45.
Namung
ing salebeting batos kula taksih tidha-tidha dhateng wicanten lan cariyosipun
Ki Bau Sumber, mliginipun ingkang pungkasan kala wau. Jalaran kula nate mireng
dedongenganipun tiyang sepuh kula, bilih Bathara Wisnu ingkang kaprah kasebat
ing Ringgit Beber lan Wacucal menika, rumiyin manggenipun ing Redi Empyak Jagad
ingkang mapan ing Tanah Indu lan panguwaosipun inggih namung ing sakanan keringipun
Tanah Indu kemawon. Boten kados ingkang dipun cariyosaken Ki Bau ing Sumber
nembe kemawon menika kala wau. Nanging badhe mbantah menapa ingkang dipun criyosaken
Bebau Sumber menika kula boten wantun, jalaran mila pangertosan kula babagan
babading tanah Jawi menika namung sakedhik sanget.Malah kenging ugi kawastanan
boten gadhah blas.
“Bok
menawa ndika durung bisa ngandel karo sing tak kandhakne iki mau, mligine sing
ana sambung rapete karo jejibahane Ki Nagalanang bab anggone nindakne dhawuh
saka Bathara Wisnu iki mau Ki Jambon?” sareng kula dangu boten wicanten, Bebau
Sumber lajeng pitaken nodhi kula.
“Nek
diarani ora ngandel kuwi ya ora Ki Sumber” wangsulan kula “aku mung durung
mudheng karo sing ndika andharake iki mau, ya sing rupa critane Tanah Jawa,
madege Kraton anyar lan Dewaning Katentreman Bathara Wisnu mau. Merga nadyan
mung sethithik aku ya tau krungu piwulange Agama Rasul sing saiki tak rasuk, ya
kuwi ora kena ambathara marang sapa-sapa kajaba marang Gusti Allah lan
sabisa-bisa kudu manembah manut piwulange Gusti Kanjeng Nabi Kang Jumeneng
Rasulullah……”
“Maune
aku iki ya kaya ndika kuwi Ki Jambon” Bebau Sumber nigas wicanten kula kalih
gumujeng “maune aku ya blas ora percaya marang anane Dewa sing wenang murba
sakehing titah ing lumahing bumi iki, kalebu marang Bathara Wisnu sing tak
kandhakne mau, merga wiwit cilik aku dikandhani dening wong tuwaku nek aku iki
wis ngrasuk Agama Rasul sing piwulange kaya sing ndika kandhakne mau, nanging
sawuse aku dituturi dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar, dumadakan nalarku dadi
kabukak, prasasat kaya wong mlaku ing wayah rembulan panglong, kedadak kepapag
obor sewu ngana kae. Mula yen ndika pancen kepengin oleh kabegjan lan
kaslametan, becike ndika sowan wae marang Ki Dungkul utawa Ki Batasigar matur
yen ndika wis tak kandhani prekara iki lan ndika uga kepengin bisa nampa
kabegjan lan kaslametan sing tak kandhakne mau, kang mangkono mau murih nalar
lan rasa ndika bisa dibukak lan dituntun dening Ki Dungkul utawa Ki Batasigar
kang anjoge marang kabegjan lan kaslametan.”
“Mangkono
ya Ki Bau?”
“Iya
Ki Jambon” wangsulanipun Ki Sumber malih “yen sajake ndika isih pakewuh sowan
dhewe, aku saguh ngeterne ndika sowan marang Ki Dungkul lan Ki Batasigar.
Mengko sore apa piye awake dhewe bareng-bareng menyang Kawisan.”
“Kok
menyang Kawisan ta Ki Sumber?” kula pitaken “gajege Ki Dungkul lan Ki Dhangkal
karo adhine sing jeneng Ki Palir kae rak wis diyasakne omah dening Ki Lurah ing
Pangapitan Krajan ta? Apa kajaba ing Krajan Ki Dungkul uga kagungan dalem ing
Kawisan?”
“Ora
Ki Jambon” Ki Bau Sumber suka wangsulan “wis pirang-pirang dina iki Ki Dungkul
lan Ki Batasigar luwih akeh ana ing omahe Ki Kawisan, jalaran awit saka
panyuwune Ki Bau Kawisan, anggone Ki Batasigar lan Ki Dungkul nyebar kawruh
kebatinan lan kanuragan murih ing Joglone Ki Kawisan sing anyar, ing kana
papane luwih jembar lan luwih bawera. Nek olehe paring piwucal Ki Batasigar lan
Ki Dungkul kuwi neng dalem olehe maringi Ki Lurah sing ana Pangapitan Krajan
kae, katone rada rupak.”
Saestu
sontenipun kula dipun purugi dening Ki Bau Sumber malih dipun ajak dhateng
Kawisan. Kaleresan nalika samanten Ki Dungkul lan Ki Batasigar nembe lenggah
ing griyanipun Ki Bebau Kawisan, liripun boten ing Joglonipun ingkang enggal. Ingkang
nembe jejagongan wonten ing mriku, kajawi Ki Bebau Kawisan, Ki Dungkul lan Ki
Batasigar ugi wonten tiyang sanes radi kathah, ingkang dereng kula tepangi
saderengipun.
“Layak
ta prenjak neng papahe klapa gadhing ngarep omah, mau sak awan ngganter olehe
padha manggung” nembe kemawon kula lan Ki Sumber dumugi ngajeng pendhapa, Ki
Bau Kawisan sampun ngadeg lan mapag kalihan tembung ingkang grapyak
semanak “ora ngira nek omahku arep
katekan sedulurku lanang saka Dhukuh Jambon. Mangga, kene Ki Jambon lan Ki
Sumber padha linggih kene pisan, kabeneran iki Kyai Batasigar lan Ki Dungkul
iya lagi wae rawuh ing kene.”
Namung
wangsulan kalihan eseman, kula lan Ki Bau Sumber inggih lajeng nusul tumut
linggih ing klasa ingkang dipun gelar ing jogan pendhapa menika.
“Harak
inggih sami wilujeng ta Ki Bau Sumber lan Ki Bau Jambon?” sasampunipun kula lan
Bebau Sumber nyalami sedaya ingkang wonten mriku lan mapan linggih kanthi
sekeca, Ki Dungkul ngendika paring pambagya dhateng kula lan Bebau Sumber.
“Awit
saking pangestu jengandika, lampah kula lan Ki Sumber tansah kaparingan
wilujeng, Ki Dungkul” gandheng Ki Bau Sumber njawil kula, kula inggih ingkang
lajeng atur wangsulan “inggih mugi-mugi Ki Dungkul, Ki Kawisan lan sedaya sedherek
ingkang wonten mriki makatena ugi.”
“Matur
nuwun Ki Bau Jambon” Ki Dungkul suka wangsulan “mbok menawi ndika dereng nate
wanuh kalihan sedherek-sedherek menika, inggih dipun tepangaken, menika ingkang
wonten sisih kering kula menika, sedherek kula sepuh Ki Batasigar lan
sedherek-sedherek sanesipun menika sedaya siswa-siswa saking Padhepokan
Nagalanang.”
Ki
Batasigar lan tiyang sanesipun ingkang dereng kula tepangi menika sami manthuk
lan mesem dhateng kula. Kula inggih lajeng mbales manthuk lan mesem,
kalajengaken wicanten :
“Inggih
kula inggih matur nuwun Ki Dungkul, Ki Batasigar lan sedherek-sedherek saking
Padhepokan Nagalanang, nami kula Palugon ingkang dipun sampiri jejibahan dening
Ki Lurah Pangapitan lan warga dhukuh Jambon minangka Bebau ing mrika”.
“Nuwun
sewu” sasampunipun kula wicanten nepangaken dhiri, Ki Bau Kawisan lajeng
wicanten “iki mau teka Ki Sumber lan Ki Jambon bisa bebarengan sarimbit kaya
Prabu Baladewa lan Prabu Kresna, pancen bebarengan saka omah apa mung tiba
kabeneran kapethuk ana dalan banjur mampir kene?”
“Mula
bener sing ndika ngendikakne Ki Kawisan” ingkang suka wangsulan gentos Ki Bebau
Sumber “aku karo Ki Jambon pancen wis semayan sadurunge nek arep bareng sowan
mrene. Lan aku mung sadrema ngeterne Ki Bau Jambon sing duwe karep kepengin
sowan marang Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar, merga ing sakawit Ki Jambon ngira
manawa Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar lenggah ana dalem sing ana Pangapitan
Krajan, banjur tak warah menawa wektu iki Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar lagi
lenggah ana Kawisan kene.”
“Ki
Bebau Jambon ngersakne kepethuk aku lan Ki Batasigar, Baune Sumber?” Ki Dungkul
nyelani rembag pitaken dhateng Bebau Sumber.
“Inggih
Bapa” atur wangsulanipun Ki Bau Sumber “langkung cethanipun kaparenga Bapa
ndangu piyambak dhateng Ki Jambon.”
“Menapa
leres makaten Ki Bau Jambon?” Ki Dungkul gentos pitaken dhateng kula.
“Mila
leres makaten Ki Dungkul” kula atur wangsulan.
“Lajeng
kagungan kersa menapa, teka ndika madosi kula kalihan Ki Batasigar menika Ki
Bau? Gajegipun ndika rak dereng tepang saderengipun kalihan Ki Batasigar?” Ki
Dungkul pitaken malih.
“Inggih
Ki Dungkul” kula lajeng matur “waleh-waleh menapa, criyosipun wau rak makaten.
Kala wau enjing Ki Bau Sumber sanja ing griya kula, Kajawi sanja kepengin
ngabaraken kawilujengan kula sakulawarga, Ki Sumber ugi ngabaraken menawi Nyi
Sumber ingkang sadangunipun menika kula sumerepi nembe kaganjar sakit sukunipun
sampun pinten-pinten wulan boten saged mlampah kanthi sae, samangke sampun
saras pulih kados saderengipun. Miturut kojahipun Ki Sumber, ingkang saged
ngusadani sakitipun Nyi Bau Sumber kala wau, boten sanes kajawi jengandika Ki
Dungkul.”
“Mila
leres Ki Bau Jambon” Ki Dungkul nyelani rembag kula kalihan mesem sumringah
“dinten samangke semahipun Baune Sumber sampun saras lan boten badhe sakit
malih, menika awit saking peparing lan kamirahanipun Kyai Nagalanang ingkang
paring dhawuh dhateng kula murih ngicali sesakitipun Nyi Bau Sumber. Dados kula
menika namung sadremi lantaran kemawon.”
“Inggih
Ki Dungkul” kula ngkajengaken atur “inggih awit sapanjang-panjangipun lurung
menika taksih panjang gurung, panjanging
tiyang jejagongan, anggen kula rembagan kalihan Ki Sumber dumugi wartos, menawi
estunipun rawuh jengandika Ki Dungkul ing Dhusun Pangapitan menika boten kados
kabar ingkang sumebar sadangunipun menika, inggih menika mbara kerja, nanging
nembe ngayahi jejibahan saking Paguron Nagalanang, saprelu andum kabagjan lan
Kawilujengan dhateng Dhusun lan Kawula ing Pangapitan”.
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar