Total Tayangan Halaman

Senin, 12 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (42)


 

42.

        Wancinipun taksih enjing, srengenge nembe kemawon jumedhul saking langit sisih wetan. Sukmana nembe wonten ing Kandhang, ngrencangi Gamel ingkang ngopeni kapalipun, ngiras pantes nedahaken kasok tresnanipun dhateng kewan ingkang dados tungganganipun menika. Mila wiwit alit rumiyin dening tiyang sepuhipun Sukmana menika dipun gegulang murih nggadhahi watak tresna asih dhateng sesamining gesang, kalebet dhateng kewan ingkang dados ingah-ingahanipun. Boten tebih saking papanipun Sukmana, ing sajawining kandhang Ki Palir ketingal sampun kringeten gobyos, awit kasengsem ngudang wadung mecoki bulung damel kajeng obong. Nyi Lurah saha Nyi Palir ugi ketingal ibut ngrencangi para Rewang Kalurahan nyambut damel ocal-ocal tetedhan ing Pawon.

        Dumadakan saking pendhapa kepireng ungeling gentha nedahaken menawi wonten ingkang suka sasmita menawi badhe sowan ing ngarsanipun Ki Lurah Pangapitan. Sasampunipun radi sawatawis dangu lajeng kasusul suwanten kenthongan oyod deling ingkang dipun thuthuk kalih-kalih kaping kalih lajeng kasambet kathuthuk kaping tiga susun kalih, ugi saking pendhapa.

        Sukmana nilar kapalipun, lajeng medal saking Kandhang nyaketi Ki Palir, kalihan wicanten :

        “Dipun timbali Bapa dhateng Pringgitan, Paman.”

        “Inggih Ngger, kula tak wijik rumiyin” wangsulanipun Ki Palir kalihan nyelehaken wadungipun, lajeng menyat dhateng padasan.

        “Kula inggih badhe reresik rumiyin kok Paman” kalihan nututi lampahipun Ki Palir, Sukmana wicanten. Tiyang kalih menika lajeng sareng-sareng reresik lan lajeng mlampah liwat Pendhapa badhe ngadhep Ki Lurah ing Pringgitan. 

        Jebul nalika Ki Palir lan Sukmana dumugi ing Pringgitan, ing mriku sampun wonten Bebau Pilang, Bebau Pethek, Bebau Peleman saha Bebau lan Jagabaya Jambon. Sedaya sami linggih kupeng ing ngarsanipun Ki Lurah. Ki Palir saha Sukmana inggih lajeng ndherek linggih ing mriku.

        “Dhisik dhewe sing arep tak kandhakne prekara sing mau bengi ditakokne adhiku Palir”  ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun sedaya linggih kanthi sekeca “ya iku bab Adhiku Dungkul lan Adhiku Dhangkal. Mengko yen wis rampung tak kandhakne lagi dirembug apa sing ditakokne Baune Jambon.”

        “Inggih Kakang” ingkang atur wangsulan Ki Palir, ingkang lajeng nyuwun pirsa “Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal kados pundi? Menapa sampun kaparengaken kula madosi sedherek kula kalih ingkang sampun murang tata menika?”

        “Awakmu kuwi nek dikandhani supaya nggedhekne kasabaran kok angel temen ta Dhi?” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah setengah nyendhu dhateng Ki Palir “pancen sedulurku sing satemene mung kadang katut kae, tekane ing Pangapitan bareng awakmu kae jebul wis nggawa lekas sing ora becik. Olehe kandha arep mbara kerja biyen mung kanggo nutupi lekase sing ora bener. Anggonku kandha mangkono iki mau, jalaran miturut kandhane Baune Jambon mau, jebul Batasigar sing mara mrene bareng karo wong telu liyane ngetutne Dungkul lan Dhangkal kae, wis rada sawatara suwene olehe teka ing Pangapitan, manggone neng omahe Baune Kawisan. Ora mung wong papat nanging akeh, cacahe ana kur-kuran. Lan miturut katrangane Ki Jagabaya Jambon mau, Dungkul lan Dhangkal kuwi luwih akeh olehe manggon ing omahe Bebau Kawisan tinimbang ing omah olehku nggawekne bareng karo omahmu kae. Satemene, ing Parepatan Akad Legen mau bengi, Ki Jagabaya Jambon arep ngandhakne prekara iki, nanging gandheng Ki Jagabaya durung cetha anggone namatne endi kanca endi mungsuh sing padha teka ing parepatan mau bengi kuwi, mula dening Ki Jagabaya ora dikandhakne. Sabanjure, sing weruh isine keba kaya sing dicritakne Baune Peleman mau bengi kuwi Bebau Jambon, murih saya cethane Baune Jambon kareben mbaleni critane murih Si Adhi lan Sukmana bisa melu ngrungokne.”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Jambon lajeng nyauti pangandikanipun Ki Lurah “nuwun  sewu Ki Palir, Adhi Sukmana lan Para Kadang Bebau sedaya. Murih cethanipun badhe kula wangsuli atur kula dhateng Ki Lurah, kawiwitan saking anggen kula meh kemawon kajeglong lampah, awit kapencut katut nggega warta ngayawara ingkang dipun bekta dening Baunipun Kawisan lan Baunipun Sumber.”

        “Iya, Ki Bau” Ki Lurah nyelani rembagipun Bebau Jambon “becik ndika critakne kabeh, aja ana sing ndika liwati murih luwih cetha sakabehane.”

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Jambon ingkang kasambet nglajengaken cariyos :

        “Kawitan ingkang manggihi kula menika Ki Bau Sumber ing griya kula, piyambakipun cariyos bilih semahipun ingkang sampun sawatawis dangu sakit sukunipun, boten saged mlampah, samangke sampun saras lan saged mlampah kados wau-waunipun.

        “Kamangka kaya kang ndika weruhi, wis pirang-pirang wong tuwa sing tak parani tak suwuni japa lan berkah supaya nambani sisihanku kae,  nanging kabeh ora ana sing bisa marasake larane sisihanku, nganti aku mupus lan ngira manawa bojoku kuwi ora bakal bisa mari” makaten anggenipun criyos Ki Bau Sumber sasampunipun ngabaraken menawi semahipun sampun saras.

        “Lha saiki wis klakon bisa waras kuwi jalarane apa Ki Sumber?” kula ngecani rembag, pitaken.

        “Jebul Ki Dungkul, sedulure Ki Lurah sing saka Brendhilan kae dudu wong sembarangan, Ki Jambon. Ki Dungkul kagadhuhan kaluwihan sing nggegirisi. Nalika Ki Dungkul tindak menyang omahku karo Baune Kawisan, sadurunge aku matur panjenengane wis pirsa nek sisihanku lara lan nek mlaku banget olehe ngrekasa. Ki Dungkul banjur ngersakne banyu bening sing diwadhahi bathok. Sawise tak aturi, banyu neng bathok mau didamu kaping telu karo dimantrani banjur ndhawuhi aku supaya menehake banyu mau marang bojoku supaya diombe. Eloking kahanan, sawise ngombe banyu peparinge Ki Dungkul mau, ora nganti sapanginang, bojoku sing maune mung bisa ngathang-athang ing amben karo sambat, dumadakan bisa tangi lan bisa mlaku kaya padatan sadurunge lara kae, larane bojoku waras padha sakala, nganti teka saiki babar pisan wis ora tau kumat maneh” Ki Bau Sumber nyariyosaken anggenipun saras semahipun.

        “Ya sokur ta Ki Sumber, aku mung bisa melu bungah dene Nyi Sumber wis mari anggone lara” kula nyambeti anggenipun criyos Baune Sumber “kuwi jenenge tamba kanggo Nyi Sumber sing nekani, ndika wis lunga mlayu mrana-mrene nanging durung oleh gawe, lha kok dumadakan Ki Dungkul lam Baune Kawisan rawuh ing panggonan ndika ngasta tamba”.

        “Nek ndika arani ngono ya kena-kena wae Ki Jambon” Baune Sumber wicanten malih “nanging pancen satemene olehe Ki Dungkul sakancane kae nganti tekan Pangapitan kene iki merga nindakne kuwajiban saka Gurune, ya iku nyebar kabecikan paring pitulungan marang sapepadhaning wong, andum kabegjan lan kaslametan marang sok sapa sing mbutuhake. Dadi kaya aku iki tuladhane, aku wis kaparingan pitulungan kanthi warase sisihanku, banjur aku didangu dening Ki Dungkul apa aku mbutuhake kabegjan lan kaslametan apa ora?”

        “Lha nek wong urip neng donya kuwi tak kira kabeh nadyan ora ditari lan ora ditakoni, nek karo sing jenenge kabegjan lan kaslametan ya mesthi mbutuhake ta Ki Sumber?” kula nyela rembag udhu pamanggih “aja maneh kok wong sing isih urip, jeneh wong sing wis mati wae, isih disuwunake slamet lan begja kanthi cara dislameti wiwit asur tanah nganti sewu dinane ngana kae lho?”

        “Sepisan maneh, ndika bisa lan kena duwe panemu ngono kuwi Ki Jambon” Bebau Sumber suka wangsulan kalihan mesem lajeng taken malih “dadi ndika ya isih mbutuhake kabegjan lan kaslametan kuwi apa?”

        “nDika kuwi piye ta Ki Sumber?” wangsulan kula kalih radi anyel “aku mau rak wis kandha yen kabeh wong urip kuwi mesthi butuh kabegjan lan kaslametan, kamangka aku iki isih urip? Nek aku kandha ora butuh begja lan ora butuh slamet lha harak wis wingi-wingi aku nglalu ngendhat neng pang trembesi wetan latar kuwi rak ya mati?”.

        “He… he… he… “ kula ungeli makaten menika kala wau Baune Sumber malah gumujeng lajeng wicanten “aja muring dhisik ta Ki Jambon, merga rembugku mau isih ana sambunge he … he … he…”

        “Jeneh ndika kuwi nek guneman ya mung waton muni kok” wangsulan kula radi sareh “wis genah nek aku kandha mangkono mau kok ndadak isih ditakoni butuh kaslametan lan kabegajan apa ora, upama ndika sing ditakoni apa ora malah misuh-misuh hara?”

        “Iya, iya Ki Jambon, ndika pancen bener” Bebau Sumber wangsulan kalihan mesem “anane aku mbaleni olehku takon mangkono mau, jalaran aku krungu kabar sing aneh. Arep ora ngandel marang kabar mau aku ora wani, merga kabar mau sing ngendika Ki Dungkul. Nanging arep percaya aku ya wedi, jalaran sing dikabarake kuwi Ki Lurah Pangapitan.”

        “Ana kabar apa sing magepokan karo Ki Lurah, Ki Sumber?” kula nyela pitaken.

 

(ana candhake)

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...