kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
18.
Janggan Kumala mencolot memburi kira-kira pitung jangkah, kanggo matak Aji Pegawisa sing dikandhakne Panembahan Timur kuwi, Janggan Kumala mbutuhne wektu kanggo meneng sauntara . Marga sing uga krungu pakone Panembahan Alit marang Janggan Kumala, sengaja ora nututi mundure Kumala sing arep matak ajine . Sajroning batin Marga pancen kepengin ngerti sepira dayane Aji sing diarani Pegawisa kuwi mau. Idhep-idhep kanggo sinau, mbok menawa mbesuk-mbesuk sajroning nindakne pangumbaran karo Rangga iki bakal kepethuk karo aji kuwi. Dadine wis ora kaget maneh. Saka kadohan Marga weruh Janggan Kumala ngangkat tumbake diadhepne menyang langit karo ndremimil ngrapal mantra sing ora cetha unine. Dumadakan pucuking tumbak katon murup kaya geni tumper rupane abang, banjur Janggan Kumala bali maju nyedhaki mungsuhe.
Tekane Janggan Kumala dipapag nganggo seblakan pecut dening Marga sing kepengin ngukur sepira kekuwataning mata tumbak sing mengangah abang, yen ditandhing karo pucuking upat-upate. Tempuking mata tumbak lan pucuk upat-upat nuwuhake suwara banter sing prasasat ngoregne bumi. Epek-epeke Marga sing kanggo nggegem dangan pecut krasa kaya keslomot geni rasane. Janggan Kumala kontal memburi nganti telung jangkah, ndadekne adege sempoyongan. Meh wae garan tumbak sing dicekel kenceng ucul saka gegeman.
"Keparat kowe Marga" Janggan Kumala misuh rumangsa ditodhi kekuwatane dening bocah sing durung akeh umure "entenana sedhela, sida tak gawe picak mripatmu lan buntet dalan napasmu".
Bubar muni mangkono iku dumadakan saka pucuk tumbake Kumala katon kumelun pega abang semu ireng , lan kanthi trengginas Kumala nggiring lakune pega ngarah marang praupane Marga. Marga kaget kasempyok pega sing nggawa hawa panas kagila-gila kuwi. Tujune wiwit mau Marga wis ngecakne Ngelmu Panawawisa sarta ngilmu Tamengraga, peparinge Ki Tanparupa. Nadyan pega panas sing mawa wisa kuwi nyempyok rai lan ngarah marang mripate, Marga isih bisa ngempet rasa lara lan perihing mripat. Dayane aji Pegawisa sing ditamakne Kumala ora mbebayani tumrap kaslametaning nyawane. Nadyan mangkonowa, tetep wae Marga dadi kacipuhan tandange, jalaran mripat kang kena pega panas kuwi tumuli ngetokne eluh sing terus mbanjir ora ana kendhate. Kang mangkono iku, wis ngganggu panyawange Marga, temah ora cetha ing ngendi dununge mungsuh lan kaya apa obahe gegamane Kumala.
Weruh Marga katon yen panyawange kuwur merga mripat sing ketutupan banyu luh, Janggan saka Paguron Kluwihan kuwi gumuyu lakak-lakak, karo sesumbar :
"Ha.....ha....ha......., jebul ora mung mripatmu wae sing sedhela maneh bakal picak Marga. Bangkemu sedhela maneh bakal ditemu dening wong-wong Kedhungtuwung neng tegal bera kene klawan jantung sing wis jebol kliwatan Tumbak Kyai Upas Naga".
Krungu sumbare Kumala, Marga ora semaur. Mripate banjur diremne supaya ora keganggu pega panas sing arep mlebu neng jerone mripat. Luh sing mili saka mripat uga banjur mandheg merga ora ana dalane metu, sawise mripate diremne dhipet. Nanging mereme Marga ora merem lumrah, karo merem sedulur angkate Rangga kuwi ngetrepne Aji Sasrapanggraita. Lan landheping panggraitane dadi luwih landhep tinimbang panyawange mripat wantah. Kabeh solah lan polahe Kumala bisa diwaca dening panggraitane Marga. Pecut neng tangane bali disolahne maneh, malah sansaya nggegirisi mungguh daya kekuwatane. Pega panas mawa wisa sing terus kumelun saka pucuking tumbake Kumala babar pisan ora dirasakne, sanadyan pega kuwi kaya-kaya banjur ngemuli ragane. Lan Marga bola-bali wis ndadekne Kumala tiba golung koming merga ngendhani tumibaning pecut sing saiki akeh ngarah menyang perangan awake Kumala sing mbebayani yen nganti ketiban pucuking upat-upat. Saben-saben pecut diseblakne, dhadhane Kumala krasa kaya arep rontog isen-isene.
Sauntara kuwi, ora kalah serem lan ramene, ing kalangan sisihe Panembahan Timur sing wis ngetog kekuwatane lan ngetrepne ngelmu ing tataran dhuwur dhewe, ewa samono tetep kethetheran ngadhepi tandange Rangga sing tanggon, babar pisan ora kengguh karo kadigdayane musuh. Wis bola-bali pucuk kerise Panembahan Timur kasil nggarit kulite Rangga, nanging babar pisan ora ana tatu sing bisa ditinggalne. Pucuk keris sing tenane ngandhut wisa mandi kuwi, nalika nggarit kulite Rangga , mung bisa nuwuhake suwara semruwing, nanging ora nuwuhake tatu babar pisan. Awit dayane aki Tamengraga, sing kuwawa nyedhot hawa murni saka punjer pulunging ati, lan mageri ragane Rangga temah dadi atos ngungkuli atose gunung sing dumadi saka waja murni. Mula nalika ana kalodhangan Panembahan Timur bisa nyudukne kerise marang awake Marga, sudukane ora tumama malah keprungu suwara cumengkling, kaya nanggor tameng waja.
Kosok baline, sakujur ragane Panembahan Timur wis krasa lara lan panas semu perih, merga wis bola-bali kesrempet teken pring kuning sing dicekeli Rangga. Nanging, Panembahan saka Paguron Kluwihan kuwi nyata dudu lamaking titah sawantah, nadyan ragane krasa lara lan panas nanging ora nyuda kekuwatane. Dumadakan saka padhukuhan sacedhake tegal bera kuwi wiwit keprungu rame suwarne jago kluruk sing sesautan. Panembahan Timur banjur nyawang mengetan, mega abang wiwit katon sumamburat , mratandhani yen sedhela maneh rahina bakal tumeka, nggenteni jejibahane wengi sing sedhela maneh bakal nglereni salira, umpetan ing waliking pepadhang.
Dumadakan Panembahan Timur kuwi ngetokne tengara panyuwit saka tutuk sing dileboni drijine. Banjur ngrogoh kanthongan kanthongan klambine. Ngetokne barang sing saedhog bebek gedhene, Karo mencolot memburi watara limang jangkah, Panembahan Timur mbanting barang bunder kuwi neng lemah lan nuwuhake suwara jumlegur, disusul papan kono dadi peteng dhedhet awit akehing keluk ireng sing disebabake dening barang sing mbledhos dibanting neng lemah kuwi. Karo mlayu nglungani, Panembahan sing ngaku saka Paguron Kluwihan kuwi isih kober ninggal suwara marang Rangga lan Marga :
"Tekane esuk jebul wis bisa ngodot umurmu Rangga lan Marga, awit tenane aku isin yen mung mungsuh bocah demolan kaya kowe bocah loro, mula sadurunge ana wong weruh kapeksa kowe tak tinggal dhisik. Welingku isih padha, yen kowe kepengin rada dawa umurmu cepet sumingkira saka Kademangan Kedhungtuwung kene. Awit yen mangsane wis teka, yaiku ing wulan purnama sawise sasi iki bakal ana lelakon tumpes tapise Demang Panjer sarta wong-wong sing diangep nyengkuyung angkara murkane".
Kira-kira wektu sapanginang, keluk ireng kuwi ilang tanpa nisa kasedhot tumurune bun-bun esuk ing mangsa ketiga.
"Eman Kakang" Marga nyedhaki Rangga karo kandha "kudune, sadurunge ana suwara kluruking jago, wong loro mau wis bisa dilumpuhne".
"Uwis" wangsulane Rangga karo mesem, Rangga ngerti yen Marga rumangsa kacuwan atine merga ditinggal mlayu musuhe "ora perlu digetuni, lungane wong jirih getih wedi ing pati mau, iki wis padhang, sedhela maneh srengengene njudhul. Gusti isih ngeparengake awake dhewe nyebut asmaNe ing wektu kang wis ditemtokake. Gajege, mau pas mlaku mrene awake dhewe nyabrangi kali cilik sing bening banyune. Ayo mumpung wektune isih ana, enggal reresik awak lan sesuci raga, banjur nidakne dhawuhing Suksma".
"Iya Kakang" Marga wangsulan cekak.
Nom-noman loro kuwi tumuli lon-lonan mlaku mangetan nggoleki kali sing mau disabrangi. Bubar adus lan sesuci, nom-noman loro kuwi banjur nindakne wajib, nyebut asmaNe lan nyuwun kaslametan tumrap jiwa lan ragane.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar