62.
Ki Gambangkawat nyata wong sing wasis nyolahne pedhang, nadyan pedhange gedhe tur abot, nanging neng tangane Gambangkawat ketok lincah diputer-puter neng awang-awang mung katon sorote thok, sing kaya Ula Enthong sing lagi mekrok neng awang-awang. Obahe pedhang uga nuwuhake angin gumuruh, kaya swarane lesus sing ngoyak pedhote cleret tahun ing mangsa labuh. Luwih serem maneh bareng Gambangkawat anggone ngobahne pedhang disambi karo pencolotan ngubengi Marga sing lagi ngadeg jejer karo nggoceki pecute. Ing kono katon Marga kaya lagi dikiteri Ula Enthong sapirang-pirang sing cat katon cat ora. Ya iki sing diarani jurus Kobra Putih Nebar Wisa.
Rangga sing nyawang ora adoh karo papane Marga, keplok-keplok seneng kaya bocah cilik sing ngeploki tukang sulap sing lagi mbarang jantur.
"Ati-ati Marga" bengoke Rangga karo keplok-keplok "neng sandhingmu akeh ula bandhotan sing lagi luwe ketoke".
"He Bedhes Pekok" Ajar Taliwangsa sing nyauri pambengoke Rangga "mumpung Adhi Gambangkawat durung tumandang, enggal adhimu dijak timpuh karo nyuwun pangapura. Cepet!!!".
"Kowe ngomong apa wong gerang ora duwe utek? Njaluk ngapura nyang kowe? Luputku apa? Lupute adhiku apa? Adhimu arep tandang apa? Kok nganggo mumpung barang ki?" Rangga wangsulan karo takon, disusul nggremeng dhewe "bener Marga, omongan karo wong uteke sethithik ki marahi mumet......".
"Woo... dhasar Bedhes nasar ora keneng dieman" Ajar Taliwangsa muntab "nek ngono timbang kesuwen olehe nyepet-nyepeti pandulu, luwih becik ndang matia wae kowe Bedhes".
Ora nganggo gantalan wektu, bareng karo mingkem lambene, Ajar Taliwangsa mencolot nyaketi Rangga karo tangane kumlawe mupuh sirahe. Pupuhane Ajar Taliwangsa iki genah nek dudu pupuhan lumrah, nanging pupuhan jurus Sembur Dumung sing linandhesan hawa murni sing nggegirisi. Pancen niyate Ajar Taliwangsa kepingin gawe mati mungsuhe ing jurus kapisan. Lan sasuwene iki, nek Ajar Taliwangsa duwe karep ngono kuwi, ora tau ora kaleksanan. Wis ora kena dietung cacahe wong sing wis mati neng tangane Ajar Taliwangsa merga mung kena pupuhan sepisan.
Nanging emane ing dina iku, sing diarah patine dening Ajar Taliwangsa kuwi Rangga, siswa saka Ki Tanparupa sing selawase urip durung tau ana critane kalah perang. Nalika pupuhane Ajar Taliwangsa kurang sanyari saka sirahe Rangga, Rangga ngiringne sirahe lan tangane kumlawe nyaut lengene mungsuhe. Lengen kuwi disendhal ngeget mengisor. Ajar Taliwangsa kaget, tenagane wis kadhung dilumpukne neng telapak tangane, mula nalika lengene disendhal, Taliwangsa ora bisa ngendhaleni obahe awake, temah kebanting tiba neng lemah, gulung - gulung rada adoh karo papane sekawit.
"Keparat" karo krengkangan tangi Ajar Taliwangsa misuh "entenana piwalesku".
Rangga mesem ngece.
"Kon ngenteni ki jik suwe pa wis meh teka?" Pitakone karo ngguyu.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar