cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
Sanajan sing ana kono wis ora ana maneh sing nyuwara apa-apa ngenteni apa sing arep dikandhakne Triyanta marang Bagus, nanging nganti kliwat saka limang ambegan, Antok ora enggal guneman. Lilik sisihane Antok pandeng-pandengan karo Alif, anake lanang, nanging ya ora omong apa-apa, malah Alif banjur ndhingkluk, tumungkul nyawang jogan. Karmini sing ngira nek Antok arep ngomong nawani gaweyan marang anake wedok sing wis lulus kuliahe, wis nyepakne wangsulan nek ora bisa nampani apa sing arep ditawakne Antok, jalaran Indri ora suwe maneh arep budhal menyang Eropah, nerusne olehe ngudi kapinteran. Beda karo sing dipikir Bagus, sopir angkudes kuwi nggagas nek Antok arep ngongkon dheweke supaya nggolekne lemah utawa panggonan kanggo bukak cabang perusahaane, agus uga wis nata ukara yen durung suwe iki dheweke oleh pesenan saka Pak Saidi supaya melu nawakne lemah warisan sing manggone neng cedhak pasar, singarep didol merga arep didum waris.
"Aku jane ki rada kangelan lho Mas, olehku arep miwiti matur iki" suwe-suwe Antok ya banjur omong "merga aku kuwatir Mas Bagus salah tampa, nganggep aku wis ninggal suba sita ing ngarepe seniorku".
"Lha wong karo sedulur dhewe wae kok, wedi nek salah tampa ta Mas?" Bagus wangsulan setengahe melehne Antok "nek awake dhewe ki rak ya wis sepakat tidak ada rahasia di antara kita, dadi basa-basi kuwi ya wis ora pati ana gunane. Ya ndang ngendikan wae ngersakne apa?, mengko paling nek aku tersinggung sampean terus tak jak sambung tangan kosong neng latar kono ben diguyu Alif he he he".
Antok karo sing ana kono kabeh padha ngguyu krungu wangsulane Bagus sing nglucu.
"Banjur nek omonganku kleru, sampean mrentah aku Pus Up ping seket ya Mas?" Antok nimbangi guyone Bagus karo ngguyu.
Wong sing ana kono melu ngguyu kabeh. Kahanan bali gumyak, nanging banjur bali sidhem bareng Antok wiwit guneman :
"Iki rak ngene ta Mas, putrane sampean si Alif, kuwi rak melu glidhig neng Pertamina ta Mas?"
"Ya sokur alhamdulillah ta Mas? wong ya wis jumbuh karo olehe sekolah lan Mas Alif ya wis seneng, Mas Antok gak sah nguwatirake sapa sing arep nerusne Perusahaan sing saiki Sampean pimpin, mengko rak ya ana sing bisa sampean percaya" wangsulane Bagus .
"Ora perkara kuwi Mas, karo maneh aku neng Purimas kuwi mung saderma buruh, nglakokne apa sing diprentahne sing duwe saham, nek sahamku dhewe neng Purimas ki ya mung sethithik banget, dadi aku ya ora pati mikirne nemen-nemen piye dadine nek aku wis ora kuwat nyambut gawe" Antok aweh katrangan marang Bagus nek dheweke ora masalahne anake kerja neng Pertamina.
"Lha sing sampean penggalih banjur apa?" Bagus takon.
"Lha dening Perusahaane putrane panjenengan si Alif iki arep dikirim menyang Kanada, nambahi kawruhe neng Univeristas Alberta, sasi ngarep budhal" kandhane Antok sabanjure.
"Bolak-balik ki nek wong pinter, nurunke anak ya bocah sing pinter" Bagus ngomentari kandhane Antok "ya sokur ta Mas, aku mung melu bungah, muga-muga Mas Alif tambah pintere tambah pengabdiane marang bangsa lan negarane minangka sarana kanggo nggayuh barakah-E".
"Aamiin...." meh bareng Lilik, Antok lan anake loro ngamini tembunge Bagus.
"Lha gegayutan karo iku, Umine Alif duwe karep, sadurunge Alif budhal menyang Canada, karo Umine dikongkon rabi dhisik, ben ora lali karo kuwajibane wong urip, sing disamarne Umine iku nek merga Alif kadhung kasengsem olehe sekolah banjur gak mikir omah-omah, wong saiki wae Alif iki ya rada beda ambek kanca-kancane, Alif ki sampek saiki durung tau duwe sing jenenge Pacar" kandhane Antok nutugne rembuge.
"Nek aku ngarani Mas Alif ki hebat tenan Mas" Bagus nyela komentar "rabi utawa omah-omah ki nek wis mapan tenan, sing penting saiki pinter dhisik, nek wis pinter rabi ki gampang".
"Nggih boten ngoten Pakdhe" Lilik sing mau mung ngrungokne olehe omong sisihane melu udhu rembug "kajeng kula niku, saged mlaku kalih-kalihe ngoten lho. Upami sak derenge bidhal niku mpun nikah riyin, mengke nek empun wangsul dugi Canada boten sah repot pados semah malih. rak ngoten ta Pakdhe?".
"Waa, niku nggih sae Bulik" Bagus mbenerne karo apa sing dikandhakne Lilik.
"Tapi ngene Mas" Antok genti omong maneh "sing rada repot ki rak sampek saiki Alif ki durung duwe pacar, nek sir-siran pancene ya wis duwe, cumak areke gak wani omong".
"Iki critane biyen karo saiki ora ana bedane" Bagus nyauti rembug karo mesem, rada ngece.
"Boten enten bedakne yok napa niku Pakdhe?" Lilik sing nyauti takon.
"Enggih, siyen niku enten Lare gantheng, pinter, diuber-uber kalih cewek kuliahe teng IKIP, boten purun, wong-wong nggih gumun, enten jaka gagah disir cewek ayu kok emoh niku, tiyang-tiyang nginten nek larene boten butuh tiyang estri, eee.... tibaknya niku menang-meneng niku ngesir lare Baskara ning boten wantun criyos" wangsulane Bagus karo ngguyu.
"Aseeem, ngono kok ya diomongna nang Umine Arek-arek lho ?" Antok semaur karo mesem kecut.
"Ngene wae Mas" Bagus banjur kandha serius "sing disir Mas Alif kuwi sapa? banjur Mas Alif sampean terne nang omahe wong tuwane cewek kuwi, aja ditembung dhisik tapi cukup sampean takon nang wong tuwane bocah wedok kuwi wis duwe pacangan apa durung? Lha nek durung, langsung ditembak wae wong tuwane, ben anake wedok ditari, gelem apa ora nek dikersakne dadi garwane Mas Alif. Beres ta?".
"Beres, munine beres iku gampang Mas" Antok wangsulan "cumak sadurunge beres iku lho sing angel diomongne, arek wedok sing disir putrane sampean Alif iki, aku ya ngerti nek durung tau pacaran blas, wong areke ketoke ya keranjingan kegiatan mahasiswa, gak mikir pacaran gak mikir apa-apa, sing ana jero pikirane iku, ketoke cumak berjuang untuk kepentingan umat manusia thok, ambek ngibadah nang Gusti Allah".
"Kaya ngono kepenake, kok sampean ki omong nek angel? nek bocah wedok ngono kuwi, cetha nek bocah sing ndalan, kari nyedhaki wong tuwane wae, ning ya ndang wae Mas, nek kalah cepet bisa kedhisikan wong liyane " Bagus guneman semu maido Antok, banjur genti omong marang Lilik karo Alif sing lungguh anteng ngrungokne olehe rembugan wong tuwane "Rak nggih ngoten ta Bulik? Ya pa ora Mas Alif?".
Alif mung mesem, praupane mbrabak banjur bali ndhingkluk nyawang lemah. Lilik mesem amba banjur mangsuli :
"Enggih, leres niku Pakdhe, niku pancen merlokne gerak cepat, cumak Abine niku mawon sing boten patos ngrewes nek kula sanjangi, criyose Abine niku kuwatir nek menyinggung perasaane lare estri kalih tiyang sepahe".
"Masalahe iku rak ngene" Antok nyaut omongane sisihane "Bapake arek wedok iku, wonge gampang-gampang angel.......".
Durung rampung Antok ngomong, dumadakan ana Mobil mlebu plataran. Olehe arep omong Antok dadi kandheg, merga ngira nek ana tamu sing teka. Antok, Lilik karo Alif rada cuwa, banjur rumangsa nek olehe mara menyang omahe Bagus kuwi wektune ora pas, dadi ora bisa jagongan kanthi bebas.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar