48.
Kula lirik
tiyang-tiyang ugi katingal boten sami mangertos kalihan ingkang dipun ucapaken
Bebau Kawisan makaten kala wau. Malah lajeng kepireng sami klesak-klesik
sesamining rencang ingkang sami taken takenan menapa ingkang sampun
katindakaken dening Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek, mesthi sampun wonten
prakawis ingkang wonten sambetipun kalihan Jagabaya Kawisan, awit menawi namung
prakawis Bebau Pilang lan Bebau Pethek boten pitados kalihan warta ingkang
mungel bilih Ki Dungkul lan Ki Batasigar badhe andum kabegjan menika,
mesthinipun Ki Jagabaya Kawisan boten ngantos kados makaten menika anggenipun
gela.
“Sing
sabar Ki Jagabaya” gentos Ki Dungkul ingkang wicanten suka wangsulan dhateng Ki
Jagabaya Kawisan “ora kudu ndika sing kudu tumandang, wis ana dhewe siswa Padhepokan
Nagalanang sing kajibah ngrampungne prekarane Bebau Pilang lan Bebau Pethek
kuwi. Kanggo ndika lan siswa-siswa liyane bakal nampa jejibahan sing adoh luwih
abot lahir batine sing kudu ditindakne. Apa para siswa sing ana pendhapa iki
padha saguh?”
“Kangge
nggayuh kabegjan lan kawilujenganing gesang, badhea awrat ingkang kados menapa
kemawon, kula saha Pamong lan sapukawat ing dhukuh Kawisan mriki boten wonten
atur sanes kajawi namung sendika ngestokaken dhawuh, Bapa” sareng radi sawatawis boten wonten ingkang
atur wangsulan dhateng Ki Dungkul, Ki Kawisan lajeng atur kasagahan “awit kula
sadaya sami pitados bilih Kanjeng Eyang Guru Kyai Nagalanang tartamtu boten
badhe negakaken kawilujengan kula sakanca.”
“Pancen
bener apa kang ndika kandhakne kuwi mau Baune Kawisan” Ki Dungkul wicanten
malih, nanduki menapa ingkang dipun aturaken Ki Kawisan “Pukulun Kyai
Nagalanang ora bakal negakne marang para pandherek lan para siswane ngadhepi
apa wae, dadi saupama ndika kabeh sajroning ngayahi jejibahan nindakne dhawuh
saka Panjenengane, ndika kudu ngadhepi mungsuh sing sekti pilih tandhing, ndika
ora bakal bisa kasoran lan mungsuh ndika sing mesthi bakal sirna marga layu,
kajaba….”
“Kajawi
menapa Bapa?” Jagabaya Kawisan nyela rembag, jalaran Ki Dungkul radi dangu
boten nyambet wicantenipun nalika dumugi tembung “kajaba”.
“Kajaba
yen miturut paningale Bapa Guru Kyai Nagalanang ana peranganing raga ndika sing
wis ora becik lan prelu diganti karo sing luwih apik” Ki nutugaken anggenipun
wicanten kalihan mesem, lajeng paring pitakenan “wis ngerti sing tak karepake?”
“Dereng”
tiyang-tiyang sami atur wangsulan sesarengan.
“Yen
nganti ndika maju ana ing Palagan, nindakne dhawuh saka Bapa Guru Kyai
Nagalanang manawa peranganing raga ndika kuwi isih sentosa kabeh, ndika mesthi
bakal unggul ing yuda, sanadyan mungsuh sapa wae. Nanging yen ana peranganing
raga ndika ana sing wis ora sempurna, kaya upamane sikile sing pincang, tangan
sing ceko, kuping sing wis suda rungon, mripat sing wis ora awas lan sapiturute,
mangka ya lumantar paprangan kuwi, ndika bakal dipulihake. Mula aja kaget lan
susah ati ndika yen mengkone weruh sedulur ndika rubuh kapupu ing yuda. Katone
mula tumekeng pati, nanging tenane ora. Ragane sing wis rusak dipendhem ing
bumi, sukmane kanggo sauntara kaleremake ing suwarga tundha sanga. Yen wis oleh
patang puluh dina, sukmane yen gelem bakal dibalekne ing raga sing anyar sing
tanpa cacat babar pisan lan bakal bali kumpul karo kulawargane maneh, nanging
yen luwih krasan manggon ing Swarga laya, iya dikeparengake mapan ing kono
selawase.”
Tiyang-tiyang
boten wonten ingkang wicanten utawi pitaken dhateng Ki Dungkul magepokan
kalihan katrangan ingkang nembe kemawon dipun dhawuhaken. Menawi kula, bares
kemawon mila dereng ngandel kalihan katranganipun Ki Dungkul kala wau, jalaran
kajawi boten kalebet ing nalar, kok kados-kados kuwaosipun Kyai Nagalanang
menika saged nyameni panguwaosipun Gusti Ingkang Paring Gesang kemawon. Kula
kinten anggenipun boten wicanten tiyang-tiyang ing Pendhapa menika mbok menawi
nggadhahi gagasan ingkang meh sami kalihan kula.
“nDika
kok padha meneng wae?” Ki Dungkul lajeng wicanten malih “apa ndika ora percaya
karo sing lagi wae tak kandhakne iki mau?”
Dipun
takeni makaten kala wau, tiyang-tiyang sakala sami pucet jalaran ajrih dhateng
Ki Dungkul. Nanging panggah boten wonten ingkang semaur. Ki Dungkul mesem,
lajeng noleh dhateng tiyang ingkang linggih ing kananipun Ki Dhangkal kalihan
wicanten ingkang ngemu prentah :
“Sobrah
coba ngadega ing tengah jogan kono!”
“Kula
Kyai?” nem-neman bagus ingkang nami Sobrah suka wangsulan kalihan pitaken.
“Iya”
wangsulanipun Ki Dungkul “ngadega neng tengah kalangan lan critakna marang
sedulur-sedulurmu kuwi lelakon sing tau mbok alami magepokan karo sing tak
kandhakne iki mau!”
Sobrah
lajeng mlampah ing tengah jogan, sasampunipun mbungkuk atur kurmat dhateng Ki
Dungkul lan Ki Batasigar miwah sedaya ingkang linggih ing jogan pendhapa,
lajeng wiwit wicanten :
“Nuwun
sewu para sedherek kula sedaya, dipun tepangaken kemawon nami kula Sobrah
saking Dhusun Brendhilan. mBok bilih ndika sami nginten lan mastani menawi umur
kula menika nembe kur-kuran inggih?”
“Leres
kisanak menawi panginten kula umur ndika niku nggih selangkung tahun kirang”
Bebau Sumber ingkang suka wangsulan radi sora “rak iya mangkono ta Lur?”
“Nggih
leres, Ki Bau” Pamong-pamong ingkang saking Dhukuh Sumber sami semaur
sesarengan.
“Nyuwun
pangapunten Ki Bau lan para sedherek sedaya” Sobrah wicanten malih kalihan
mesem “panginten jengandika sedaya dereng pas, jalaran kula menika kenging
kawastanan sampun sepuh, nanging ugi boten lepat menawi kawastanan taksih lare.
Jalaran, ingkang sepisan kula dipun lahiraken dening Biyung kula menika tebih
saderengipun Ki Batasigar ingkang samangke sampun yuswa sewidak gangsal tahun.
Cethanipun nalika Ki Batasigar miyos
kula sampun umur gangsal tahun, kula mangertos miyosipun Ki Batasigar
jalaran tiyang sepuh kula menika mila abdi utawi rewang ing dalemipun Ki Batasigar.
Nalika kula umur suwidak tahun kula wiwit suwita lan puruita dhateng Ki
Gendirireng. Sasampunipun cekap anggen kula ngangsu kaweruh kebatinan dhateng
Ki Gendirireng, lajeng kula kadhawuhan nutugaken sinau dhateng Bapa Guru Kyai
Nagalanang ing Padhepokanipun. Sasampunipun ngangsu kawruh ing Padhepokan
Nagalanang watawis tigang tahun kula kedah ndherek pandadaran siswa. Ing
adicara pandadaran siswa menika dening Kyai Nagalanang kadhawuhan ndherek Ki
Gendirireng numpes Paguron Bethetbiru ingkang mapan ing sak leripun wana
Brangkal. Bethetbiru menika paguron ingkang mengsahi Padhepokan Nagalanang. Nalika
badhe bidhal nglurug dhateng Padhepokan Bethetbiru dening Ki Gendirireng kula
dipun paringi pitutur kados ingkang dipun dhawuhaken Kyai Dungkul kala wau. Lha
ing mriku kula nembe ngertos ingkang dados kersanipun Bapa Guru Kyai
Nagalanang. Inggih menika kajawi ndadar sapinten kasetyan kula dhateng
Padhepokan saha Bapa Guru Kyai Nagalanang, Bapa Guru ugi kepareng badhe paring
kanugrahan dhateng kasetyan lan kapitadosan kula. Suku, tangan, pamireng, lan
panyawang kula sarta perangan sanesipun saking badan kula mila wekdal menika
sampun wancinipun dipun pulihaken kados duk kula taksih nem rumiyin. Saestu ing
paprangan mengsah Paguron Bethetbiru kala wau, dhadha kula sigar kenging tumbak.
Tiyang-tiyang sami sumerep kula rebah ing siti. Nanging kula boten kraos
menapa-menapa, malah rumaos kula, kula sampun ngalih ing papan ingkang
sakalangkung endah lan asri lan ing mriku menapa ingkang kula betahaken sedaya
sampun cumawis. Mila kula sakalangkung gumun. Capet-capet kula kemutan menawi
kula wau kadhawuhan ndherek nglurug perang dhateng Padhepokan Bethetbiru,
nanging kok dumadakan kula sampun dumugi papan ingkang endah lan asri menika?.
Dumadakan kados wonten ingkang nuntun, kula mlampah lan saged mabur kados dene
peksi. Inggih saking menika kula lajeng dumugi papan raga kula dipun kubur.
Kula lajeng kemutan kalihan dhawuhipun Ki Gendiriireng nalika kula badhe bidhal
dhateng Padhepokan Bethetbiru kala wingenane, inggih menika Bapa Guru Kyai
Nagalanang ngersakaken mulihaken peranganing raga kula ingkang sampun risak
wangsul kados jaman kula taksih nem rumiyin. Estunipun dening Jawata ingkang
mangreh papan ingkang endah lan asri lan menapa ingkang kula betahaken sampun
cumawis menika, kula kaparengaken manggen wonten mriku salami-laminipun.
Nanging gandheng kula kepengin saged tansah cecaketan kalihan Guru-guru kula
ing Gendiireng lan ing Nagalanang, kula lajeng nyuwun murih kula saged wangsul
dhateng raga kula malih. Lan sasampunipun raga kula pulih kados jaman kula
taksih nem rumiyin, dening Jawata kula dipun keparengaken manjing ing raga kula
malih, temah kula saged tangi saking kuburan lan wangsul ngadhep Bapa Guru Kyai
Nagalanang ing Padhepokan.”
Sasampunipun
cariyos makaten kala wau, Sobrah lajeng mapan linggih malih ing papanipun
sakawit. Tiyang-tiyang sami ndomblong saking anggenipun kasengsem dhateng
cariyosipun Sobrah, tiyang ingkang umuripun sampun pitung dasa langkung nanging
kawonrenanipun kados nem-neman umur kur-kuran kemawon.
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar