Total Tayangan Halaman

Senin, 16 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (14)

 

dening: IMMIR

 

14.

Olehe mulih saka kuburane bapakne Sujud wis bubar surup, karo Ibune wis ditatakne mangan, mula ya banjur mangan. Dhewekan wae, merga Bu Narti ora tau mangan sore kuwi sabubare surup, jarene wong kuna-kuna mangan sabubare surup kuwi marakne neng awak dadi kelemon. Sujud ya wis apal karo klageyane ibune sing ngono kuwi, mula ya ora omong apa-apa. Najan saktemene Sujud wektu kuwi ora krasa luwe, nanging kanggo nglegani ibune sing wis natakne mangan, ya banjur lungguh imbuh sega banjur wiwit mangan.

Bu Narti nyedhak banjur mapan lungguh neng kursi ngancani cedhak meja ngarepe Sujud.

"Lha nek neng omah manganmu masak dhewe apa tuku Nang?" Bu Narti miwiti ngajak omong.

"Nggih boten mesthi Bu" wangsulane Sujud "sok masak piyambak, sok tumbas dhateng wande".

"Welinge suwargi Bapakmu biyen, jare kekerepen mangan neng warung kuwi ora becik lho Nang" Bu Narti ngandhani .

"Inggih Buk, Sujud inggih taksih kemutan welingipun Bapak ingkang punika" wangsulane Sujud mbenerne kandhane Ibune "nanging, kados pundi malih? tiyang nggih asring boten wonten wekdal kangge masak piyambak,bidahl sadernge srengenge njudhul lajeng bakda serap nembe dugi griya, ngaten punika asring kelampahan".

Bu Narti manggut-manggut, rumangsa bisa nampa lan ngerti sing dadi karepotane Sujud ing saben dinane. Banjur wangsulane :

"Iya pancen ngopeni tanduran sayur neng kebonan kuwi ya kerep mbutuhne wektu ngono kuwi".

"Inggih Buk"

"Mulane ta Nang, ben ana sing ngolahne panganan, awakmu kuwi aja banjur kesuwen urip ijen ngono kuwi. Ndang golek sisihan sing bisa dijak mikir kabutuhane urip".

Sujud meneng suwe ora semaur, malah olehe mangan sansaya telap-telep, kaya ora nggatekne sing diomongne Bu Narti.

"Piye Nang? apa neng angen-angenmu kuwi nganti saiki durung ana gegambaran kanggo wiwit omah-omah maneh? Ibu ora maido rasane atimu sing angel nglalekne sawargi Vera, nanging awakmu ya kudu eling lho Nang, Vera kuwi wis tentrem neng alam kana, lan awakmu ya kudu wiwit mikir nek duwe kuwajiban kudu nyambung turun  barang, merga anake lanang suwargi Bapakmu kuwi ya mung awakmu thok, dadi sanajan mBakyumu si Rani kae wis duwe anak, nanging miturut garis lajer, anake rani kae anake Han, sing luwih wenang ndhaku nek anak-anake Rani kae turune ya Pak Dib, merga Han kuwi rak anak lanange pak Dib" bareng wis sauntara Sujud ora wangsulan Bu Narti nerusne pituture.

"Inggih Buk" Sujud wangsulan " jane ngaten nggih boten kok amargi boten saged nyupekaken Vera anggen kula dereng emah-emah malih punika" .

"Lha ngapa? Thik nganti suwe temen ora enggal golek sesulihe Vera?".

"Pripun nggih Buk?" Sujud wangsulan karo mesem "kawontenanipun sampun benten, rumiyin kula purun kalih Vera nika rak amargi kula ngertos menawi Vera punika larenipun prasaja, nggadhahi sipat temen boten ajrih rekaos lan saged bekti dhateng tiyang sepuh? Benten kaliyan sak niki Buk, kula milang-miling ngantos dugi padhusunan punika angel manggihaken lare estri ingkang nggadhahi sipat kados Vera rumiyin, menawi ta wonten  sajake kok kula boten klebet ing petanganipun lare wau".

Bu Narti ngguyu alon krungu wangsulane Sujud ngono kuwi, banjur omong :

"Dadi nek kira-kira ana sing gelem awakmu sing emoh? lan upama ana sing awakmu gelem sing kana sing emoh ngono pa piye?"

"Kenging diwastani makaten Buk" wangsulane Sujud karo mesem "dados upami wonten ingkang purun lan kula cocog ngaten mesthi sampun kula ajak sowan Ibuk murih ibuk paringi biji, cocog punapa botenipun".

Bu Narti manthuk-manthuk karo mesem, jroning atine rumangsa mongkog dene nganti saiki Sujud isih ngugemi yen Ibune isih kudu ditareni ing bab golek jodho.

"Ibu iki sak jane ya melu mikir lho Nang, mikir supaya awakmu iku enggal oleh bojo maneh. Nanging ya kuwi, meh padha karo sing kok aturne mau, angel golek sing sipat-sipate ngono kuwi mau. Lan maneh, Ibu rak ya kudu mung milih sing awakmu gelem, sanajan miturut Ibu ana bocah sing wis memenuhi sarat, nanging yen awakmu ora gelem rak ya ora bakal klakon, wong sing arep nglakoni kuwi awakmu. Iya apa ora?".

"Mila leres makaten Buk" wangsulane Sujud "Lha punapa Ibuk sampun nate kepanggih lare ingkang sajakipun purun kaliyan kula?".

Bu Narti mesem, kelingan karo apa sing mentas dirembug karo Bu Kardiman mau awan. Bu Narti wis manteb karo panemune nek Mur, nadyan mung drajate sak Batur utawa Abdi nanging sajake bisa dadi srana luwih becike panguripane Sujud saupama bisa dadi bojone Sujud. Nanging Sujud kira-kira gelem apa ora ? Ngelingi nek Mur kuwi mung Pembantu tur ....... ora sekolah.

"Upami wonten kirangipun sakedhik-sakedhik, kinten-kinten kula nggih saged nampi kok Buk" kandhane Sujud maneh nyambung pitakone "sauger miturut Ibuk sampun cocog kaliyan kula".

"Nek eneke, ki ya enek sak jane Nang" wangsulane Bu Narti karo mesem "nanging bocahe ya durung tak tari, wong aku ya durung takon marang awakmu, nanging nek ndelok sipat lan pakulinane bocahe kira-kira gelem".

Sujud ketok bingar, sajak kepencut karo kandhane Ibune kuwalon kuwi.

"Lare pundi Buk? Randha punapa prawan? sinten namine?" pitakone sabanjure.

"Mengko dhisik ta" Bu Narti wangsulan karo mesem "dhek awan ki lagi wae tak rembug karo Bulik Kar, nanging Bulik Kar isih durung satus persen nyetujoni panemune Ibuk".

"Dados Bulik Kardiman nggih sampun sumerep lare niku?" Sujud semaur karo takon "lha mesthinipun wonten ingkang dereng nocogi tumrap Bulik Kar kaliyan kawontenanipun lare punika? punapa punika Buk?".

"Bener, pancen bocah kuwi luwih cedhak karo Bulikmu tinimbang karo Ibu" wangsulane Bu Narti "nek perkara sipat, sregep, temen, ngerti unggah-ungguh lan gathekan ing samubarang gawe, kuwi Bulikmu wis ngakoni, bab rupa Ibuk karo Bulikmu ya wis sarujuk, upama dadi bojomu bocah kae rupane ya ora ngisin-isini".

Sujud ngguyu, kandhane :

"Wah, mesthi larene ayu nggih Buk?. Pancen rupa ayu niku asring damel kepencute tiyang jaler kok".

"Iya, bocahe ayu".

"Eh, nuwun sewu Buk" dumadakan Sujud takon "ingkang sareng kaliyan Bulik mriki wau sinten ta? kula kok dereng nate tepang? napa sedherekipun Bulik nggih?".

"Sing endi? sing lanang apa sing wedok?" Bu Narti genti takon, sanajan satemene ya wis ngerti sing dikarepake Sujud.

"Menawi ingkang jaler rak Andhik sopiripun Bulik rumiyin nika? Kula taksih kemutan niku Bu, ingkang estri? Nuwun sewu lho Buk, sak brebetan kok radi mirip kaliyan sawargi Dhik Vera.......".

"Oh, iya...iya....." Bu Narti genti sing kaya wong kaget lagi kelingan barang sing suwe dielingt-eling "sedina utuh aku mau ngangen-angen, bocah kuwi kaya mirip karo wong sing cedhak karo aku, nanging aku lali sapa wonge. Bareng awakmu nyebut jeneng Vera, ibu lagi kelingan. Iya pancen mirip banget bocah kuwi karo sawargi. mung kaceke pakulitane luwih kuning".

"Inggih Buk" Sujud nyauti "lare ingkang sareng Bulik niku wau sinten ?"

 

ana candhake.

1 komentar:

  1. Mohon maaf Tor..nomor 15 dan 21 tolong ditampilkan ya,.. penasaran nih. Terima kasih..

    BalasHapus

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...