40.
Ki
Lurah Pangapitan saha Ki Palir sansaya kasengsem, kekalihipun boten kedhep
anggenipun maspadakaken praupanipun Bebau Peleman, ingkang lajeng nutugaken
anggenipun matur :
“Para
sinoman lan sapukawat saking Peleman, Pethek lan Pilang lajeng andum damel.
Ingkang kalih welas kapasrahan nututi Sijam dhateng sabrangan lepen bulak
Gempol lan ingkang kalih welas kapasrahan nututi Senthun dhateng ngandhaping
wit Dara bengakan Kalibang, dene sanesipun nglajengaken rondha ing sakupenging
Kalurahan”.
“Pinter!”
Ki Lurah nigas aturipun Bebau Peleman, ngalembana dhateng para sinoman saking
dhukuh tiga kala wau, lajeng mundhut pirsa malih “mesthine Sijam lan Senthun
sakancane bisa ketututan sadurunge tekan Sabrangan Bulak Gempol lan Ngisor Dara
Bengakan Kalibang?”.
“Boten
Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Peleman malih “lare-lare sapukawat milih
langkung margi sidhatan, dados anggenipun dumugi papan ingkang dipun tuju
langkung cepet tinimbang Senthun saha Sijam lan rencang-rencangipun. Malah
nalika tiyang-tiyangipun Bebau Kawisan menika boten mangertos menawi dipun
dhedhepi dening lare-lare Sapukawat inggih lajeng boten dangu saged dipun
rangket lan badhe kabekta dhateng Kalurahan mriki. Nanging kuciwanipun, ing
margi tumuju dhateng kalurahan lampahipun para sapukawat ingkang mbekta bandan
menika kepanggih tiyang nyalawadi. Sapukawat ingkang mbeta Sijam lan
rencang-rencangipun kepanggih tiyang sekawan, lan ingkang mbeta bandanipun
Senthun kepanggih tiyang tiga. Sedaya sami ngaken menawi siswa-siswa saking
Paguron Nagalanang. Awit saking sulayaning rembag, jalaran tiyang-tiyang kala
wau nedhi luwaripun Senthun lan Sijam miwah rencang-rencangipun, wasana dados
kerengan. Eloking kawontenan tandangipun tiyang sekawan lan tiyang tiga wau
kados setan kemawon, sanaosa para Sapukawat boten wonten ingkang nandhang tatu
awrat, nanging bandan ingkang badhe kabekta dhateng Kalurahan saged dipun rebat
lan dipun beta mlajeng dening tiyang-tiyang saking Paguron Nagalanang kala wau. Makaten
ingkang saged kula aturaken ing ngersa jengandika Ki Lurah, samangke
kaparengana kula nengga dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi.”
Ki
Lurah unjal napas radi landhung, sareng sampun radi sawatawis lajeng ngendika,
boten paring wangsulan dhateng Bebau Peleman nanging malah mundhut pirsa :
“Banjur
bocah-bocah sapukawat saiki ana ngendi? Mau wetenge wis padha kisenan apa
durung?”
“Sampun
Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Peleman “sadaya sampun sami nedha, samangke
kula papanaken ing pekaranganing Kalurahan mriki, sawanci-wanci kadhawuhan
nglurug dhateng Kawisan saha ngendharat Bebaunipun, sampun siyaga ing dhiri
sawega ing gati. Makaten ugi kula kalihan Bebau Pethek lan Bebau Pilang.”
“Angkah
kula mangke menawi nglurugi Kawisan, sedaya sapukawat saking Pilang saha Pethek
badhe ndherek sedaya Ki Lurah” Bebau Pilang mewahi atur “menika kala wau, kula
menapa dene Bebau Pethek sampun ngatag sapukawat murih murugi rencang-rencangipun
ingkang kantun ing Pilang lan Pethek murih nusul mriki.”
“Aja
kesusu lan aja dhemen grusa-grusu Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan “aku ora
kepengin ing Pangapitan ana perang padha sedulur awit yen nganti nuwuhake
kurban ora ana undhuh-undhuhane kajaba tangise para wanita Pangapitan sing ditinggal
mati sisihan utawa anak lanange….”
“Nanging
trekahipun Bebau Kawisan menika sampun kesangeten, Ki Lurah” Bebau Pilang nyela
atur “kajawi sampun cetha menawi piyambakipun sampun mbalela kanthi boten
nuhoni dhawuh jengandika ndugeni parepatan Akad legen, piyambakipun sampun
nggadhahi lekas badhe mejahi kula lan Bebau Pethek. Menawi boten tumunten dipun
rangket lan dipun kunjara, tiyang menika mesthi sanget mbebayani tumrap Dhusun
Pangapitan.”
“Sabar
Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan “sing ndika kandhakne kuwi mau pancen bener,
tumindake Baune Kawisan pancen nyata yen wis murang tata lan kudu nampa pidana.
Nanging nek aku krungu apa sing dicritakne Ki Bau Peleman iki mau, katone Bebau
Kawisan ora kena sinangga lamba. Jalaran rumangsa wis duwe agul-agul lan
kekuwatan sing cukup kanggo mbalela lan nedya misah karo Pangapitan, ya kuwi
wong-wong sing jarene saka Paguron Nagalanang mau.”
“Sanaosa
Bebau Kawisan dipun dombani Dewa pisan, Kula boten badhe ajrih, Ki Lurah” Bebau
Pethek gentos ingkang atur wangsulan.
“Aku
percaya Ki Bau” kalihan mesem Ki Lurah paring wangsulan “ngadhepi sapa wae,
para Pamong lan Sapukawat ing Pangapitan ora bakal wawang. Merga awake dhewe
kabeh iki trahing prajurit Jipang sing kekendelane wis kondhang ing salumahing
bumi tanah Jawa. Mung wae, kekendelan kuwi luwih ngedab-edabi yen dirangkepi
nganggo petung sing mateng. Dina iki awake dhewe durung weruh sepira kekuwatane
Bebau Kawisan lan wong-wong Paguron Nagalanang sing ana kana. Nanging mbok
menawa sesuk, awake dhewe bakal nampa kabar sing nggambarake sepira kekuwatane
wong-wong sing nedya wani marang pranatan Pangapitan lan mbalela marang Mataram.”
Bebau
Peleman, Pilang menapa dene Pethek, boten wonten ingkang nyauti dhawuhipun Ki
Lurah makaten menika, namung mripatipun tiyang tiga menika sami manther nyawang
pasuryanipun Ki Lurah, kalihan sorot ingkang nedahaken dereng mudheng kalihan
ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah.
“nDika
mesthi padha lali” sepisan malih Ki Lurah mesem lajeng ngendika “jalaran ndika
kaget merga anane kedadean sing dicritakne Baune Peleman mau, banjur ndika
kebrongot selak kepengin tumuli ngrangket Baune Kawisan sing wis murang tata
kuwi mau, iya apa iya?”
“Nuwun
sewu Ki Lurah” Bebau Peleman gentos matur “mila leres kula sedaya sampun
getem-getem dhateng Bebau Kawisan, nanging menawi kula sedaya kesupen, supe ing
bab menapa inggih Ki Lurah?”
“nDika
kabeh eling? Bebau ngendi sing ora teka ing parepatan Akad Legen iki mau?” Ki
Lurah mundhut pirsa kalihan mesem.
“Bebau
Kawisan, Bebau Sumber kalihan Bebau Jambon, Ki Lurah” Bebau Peleman atur wangsulan.
“Wangsulan
ndika bener nanging kurang jangkep Baune” Ki Lurah mesem malih.
“Liripun?”
“Lire
ngene” Ki Lurah paring dhawuh “Bebau telu mau pancen padha olehe ora teka,
nanging beda-beda sing dadi pawadane. Nek Bebau Kawisan cetha nek pancen arep
wani marang aku, lan sajake wis angel dielingake. Nek Bebau Sumber sanajan uga
wis ana tandha-tandha kepencut marang pangglembuke wong-wong Paguron
Nagalanang, nanging sajake isih ana sisa-sisa rasa percaya marang aku. Anane
dheweke ora teka ing Parepatan mau, mbok menawa kesandhung rasa pakewuh karo
Baune Kawisan utawa malah miris merga krungu yen Baune Kawisan wis nglakokne
laku arep nyidra Baune Pilang lan Baune Pethek. Ya muga-muga wae, Bebau Sumber
isih bisa dielingake lan gelem bali matang dalan sing bener, dalane wong Pangapitan
sing setya marang sumpahe leluhure.”
“Inggih
Ki Lurah, mugi-mugi makaten” Bebau Peleman atur wangsulan alon.
“Sabanjure
Bebau Jambon” Ki Lurah paring dhawuh malih “Bebau Jambon iki, senajan wis kapencut
marang kabar ngayawara sing digawa dening Wong-wong saka Paguron Nagalanang,
nanging katon cetha yen isih luwih percaya marang aku, ketitik pamong ing
Jambon kabeh diprentah supaya teka lan nyatane iya padha teka kabeh. Aku
percaya sawuse ana pamong saka Jambon sing ngandhakake asiling parepatan mau marang
Baune Jambon, Baune Jambon mesthi banjur
bali eling, ora ndadak ngenteni dielingake, luwih-luwih sadurunge iki aku
krungu kabar saka Sukmana yen Baune Jambon wis janji menawa sesuk esuk bakal
ngadhep aku ana kene. Dadi kanggo ngaweruhi sepira kekuwatane wong-wong sing
nedya mbalela, aku ngenteni kabar saka Bebau Jambon sesuk.”
“Inggih
Ki Lurah” Bebau Peleman atur wangsulan lajeng nyuwun pirsa malih “samangke kaparenga
Ki Lurah paring pitedah magepokan kalihan para sapukawat ingkang sampun siyaga
ing Pekarangan Kalurahan menika.”
“Kanggo
njaga katentremaning Kalurahan, tulung ndika dhawuhne marang Bebau Krajan
supaya marentahne Sapukawat ing Dhukuh Krajaan wae” Ki Lurah paring dhawuh “sabanjure
ndika dhawuhne marang Para Sapukawat saka Peleman, Pilang lan Pethek, supaya
bali menyang dhukuhe dhewe-dhewe, aja dikongkon padha leren dhisik nanging
ndika prentah njaga dhukuhe dhewe-dhewe. Sarta marang ndika wong telu, tak jaluk
padha nambahi pangati-ati. Kanggo sawatara wektu, ing ngendi-endi ndika wong
telu aja mung ijenan, nanging nganthia Sapukawat loro utawa telu, Sapukawat
sing kaprigelane ing ulah kanuragan kena dijagakne butuh. Lan sadurunge ndika
padha bali, tulung ndika dhawuhne marang Baune Krajan supaya ngulati omahe Ki
Dungkul lan Ki Dhangkal, apa kang wis kedadean ing omahe wong loro kuwi supaya
dikandhakne marang aku.”
“Inggih
Ki Lurah” Bebau Peleman matur malih “sedaya dhawuh jengandika badhe kula
estokaken, namung prakawis griyanipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal saha dalemipun
Ki Palir, miturut panitinipun lare-lare griya tiga menika wiwit sonten sampun
sepen, malah diyanipun inggih boten wonten ingkang gesang. Sanaosa makaten
mangke badhe kula aturaken dhawuhipun Ki Lurah kala wau dhateng Ki Bau Krajan.”
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar