"Pakdhe kalih Budhe" sawuse meneng rada suwe, Ester banjur kandha marang Harmana lan Hartini sing isih durung ngalih saka kursi sing dilungguhi, suwarane Ester digawe lumrah, naging isine banget nglarani kupinge sing ngrungokne "sak niki kula ngertos, Pakdhe lan Budhe niku saking sengite dhateng adhikupun Budhe piyambak ngantos Pak Arka lan kula ingkang boten ngertos perkawis antawisipun Pakdhe lan Budhe kalih Bapakipun Pak Arka, Pakdhe lan Budhe dadosaken kurban. Kula nggih ngertos, sak niki Pakdhe lan Budhe sakalangkung marem, awit sampun damel laraning manah kula lan penggalihipun Pak Arka lumantar panampikipun Bapak dhateng Pak Arka.........."

 

"Mengko dhisik, sabarna atimu Pakdhe tak kandha" Harmana nyela rembug, medhot kandhane Ester.

 

"Sampun Pakdhe, kula sampun mboten mbetahaken pangandikan saking pakdhe lan Budhe ing prakawis punika" wangsulane Ester canthas lan cetha "kula sampun ngakeni wekdal punika Pakdhe lan Budhe ingkang mimpang, nanging kula inggih pitados yen Gusti Allah niku boten sare, lampah pagesanganing manungsa niku cakra manggilingan, sing nandur bakale ngundhuh, sing nyilih bakal mbalekne, sing utang bakale nyaur nek perlu nggih ngrenteni, perkawis pakdhe lan Budhe boten percaya babagan punika, dede urusan kula. Sampun, kula kinten boten wonten ginanipun kula dangu-dangu ing dalemipun Pakdhe mriki, kula badhe wangsul".

Tanpa ngenteni wangsulan, Ester ngadeg, mlaku metu munggah menyang mobile sing diparkir neng latar. Banjur ninggalake papan kono.

 

Harmana karo Hartini sing ditinggal padha njegreg, ngrasakne buneg. Ora rumangsa ngimpi apa-apa dina kuwi Harmana lan Hartini dinesoni dening prawan loro sing padha ditresnani, sing siji anake wedok lan siji maneh ponakane. Loro-lorone sedhela maneh bakal diwisuda dadi sarjana ing sekolahane. Anake bakal dikukuhne dadi Sarjana Ilmu Tanah dening UPN lan Ponakane bakal dikukuhne dadi Sarjana Hukum dening UGM. Karo-karone padha ninggalne wong loro kuwi, karo ulat sing padha petenge.

 

"Piye Pah?" Hartini alon nakoni bojone.

 

"Lha ya?" Harmana mung aweh wangsulan cekak, ora nyambung pisan.

 

"Lha ya piye?" Hartini takon maneh karo suwara rada sereng. Harmana ngguyu sepa.

 

"Aku kok isih durung bisa percaya karo sing dikandhakne Ester karo Eva mau ta Mah?" kandhane Harmana sawuse meneng olehe ngguyu "mosok nek mung saanake Dhik Bagus wae bisa kuliah nganti tekan Eropa barang? gek jarene Eva mau malah anake sing cilik ya wis arep budhal kuliah nyang negara Landa ?. Kok cedhak temen sing jenenge negara Landa kuwi lho?".

 

"Padha Pah" wangsulane Hartini canthas "aku blas gak percaya, bocah loro kae wis kepangan berita hoax kabeh ketoke. Lha wong sarjana kok gampang men nggugu berita sing ora cetha kaya ngono?".

 

"Nanging bab kuwi ora pati tak gagas kok Mah" kandhane Harmana maneh "malah saiki sing kudu dipikirne piye carane murih Ester kuwi  bisa lali blas karo si Arka. Kira-kira nek wis oleh pacar maneh, olehe nglalekne si Arka ya ora kangelan nemen-nemen".

 

"Oh, iya Pah, Mamah ana cerita anyar sing mbok menawa cocog karo sing digagas papah kuwi" Hartini wangsulan karo ngalihne omongan.

 

"Kabar apa kuwi Mah? Ketoke kok nengsemake ngono? Mamah weruh jago wiring kuning jalu bungalan ngono apa piye?" Harmana takon karo mesem.

 

"Dhek kapan kae, Mamah rak nekani tasyakurane Bu Narsih sing wis purna tugas saka SMP siji ta Pah?" Hartini miwiti critane sing jarene crita anyar mau.

 

"Bu Narsih sapa?"

"Oalaah, Bu Narsih S.Pd. garwane Pak Supriyadi pensiunan Dishub tilas anak buwahe Pak Murhandaka ke lho" wangsulane Hartini nggenahne.

 

"Oh iya, iya, Bu Narsih mantune Pak Lurah Tapa kae ta?"

 

"Iya neh"

 

"Terus piye ana crita piye?" Harmana nakoni bojone.

 

"Lha pas kae, mbarengi karo Mas Triyanta, adhine Pak Pri sing saiki ngasta Direktur Purimas Surabaya kae, ya teka sakulawarga pisan, garwa karo putrane loro lanang-lanang dijak kabeh".

 

"Iya, aku ngerti kuwi Mas Triyanta kuwi biyen sekolahe neng SMA Cokro terus mbacutne nyang STIESIA Surabaya. Wonge bagus, kulite kuning iya ta?"

 

"Bener Pah" wangsulane Hartini "malah nek gak ngerti ngono sak brebetan kaya cina, sing marahi mripate kae lho Pah".

 

"Iya, terus piye?" Harmana nutugne olehe takon.

 

"Putrane Mas Triyanto kae loro kuliahe neng ITS kabeh lho Pah, sing siji malah wis lulus Teknik Pertambangan, sing siji isih semester papat neng Teknik Elektro. Bocahe bagus-bagus, wong ya Bapake bagus ibune ya Ayu, garwane Mas Tri kuwi rak mBak Lilik wayahe Eyang Palil wetan masjid kauman kae ta Pah".

 

"Iya ta? lagi ngerti saiki iki aku" wangsulane Harmana "banjur terus piye?".

 

"Lha pas ngobrol ngalor ngidul karo Bu Narsih, sawise acara resmi rampung, Bu Narsih crita nek putrane Mas Tri sing gedhe kae, jenenge Alif, sing wis dadi tenaga ahli neng Pertamina, rak durung duwe pacar ta Pah. Kuwi sing ngendika Bu Narsih lho Pah, dadi Budhene Alifd dhewe, aku ya banjur matur nek aku ya duwe dagangan, bocahe ayu tur pinter, mbok menawa bisa dadi jodhone Alif" kandhane Hartini sabanjure.

 

"Daganganmu kuwi sapa? anakmu wedok Eva kuwi apa sapa?" Harmana takon.

 

"Sirku tak kon milih Pah, endi sing cocog milih Eva, nek Eva gelem ya apik wae, nek gak Eva ya Ester, mengko Dhik Bandana dikandhani. Piye Pah?"

 

Harmana manthuk-manthuk karo mesam-mesem krungu critane Hartini sing wajib dipikirake.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...