Total Tayangan Halaman

Kamis, 15 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (43)


 

43.

        Ki Lurah Pangapitan ketingal njengkerutaken palarapanipun nalika midhanget asmanipun dipun sebat dening Bebau Jambon nalika nerokaken wicantenipun Bebau Sumber. Tiyang-tiyang sanesipun kajawi Jagabaya Jambon ugi ketingal kepengin mangertos menapa ingkang dipun kajengaken kalihan dipun sebating asmanipun Ki Lurah menika kala wau.

        “Dadi Baune Sumber nyebut jenengku barang Baune Jambon?” boten sranta Ki Lurah nyelani anggenipun Bebau Jambon carios.

        “Leres Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Jambon.

        “Iya tutugna nggon ndika crita” Ki Lurah paring dhawuh malih “aku sansaya kepengin ngerti tutuge crita ndika kuwi”.

        “Sareng kula takeni makaten menika kala wau, Ki Bau Sumber radi dangu anggenipun suka wangsulan” Bebau Jambon nutugaken anggenipun wicanten.

        “Iki muturut dhawuh saka Ki Dungkul lan saka Ki Batasigar lho” makaten anggenipun wangsulan Baune Sumber sasampunipun tadi sawatawis anggenipun kendel.

        “Ki Batasigar kuwi sapa Ki Sumber?” kula nusuli pitaken malih.

        “Ki Batasigar kuwi sedulur tunggal guru karo Ki Dungkul, nanging Ki Batasigar luwih tuwa ngelmune tinimbang Ki Dungkul” wangsulanipun Bebau Sumber.

        “Ooo ngono?” kula wicanten malih saha mangsuli anggen kula taken “lha banjur apa sing wis dumadi magepokan karo Ki Lurah?”

        “Ki Lurah kuwi jebul ora ngersakne kabegjan lan kaslametan sing diaturne dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar” wangsulanipun Bebau Sumber salajengipun “malah semune Ki Lurah nggorohake utawa ora percaya marang apa sing diaturake Ki Dungkul lan Ki Batasigar, mosok ngendikane Ki Dungkul marang aku ki ngene : Ki Lurah durung bisa nampa apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar jalaran Ki Lurah isih arep nglumpukne para Pamong lan Sapukawate Desa Pangapitan dhisik, nek para Pamong lan Sapukawat akeh sing gelem nggugu marang apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar mau, mangka Ki Lurah lagi arep menggalih luwih jero maneh bab sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar mau. Nanging manawa Pamong lan Sapukawat Pangapitan luwih akeh sing ora nggugu, mangka Ki Lurah ya ora bisa nuruti apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar marang panjenengane kuwi mau. Nek ngono kuwi rak ya aran aneh ta Ki Jambon?”

        “Aneh piye Ki Sumber?” kula mangsulaken pitakenipun Baune Sumber.

        “Sangertiku sasuwene iki” Ki Bau Sumber wicanten nyukani wangsulan dhateng kula “ya wiwit aku durung dadi Bebau ing Sumber, nganti tekan saiki, sing tak ngerteni Ki Lurah kuwi tansah menggalih murih Desa Pangapitan iki bisa dadi Desa ngrembaka, panguripane kawula bisa luwih makmur, ayem tentrem didohi bilahi sing wujud apa wae. Nanging bareng dening Ki Dungkul sing isih sedulure dhewe, diaturi kabagyan lan kaslametan ora mung kanggo Ki Lurah pribadi, nanging uga kanggo kabeh kawula sing urip ing Pangapitan kene iki, teka Ki Lurah paring wangsulan kang kaya sing tak kandhakne neng ngarep mau. Jajal ndika nalar, kuwi aneh apa ora?”

        Blaka suta, dipun criyosi lan dipun takeni Bebau Sumber makaten menika kala wau, kula radi bingung anggen kula badhe wangsulan. Pramila kula inggih lajeng mendel boten saged ngucap menapa-menapa.

        “Piye Ki Jambon?” Ki Bau Sumber lajeng wicanten malih “ndika rak ya melu judheg ta nek mikir karo kersane Ki Lurah sing ora tumuli ndhahar ature Ki Dungkul lan Ki Batasigar kuwi mau? Merga iki magepokan karo keslametane Desa lan Warga Pangapitan. Lan sing duwe wewenang dhuwur dhewe ing Pangapitan iki ya mung Ki Lurah dhewe, wiwit biyen nganti tekan saiki ora ana tinone ana Pamong sing wani nggesehi apa sing wis dadi putusane Ki Lurah. Nanging ya gene Ki Lurah ndadak paring pawadan marang Ki Dungkul lan Ki Batasigar nek arep mundhut panemune para Pamong lan Sapukawat luwih dhisik? Lan nyatane nganti seprene awake dhewe ya ora didhawuhi apa-apa luwih-luwih didangu dening Ki Lurah magepokan karo kabegjan lan kaslametan sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar mau. Pancen ing babagan iki Ki Dungkul uga kagungan sethithik rasa sujana marang keng rayine dhewe…..”

        “Sapa kuwi Ki Sumber? Lan apa sing ndadekne rasa sujana kuwi?” kula nyela rembag mawi pitakenan.

        “Biyen rawuhe Ki Dungkul lan Ki Dhangkal neng Pangapitan kene kuwi rak nganthi rayine sing cilik dhewe jenenge Palir ta Ki Jambon?” Ki Bau Sumber suka wangsulan “ya merga Palir kuwi sedulur wuragil, mula kabeh sedulure padha kasok tresnane marang dheweke kalebu Ki Lurah. Palir kuwi dening sedulur-sedulure prasasat diugung apa sing dadi karepe, lha merga rumangsa diasihi dening Ki Lurah kuwi Palir banjur kerep ngadi-adi. Kerep matur sing sakarepe dhewe marang Ki Lurah, lire atur sing mung mikirne bathine dhewe. Lan sing luwih ndadekne Ki Dungkul sujana, Palir kuwi biyene iya diajak melu ngangsu kawruh dening Ki Dungkul, nanging gandheng bocah ugungan wiwit cilik mula, Palir gemang nutugne anggone meguru milih misah saka pagurone lan kerep nyritakne marang wong-wong tangga teparone yen ora ana gunane ngangsu kaweruh ing paguron sing arep andum kabegjan lan kaslametan kuwi……”

        “Mengko dhisik Ki Sumber” gandheng kula menika boten remen menawi wonten tiyang nyatur awoning tiyang sanes ingkang namung dhapur pangira-ngira, kula lajeng nigas rembagipun Ki Bau Sumber.

        “Iya piye Ki Jambon?” Bebau Sumber gentos nakeni kula.

        “Nek dawa-dawa dinudut iki dadine awake dhewe malah melu-melu ngrasani Ki Palir sedulure Ki Lurah barang, nek ana ora bejane, nek nganti kapireng Ki Lurah, awake dhewe dadi ora kepenak. Dadi ing babagan sing ndika kandhakne kuwi mau, tak kira yen awake dhewe nggunakne pangira becik wae marang Ki Lurah, dadi awake dhewe ora kudu judheg dhisik” wangsulan kula.

        “Pangira becik sing kepiye Ki Jambon?” Bebau Sumber wicanten malih “ndika kudu eling, sing mbutuhne kabegjan lan kaslametan kuwi wong sadesa Pangapitan kabeh….”

        “Iya Ki Sumber, aku wis ngerti bab kuwi” wangsulan kula kalih mesem awit Ki Bau Sumber ketingal radi muring “sing tak karepake pangira becik marang Ki Lurah kuwi ngene lho, awake dhewe aja kesusu ngarani Ki Lurah ora percaya marang Ki Dungkul lan Ki Batasigar, luwih-luwih ndakwa Ki Lurah ora mbutuhne kabegjan lan kaslametane Desa lan Kawula Pangapitan. Gajege ndika mau ya wis kandha nek Ki Lurah arep ngajak rembugan para Pamong ing Pangapitan kene luwih dhisik? Kamangka wektu iki dina Akad Legi wis ora suwe maneh, ya neng adicara rembug desa Akad legen kuwi mengko tak kira Ki Lurah arep ndhawuhake apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar babagan kabegjan lan kaslametan mau marang para Pamong lan Sapukawat. Lan sawuse iku banjur dhawuh marang Ki Carik supaya ditulis lan ditetepake minangka asiling rembug desa, bubar kuwi lagi Ki Lurah nimbali Ki Dungkul lan Ki Batasigar kadhawuhan menawa kanthi wewaton asil rembug desa Ki Lurah ngersakne nampa apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar. Nek ngono piye Ki?”

        “Iya Ki Jambon” Ki Bau Sumber wicanten malih “nek ngrungokne dhakik-dhakike sing ndika kandhakne kuwi pancen kepenak dirungokne kuping, nanging ing parepatan Rembug Desa Akad Legen kuwi mengko, durung karuwan lho nek kabeh Pamong padha ing panemu, nek nganti ana sing duwe panemu beda karo awake dhewe bisa uga kahanan dadi rame, Ki Lurah bisa wae mutusake ora ndhahar ature Ki Dungkul lan Ki Batasigar, nek klakon mangkono apa ora mbebayani, Ki?”

        “Ki Bau aja banjur lali ngono kuwi ta?!?” kula wangsulan kalihan gumujeng lirih.

        “Lali nggon apa kuwi Ki Jambon?” Ki Bau Sumber taken.

        “Gajege mau Ki Sumber wis kandha dhewe” kula wangsulan sareh “wiwit jaman biyen, ora ana tinone ana Pamong utawa Sapukawat ing Pangapitan kene iki sing wani nggesehi karo apa sing didhawuhake Ki Lurah, yen wis ngono banjur apa maneh sing kudu dikuwatirake? Nanging ora ana alane yen Ki Sumber ngersakne jaga-jaga, lire njagani nek ana sing beda karo padatan sing banjur nuwuhake kaya sing ndika kuwatirake mau.”

        “Piye carane jaga-jaga Ki Jambon? Ndika kandhakne, mengko tak lakonane.”

 

 

(ana candhake)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...