039.
Sedaya
ingkang wonten ing Pendhapa sami kendel boten wonten ingkang kumecap, awit
menapa ingkang dipun ucapaken dening Modin Dulah saking Dhukuh Sumber menika
sampun narik kawigatosanipun piyambak-piyambak. Jalaran mila meh sedaya Pamong
saking Dhusun Pangapitan menika sampun sami mireng menawi ing Pangapitan wonten
tiyang pinter ingkang nangkaraken ngelmi kanuragan lan kebatosan ingkang
sumberipun saking Padhepokan Nagalanang lan ugi boten sakedhik tangga
tepalihipun para Pamong menika ingkang ameguru dhateng tiyang pinter kala wau.
Para Pamong menika sami boten mangertos menawi salah satunggal saking ingkang
dipun wucalaken dening tiyang pinter kala wau, wonten ingkang cengkah kalihan
salah satunggal saking paugeraning Dhusun, inggih menika piwucal ingkang kedah
nyengkuyung badhe madegipun nagari enggal ing Patalan ingkang sinebat Nagari
Majapahit sarta kedah ngemohi kabawah ing parentahipun Panembahan ing Mataram.
Ingkang makaten menika, jalaran para Pamong namung mangertosi menawi Tiyang
Pinter saking Padhepokan Nagalanang menika taksih sedherekipun Ki Lurah
Pangapitan piyambak, dados mokal menawi geseh ing pamanggih kalihan Ki Lurah.
Ki
Lurah ingkang ugi sanget anggenipun migatosaken aturipun Modin Sumber makaten
menika kala wau, inggih lajeng ngendika :
“Aku
banget nedha nrima marang ndika Ki Modin. Mula pancen bener, manawa para kawula
lan warga Pangapitan, mligine para Pamong lan sapukawate ora tumuli didandani
lan dielingake, Desa iki bakal nemu
bebaya kang gedhe jalaran wis wani nyidrani sumpahe para leluhure. Lan merga
tuking prekara iki jalaran saka pokale wong-wong saka Brendhilan, mula aku uga
bakal nyeluk wong-wong saka Brendhilan kuwi mrene. Wong-wong kae kabeh bakal
tak tundhung supaya ninggalake Pangapitan lan ora tak keparengake maneh bali mrene
sanajan Dungkul karo Dhangkal kae isih mambu sedulur karo aku, nanging kekarone
uga ora tak wenehi idin midak bumi Pangapitan kene.”
Tiyang-tiyang
kendel boten wonten ingkang atur wangsulan, namung salebeting manah nyarujuki
menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah sarta ing salebeting manah sami
prasetya menawi badhe anyengkuyung sedaya ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah
kala wau mawi panyengkuyung ingkang sawetahipun, liripun menawi wonten ingkang
badhe memalangi dhawuhipun Ki Lurah ingkang makaten menika kala wau, sedaya
sampun siyaga ing dhiri badhe amapaki.
“Sabanjure”
Ki Lurah ngendika malih “gandheng karo anane prekara iki, tak jaluk marang
ndika kabeh supaya padha ngabarake marang para warga menawa kanthi pasarujukan
ing Rembug Desa iki, kabeh warga Pangapitan diwajibake setya marang sumpahe
pare leluhur sing setya marang parentah dalem Gusti Panembahan Senapati Ing
Alaga kang jumeneng ana Mataram lan sing ora gelem supaya tumuli ninggalake
Pangapitan. Kaping pindho, warga lan mligine para Pamong lan Sapukawating Desa,
ora dikeparengake meguru utawa ngangsu kaweruh marang wong sing ana sambunge
karo Padhepokan Nagalanang lan sing wis kebacut kudu bali lan nglereni anggone
meguru, yen isih nekad ora gelem nglereni nggone maguru mangka padha wae
nantang pranatan Pangapitan mangka kudu lunga ninggalake Desane dhewe iki.
Kaping telune tak jaluk marang Para Kadang Bebau lan Jagabaya supaya
marentahake marang para sapukawate dhewe-dhewe, murih luwih prayitna bisaa
samekta sawayah-wayah ngadhepi pancabayaning desa”.
“Sendika
ngestokaken dhawuh Ki Lurah” atur wangsulanipun sedaya ingkang wonten pendhapa
sesarengan, sasat ambata rubuh saking linggan suwantenipun.
Boten
dangu parepatan Rembag Dhusun inggih lajeng dipun pungkasi. Para Bebau lan
Pamong ugi lajeng sami nilaraken Pendhapa. Kalihan mlampah dhateng papaning
kapalipun ingkang dipun cancang, lamat-lamat kapireng wonten ingkang sami
reraosan, ngrasani Bebau Sumber lan Kawisan.
Samangke
ingkang wonten ing Pendhapa kantun, Ki Lurah, Ki Palir lan Sukmana. Ki Lurah
lajeng ngajak rayi lan putranipun jaler menika ngalih dhateng Pringgitan, murih
Pendhapa tumunten dipun resiki dening para rewang.
“Jebul
anggonku tledhor wis akeh” ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun lenggah ing
Pringgitan kaadhep dening Ki Palir lan Sukmana “ingatase aku iki Lurah, Desaku
klebon bebaya nganti ora ngerti babar pisan, gek kaya apa wirange awakku marang
para leluhur sing wis ngudhokne jiwa lan ragane nganti Pangapitan iki maujud
dadi desa?”
“Sedaya
tiyang saged kemawon lepat Bapa” Sukmana atur wangsulan “lan saksae-saenipun
tiyang lepat inggih menika ndandosi kalepatanipun. Lan kula sumerep dalu menika
Bapa sampun ndandosi kalepatan ingkang Bapa raosaken, kula kinten para Leluhur
lan cikal bakal Pangapitan boten badhe sungkawa malih saupami pirsa menapa
ingkang Bapa dhawuhaken ing parepatan kala wau.”
“Muga-muga
mangkono Sukmana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “sanajanta satemene
pangarep-arep iki mung kanggo nglelipur ati wae, awit aku ngerti nek dosa iki
panggah bakal tak sandhang sadurunge Pangapitan bali tentrem kaya sing uwis.”
“Nuwun
sewu Kakang” Ki Palir matur dhateng Ki Lurah.
“Iya
piye Dhi?” Ki Lurah gentos ndangu dhateng Ki Palir.
“Murih
tumunten saged padhang malih kawontenan ing Pangapitan menika, kula kinten
langkung prayogi menawi Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tumuli kadhawuhan
kesah nilaraken Pangapitan lan boten kaparengaken midak Bumi Pangapitan malih,
lajeng saenipun benjang menapa Kakang Dungkul saha tiyang-tiyang Brendhilan
menika kadhawuhan kesah Kakang?” atur wangsulanipun Ki Palir ingkang wujud
panyuwunan pirsa benjing menapa Ki Dungkul lan rencang-rencangipun dipun
tundhung saking Pangapitan.
Nembe
mawon Ki Lurah badhe paring wangsulan dumadakan dados kandheg, awit saking
pendhapa kepireng suwantening gentha ingkang dados sasmita menawi wonten tiyang
ingkang kepengin ngadhep sowan Ki Lurah.
“Sukmana,
metua menyang Pendhapa” Ki Lurah lajeng dhawuh dhateng Sukmana “deloken sapa
sing ngunekne gentha kae, yen sakirane wonge dhewe, ajaken mlebu mrene. Nek
wong liya kandhanana supaya ngenteni sedhela!”
“Inggih
Bapa” Sukmana atur wangsulan lajeng ngadeg, menyat dhateng Pendhapa.
Boten
dangu Sukmana sampun wangsul dhateng Pringgitan malih dipun tutaken dening Bebau
Peleman, Bebau Pilang lan Bebau Pethek.
“Sajake
ana sing arep padha ndika kandhakne marang aku Baune?” pandangunipun Ki Lurah
sasampunipun Bebau tiga menika sami linggih.
“Inggih
Ki Lurah” Bebau Peleman ingkang atur wangsulan sasampunipun kedhep-kedhepan kalihan
Bebau Pilang lan Bebau Pethek “Bebau Kawisan tetela sampun cetha menawi badhe
mbondhan tanpa ratu, wantun dhateng paugeraning Dhusun Pangapitan mriki. Kula
kinten langkung prayogi menawi Ki Lurah tumunten paring dhawuh dhateng Para
Bebau lan Jagabaya, murih ngendharat Bebau Kawisan ingkang murang tata menika……”
“Mengko
dhisik Ki Peleman” Ki Lurah nigas aturipun Bebau Peleman “ana kedadeyan apa kok
dumadakan ndika kandha kaya mangkono mau he?”
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” Bebau Peleman atur wangsulan “awit nuhoni dhawuh
jengandika kala wau siyang, wiwit sonten para sapukawat piniji saking Peleman,
Pilang lan Pethek sami nindakaken baris pendhem ing sakupenging Dalem
Kalurahan. Inggih nalika nindakaken baris pendhem kala wau, para Sapukawat
saking tigang dhukuh kasebat sami sumerep menawi wonten tiyang ingkang badhe
damel kisruh ing Pangapitan mriki. Anggenipun sumerep para sapukawat kala wau,
awit mireng anggenipun reraosan tiyang-tiyang menika nalika andum damel ing
kuburan…..”
“Ana
wong rembugan andum gawe mapane ana kuburan? Gek kuwi wong ngendi lan arep
nindakake apa?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.
“Inggih
Ki Lurah” Bebau Peleman nglajengaken aturipun “sedaya cacahipun wonten tiyang
wolu, namung lare-lare sapukawat boten tepang kalihan tiyang-tiyang menika,
kajawi ingkang kalih inggih menika Sijam rayinipun Bebau Kawisan kalihan
Senthun sedhereipun Ipe, kekalihipun mila sapukawat Kawisan.”
“Iya
aku wis apal karo bocah nom loro kuwi” Ki Lurah ngendika malih “lha sing nem
kuwi kira-kira wong ngendi? Lan ing kuburan padha andum gawe bab apa?”
“Lare-lare
boten mangertos, nanging criyosipun tiyang nem kala wau wonten ingkang
nyebat-nyebat naminipun Paguron Gendirireng lan Paguron Nagalanang, inggih
kinten-kinten mawon tiyang nem menika mila saking Paguron-paguron menika” Bebau
Peleman atur wangsulan lan nutugaken anggenipun matur “lha ingkang dipun rembag
anggenipun kasep nyegat bidhalipun Baune Pethek kalihan Baune Pilang, kamangka
kekalihipun badhe dipun krubut lan badhe dipun lunasi lajeng kapendhem ing
kuburan mriku, nanging jebul sedaya kasep karumiyinan anggenipun bidhal bebau
kalih menika. Mila lajeng dipun rembag, tiyang kalih menika badhe dipun cegat
malih menawi wangsul saking mriki. Mila lajeng sami bidhal, Sijam kalih tiyang
tiga badhe nyegat Ki Bau Pethek ing sabrangan lepen bulak Gempol lan Senthun
kalih tiyang tiga sanesipun nyegat Ki Bau Pilang ing ngandhaping wit Dara Bengakan
Kalibang. Mangke sasampunipun tiyang kalih wau saged dipun damel cilaka badhe
dipun seret lan dipun pendhem ing kuburan mriku malih”.
“Sabanjure
kepriye?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar