Total Tayangan Halaman

Kamis, 22 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8.(46)


 

46.

                Ki Dungkul lan Ki Batasigar ketingal ngetingalaken anggenipun migatosaken atur kula. Sanaosa makaten, kula inggih sumerep menawi kekalihipun sinambi mirengaken atur kula ugi kober ngliringaken netra kalihan mesem kasingidaken kalihan Ki Kawisan menapa dene Ki Sumber. Sami kalihan Ki Dungkul lan Ki Batasigar, Bebau Kawisan lan Bebau Sumber ugi katingal sumringah praupanipun nedahaken menawi nembe kasukan manahipun.

        “Salajengipun” kula nglajengaken atur malih “Ki Bebau Sumber ugi wicanten menawi piyambakipun lan Ki Bebau Kawisan sampun jengandika dhawuhi bilih sampun kagolongaken dhateng tiyang-tiyang ingkang nampi kabegjan saha kawilujengan kala wau. Ki Bau Sumber nunten pitaken dhateng kula, mbetahaken kabegjan lan kawilujengan kala wau menapa boten, menawi mbetahaken dening Ki Sumber kula dipun criyosi murih sowan jengandika Ki Dungkul lan Ki Batasigar, pramila sonten menika kula lajeng sowan mriki menika.”

        “Makaten inggih Ki Bau Jambon” Ki Dungkul lajeng paring dhawuh mangsuli atur kula “sedaya ingkang dipun criyosakem dening Baune Sumber kala wau mila leres, namung wonten ingkang kirang leres.”

        “Kirang leres kados pundi Ki Dungkul?” kula nyela atur, kalihan nglirik Ki Bau Sumber ingkang lajeng ngincangaken alisipun.

        “Inggih ing babagan Kabegjan lan Kawilujengan menika” Ki Dungkul paring wangsulan “ingkang kagungan kawilujengan lan kabegjan menika kala wau nuwun inggih panjenenganipun Bapa Kyai Nagalanang ingkang dipun tampi saking Pukulun Sang Hyang Wisnu, murih kaparingaken dhateng titah, boten namung ing Pangapitan kemawon, nanging dhateng sedaya titah ingkang mapan ing Tanah Jawi ingkang mbetahaken. Ingkang rumaos boten mbetahaken inggih boten badhe kaparingan, namung kemawon sampun dados kersanipun ingkang kagungan Tanah Jawi menika, menawi boten mbetahaken kabagjan inggih badhe nampi kacilakan, menawi boten mbetahaken kawilujengan inggih badhe nampi kasangsaran, raganipun badhe risak wekasan dados rabuking bumi Jawi dene sukmanipun badhe kawangsulaken ing alam sonyaluri dados kempal kalihan para lelembat menika sasampunipun dipun godhog ing kawah candradimuka inggih kawahipun redi Lawu ingkang dangunipun boten kantenan. Dene tumrap ingkang mbetahaken kabegjan lan kawilujengan inggih badhe pikantuk begja lan rahayu inggih menawi sampun netepi sarat masrut ingkang kadhawuhaken Bapa Kyai Nagalanang. Lha jejer kula lan Kyai Batasigar menika namung nindakaken dhawuh saking Bapa Kyai Nagalanang, andum kabegjan lan kawilujengan ingkang asalipun saking Sang Hyang Bathara Wisnu kala wau.”

        Mireng dhawuh wangsulanipun Ki Dungkul makaten kala wau, manah kula inggih dereng patos pitados. Namung badhe nggorohaken lan wicanten menawi kula boten mbetahaken kabegjan lan kawilujengan, ugi boten wantun lan bares kemawon manah kula kenging kawastanan tidha-tidha, boten pitados inggih boten nggorohaken. Pramila kula inggih lajeng boten tumunten wicanten. Ketingalipun Ki Dungkul lan Ki Batasigar mangertos menapa ingkang dados isining manah kula, ketitik Ki Batasigar ingkang lajeng gentos ngendika :

        “Menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Dungkul kala wau namung kabar limrah lho Ki Bau Jambon. Sedaya ingkang mireng, kenging pitados lan kenging nggorohaken. Ingkang cetha, sedaya wonten undhuh-undhuhanipun piyambak-piyambak. Kasaraning rembag, menawi wonten menapa-menapanipun badhe dipun tanggel piyambak-piyambak. Lan boten wonten malih kekadangan ingkang lahir batin antawisipun ingkang pitados lan ingkang boten pitados, Dados menawi ndika boten pitados, tumrap kula lan para-para ingkang pitados inggih boten wonten tunanipun. Lan sadaya tiyang ugi saged wicanten menawi pitados dhateng kabar menika, nanging menawi anggenipun pitados namung dumugi ing lathi, inggih tanpa pedah, awit Bapa Kyai Nagalanang saestu nguningani dhumateng ingkang samar menapa dene ingkang cetha. Sepisan malih kula ambali, ingkang kagungan lan ingkang ngregem kabegjan saha kawilujengan menika namung Bapa Kyai Nagalanang lan namung badhe kaparingaken dhateng sok sintena ingkang mbetahaken lahir trusing batos.”

        “Nyuwun pangapunten Ki Batasigar” nalika Ki Batasigar kendel anggenipun ngendika kula lajeng matur “estunipun kula minangka tiyang limrah, saestu kula kepengin ing tembenipun kula saged pikantuk kabegjan saha kawilujengan kados ingkang sampun kula criyosaken dhateng Ki Sumber kala wau enjang, lajeng menapa ingkang kedah kula wujudi minangka sarat masrut kangge saged nampi kabegjan saha kawilujengan menika?”

        “Sokur menawi makaten Ki Bau” gentos Ki Dungkul ingkang ngendika malih “mila sampun dados kodrating jagad, sanaosa kabegjan lan kawilujengan menika paribasan sampun kasebar, nanging namung titah ingkang gesang nalaripun kemawon ingkang purun ndarbeki, kalebet ndika menika. Lan mula leres ingkang ndika ngendikakaken, tumrap tiyang ingkang  ngersakaken pikantuk kabegjan lan kawilujengan menika wonten sarat masrut ingkang kedah dipun wujudi. Ingkang sepisan, kedah pitados lahir trusing batin dhumateng kabar ingkang kula aturaken kala wau, lha ndika menapa saestu sampun pitados Ki Bau?”

        “Inggih Ki Dungkul kula pitados” atur wangsulan setengah dora, jalaran estunipun kula inggih dereng pitados kanthi wetah dhateng menapa ingkang dipun dhawuhaken Ki Dungkul lan Ki Batasigar kala wau.

        “Estunipun wangsulan saking ndika dhateng pitaken kula wau boten kedah sakniki Ki Bau” Ki Dungkul suka wangsulan kalihan mesem “nanging gandheng sampun ndika ngendikakaken, inggih boten dados menapa, namung menawi kula menapa dene Kyai Batasigar sampun pitados kalihan wangsulan ndika menika, nanging benten kalihan Bapa Kyai Nagalanang ingkang ugi sampun nguningani menapa ingkang kula lan ndika rembag dalu menika, panjenenganipun Bapa Kyai Nagalanang sampun pitados dhateng wangsulan ndika wau menapa dereng, kula lan Kyai Batasigar dereng mangertos. Dados menapa ndika sampun kalebetaken dhateng golonganipun titah ingkang begja lan wilujeng kanthi pangayomaning Bapa Kyai Nagalanang menapa dereng, kula lan Kyai Batasigar inggih dereng mangertos. Murih cethanipun, ndika kula aturi mriki malih benjang dinten Budha Jenar malem Respati Palguna, ing wanci bakda seraping surya. Inggih ing wekdal lan dinten kasebat ndika mangke badhe nampi dhawuh saking Bapa Kyai Nagalanang lumantar kula utawi Kyai Batasigar, leres lan botenipun wangsulan ndika menika, lan menawi nyata-nyata leres badhe kadhawuhaken sarat masrut sanesipun ingkang kedah ndika cekapi.”  

        Sasampunipun kula sagahi menapa ingkang dados dhawuhipun Ki Dungkul menika, kula lajeng kadhawuhan wangsul rumiyin dene Ki Sumber kadhawuhan kendel rumiyin wonten Kawisan jalaran badhe wonten dhawuh dhateng piyambakipun saking Paguron Nagalanang, ingkang boten kenging kula sumerepi rumiyin. Kula inggih lajeng wangsul piyambak.

        Inggih awit kula sampun nyagahi Ki Dungkul kasebat, nalika kala wingi Adhi Sukmana sarta Baune Pilang saha Baune Pethek rawuh ing griya kula, ndumugekaken dhawuh jengandika Ki Lurah menawi adicara Parepatan Rembag Dhusun Akad Legen dipun majengaken, kapeksa kula pamit, awit badhe dhateng Kawisan kados ingkang sampun kula aturaken dhateng Adhi Sukmana kala wingi. Sanaosa makaten sedaya Pamong ing Jambon ingkang dados tanggel jawab kula, sedaya kula parentah murih dugi dhateng adicara Akad Legen ingkang dipun majengaken menika. Salajengipun nuhoni kasagahan kula dhateng Adhi Sukmana, sepisan nyuwun pangapunten dhateng Ki Lurah awit anggen kula sampun pamit kala dalu menika, dene kaping kalihipun badhe ngaturaken sedaya lelampahan menapa ingkang  kula panggihi salebetipun kula dhateng Kawisan kala dalu.” Bebau Jambon mungkasi anggenipun cariyos.

        Ki Lurah Pangapitan lan sedaya ingkang wonten Pringgitan sami manthuk-manthuk kasengsem dhateng menapa ingkang dipun criyosaken dening Bebau Jambon kala wau.

        “Iya Baune Jambon” Ki Lurah lajeng paring dhawuh “yen ndika njaluk pangapura marang aku, awit mau bengi ndika ora bisa teka ing parepatan Rembug Desa, aku ya wis aweh pangapura jaragan pancen ndika ora ana lekas kanggo wani nglirwakne kuwajiban nanging pancen ana pambeng sing luwih wigati tumrap ndika lan mbok menawa ya ana gunane kanggo Desa lan Warga Pangapitan. Sabanjure ndika mau kandha menawa arep ngandhakne lelakon sing ndika temoni nalika ndika menyang Kawisan mau bengi, mula saiki enggal ndika critakne aja nganti ana sing kliwatan, klebu ndika wis dipercaya dadi pandhereke Ki Nagalanang sing arep nampa kabegjan lan kaslametan saka dheweke kuwi apa durung?”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Jambon atur wangsulan “atur kula mangke badhe kula gandhengaken pisan kalihan dhawuh-dhawuh saking jengandika minangka putusaning rembag dhusun kala dalu, kados ingkang sampun kula tampi saking para Pamong saking Jambon ingkang kala dalu ndherek mirengaken wigatosing rembag dhusun.”

        “Ngono ya luwih prayoga Baune” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “dadi ora ndadak mbaleni kandha, saiki diage ndika kandhakne.”

        Nembe kemawon Bebau Jambon badhe wicanten nyariyosaken lelampahanipun, lan sedaya ingkang wonten Pringgitan menika sampun siyaga mirengaken, dados kandheg, jalaran wonten abdi Kalurahan ingkang mlebet ing Pringgitan, badhe atur pasegahan, wedang jahe kalihan pala kapendhem ingkang dipun godhog.

 

 

(ana candhake)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...