Total Tayangan Halaman

Minggu, 18 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (44)


 

44.

        Bebau Sumber ketingal menawi estu-estu anggenipun nedhi rerigen kula. Kula rumaos remen dene Bebau Sumber sakalangkung anggenipun mikiraken kabegjan lan kaslametanipun Dusun saha Kawula ing Pangapitan menika. Lan mila bares kemawon kula ugi sampun kapencut dhateng kabar ingkang dipun criyosaken Ki Bau Sumber bab kabegjan lan kaslametan menika, sanaosa kula inggih dereng mangertos menapa sarat masrut ingkang kedah dipun tetepi murih saged nampi kabegjan lan kaslametan kala wau.

        “Piye Ki Jambon? Apa sing kudu tak tindakne murih para Pamong sa Pangapitan saiyeg sapanemu bisa lan gelem nggugu marang apa sing dadi dhawuhe Ki Dungkul mau murih Desa lan kawula ing Pangapitan kene bisa oleh kabegjan lan kaslametan?” sareng kula radi dangu boten suka wangsulan, Ki Bau Sumber mangsuli anggenipun pitaken.

        “Sak jane saperangan wis ndika tindakne Ki Sumber, kari njangkepi wae” wangsulan kula kalih mesem.

        “Lha iya, apa kuwi?” Ki Bau Sumber wangsulan, suwantenipun nedahaken menawi anyel manahipun “aku kok malah bingung karo wangsulan ndika iki?”  

        “Dina iki ndika wis marani aku lan ngabari yen Ki Dungkul kagungan kersa arep andum kabegjan lan kaslametan marang aku, lan aku ya wis percaya dadi mokal menawa suk Akad Legi aku arep wani mancasi dhawuhe Ki Lurah” wangsulan kula mawi suwanten sareh “lha becike, ndika aja mung marani aku wae, Bebau ing dhukuh-dhukuh liyane uga ndika parani lan ndika kabari prakara iki. Lha nek wis ngono, mengko para bebau rak banjur padha sarujuk lan ora bakal ana sing wani nggesehi dhawuhe Ki Lurah sing wis padha karo panemu ndika lan Ki Kawisan,”

        “Bener kuwi Ki Jambon” Ki Bau Sumber wicanten kalihan mesem “saiki kanggo kabegjan lan kaslametane Desa lan kawula Pangapitan upama awake dhewe andum gawe kepiye Ki ?”

        “Andum gawe ing babagan apa Ki Sumber?”

        “Iya ing babagan iki” Ki Bau Sumber suka wangsulan “ing Pangapitan iki rak ana sawelas Dhukuh kalebu Dhukuh Krajan? Piye yen sing mara lan ngabarake bab iki menyang Peleman, Pethek, Pilang lan Krajan kuwi ndika? Mengko aku sing mara lan ngabari menyang Kuncen, Ngreca, Punthuk lan Munggur. Piye?”

        Mireng anggenipun Ki Sumber ngajak andum damel makaten menika, kula namung mesem kalihan wangsulan :

        “Becike ndika andum gawe ing bab iki aja karo aku Ki Sumber. Nanging sing bener kuwi karo Ki Kawisan, nek karo aku kuwi kurang-kurang bejane malah bisa nuwuhake kleru tampa, beda nek sing mara kuwi ndika dhewe utawa saora-orane Ki Kawisan…..”

        “Oalah Ki Jambon, mbok ndika kuwi ngelingi yen iki ora kanggo aku pribadi nanging kanggo kabutuhane Desa lan Kawula sa Pangapitan” Baune Sumber nyelani rembag kula kalihan suwanten ingkang kapireng cuwa, “ya gene ndika tak jaluki tulung ngono wae ora gelem malah ndika ngongkon aku ngajak Ki Kawisan? Kuwi padha wae ndika ngongkon aku mlaku dhewe, merga ing Paguron Nagalanang aku iki tatarane manggon ana sangisore Ki Bau Kawisan, klebu saru yen aku ngajak andum gawe kaya iki”

        “Aku njaluk pangapura Ki Sumber” wangsulan kula malih “iki prekarane Desa Pangapitan apa prakarane Paguron Nagalanang? Nek iki prakarane Paguron, ndika malah ora kapener yen ndika ngajak aku, merga antarane Paguron ndika lan aku kuwi ora ana sambung rapete apa-apa lan sangertiku antarane Desa Pangapitan karo Paguron Nagalanang kuwi iya durung ana sambunge apa-apa. Lan bares wae, aku mau uga ora ngerti nek jebule ndika karo Ki Bau Kawisan kuwi wis dadi cantrik ana Paguron Nagalanang kuwi mau”.

        Kula sukani wangsulan makaten menika kala wau, ketingal praupanipun Bebau Sumber ewah, semu mbrabak, mbok menawi ucap kula kaanggep sampun keladuk. Nanging  piyambakipun ugi boten wicanten menapa-menapa, namung sansaya dangu praupanipun nedahaken sansaya peteng. Kula dados boten sakeca, pramila kula ugi lajeng wicanten malih :

        “Mangkene lho Baune Sumber, satemene ya becik-becik wae, nek ndika minangka Ki Walidi sing kabeneran dadi Bebau ing Sumber lan uga dadi siswa ing Paguron Nagalanang kuwi, ajak-ajak kabecikan marang aku Palugon, sing ndelalah kasampiran pangkat minangka Bebau ing Jambon iki. Nanging, ndika ya kudu ngerti nek aku iki durung ngerti kanthi sacetha-cethane apa sing didhawuhne Ki Dungkul marang ndika? Ngertiku ya mung saka ndika nek Ki Dungkul kuwi ngemban dhawuh saka Pagurone kanggo andum kabegjan lan kaslametan lan merga aku ya mbutuhake kabegjan lan kaslametan mula aku ya gelem wae nek ditawani lan aku uga mrayogakne Ki Lurah lan kabeh wong ing Pangapitan kene supaya kersa nampani kabegjan lan kaslametan kuwi. Lha nek aku nganti ditakoni sarat masrut kanggo nampani kabegjan lan kaslametan sing saka Ki Dungkul kuwi apa? Aku rak ora bisa wangsulan apa-apa ta Ki Bau? Wong pancen aku ya durung ngerti tenan. Lha nek aku ora bisa wangsulan rak ora mokal wong sing tak kandhani banjur nggorohake lan dadi kleru tampa ta?”

        “nDika bener Ki Jambon” sareng kula criyosi makaten kala wau Bebau Sumber nembe nglenggana lajeng wicanten “pancen mau aku durung kandha marang ndika yen murih bisa begja lan slamet kaya sing dituturake Ki Dungkul marang aku kuwi ana sarat masrut sing kudu diwujudi, dadi ora waton gelem ngono wae, gelema nek sarat masrute ora diwujudi ya panggah ora bakal bisa nampa kabegjan lan kaslametan.”

        “Lha sarat masrute kudu mujudi apa Ki Sumber?” kula gentos pitaken.

        “Sarate ora abot lan saben wong mesthi bisa” Ki Bau Sumber suka wangsulan “ya iku kang kapisan, kudu percaya marang apa sing didhawuhake dening Kyai Nagalanang lumantar para siswa-siswane sing wis kasampiran kapercayan saka panjenengane, yen ing kene ya Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki Batasigar…..”

        “Mengko dhisik Ki Bau” kula nyela rembag, pitaken “Nagalanang kuwi sebutan jenenge Paguron apa asmane paraga?”

        “Kuwi meh padha karo aku lan ndika iki lho Ki” wangsulanipun Ki Bau Sumber kalihan mesem “merga ndika dadi Bebau ing Dhukuh Jambon, banjur wong-wong neng ngarani ndika nganggo sebutan Ki Jambon lan arang sing ngarani ndika Ki Palugon. Mung bedane, jeneng Paguron Nagalanang kuwi jalaran sing yasa asmane Kyai Nagalanang, pandhereke Sang Hyang Bathara Wisnu sing saiki aluse wis manunggal karo pangarsane Paguron Nagalanang lan samengko asmane Paguron kuwi ya Kyai Nagalanang.”

        “Teka kaya neng crita Wayang Beber wae lho Ki?” kula nyela pitaken “ana Bathara Wisnu barang kuwi? Bathara Wisnu kuwi ra Dewaning Katentreman kae ta?”

        “Pancen bener Ki Jambon” Ki Bau Sumber suka wangsulan, “Sang Hyang Bathara Wisnu kuwi Dewaning Katentreman, iya Panjenengane kuwi tenane sing kagungan Tanah Jawa iki. Awit satemene Tanah Jawa iki biyen Pulo kang mapan ing Alam Sonyaluri dadi ora kasat mata lan sing ngenggoni para lelembut sing dadi reh-rehane Sang Hyang Bathara Wisnu. Lagi bareng putrane Sang Hyang Wisnu sing jejuluk Raden Wijaya ngersakne ngereh praja, Tanah Jawa banjur dikatonake dening Sang Hyang Wisnu, para lelembute akeh sing dipuja dadi manungsa, minangka kawulane Raden Wijaya lan Tanah Jawa dadi punjere Negara gedhe sing diarani Negara Majapahit. nDika mesthi wis tau krungu kondhange Majapahit ta?”

        “Iya Ki, aku tau didongengi wong tuwaku yen sadurunge ana Kraton Mataram iki ana Kraton sing jenenge Pajang, lan sadurunge Pajang ana Kraton Demak Bintara lan sadurunge ana Kraton Demak luwih dhisik ana Kraton Majapahit” wangsulan kula.

        “Bener dedongengan sing ndika tampa kuwi” Bebau Sumber wicanten malih “ya merga anane Kraton Demak Bintara kuwi sing ndadekne Sang Hyang Wisnu duka, jalaran Demak bisa dadi kraton sawuse mbedhah Majapahit sing Ratune isih trahe Sang Hyang Wisnu. Wektu iki Sang Hyang Wisnu kepareng paring dhawuh lan purba wasesa marang abdine sing jejuluk Sang Hyang Nagalanang, iya sing saiki manunggal karo Kyai Nagalanang pangarsa Paguron Nagalanang kanggo mbalekne kamulyane Tanah Jawa ya Kraton Majapahit sarta njumenengake trah Majapahit angratoni Majapahit anyar sing ora suwe maneh bakal madeg.”

        Kula boten patos mudheng kalihan ingkang dipun cariyosaken dening Bebau Sumber kala wau. Menapa malih kalihan cariyos bab babad ingkang babar pisan kula boten mudheng, pramila kula inggih namung mendel boten guneman menapa-menapa.

 

 

(ana candhake)

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...