Total Tayangan Halaman

Rabu, 15 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 21

 

21.

Katone Kunthara sansaya nesu, nanging Prajurit loro sing rumangsa duwe tanggung jawab karo jejibahan sing ditindakne kuwi puguh ora gelem ngalah, tetep ngukuhi apa sing dadi panemune. Kuntara nyilakne jarite karo ngencengi sabuke, sajake arep meksa prajurit loro kuwi nganggo kekuwataning  kanuragan. Prajurit sing ngrumangsani, mung prajurit rucah sing ora duwe kaluwihan apa-apa yen ditandhing karo Kunthara kuwi babar pisan ora wedi. Merga prajurit loro kuwi uga mikir, saupama klakon Kunthara milara dheweke wong loro, mangka mesthi enggal konangan wong akeh. Mula wong loro kuwi ya banjur ayem wae.

"Sepisan maneh aku nembung apik-apikan" kandhane Kunthara karo mencereng "aku mung kepengin wong ing Kademangan kene iki ora dikondhangake wis ora duwe peri kamanungsan maneh. Jalaran bandan loro kuwi nek tak sawang kahanane sedhela maneh mesthi mati merga kurang pangopen, dadi olehku arep aweh ngombe marang bandan loro kuwi ora merga aku kancane bandan loro kuwi, nanging aku mung kepengin bandan loro kuwi ora mati kesiksa jalaran kakurangan ngombe".

"Semanten ugi kula Ki Kunthara" salah siji saka Prajurit loro kuwi wangsulan "kula kekalih ugi boten kepengin bebandan kalih punika pejah jalaran saking sabab punapa kemawon. Wau dalu dening nem-neman ingkang asma Marga nika, bebandan kalih sampun diparingi bobok lan boreh ugi dipun tedhani jampi, lajeng nem-neman nika meling dhateng Ki Kedhungori miwah Ki Kaliumprik murih tiyang kalih punika sampun ngantos nedha utawi nginum punapa-punapa saderengipun dipun pirsani malih dening nem-neman ingkang asma Marga nika. Pramila kula inggih ngekahi punapa ingkang dipun dhawuhaken dhateng kula dening Bebau kalih kala wau".

"Dadi kowe wong loro luwih nggugu omongane wong sing durung cetha ala lan becike tinimbang marang aku sing wis akeh duwe lelabuhan marang Ki Demang apa dene marang Kedhungtuwung iki?" Kunthara wiwit ngepelne tangane karo mlilik.

"Botena kula pitados dhateng nem-neman ingkang nembe kula sumerepi wau dalu niku, kula nggih wajib pitados dhateng Ki Lambang, kajawi Ki Lambang punika mila kanca kula wiwit alit ingkang sampun kula apali teku saha sipatipun, ugi awit Ki Lambang ingkang ugi Bebau ing Kaliumprik punika cetha bilih inggilan kula ing reh tata kaprajuritan ing Kademangan mriki" wangsulane salah sijining prajurit panggah ngukuhi panemune.

Kunthara arep wangsulan maneh, nanging wurung jalaran dikagetne karo suwara dhehem-dhehem. Rangga lan Marga jebul wis ngadeg ora adoh saka papane wong telu sing lagi rebut bener kuwi.

"Mangga Den Mas" Prajurit sing uga lagi weruh nek Rangga karo Marga teka kono kuwi ngacarani.

"Ora sah nyebut aku Denmas-den masan ngono kuwi Kakang" Rangga wangsulan "cukup ndika sebut jenengku, utawa yen ndika pekewuh njangkar jenengku, ndika bisa nyeluk aku Adhi utawa Thole marang aku lan adhiku".

"Oh, inggih Adhi" Prajurit kuwi mesem karo wangsulan "mangga, pinarak ing dhingklik mriki"

"Iya matur nuwun Kakang" Rangga nanggapi rembug karo mapan lungguh neng dhingklik dawa sing ditudingi Prajurit kuwi "aku wae sing lungguh, adhiku Marga arep ngendhangi Ki Kartagentho karo Ki Jayaglegek, bebandan loro sing neng jero kuwi, wayahe nglebokne tamba".

"Oh, inggih-inggih Adhi" Prajurit kuwi ngetokne kunci gembok saka njero kanthongane, banjur marani lawang gothakan sing digembok nganggo rante "sekedhap kula uculane rantenipun".

Sauntara Prajurit kuwi mbukakne lawang gothakan kanggo Marga, ora omong apa-apa Kunthara klawan ulat sing peteng nglungani, ninggalne papan kuwi, bumbung wadhah banyu sing mau digawa kelalen ditinggal neng dhuwure dhingklik sing dienggo lungguh Rangga. Marga mlebu gothakan, banjur niti kahanane Kartagentho lan Jayaglegek, diterusne mboboki tatu-tatune wong loro kuwi.

Prajurit sing mau mbukakne lawang karo kancane banjur mapan lungguh neng dhingklik, ngancani Rangga.

"Lho iki gawane Ki Kunthara kok ditinggal?" salah sijine Prajurit kuwi alok, merga ngepasi arep mapan lungguh, weruh gawane Kunthara keri tumumpang neng dhingklik.

"Lho iya ta?" kancane nyaut rembug "jarene mau bumbung iki isine jamu ? Kok malah keri neng kene".

"Jamu apa ta jane Kang?" Prajurit sing mau alok kandha maneh "coba tak deloke, apa isine?".

"Mengko dhisik, aja sembrana Kakang" dumadakan Rangga melu omong, menging wong sing arep mbukak isine bumbung "panggraitaku ngandhakne nek bumbung kuwi isine barang sing ora becik".

Prajurit kuwi ora sida nyandhak bumbung sing tumumpang dhingklik kuwi, banjur nyawang Rangga klawan sunaring mripat kebak pitakonan.

"Ngene wae" Rangga tanggap karo sikepe Prajurit kuwi "tak bukake, ndika wong loro coba melu ndelok apa isine".

"Inggih Adhi mangga"

Rangga karo ngati-ati mbukak bumbung sing ditutup nganggo klaras garis ditaleni kuwi. Prajurit loro sing ana cedhake melu ngulati apa isine bumbung.

"Banyu" kandhane Rangga marang wong loro kuwi.

"Inggih" wong loro bareng wangsulan.

"Ndika ngerti? iki banyu apa?" Rangga nakoni Prajurit loro kuwi. Sing ditakoni mung gedheg.

"Iki banyu sing wis dicampur karo racun sing mandi, gandane arum ora ngawistarani nek iki banyu racun" kandhane Rangga aweh katrangan "coba neng kandhane Ki Demang ketoke ana Meri sing isih cilik, ndika jupuk siji ndika gawa mrene, nek ora ngono ndika golek kewan liyane ya kena".

"Kleresan Adhi" salah siji saka prajurit loro kuwi wangsulan "kala dalu kula nyepeng tikus, sak niki kula wadhahi krangkeng dereng kober kula pejahi. Pripun?".

"Woo, kuwi malah luwih apik" tumanggape Rangga karo ngguyu "coba ndika gawa mrene".

Prajurit kuwi banjur njupuk krangkeng cilik sing ana pojok gothakan, banjur diselehne neng ngarepe Rangga.

"Saiki ndika tonton" kandhane Rangga sabanjure "iki ana sada sapu salenjer, arep tak celupne banyu neng bumbung iki, banjur arep tak ngge nguthik-uthik tikus sing ana krangkeng iki. Apa sing bakal kelakon?".

Wong loro sing ditakoni Rangga ora ana sing semaur, nanging anggone ngulati sada sing dicekeli Rangga ora mandheg. Sawuse sada dicelupne neng bumbung gawane Kunthara mau, banjur dilebokne liwat bolongane krangkeng, tikus sing ana njero krangkeng kaget, rumangsa ana bebaya sada banjur ditubruk. Bubar nubruk sada sing wis dicelup neng bumbung kuwi, sakala tikus neng jero krangkeng kuwi polah ora karuwan, ora suwe banjur kaku, mati.

"Piye?" Rangga nyawang prajurit loro sing uga melu ngulati tikus sing dumadakan mati kuwi.

"Kamangka namung nyenggol sakedhik? kados makaten kedadosanipun, inggih Adhi mila racun ing bumbung punika saestu mandi" .

Marga wis rampung anggone aweh tamba marang Jayaglegek karo Kartagentho, banjur metu nyedhaki wong-wong sing lagi nyawang bathang tikus neng jero krangkeng, sing mati merga nyenggol sada sing ngemu banyu ana bumbung sing digawa Kunthara mau.

"Mengko sore, Jaya Glegek karo Kartagentho wis bisa ditakoni Kakang" Marga aweh lapuran marang Rangga.

"Apa otot suwarane wis dibukak?" Rangga takon.

"Durung" wangsulane Marga "mengko wae nek karo arep ditakoni dibukak".

"Tak kira kuwi ya luwih becik" wangsulane Rangga, dibacutne karo aweh warta "iki ana perkara anyar maneh Dhi" .

"Apa kuwi Kakang?" Marga mlenggong.

"Kunthara!" wangsulane Rangga "jebul bocah kae, lagi nglakokne dom sumuruping banyu ing Kademangan kene iki".

"Apa kakang wis nemokne buktine yen bocah kae mangkono tenan Kakang?".

"Kajaba kedadeyan dhek bengi kae, iki ana bukti anyar" Rangga aweh katrangan, banjur kandhane marang Prajurit sing ana kono "murih gamblange, coba ndika critakne ya gene mau ndika sakloron padha regejegan karo Kunthara lan apa sing digawa Kunthara mrene, marang adhiku iki Kakang Prajurit".

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...