47.
“Ing
pangangkah anggen kula badhe dhateng Kawisan, kula boten badhe ngampiri Ki Bau
Sumber” Bebau Jambon nglajengaken cariyos malih “jalaran anggenipun dhawuh Ki
Dungkul kula namung kadhawuhan sowan malih ing Kawisan dinten Budha Jenar malem
Respati Palguna, boten mawi kenging ngajak utawi nyuwun dikancani Baune Sumber.
Nanging jebul nalika kula dumugi margi protigan tengah sabin gempolan, Ki Bau
Sumber sampun wonten mriku ngentosi.
“Meh
wae aku mau arep nusul ndika lho Ki Jambon” wicantenipun Ki Sumber nalika kula
sampun caket kalih piyambakipun “aku kuwatir ndika lali utawa sengaja murungake
nggon ndika arep sowan menyang Kawisan, merga ana dhawuh saka Lurahe nek
Parepatan Akad Legen dimajokne dadi wengi iki.”
“Aku
mau awan wis pamit marang Adhi Sukmana, Ki Sumber” wangsulan kula “pamit nek
wengi iki aku kapeksa ora bisa melu teka ing adicara rembug desa, jalaran aku
ditimbali guruku supaya ngadhep wengi iki lan aku wis kadhung nyaguhi. Ya
muga-muga nggonku wis kumawani ngaku yen ditimbali guruku kuwi ora ndadekne
dukane Ki Dungkul lan Ki Batasigar, jalaran sing dhawuh supaya aku menyang
Kawisan wengi iki panjenengane Ki Dungkul lan Ki Batasigar, kamangka aku ya
durung bisa mesthekne aku iki wis dipercaya tenan dening Ki Dungkul lan Ki
Batasigar apa durung.”
“Sokur
ta nek pancen mangkono Ki Jambon” Ki Sumber wicanten malih, suwantenipun
kepireng menawi manahipun lega, lan kanthi pambiyantunipun soroting rembulan
tanggal kaping sewelas, lamat-lamat ketingal menawi Bebau Sumber anggenipun
wicanten kalihan mesem “ndika ora prelu kuwatir, ora bakal ndika kena duka saka
Bapa Dungkul apa dene Bapa Batasigar awit anggon ndika kandha marang Adhi
Sukmana yen ndika katimbalan dening Guru ndika. Jalaran sapungkur ndika
wingenane kae, aku lan Ki Kawisan didangu akeh-akeh dening Bapa Dungkul lan
Bapa Batasigar bab watak-watak ndika lan aku apa dene Ki Kawisan ya matur blaka
apa anane yen ndika kuwi kena diarani wong sing lugu, apa sing dikandhakne
padha karo sing dadi isen-isening atine…..”
“Lha
Ki Dungkul lan Ki Batasigar banjur kepiye?” kula nyela rembag, ing batos kula
nggagas teka benten kojahipun Ki Sumber menika kalihan dhawuh pangandikanipun
Ki Dungkul dhateng kula, kala wingenane menika Ki Dungkul dhawuh menawi
panjenenganipun ngrantos dhawuh saking Kyai Nagalanang magepokan kalihan
wangsulan kula, leres tumusing manah menapa namung lelamisan, awit estunipun
sanaosa Kyai Nagalanang boten wonten ing Kawisan, nanging panjenenganipun
uninga menapa ingkang nembe dipun rembag dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar
kalihan kula. Nanging menika kala wau nembe kemawon Ki Sumber criyos menawi
piyambakipun lan Ki Kawisan dipun dangu kathah-kathah dening Ki Dungkul lan Ki
Batasigar, magepokan kalihan watak kula. Nanging kula inggih boten blaka
dhateng Ki Bau sumber ngengingi suwantening batos kula menika.
“Bapa
Guru sakloron iya banjur percaya marang apa sing tak aturake apa dene sing
diaturne Ki Kawisan” Baune Sumber suka wangsulan “dadi wangsulan ndika
wingenane kae wis dipercaya, lan iki mengko ndika bakal kaparingan pituduh apa
sing kudu ndika tindakne murih ndika bisa kagolong wong sing nampa kabegjan lan
kaslametan saka Eyang Guru Kyai Nagalanang lumantar Bapa Dungkul lan Bapa
Batasigar. Mula saiki ayo daya-daya bareng karo aku marak ing ngarsane Bapa
Dungkul lan Bapa Batasigar, aja nganti dadi pangarep-arepe Bapa Guru sakloron.
Amarga kajaba kaya sing dak kandhakne iki mau, sajake bakal ana dhawuh saka
Bapa Guru sakloron sing kudu ditindakne dening kabeh siswa-siswane, ketitik mau
ana timbalan susulan supaya kabeh siswa mlumpuk ing joglone Ki Kawisan.”
Kula
kalihan Ki Bau Sumber inggih lajeng bidhal, anggenipun nggelak lampahing kapal
inggih radi dipun rikataken. Nalika kula kalihan Bebau Sumber dumugi ing
Joglonipun Bebau Kawisan, mila ing mriku sampun kathah tiyang. Nanging boten
mlebet ing pendhapa, namung sami gegrombolan ing plataran lan ing pekarangan.
Sedaya ketingal sami sikep dedamel, tiyang-tiyang menika boten wonten ingkang
sampun kula tepangi awit dede warga Kawisan utawi Pangapitan. Ingkang wonten
salebeting pendhapa namung Para Pamong saking Kawisan lan Pamong-pamong saking
Sumber, namung menawi saking Sumber ketingalipun pamong ingkang wonten mriku
boten jangkep. Sawatawis Ki Dungkul lan Ki Batasigar lenggah ing ngandhap
talang, ing sisih kananipun ketingal Ki Dhangkal jejer kalihan Ki Bau Kawisan lan tiyang
gangsal malih ingkang dereng kula tepangi.
“Kene,
kene Baune Sumber lan Baune Jambon” Ki Batasigar grapyak anggenipun ngendika
nalika pirsa kula kalihan Ki Bau Sumber minggah pendhapa “ndika wong loro padha
linggiha sacakete baune Kawisan kene.”
Mila
radi benten kalihan lelampahan kala wingenane, Ki Batasigar menawi ngendikan
kalihan kula ngginakaken basa krama, nanging dalu menika sampun ngginakaken
basa ngoko. Salebeting manah kula nginten, menawi kula sampun dipun anggep
dados siswanipun kados dene Ki Bau Sumber. Kamangka kanyatanipun kula dereng
rumaos dados siswanipun Ki Batasigar menapa dene Ki Dungkul. Inggih kanthi
wontenipun kedadosan kados makaten menika ingkang njalari raosing manah kula
sansaya mindhak tidha-tidha, kapitadosan kula dhumateng Ki Batasigar lan Ki
Dungkul dados suda. Nanging ingkang makaten menika boten kula lahiraken, kula
namung kendel kemawon malah lajeng nirokaken slaganipun Ki Bau Sumber, ingkang
ngabekti langkung rumiyin dhateng Ki Batasigar lan Ki Dungkul saderengipun
mapan linggih ing sisihipun Bebau Kawisan.
“Para
siswa kabeh” Ki Batasigar lajeng ngendika kanthi suwanten ingkang radi sora
“ndika kabeh padha sumurupa, Baune Jambon saiki wis dadi sedulur lahir batin
karo awake dhewe kabeh. Awit saka kamurahane Bapa Guru Kyai Nagalanang,
Panjenengane wis kepareng maringake Kabegjan lan Kaslametan marang Baune
Jambon. Sabanjure dhawuh saka Bapa Guru Kyai Nagalanang marang Baune Jambon
lumantar aku lan Ki Dungkul ya iku supaya ngajak para kawula ing Dhukuh Jambon
mligine para pamonge supaya padha pinter
lan ngalab kabegjan lan kaslametan sing diasta dening Bapa Guru Kyai Nagalanang
lumantar aku lan Ki Dungkul. nDika wis ngerti Baune Jambon?”
Dipun
tlemak kalihan rembag makaten menika, kula boten saged wangsulan menapa-menapa
kajawi namung manthuk kemawon lan kula tingali Ki Batasigar, Ki Dungkul menapa
dene Ki Dhangkal lan Bebau Kawisan sami mesem kalegan.
“Sabanjure”
Ki Batasigar lajeng wicanten malih “ndika kabeh padha sumurupa, wujude kabegjan
lan kaslametan iki ora suwe maneh bakal katon ngalela cetha wela-wela bareng
lan katone kacilakan lan kasangsaran sing bakal disandhang dening wong-wong
sing kumalungkung wani nggorohake warta saka Bapa Guru Kyai Nagalanang sing tak
gawa karo Ki Dungkul sakanca iki.”
“Nyuwun
pangapunten Bapa Guru, menapa ing Pangapitan mriki menika taksih wonten tiyang
ingkang kumalungkung boten pitados dhateng menapa ingkang jengandika dhawuhaken
Bapa?” Ki Lempuk, Jagabaya Sumber kalihan nyembah matur nyuwun pirsa.
“Aku
kandha mangkono kuwi cetha yen isih ana malah kepara isih akeh ta Ki Jagabaya”
Ki Batasigar suka wangsulan “yen sing mangkono kuwi kawula lumrah, mbok menawa
isih ana sethithik pangapura sing diparingake dening Bapa Guru Kyai Nagalanang,
nanging manawa sing mangkono iku kalebu Pamong mangka sajroning wektu embuh
sedina embuh rong dina mesthi bakal ilang saka lumahing bumi iki, titenana
wae!!!”
“Nggegirisi…..”
boten kraos tiyang-tiyang sami grenengan alon.
“Ya
nek dirasakne pancen nggegirisi” Ki Batasigar wicanten malih “nanging
kabeh-kabeh kuwi iya jalaran saka salahe dhewe, ngendel-ngendelne dumeh duwe
kalungguhan lan kaluwihan ing reh ulah kanuragan banjur kasinungan ati
kumalungkung wani ngremehake sedulure sing duwe niyat becik sing ngajak murih
padha oleh kebegjan lan kaslametan, wekasane undhuh-undhuhane ya kaya sing tak
kandhakne mau, ilang saka lumahing bumi, ragane bakal dadi rabuke desa iki dene
sukmane nyemplung ing kawah candradimuka mbuh pirang atus tahun lawase, yen wis
lagi dientas lan dikumpulake karo bangsa lelembut ing alam sonya luri. Sepisan
maneh tak baleni, marang wong sing mangkono iku ndika kabeh ora dikeparengake
duwe rasa welas lan mesakake.”
“Inggih
Bapa Guru” Jagabaya Kawisan kalihan suwantenipun ingkang gumleger nyauti
wicantenipun Ki Batasigar, “kula babar pisan boten badhe welas dhateng tiyang
ingkang kumalungkung makaten menika, malah menawi dipun keparengaken kula
langkung remen menawi kadhawuhan nyirnakaken tiyang-tiyang ingkang makaten kala
wau, sakiting manah kula dhateng tiyang kumalungkung kados patrapipun Bebau
Pilang lan Bebau Pethek ingkang kumawantun nggorohaken dhawuh saking jengandika
Bapa Guru, dugi sapriki dereng mantun.”
Ki
Batasigar lan Ki Dungkul ketingal mesem ketawis remen mireng aturipun Jagabaya
Kawisan makaten menika kala wau. Kula piyambak boten mangertos menawi Bebau
Pilang lan Bebau Pethek pranyata sampun damel sakit manahipun Jagabaya Kawisan.
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar