038.
Bebau
Kuncen kraos menawi sampun wonten raos sakedhik salah tampi antawis
piyambakipun kalihan Ki Lurah lan tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pendhapa
mriku. Ketitik suwantenipun Ki Lurah ingkang adhakanipun sareh, niki wau
anggenipun paring pandangu kanthi suwanten ingkang radi atos. Makaten ugi para
Bebau lan para Pamong ingkang wonten pendhapa mriku, sedaya sami ningali
piyambakipun kanthi soroting mripat ingkang nedahaken menawi sami boten remen
dhateng piyambakipun ingkang wantun matur dhateng Ki Lurah, ingkang dipun
kinten menawi aturipun badhe cengkah kalihan atur ingkang sampun, ingkang
kaaturaken dening Bebau Punthuk.
“Kula
sakalangkung sarujuk kalihan pamanggihipun Ki Bau ing Punthuk kala wau, Ki
Lurah” Bebau Kuncen ngaturaken panyuwun pirsanipun “namung kemawon, kula
kuwatos menawi ngantos lepat anggen kula badhe njangkah, jalaran kula dereng patosa
mudheng kalihan sumpahipun para leluhur nalika samanten, menika ingkang kula
suwunaken pirsa dhateng Ki Lurah lan kula nggadhahi panginten boten namung kula
kawula ing Pangapitan menika ingkang dereng mudheng kados kula menika”.
“Oooooo”
meh sedaya ingkang wonten Pendhapa Kalurahan menika mungel sareng, nembe
ngertos menapa ingkang dipun kajengaken Bebau Kuncen.
Kalebet
Ki Lurah, ugi rumaos kecelik awit sampun kagungan panyakrabawa ingkang boten
leres dhateng Bebau Kuncen ingkang badhe nyuwun pirsa.
“O,
matur nuwun Ki Bau” ngendikanipun Ki Lurah kalihan mesem “lan aku ya njaluk
pangapura merga mau meh wae ana salah tampa antarane aku lan ndika, jalaran mau
tak kira ndika arep takon sing neka-neka. Ngene ya Ki Bau lan para sedulur
kabeh, miturut crita sing tak tampa, biyen leluhure dhewe kuwi sabregada
prajurit sing dadi abdine Sawargi Gusti Arya Penangsang ing Jipang. Merga
Jipang kalurugan dening Kadipaten Pajang lan Gusti Pangeran Arya Penangsang
gugur ing madyaning payudan ketaman Tumbak Kyai Pleret sing diasta dening Raden
Sutawijaya, prajurit Jipang banjur padha mlayu sar-saran, ngungsi luru
pandhelikan merga suthik teluk dadi bandaning perang. Mesthi wae, karo mlayu
prajurit Jipang kuwi padha tumindak sing sakirane bisa gawe kapitunane
Kadipaten Pajang sing wis madeg dadi Kasultanan. Ya merga saka kuwi, prajurit
Jipang tansah dadi buroning negara.
Ana
saperanganing Prajurit Jipang sing anggone mlayu ngenti tekan papan kene iki.
Gandheng wis rumangsa kesel dadi buroning negara, peranganing Peajurit mau
banjur leren lan sesinglon dadi wong lumrah lan arep yasa papan sing gumathok
kanggo nerusne uripe. Lha pangarepe Prajurit kuwi asmane Ki Tamejana. Ya Ki
Tamejana kuwi sing banjur dadi pangarep mbabat alas kanggo yasa Padhukuhan sing
saiki dadi Pangapitan iki.
Anggone
mbabat alas kuwi Ki Tamejana lan kanca-kancane tanpa oleh palilah saka sing
mbawahake papan kene iki, ya kuwi Kasultanan Pajang. Kabeh kudu mangerteni,
Kasultanan Pajang kuwi sing nutugake Kasultanan Demak Bintara, lan Kasultanan
Demak kuwi sing nutugake Keprabon Majapahit sawuse Kanjeng Sinuhun Brawijaya
lolos saka praja lan mangasrama ing pucuking Gunung Lawu jalaran negara
kabedhah dening Adipati Girindrawardana saka Keling.
Durung
rampung Ki Tamejana nggone mbabat alas, jebul kadenangan dening Putra angkate
Kanjeng Sultan Pajang, ya Raden Dananjaya utawa Raden Sutawijaya sing wis
kaparingan asma dening Kanjeng Sultan dadi Senapati Ing Alaga. Rumangsa wis
tanpa daya merga kinepung wakul ambaya mangap dening para pandhereke Senapati
Ing Alaga, Ki Tamejana sakancane banjur pasrah, jroning ati wis nyipta yen
bakal dirangket lan dipidana jumbuh karo dosa-dosane marang negara sing
ditindakne sasuwene kuwi.
Nanging,
jebul dening Senapati Ing Alaga, Ki Tamejana sakancane ora dirangket lan ora
dipidana, malah banjur kaparingan palilah nutugake nggone mbabat alas, yasa
papan padhukuhan lan kaparingan pambiyantu murih desa kuwi tumuli bisa
dipanggoni lan bisa kanggo golek sandhang pangan lan nyukupi kabutuhane urip. Mesthi
wae Ki Tamejana sakancane sing maune wis entek pangarep-arepe, banjur dadi
seneng atine. Lan rumangsa wis diparingi urip dening Senapati Ing Alaga. Mula
wiwit kuwi Ki Tamejana sakancane banjur sumpah yen bakal setya marang Gusti Senapati
Ing Alaga wiwit dina kuwi nganti saturun-turune. Mula bareng awit saka
kawicaksanane Gusti Pangeran Benawa kang miji Gusti Senapati Ing Alaga supaya
nutugake Kasultanan Pajang, lan Gusti Senapati banjur jumeneng minangka
Panembahan ing Mataram kanthi sebutan Panembahan Senapati Ing Alaga Ngabdul
Rahman Sayidin Panatagama Kalipatullah Kang Jumeneng Ing Mataram, Ki Tamejana
sing wis madeg dadi Lurah ing bumi babadan sing banjur karan Desa Pangapitan
iki banjur ngajak kawula lan warga Pangapitan supaya nganyari nggone sumpah ya
kuwi bakal setya minangka kawula Mataram lan setya marang Gusti Panembahan
Senapati wiwit kuwi nganti saturun-turune, lan manawa ana turune wong
Pangapitan sing wani marang Mataram mangka bakal sinepatan muga-muga kukud
jagade.
Mangkono kuwi
mau sumpahe Para Leluhur sing tak kandhakne mau Ki Bau Kuncen lan para sedulur
kabeh.”
“Inggih Ki
Lurah sampun cetha dhawuh pangandika jengandika, lan sepisan malih kula
nyarujuki menapa ingkang dipun ngendikakaken Bapa Bebau Punthuk kala wau” Bebau
Kuncen matur malih dhateng Ki Lurah lan nelakaken ingkang dados pamanggihipun.
“Kula inggih
matur nuwun Ki Lurah” dumadakan Modin saking Dhukuh Sumber ngangkat tanganipun
sarwi matur dhateng Ki Lurah.
“Iya Ki Modin”
dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “apa ndika ya lagi ngerti iki bab sumpahe
leluhure dhewe jaman semana?”.
“Boten makaten
Ki Lurah” wangsulanipun Modin Sumber “nanging malah bares mawon, kula kober
nggadhahi raos sujana dhateng jengandika, magepokan kalihan kasetyan dhateng
sumpahipun para leluhur menika kalihan kabar ingkang kula tampi, jebul kabar
kala wau boten leres.”
“nDika krungu
kabar apa Ki Modin?” Ki Lurah paring pandangu.
Sedaya mripat
ingkang wonten pendhapa gentos tumuju dhateng papanipun Modin Dullah saking
Sumber.
“Inggih
saderengipun kaparenga Ki Lurah paring pangapunten dhateng kula” Modin Sumber
matur malih “jalaran kabar menika kula mirengaken saking katebihan, awit kula
boten dipun ajak rembagan kalihan ingkang mbeta kabar kala wau, pramila
estunipun langkung prayogi menawi Ki Lurah ndangu dhateng ingkang dipun ajak
rembagan utawi malah kepara langkung prayogi malih menawi Ki Lurah ugi kepareng
nimbali ingkang mbekta kabar kala wau.”
“Iya Ki Modin”
Ki Lurah paring wangsulan “apa sing ndika kandhakne mau arep tak tindakne, ya
iku aku arep nakoni wong loro sing rembugan perkara kabar sing ndadekne ndika
sujana marang aku kuwi mau, lha mitiurut pangrungu ndika kepiye? Lan sapa wong
loro sing ndika karepake kuwi mau?”
“Nyuwun
Pangapunten Ki Lurah” Modin Sumber matur malih “kabar menika ingkang mbeta
nuwun inggih Ki Batasigar, pruyantun saking Brendhilan ingkang dumuginipun ing
Pangapitan mriki ugi sampun kapirsanan dening Ki Lurah, dene ingkang dipun
paringi kabar nuwun inggih Ki Bau Sumber, ingkang dinten menika boten dugi ing
parepatan menika.”
“Iya, miturut
pangrungu ndika, apa sing dikandhakne Ki Batasigar marang Baune Sumber?” Ki
Lurah ndangu malih.
“Miturut
pamireng kula” Modin Sumber atur wangsulan “Ki Batasigar sampun kaparengaken
dening Ki Lurah nyebaraken ngelmi kebatinan lan kanuragan ing Dhusun Pangapitan
menika, makarya sesarengan kalihan sedherekipun Ki Lurah inggih Ki Dungkul lan
Ki Dhangkal lan kabantu dening siswa-siswanipun. Dene ngelmi kebatinan saha
Ngelmi Kanuragan menika, sumberipun saking Padhepokan utawi Paguron Nagalanang
ingkang punjeripun ing sacaketing wana Patalan. Kula mireng bilih Ki Bau Sumber
inggih lajeng criyos menawi piyambakipun badhe tumut sinau dhateng Ki Batasigar
ingkang samangke asring manggen ing Dhukuh Kawisan. Lha ingkang kula gumuni
menika, kula mireng kojahipun Ki Batasigar bilih Dhusun Pangapitan samangke
sampun boten peranganing Nagari Dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Mataram
malih, nanging sampun manunggal kalihan Paguron Nagalanang ingkang anyengkuyung
madegipun nagari Majapahit ingkang enggal. Nanging sareng menika kala wau
mireng wedharan jengandika Ki Lurah prakawis sumpahipun para leluhur Pangapitan
kula lajeng mangertos menawi kabar ingkang kula mirengaken menika cetha menawi
kabar ingkang ngayawara. Inggih awit saking menika, sepisan malih kula nyuwun
pangaksami lan ngaturaken genging panuwun dhateng Ki Lurah lan kula inggih
panggah badhe ngugemi sumpahipun pata leluhur setya dhateng Ngersa Dalem Gusti
Panembahan Senapati ingkang jumeneng ing Mataram.”
Ko Lurah boten
tumunten paring wangsulan dhateng Modin Sumber. Namung mustakanipun ketingal
manggut-manggut, kalihan palarapanipun sakedhap-sakedhap njengkerut,
mratandhani menawi nembe menggalih.
“Nuwun sewu Ki
Lurah” dumadakan Jagatirta ngrangkep Pala Angon Sumber ugi wicanten kalihan
ngangkat tanganipun “kula sakalangkung sarujuk kalihan panyuwunipun Ki Modin
kala wau, inggih menika bab murih Ki Lurah tumunten animbali Ki Bau lan Ki
Batasigar, jalaran wekdal menika kabar ingkang dipun aturaken Ko Modin kala wau
ing Sumber sampun sumebar lan meh sedaya warga sampun sami mireng lan kathah
ingkang kapencut dhateng pangajakipun Ki Batasigar”
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar