41.
Boten dangu
sapengkeripun Bebau tiga kala wau, Bebau Krajan dugi. Dening Sukmana inggih
lajeng dipun ajak dhateng Pringgitan, manggihi Ki Lurah ingkang taksih
lelenggahan ing mriku kalihan Ki Palir.
“Piye
Ki Bau? nDika mau wis diwarah Baune Peleman apa?” Pandangunipun Ki Lurah
sasampunipun Bebau Dhukuh Krajan mapan linggih.
“Inggih
Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Krajan “ingkang sepisan, sedaya Sapukawat
sampun kula kengken nindakaken rondha lan ngiteri Dhukuh Krajan kanthi
sesidheman. Kaping kalih, ngengingi dalemipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal sarta
dalemipun Ki Palir ingkang wiwit sonten ketingal suwung, dumadakan dereng dangu
menika dipun purugi dening tiyang tiga, kanthi dhedhemitan. Miturut aturipun
Sapukawat ingkang nyumerepi, tiyang tiga kala wau sami mbeta keba, isining keba
menapa, Sapukawat kala wau boten mangertos, awit mila kawontenan inggih peteng.
Ingkang cetha, keba-keba kalawau sedaya dipun lebetaken ing dalemipun Ki
Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki Palir liwat kori butulan wingking. Estunipun tiyang
tiga kasebat ugi sampun dipun kepung rapet dening para Sapukawat, ewa samanten
boten kacepeng, tetiganipun saged ngical tanpa tilas. Namung nilar suwanten
sesumbar….”
“Piye
sumbare Ki Bau?” Ki Lurah nyelani aturipun Bebau Krajan kalihan pamundhut
pirsa.
“Salah
satunggal saking tiyang tiga menika wicanten sora: -Heh wong Pangapitan, ajaa
mung bocah rong puluh sing kaya kowe kabeh, mbok nom-noman sa Pangapitan kabeh
kerigna kongkon ngrubut aku wong telu, ora bakal kowe kabeh bisa nyenggol
kulitku, bisa nyekel siswa Paguron Nagalanang padha wae bisa nggraji angin. Lan
elingna marang wong Pangapitan liyane, aja pisan-pisan ana sing wani nyedhak
omahe Ki Dungkul lan Ki Dhangkal apa dene omahe Murid Murtad Palir kae, yen
durung serep nyawane -. Makaten sumbaripun tiyang kala wau, Ki Lurah. Samangke
kula nyadhong dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi” atur wangsulanipun
Bebau Krajan ingkang kasambet nyuwun dhawuh.
“Saiki
ngene wae, Baune” Ki Lurah lajeng paring dhawuh “para nom-noman ndika dhawuhi
ngendhoni nggone padha rondha, murih bisa nglerenake raga lan pikirane. Miturut
pamawasku, bengi iki ora bakal ana bebaya maneh sing arep nekani Pangapitan,
nadyanta mangkono aja ninggal kaprayitnaning batin.”
“Inggih
Ki Lurah, ngestokaken dhawuh” atur wangsulanipun Bebau Krajan ingkang lajeng
medal nilaraken Pringgitan.
“Tak
kira awakmu ya kudu tumuli leren dhisik, Dhi” dhawuhipun Ki Lurah dhateng Ki
Palir sasampunipun Bebau Krajan medal.
“Mangke
rumiyin Kakang” atur wangsulanipun Ki Palir “taksih wonten sakedhik prakawis
ingkang badhe kula suwunaken pirsa.”
“Prekara
apa kuwi?” Ki Lurah paring pandangu.
“Prakawis
isinipun keba ingkang dipun seleh ing griya kula menapa dene ingkang wonten
griyanipun Kakang Dhangkal lan Kakang Dungkul” atur wangsulanipun Ki Palir
“mireng cariyosipun Ki Bau Krajan kala wau, kok dumadakan kula kepengin sanget
nuweni griya, ningali menapa isinipun keba ingkang dipun seleh dening
tiyang-tiyang Paguron Nagalanang menika.”
“Sabar
dhisik Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “aku dhewe ora ngerti isine keba sing
dikandhakne Baune Krajan mau apa. Nanging nek nitik sing dikandhakne ing
sumbare wong Paguron Nagalanang marang para Sapukawat mau, sajake isine barang
sing mbebayani tumrap keslametane wong. Mula becike aja saiki nek awakmu
kepengin niliki omah, sesuk wae nek wayah padhang, dadi bisa nyawang kanthi
cetha. Sarta aja dhewekan kudu ana sing ngancani. Lha apa Si Adhi wis bisa
ngira-ira apa isine keba sing dikandhakne Baune Krajan mau?”
“Kula
inggih dereng saged nginten-nginten Kakang” aturipun Ki Palir.
“Yen
pancen mangkono, becik kaya sing tak kandhakne mau wae Dhi” Ki Lurah paring
dhawuh malih “karo maneh, aku uga duwe pangira liya. Ya iku anggone omahmu
diselehi keba sing embuh apa isine kuwi, mung arep dienggo mancing Si Adhi
supaya ngaton. Awit ora mokal yen Dungkul karo Dhangkal lan wong-wong Paguron
Nagalanang, nyimpen rasa sujana marang Si Adhi lan dianggep wis mbalela marang
Paguron Nagalanang luwih-luwih kanthi anane kedadean mlayune garwamu sing
kepethuk ana alas lan mbok ajak bali menyang Pangapitan wingi kuwi. Mesthine
wong-wong kuwi banjur nggoleki Si Adhi, nanging nyatane teka seprene durung ana
sing ngerti yen si Adhi wis bali ing Pangapitan, mula becike sesuk aja awakmu
sing niliki omahmu, luwih becik Sukmana utawa aku dhewe.”
“Nanging
badhea kados menapa, boten sande tiyang-tiyang menika mesthi badhe sumerep
menawi kula mapan ing dalem Kalurahan kempal kalihan jengandika Kakang” Ki
Palir matur malih “malah estunipun kula badhe madosi Kakang Dungkul lan Kakang
Dhangkal, badhe kula taker wareg awit sampun tumindak nasar ing Pangapitan
sasampunipun jengandika paringi pitulungan lan jengandika dhaken minangka
kadang pribadi.”
“Iya
Dhi, aku ora maido gumronjal ing sajeroning atimu, sing nuwuhake ucapmu kang kaya
mangkono kuwi” kalihan suwanten ingkang sareh, Ki Lurah paring wangsulan
“nanging sepisan maneh tak kandhakne, aja dhemen grusa-grusu lan aja kesusu,
sabab kesusu kuwi adhakane banjur kebat kliwat, kena disanepakne kaya wong
ngiseni kendhi saka timba, yen kesusu olehe ngiseni banyu satimba kutah kabeh
kendhine panggah kothong. Nanging si Adhi aja kuwatir, sanadyan kudu panggah
ngugemi pangati-ati, prekara antarane awake dhewe karo Dungkul lan Dhangkal iki
pancen kudu tumuli dirampungake. Becike saiki awake dhewe ngedhem ati lan nalar
luwih dhisik, sarana ngaso lan ndedonga marang Gusti murih kaparingan
pepadhang. mBok menawa sesuk esuk awake dhewe wis oleh dalan kanggo
ngrampungake prekara iki.”
Rampung
anggenipun ngendika makaten menika, Ki Lurah nunten jumeneng lan tanpa ngentosi
wangsulan saking Ki Palir lajeng nilaraken Pringgitan. Sukmana inggih lajeng ngadeg lan wicanten
dhateng Ki Palir :
“Mangga
ngaso rumiyin Paman”
“Mangga
Ngger” wangsulanipun Ki Palir kalihan ngadeg lajeng mlampah mlebet dhateng
dalem wingking.
Sanaosa
Sukmana ngajak ngaso, nanging piyambakipun boten lajeng mlebet dhateng senthong
patilemanipun. Nanging nyelakaken dhateng regol ngajeng murugi para Sapukawat
ingkang nembe jagi ing regol. Ketingal ingkang nindakaken jagi wonten tiyang
sedasa. Ingkang kalih ngadeg kanthi siyaga dedamel tumbak, ing ngajeng sisih
kanan lan keringing regol, ingkang kalih linggih ing lincak sangajenging regol,
ingkang setunggal mlampah wira-wiri kalihan nyepengi pedhangipun ing
sakupenging regol. Dene ingkang gangsal nembe ngaso kanthi ngglethak ing
lincak.
“Wonten
dhawuh saking Ki Lurah ta Gus Sukmana?” Sapukawat ingkang linggih ing lincak
mapag Sukmana kalihan pitakenan.
“Ora
Kakang” wangsulanipun Sukmana kalih mesem, kalajengaken pitaken “piye rak ya
ora ana apa-apa ta?”
“Pikantuk
berkah saha pangestunipun Ki Lurah, boten wonten menapa-menapa Gus”
wangsulanipun Sapukawat kala wau, kalihan mapan linggih malih “namung kala wau
sapengkeripun Ki Bau, ing radosan ngajeng wonten segawon ingkang ketingalipun
radi nyalawadi kados segawon siluman….”
“Asu
sing nyalawadi?” Sukmana nyela rembag kalihan pitaken.
“Inggih
Adhi” ingkang wangsulan gentos Sapukawat setunggalipun “segawon ajak ulesipun
pethak radi ageng, boten kasumerepan sangkanipun ngertos-ngertos sampun linggih
ing tengah margi, majeng dhateng regol kados-kados nembe nguwasi tiyang ingkang
nembe rondha menika.”
“Lha
banjur lungane kepiye?” Sukmana pitaken malih.
“Dipun
gusah dening Jiya wongsal-wangsul boten purun kesah, lajeng kalih Dikun dipun
giring kalebetaken krangkeng lan dipun papanaken ing emper griyanipun Ki Taru
kilen mriku” wangsulanipun Sapukawat kala wau kalih nuding mangilen, nedahaken
papanipun segawon ingkang dipun krangkeng.
“Ya
wis, sesuk esuk nek karo mangkat bali, asune ndika uculi” Sukmana lajeng suka
prentah dhateng Sapukawat kala wau “muga-muga mung asu lumrah, dudu asu
siluman.”
“Menawi
segawon siluman kados pundi Gus?” Sapukawat ingkang kala wau mapag Sukmana
gentos taken.
“Lha
nek asu siluman, saiki mesthi wis ilang, ora ana neng jero krangkeng maneh”
wangsulanipun Sukmana kalih gumujeng “coba saiki ndika tiliki, isih apa ora?”
Sapukawat
kala wau lajeng ngadeg, mlampah badhe ningali segawon ingkang dipun krangkeng
lan dipun seleh ing empering griya sakilening Kalurahan. Boten watawis dangu
sampun wangsul malih dhateng lincak papanipun Sukmana linggih.
“Taksih
kok Gus, nembe tilem nglepus” kalih mapan linggih Sapukawat menika wicanten
dhateng Sukmana “kersanipun, benjing kula betane wangsul, ajeng kula ingah,
tiyang ulese pethak mulus, kula remen.”
Sukmana
boten wangsulan, namung mesem kemawon.
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar