61.
Kaya ora nggatekne omongane Gambangkawat. Marga njupuk linggis lancip sing digawe saka bongkot pring ori kuwi arep dienggo nerusne ndhudhuk Wi Alus.
"Marga, ngati-ati" Rangga mbengoki "Wong sing jare jenenge Gambangkawat kuwi nyekel lading gedhi lho".
"Awakmu ki jare arep nyepakne senggot karo apek banyu, kok malah repot nggatekne wong nyekel lading barang lho?" Marga wangsulan ora karo noleh kanggo ngingeti sing dijak guneman.
"Eee... dikandhani kok malah nyrengeni lho?" Rangga semaur sajak anyel "ladinge landhep, nek ngeneki awakmu bisa tatu, salah-salah bisa dadi bunyik sing suwe marine. Dikandhani kok ngeyel!".
"Awakmu dhewe sing ngeyel" Marga wangsulan karo njupuk linggise "wong sing nyekel lading dudu aku kok, karo maneh sing nyekel lading rak ya wis gedhe tuwa, mesthine wis ngerti nek lading ki dudu barang sing gunane nggo dolanan, nanging ya embuh ya? Dina iki mau dina sing aneh ing sasuwene sejarah uripku".
"Apa kuwi?" Rangga takon .
"Aku kepethuk wong wis tuwek, awake isih kiyeng, nanging gobloge ngungkuli wedhus dipakani senthe" Marga wangsulan terus ngguyu kepingkel-pingkel.
Rangga melu ngguyu banter. Bocah loro kuwi ngguyu bareng, kaya wong sing ora kuwat ngempet krungu crita lucu, banjur ngguyu latah-latah karo nggoceki wetenge dhewe-dhewe.
Rumangsa dianggo guyonan dening bocah ndesa, Ki Gambangkawat sansaya ndedel nesune. Ora sranta, mencolot mengarep karo ngarahne pucuk pedhange menyang baune Marga. Pucuk pedhang ora disudukne lambung utawa dhadha, nanging diarah ngenani bahu, awit Ki Gsmbangkawat durung kesusu nedya gawe patine Marga. Ki Gambangkawat isih kepengin weruh Marga lan Rangga bocah ndesa tukang luru pala kependhem alasan kuwi nangis ngguguk karo nyembah-nyembah njaluk pangapura marang dheweke, sadurunge bocah loro sing dianggep ora weruh tata kuwi diremuk daging lan balunge.
Marga sing lagi ngguyu karo mripate merem-merem kuwi kaget nalika ana kekuwatan angin anyep ngarah baune kanan. Kanthi obah naluriyah, Marga nggeser awake mangiwa sajangkah, linggis bongkotan sing neng tangane dithuthukne sakbantere.
"Trang......".
Ana suwara kumlonthang, suwara ketemune linggis bongkotan sing namplek pedhang saka iringan. Ki Gambangkawat mbengok kaget, pedhange meh wae ucul saka gegemane, awake keseret puntingane pedhang, meh wae tiba kejengkang. Tujune Gambangkawat trampil, kanthi mencolot nisih dheweke ora sida tiba. Sauntara Marga mung cengar-cengir karo ngiling-ilingi linggis bongkotane.
"Awakmu ki ngawur Dhi" Rangga srengen saka kadohan "bongkotan pring kok musuhne pedhang, bisa-bisa pepes, ora bisa dinggo ndhudhuk Uwi maneh mengko".
"Gak sengaja kok Kakang" wangsulane Marga "tak kira lading cilik kok, ya wis timbang ngrusuhi olehku arep mregawe, tak dhepane dhisik wong seneng ngamuk iki".
Muni ngono kuwi Marga karo nata jarike. Banjur njupuk pecut sing disabukne neng lempenge.
Marga mlangkah maju nyedhaki Gambangkawat karo ngore pecute.
"Ayo Pakdhe, nek ngajak gojeg tak ladeni kene, nek kowe butuh rewang aku ya ora kabotan nek kancamu kae kok ajak pisan, timbang mengko ngrusuhi olehku arep ndhudhuk uwi" kandhane Marga karo mripate manther nyawang praupane Gambang kawat.
"Landhep tenan lambemu bocah" wangsulane Gambangkawat "ora sah kakehan cangkem, aku ijen bisa ngrampungi bathangmu".
Gambangkawat banjur siaga mbukak jurus pedhange. Marga wis ora karo guyon maneh, mripate ora kedhep migatekne saparipolahe mungsuhe.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar