kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
19.
Rampung nindakne wajib isih rada peteng, pedhute embun esuk sing mudhun saka langit isih ngemuli bumi, semribite angin esuk saka kidul wetan nambahi rasa kekes ing esuk kuwi. Rangga lan Marga tumuli mlaku arep bali menyang dalem Kademangan. Sepisan ping pindho nom-noman loro kuwi simpangan karo wong-wong tani sing arep budhal menyang sawah. Sanadyan durung padha tepunge, nanging wong-wong sing simpangan kuwi padha olehe sapa aruh, saora-orane padha mesem karo manthuk, nuduhake rasa kemrakete. Sawuse anggone mlaku wis sawantara suwene, Rangga lan Marga wis menggok menyang plataran Kademangan sing regole isih dijaga dening wong rondha sing durung padha bali.
"Saking tindak-tindak ta Den?" salah sijine wong rondha sing mau bengi wis ngerti marang nom-noman loro kuwi aruh-aruh.
"Iya Kakang" wangsulane Rangga karo mandheg neng ngarep Regol Panjagan "nglaras asrining Kademangan ing wayah esuk, ngiras golek hawa seger".
"Inggih Raden" wong Rondha kuwi nanggapi wangsulane Rangga "mila menawi taksih enjing ngaten punika dereng wonten bledug ingkang mabul-mabul kaudhal angin, kawon kaliyan mandhaping bun. Dados hawa inggih tasih kraos seger".
"Iya Kakang, aku mau ya kober reresik awak neng Kali cilik cedhak tegal bera kulon kana kae, banyune bening, iline rada banter sanadyan ing mangsa ketiga" Marga melu omong, nyritakne olehe bubar adus neng Kali Kulon Padesa.
"Raden siram ing lepen Tuwung niku?" dumadakan wong rondha kuwi takon sajak kaget semu gumun.
"Iya, adus karo sesuci pisan" wangsulane Marga sing semu gumun ngerti wangsulane wong Rondha sing suwarane keprungu nuduhne rasa kaget lan gumune "apa ana sing kliru karo anggonku adus ing kali kono kuwi?".
"Boten Raden" wong rondha kuwi aweh wangsulan "namung kemawon, awis-awis tiyang mriki ingkang wantun adus ing lepen mriku niku, langkung-langkung ing wanci taksih radi dalu ngaten punika".
"Ya gene kok mangkono Kakang?" Rangga genti sing takon.
Wong Rondha kuwi meneng sedhela, kanca-kancane sing isih padha turon ing amben pring sacedhake wiwit padha tangi lungguh melu jagongan.Pancen satemene kahanan wis padhang, mung wae srengenge pancen durung njudhul. Saka pendhapa katon ana bocah wadon mudhun menyang plataran, banjur mlaku marani wong-wong sing lagi jagongan ana regol.
"Ana apa Nok ?" wong sing durung mangsuli pitakone Rangga kuwi nakoni sing lagi teka.
"Inggih, dipun utus Ki Demang kapurih ngaturi Kakang Rangga lan Kakang Marga supados dhateng Pringgitan" wangsulane bocah wadon mau marang sing nakoni.
"Lha iki priyayine" wong rondha kuwi mesem banjur kandhane marang Rangga lan Marga "mangga Den, niku pun timbali Demange dhateng Pringgitan".
Ing Pringgitan jebul wis cumawis wedang jahe panas karo jadah bakar sing diwadhahi layah amba, kanggo Rangga lan Marga.
"Mangga Ngger, kula aturi ngunjuk, kangge anget-anget" Gupuh Ki Demang mbagekne Rangga lan Marga sing lagi wae mlebu ing pringgitan "wau kula padosi ing Gandhok kilen kok sajakipun Angger kekalih boten wonten wiwit dalu. Tindak dhateng pundi kemawon? Kula takletaken dhateng tiyang rondha sami boten sumerep anggenipun Angger kekalih miyos?".
"Nyuwun pangapunten Ki Demang" wangsulane Rangga karo malah takon sing kaya perkara seje "punapa Ki Demang pirsa sinten punika Panembahan Timur lan Janggan Kumala saking Paguron Kluwihan?".
Dumadakan Ki Demang dadi katon peteng polatane, polatane wong sing nggembol rasa wedi campur karo rasa gela lan cuwa. Nanging ora suwe uga banjur bali pulih kaya maune.
"Wonten kedadosan punapa malih ? temah angger mundhut pirsa dhateng kula, ngengingi tiyang kalih kasebat?" Ki Demang takon, suwarane isih ngemu rasa kuwatir.
Rangga ngetokne peso sing gagange dibuntel karo godhong plasa garing isi pesen sing ditampa dhek bengi nalika dheweke lan Marga arep mapan turu ing Gandhok kulon, banjur diselehne ing ngarepe Ki Demang Kedhungtuwung.
"Kula aturi mirsani Ki Demang" kandhane Rangga sawise nyelehne peso kuwi ing ngarepe Demang Kedhungtuwung "kala dalu peso punika dipun tancepaken ing korining Gandhok Kilen".
Ora wangsulan Demang Kedhungtuwung nyandhak peso kuwi diiling-ilingi sedhela, banjur lulup sing kanggo naleni godhong plasa garing kuwi diuculi. Karo njengkerutne bathuke, Demang Kedhungtuwung maca layang sing ditulis ing godhong plasa garing.
"Lajeng Angger kekalih ndugeni Tegal Bera sakilene Lepen Tuwung mrika?" pitakone Demang Kedhungtuwung sawuse rampung maca pesen neng godhong plasa garing mau. Mripate manther ora kedhep genti-genti nyawang Marga lan Rangga.
"Inggih Ki Demang" wangsulane Rangga "awit kuwatos menawi damel kagetipun tiyang kathah, kapeksa anggen kula medal saking Kademangan boten ngliwati Regol ngajeng utawi butulan wingking".
"Angger nglumpati pager sela pekarangan inggih?" Demang Kedhungtuwung takon.
"Inggih Ki Demang, nyuwun pangapunten".
"Boten dados punapa Ngger" wangsulane Demang Kedhungtuwung sing sansaya eram marang kasektene nom-noman loro kuwi "kadospundi cariyosipun sasampunipun Anakmas kekalih kepanggih kaliyan ingkang ngintun pesen punika?".
"Jebul ing mrika sampun dipun tengga, tiyang kalih ingkang ngaken tiyang saking Paguron Kluwihan ingkang nami Panembahan Timur kaliyan Janggan Kumala. Ing mriku kula boten angsal katrangan punapa-punapa, malah lajeng tuwuh pasulayan antawisipun kula lan adhi kula kaliyan tiyang kalih kala wau".
Rangga lan Marga banjur genti-genten nyritakne anggone wis kerengan karo Panembahan Timur lan Janggan Kumala. Demang Kedhungtuwung kasengsem banget ngrungokne critane Rangga lan Marga, jroning atine Demang kuwi sansaya kagum lan eram marang kasekten lan kadigdayan sing diduweni Rangga lan Marga bocah nom-noman sing durung sepiraa umure, parandene wis bisa mapaki Panembahan Timur sing kondhang duwe kadigdayan prasasat tanpa tandhing.
"Kuciwanipun wekdal kaselak padhang Ki Demang" kandhane Rangga sawuse rampung crita "dados sepisan malih, kula nyuwun pangapunten, boten saged masrahaken bandanipun tiyang kalih ingkang miturut pamanggih kula gadhah sedya awon badhe damel onar ing Kademangan Kedhungtuwung mriki".
"Boten dados punapa Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung karo nyruput wedang jahe sing wis kari manget-manget panase, banjur ngacarani Rangga lan Marga supaya ngombe "mangga dipun unjuk rumiyin anak mas".
Rangga lan Marga nyandhak cangkire dhewe-dhewe uga terus nyruput wedang jahe sing digodhog karo gula klapa kuwi.
"Nanging lajeng wonten ingkang ndadosaken pitakenan ing manah kula Ki Demang" kandhane Marga karo njupuk jadah bakar sing wis adhem.
"Pitakenan kados pundi Anakmas?" Demang Kedhungtuwung takon.
"Bab pangincimipun Panembahan Timur dhateng Kademangan Kedhungtuwung" wangsulane Marga.
"Dados saderengipun mlajar Tiyang Kalih saking Paguron Kluwihan punika taksih kober nilar pangincim? kados pundi pangincimipun Ngger?".
"Sami kaliyan pangincimipun tiyang nyalawadi ingkang kula panggihi ing Guwa Klumpit dhateng Padhepokan Banjarsemanggi saha Ki Jatikuning kala wingi Ki Demang" sing wangsulan genti Rangga, merga Marga lagi ewuh mamah jadah bakar sing lagi wae dicokot .
"Badhe damel karang abang Kademagan Kedhungtuwung ugi badhe mejahi kula sakulawarga?" Ki Demang takon maneh.
"Boten namung punika" Rangga mangsuli "nanging ugi wanci ingkang kasebataken. Sami. Inggih punika benjing ing wulan purnama sasampunipun wulan punika. Ing wedal ingkang kasebat punika, tiyang nyalawadi criyos menawi badhe ngobrak-abrik Padhepokan Banjarsemanggi saha numpes Ki Jatikuning lan kulawarganipun, ing wanci punika ugi Panembahan Timur badhe numpes tapis Ki Demang Kedhungtuwung sakukubanipun sarta badhe damel karang abang ing Kedhungtuwung mriki".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar