Total Tayangan Halaman

Jumat, 01 Maret 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (49)


 

49.

        Radi sawatawis kawontenan dados temawon awit saking anggenipun sami grenengan sami rowang antawisipun tiyang-tiyang ingkang wonten pendhapa joglonipun Ki Bau Kawisan menika. Mila kathah ingkang gumun kaworan gawok kalihan cariyosipun Ki Sobrah kala wau. Tiyang ingkang gesang malih sasampunipun pejah lan tangi saking kuburipun kanthi kawontenaning raga ingkang pulih kados jaman taksih nem rumiyin.

        “Para siswa kabeh” dumadakan Ki Batasigar wicanten sora lan tiyang-tiyang ugi lajeng kendel anggenipun sami grenengan “critane Sobrah mau pancen kepara nyata, lan kang mangkono iku jalaran Sobrah wis manteb lahir trusing batin anggone percaya marang Bapa Guru Kyai Nagalanang. Dadi olehe percaya Sobrah ora mung lelamisan sing mung kandheg ana pangucap wae. Lan kang mangkono mau ora saben wong bisa. Kaya kang ora suwe maneh bakal kawiyak ing Pangapitan iki, endi sing percaya kanthi lahir batin marang Bapa Guru Nagalanang lan endi sing mung lelamisan. Mesthi wae tumrap wong sing mung lelamisan mesthi bakal nemu kacilakan lan kasangsaran ora beda karo sing padha wani nggorohake marang warta lan piwulang saka Bapa Guru lan sing wis manteb nggone percaya kanthi lahir trusing batin bakal nampa kanugrahan wujud kabegjan lan kaslametan.”

        Sedaya ingkang wonten pendhapa sami ndhingkluk boten wonten ingkang wantun ndengengek lan atur wangsulan dhateng wicantenipun Ki Batasigar. Kalebet kula inggih makaten, jalaran sansaya kraos ing salebeting manah kula manawi ewuh aya ing pambudi. Badhe pitados, nalar kula wicanten menawi wicantenipun Ki Batasigar lan Ki Dungkul sarta criyosipun Ki Sobrah kala wau babar pisan tebih saking nalar ingkang waras, menawi badhe boten pitados salebeting manah wonten raos ajrih menawi ngantos manggih cilaka lan ugi taksih ngajeng-ajeng pikantuk kabegjan. Wasana kula inggih mendel ngraosaken campuhing nalar lan raos ingkang sakalangkung rame.

        “Cethane mangkene para siswa kabeh” gentos Ki Dungkul ingkang lajeng wicanten nyambet wicantenipun Ki Batasigar “dhawuh sing tak tampa saka Bapa Guru Kyai Nagalanang, wiwit dina iki awake dhewe kudu wani nuduhake marang jagad yen awake dhewe iki pandhereke Bapa Guru Kyai Nagalanang lan mung bakal manut lan miturut marang apa sing dadi dhawuhe Bapa Guru, jalaran sing sapa wonge duwe panutan liya mangka kuwi ora bakal bisa nampa kabegjan lan kaslametan sarta mesthi bakal cilaka. Mula marang kang ora ngandel lan ora gelem percaya marang dhawuhe Bapa Guru, awake dhewe ora kena maneh duwe rasa ewuh lan pakewuh, wong kang mangkono mau cetha nek wis wani marang Bapa Guru lan lan sing wani marang Bapa Guru kuwi padha karo dadi mungsuhe para siswa Padhepokan Nagalanang klebu aku lan ndika kabeh. Sakehing mungsuh kudu disirnakne, ora metung kuwi isih kanca sing raket utawa sedulur sing caket.”

        “Inggih Bapa” Bebau Kawisan ingkang atur wangsulan “kula sampun prasetya, sanaosa kadang pribadi, sanak utawi malah anak lan semah kula piyambak, menawi boten purun pitados lan manut miturut dhawuh saking Kanjeng Eyang Guru Kyai Nagalanang badhe kula cuthat kados dene cacing malah menawi prelu boten badhe kula eman kula kecalan nyawanipun tiyang-tiyang ingkang makaten menika.”

        “Bagus Baune Kawisan. Mula pantes ndika nampa kanugrahan drajat sing luhur saka Bapa Guru Kyai Nagalanang!” Ki Dungkul suka wangsulan kalihan mesem wiyar “nanging, apa ndika temen-temen wani saupama kudu ngadhepi wong sing sasuwene iki banget ndika ajeni lan ndika bekteni jalaran wong mau jebul wani marang Bapa Guru Kyai Nagalanang ?”

        “Sinten menika Bapa? Mesthi kemawon kula boten badhe ajrih” Bebau Kawisan wangsulan kalihan suwanten ingkang nedahaken tataging manahipun “wiwit rumiyin mila kula tansah ngaosi lan bekti dhateng tiyang ingkang pantes dados pepundhen, nanging menawi sampun kula dadosaken pepundhen nanging nyatanipun wantun kalihan Kanjeng Eyang Kyai Nagalanang, kula boten badhe tidha-tidha nyirnakaken piyambakipun. Ki Lurah Pangapitan upaminipun, sanaosa Ki Lurah menika sedherek jengandika Bapa Dungkul lan sadangunipun menika tansah dados pandom kiblating lelabetan tumrap kula, nanging menawi Ki Lurah boten kersa ndherek rerigen saking jengandika menapa dene Bapa Batasigar awit langkung nggega aturipun rayi jengandika pun Ki Palir, kula inggih badhe wentala dhateng panjenenganipun.”

        “Bener ndika Baune” Ki Dungkul wicanten malih kalih sansaya jembar esemipun “pancen sebutane wae Ki Lurah Pangapitan kae isih sedulur nek karo aku lan adhiku si Dhangkal, nanging kuwi ya mung winates ing sebutan wae, jalaran antarane aku karo Ki Lurah kae ora ana sambunging waris, beda nek karo si Palir, arepa kaya apa kae isih sedulurku nom tunggal bapa karo aku lan si Dhangkal. Lan si Palir kae mula isih adhine Ki Lurah Pangapitan, jalaran biyunge Ki Lurah iku uga biyunge Palir. Nanging sepisan maneh tak kandhakne, ndika kabeh kudu eling marang dhawuhe Bapa Guru Kyai Nagalanang, tumrap awake dhewe kabeh sing diarani kulawarga kuwi ya mung wong sing percaya lan ndherek marang dhawuhe Bapa Guru, yen ana wong sing cilike ora nggugu, gedhene wani marang Bapa Guru, kuwi cetha nek mungsuh sing kudu didohi lan nek prelu ya kudu disirnakne, sanadyan tata gelar isih waris dhewe.”

        “Nuwun sewu Bapa” dumadakan Bebau Sumber wicanten.

        “Iya piye Baune Sumber?” Ki Dungkul wangsul pitaken.

        “Menapa sampun cetha menawi kula sasedherek menika kedah wantun kalihan Ki Lurah?” Ki Bau Sumber nglajengaken anggenipun taken “menawi nyata makaten tak ateges kula sasedherek menika sampun boten nggadhahi Lurah? Lajeng sinten ingkang pantes nggentosi palenggahan Lurah ing Pangapitan menika Bapa?”  

        “nDika aja banjur kleru tampa Baune Sumber” Ki Dungkul suka wangsulan “sing dikandhakne Baune Kawisan apa dene sing tak kandhakne mau lagi teka ing tembung saupama. Lan sing prelu tak kandhakne, nganti dina iki aku apa dene Ki Batasigar durung nampa dhawuh pituduh saka Bapa Guru Kyai Nagalanang magepokan karo Ki Lurah Pangapitan. Apa Ki Lurah kae wis kersa ndhahar aturku lan ature Ki Batasigar sing wujud kersa manunggal karo Paguron Nagalanang apa durung, kuwi durung cetha. Lan mesthi wae, sanadyan mung sedulur aran-aran, aku ngarep-arep lan kepengin Ki Lurah kersa manunggal dadi siji karo awake dhewe. Nanging, sepisan maneh saupama, Ki Lurah mbeguguk makutha waton ora kersa manunggal karo awake dhewe, ya pancen drajate Ki Lurah kae ora pantes yen nglurahi Desa lan kawula ing Pangapitan kene. Pantese ya ragane kareben koklok dadi rabuke bumi Pangapitan lan sukmane nyemplung ing kawah candradimuka kana.”

        “Pangarep-arep lan pepenginane Bapa Dungkul magepokan karo Ki Lurah kuwi padha karo aku Ki Sumber” dumadakan Bebau Kawisan numpangi rembagipun Ki Dungkul “lire, muga-muga wae Ki Lurah kebukan penggalihe lan kersa ngajak kabeh kawula sarta Pamong lan kabeh sapukawat ing Pangapitan mangayom marang Padhepokan Nagalanang, murih kabeh bisa nampa kanugrahan saka Kanjeng Eyang Guru Kyai Nagalanang wujud kabegjan lan kaslametan. Nanging yen kapeksa Ki Lurah mung nggugu kersaning priyanggane, ya arep kepriye maneh? Ya kapeksa kudu disirnakne. Lan ndika ora susah kuwatir sapa bakale sing gumanti nglurahi Pangapitan kene. Aku sing bakal madeg dadi Lurah, lan manawa ana sing ora trima aku saguh nandangi, tak tetere sepira kadigdayane, yen bisa ngalahne aku, kena dheweke madeg nggenteni dadi lurah ing Pangapitan kene.”

        Rembagipun Bebau Kawisan ingkang makaten kala wau sinauran keplok rame dening para pamong saking Dhukuh Kawisan. Nanging lajeng dipun lerem dening Ki Dungkul ingkang lajeng wicanten malih :

        “Becike aja ngrembug barang sing durung karuwan kedadeyane. Sing luwih baku, apa kang tak kandhakne wengi iki padha ndika eling-eling, awit kabeh mau pituduh saka Bapa Guru sing kudu digugu dening sok sapawa sing kepengin nampa kanugrahan wujud kabegjan lan kaslametan. Saiki ndika kabeh dikeparengake bali menyang omahe dhewe-dhewe, mung wae ing omah kudu tansah samekta, sawayah-wayah ndika bakal ditimbali mrene saprelu nampa dhawuh lan nindakne kuwajiban saka Bapa Guru Kyai Nagalanang.”

        Sareng Ki Dungkul wicanten makaten menika, kula inggih lajeng pamit badhe wangsul. Makaten ugi Bebau Sumber lan para Pamong ingkang saking Dhukuh Sumber. Gandheng saking Jambon kula namung piyambakan, mila kula inggih lajeng nyarengi lampahipun Bebau Sumber. Nalika dumugi margi protigan, inggih ing papan ingkang kala wau sonten dening Ki Sumber kangge ngentosi kula, Ki Sumber ngajak kula mandheg rumiyin.

        “Mandheg dhisik Ki Jambon, ana rasa ngganjel ing atiku sing arep tak walehne marang ndika” wicantenipun Ki Sumber kalihan narik lising kapalipun murih mandheg.

        “Iya Ki Sumber, ana apa maneh?” pitaken kula.

 

(ana candhake)

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...