20.
Demang Kedhungtuwung meneng sedhela krungu wangsulane Rangga sing ngabarake ngenani pangincim sing jarene saka Paguron Kluwihan, marang Kademangan Kedhungtuwung lan Padhepokan Banjarsemanggi. Sanadyan Rangga lan Marga wis bares yen sing ngunekne tembung pangincim kuwi mbok menawa paraga sing beda, nanging Demang Kedhungtuwung duwe dudutan yen satemene pawongan sing aweh pangincim marang Padhepokan Banjarsemanggi lan Kademangan kuwi wonge ya mung siji. Utawa saora-orane wong sing sak golongan karo Panembahan Timur lan Janggan Kumala. Mangkono iku bisa diwaca saka peso=peso sing digunakne kanggo nyerang musuhe lan kanggo ngirim pesen sing padha, yaiku jurus sawatan Glathidhadhali jurus piyandel saka Paguron Kluwihan.
"Pancen julig lan rusuh tandange wong Kluwihan" Demang Kedhungtuwung grenenengan dhewe karo manthuk-manthukne janggute.
"Kados pundi Ki Demang?" Marga sing krungu gremengane Demang Kedhungtuwung kuwi nyauti rembug.
"Inggih Ngger" wangsulane Demang Kedhungtuwung karo mesem "nyata julig lan rusuh cara ingkang dipun tempuh dening titiyang saking Kluwihan punika".
Rangga lan Marga ora nyauti wangsulane Demang Kedhungtuwung kuwi, kekarone milih ngenteni rembug sabanjure sing dicapne dening Ki Demang.
"Sanaosa makaten, punika malah nedahaken bilih kekiyatan ingkang dipun gadhahi dening Paguron Kluwihan punika boten sepintena ageng, liripun boten kados ingkang asring dipun kondhangaken dening tiyang-tiyang kathah" Demang Kedhungtuwung mbacutne kandhane "inggih wongsal-wangsul, titiyang ingkang sampun kulina dora, adhakanipun boten nate netepi kasatriyanipun, Ngger. Punika ingkang sok mbebayani tumrap ingkang gampil pitados kaliyan pangucapipun tiyang ingkang remen dora ing wicara, kados tiyang ing Paguron Kluwihan ngaten punika kala wau".
"Lajeng dudutanipun Ki Demang kaliyan pawartos pangincim ingkang kula aturaken kala wau kados punapa?" Marga nyela takon.
"Ing ngajeng sampun kula aturaken" Ki Demang aweh wangsulan "bilih titiyang Paguron Kluwihan punika remen tumindak julik nanging ugi rusuh, dhemen dora ing wicara, boten netepi jiwaning satriya. Dados boten wonten dudutan sanes kajawi namung kula miwah Ki Jatikuning kedah mewahi raos pangatos-atos Ngger".
"Menawi ingkang kadhawuhaken Ki Demang ingkang punika kula sampun ngertos, lan sampun cetha. Nanging kala wau Ki Demang ugi paring dhawuh bilih pangincimipun Panembahan Timur punika malah nedahaken bilih kekiyatanipun Paguron Kluwihan punika estunipun boten sepintena, liripun boten kados ingkang dipun kondhangaken tiyang kathah. Punika jlentrehipun kados pundi Ki Demang?" Marga takon maneh karo apa sing dikandhakne Ki Demang ing ngarep mau.
Ki Demang ngguyu alon, banjur aweh wangsulan :
"Lha rak inggih sampun cetha ta Ngger? pangincim ingkang sareng dhateng Kedhungtuwung miwah dhateng Banjarsemanggi punika mokal saged kaleksanan, awit tuhu mokal kekiyatanipun Kluwihan kabagi dados kalih pantha, ingkang sepantha ngrabasa Banjarsemanggi lan ingkang sapantha malih ngrabasa Kedhungtuwung. Menawi punika kalampahaken sami kemawon kaliyan badhe niru lekasing sulung ingkang mlebet ing geni Ngger. Tiyang ing Kluwihan inggih sampun mangertos sepinten kekiyatanipun Kademangan Kedhungtuwung ingkang menawi dipun gepuk perang dening Paguron Kluwihan paling dangu gangsal dinten inggih sampun telas. Nanging tiyang Kluwihan ugi ngertos bilih Ki Jatikuning boten badhe negakaken Kademangan Kedhungtuwung rata kaliyan siti awit tumindakipun tiyang Kluwihan. Langkung-langkung menawi ngantos kekiyatan Banjarsemanggi dipun wor kaliyan kekiyatan Kedhungtuwung, boten ngantos nelasaken wekdal setugel dinten tartamtu titiyang Kluwihan badhe telas. Awit saking punika, titiyang Kluwihan lajeng nyukani pangincim badhe ngrabasa Banjarsemanggi saha Kedhungtuwung ing wanci ingkang sami. Murih Kedhungtuwung boten kintun kekiyatan pambiyantu dhateng Banjarsemanggi utawi sawangsulipun, Banjarsemanggi boten badhe wantun kintun kekiyatan mriki, ngemuti Banjarsemanggi piyambak ing salebeting bebaya. Perlu kauningan Anakmas, bilih antawisipun Banjarsemanggi kaliyan Kedhungtuwung punika tebihipun watawis setunggal dinten setunggal dalu lampahipun Kapal tanpa kendel, pramila sok nate kedadosan awit mbujung wekdal, kapal ingkang dipun tunggangi pejah ing margi awit dipun peksa boten kendel".
"Dados dudutanipun, ing wanci purnama sasampunipun wulan punika Paguron Kluwihan badhe ngurug perang, nanging pundi ingkang badhe dipun lurugi inggih dereng cetha. Saged Kademangan mriki, nanging inggih saged ugi ing Padhepokan Banjarsemanggi. Makaten inggih Ki Demang?" Rangga tumanggap sawuse Ki Demang ngrampungi katrangane.
"Punika inggih dereng kantenan Anakmas" wangsulane Ki Demang nanggapi dudutane Rangga "nitik julig saha rusuhipun tiyang Kluwihan, saged ugi ing wanci ingkang kasebataken wau, Tiyang Kluwihan malah enak-enak mara eca, tilem angkler ing griyanipun piyambak-piyambak. Awit estunipun boten wantun aben ajeng kaliyan Kedhungtuwung langkung-langkung Banjarsemanggi ingkang sampun siyaga ing dhiri sawega ing gati, awit badhe dhatengipun mengsah ingkang badhe ngrabasa buminipun".
"Ing pangangkah supados titiyang ing mriki miwah ing Banjarsemanggi bosen, anggenipun siyaga, Lha menawi sampun klena, nembe badhe dipun lurugi punapa makaten Ki Demang?" Marga genti sing takon.
"Leres, Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung karo mesem "punika panginten kula kanthi wewaton sipat julig miwah rusuhipun titiyang ing Kluwihan ingkang wuta ing reh kautamaning satriya".
Rangga lan Marga manthuk-manthuk krungu wangsulane Demang Kedhungtuwung mangkono iku. Satemene isih akeh arep ditakokne dening nom-noman loro kuwi marang Ki Demang. Nanging, tekane kono Rangga lan Marga uga nggawa bandan sing mbuthake pangopenan awit bebalunge isih padha remuk, yaiku Kartagentho karo Jayaglegek sing saiki diselehne neng longkangan wetan pringgitan, mula Rangga banjur kandha marang Demang Kedhungtuwung.
"Nuwun sewu Ki Demang, estunipun sanadyan kula kekalih punika namung tiyang limrah, nanging kepengin saged netepi darmaning satriya, awit saking punika estu taksih kathah ingkang badhe kula suwunaken pirsa dhateng Ki Demang. Nanging gandheng kula kaliyan adhi kula pun Marga taksih nggadhahi kuwajiban nambani bandan kalih ingkang kala wingi dipun tandu punika, keparenga kula mire sawatawis nuweni bebandan kalih kala wau".
"Oo inggih, inggih anak mas" wangsulane Demang Kedhungtuwung gupuh "nanging nuwun sewu? punapa sedaya bebandan ingkang sareng kaliyan anakmas kekalih kala dalu punika wonten sambetipun kaliyan pawongan nyalawadi ingkang kula dakwa minangka tiyang Kluwihan punika Nakmas?".
"Ingkang kalih, inggih ingkang taksih dereng saged ebah punika leres, andhahanipun pawongan ingkang nyalawadi punika. Dene ingkang gangsal dereng kula tangkleti, ingkang cetha tiyang gangsal punika ugi sami saged nyawataken peso glathi kados tiyang ing Kluwihan. Namung kemawon, tiyang gangsal kala wau kapeksa kula banda awit badhe mbegal lampah nalika kula lan Ki Kedhungori miwah Ki Kaliumprik nembe kendel ing pinggir lepen Kikik" Marga wangsulan aweh katrangan marang Ki Demang Kedhungtuwung.
"Inggih ngger manawi makaten mangga kula aturi paring tamba dhateng bandan ingkang dereng saged ebah nika langkung rumiyin, mangke menawi wonten wekdal Anakmas kekalih kula suwun ugi nenggani anggen kula badhe nangkleti bebandan ingkang gangsal kala nika" kandhane Demang Kedhungtuwung sabanjure.
Marga ngetokne bumbung wadhah gerusan gegodhongan sing kulina dienggo mboboki wong sing balunge tatu utawa kesleo, uga ngetokne barang cilik-cilik kira-kira saendhog cecak cacah sepuluh sing rupane ireng saka kanthong cilik sing digembol. Sawuse rampung nggone tata-tata lagi nom-noman loro kuwi alon-alon mlaku nyedhaki papan kanggo nyelehne Kartagentho lan Jaya Glegek.
Nalika lakune Rangga lan Marga wis arep tekan panggonane Kartagentho lan Jayaglegek, nom-noman loro kuwi dadi rada kaget. Ing sajabaning gothakan kanggo nyeleh bebandan loro kuwi, katon Kunthara lagi regejegan karo prajurit Kademangan loro, sing kajibah njaga bandan. Sajake olehe padha regejegan padha-padha ngeyele, ketitik Kunthara wis katon mangar-mangar praupane ngempet kanempson marang prajurit loro sing lagi nindakne kuwajinbane.
ana candhake.
matur genging panuwun dumateng panyerat cerita/dongeng serial Rangga Dolan mugi gusti engkang murbehing dzat tansyah paring berkah dumateng panjenengan sakalawangsa ,kasarasan lan kawilujengan mugiya tansyah kasarira dumateng panjenengan, nuwun ( kawula tansyah mawantu - antu cerita sak lajengipun )
BalasHapus