037.
Para
Bebau inggih para pangarsaning Dhukuh, ugi sampun ketingal sami dugi. Ingkang
rumiyin piyambak mesthi kemawon Bebau Krajan, inggih Ki Timbul, ingkang lajeng
ngadeg ing sacaketing tlundhagan kangge minggah dhateng Pendhapa saprelu
mbagekaken para pamong ingkang nembe dugi lajeng kaaturan minggah lan linggih
ing pendhapa. Boten dangu, Bebau Peleman, Bebau Pethek, Bebau Pilang, Bebau
Munggur, Bebau Kuncen lan Bebau Ngreca meh sareng anggenipun dugi. Sedaya
inggih lajeng minggah lan mapan linggih ing Pendhapa. Para Pamong sanesipun
ingkang kados dene para Kebayan, Jagatirta, Jagabaya lan sanes-sanesipun
anggenipun dugi ketingal mbanyu mili. Sansaya dalu sansaya kathah ingkang
sampun linggih ing joganing pendhapa lan sadaya ingkang wonten mriku, nami saha
kalenggahanipun minangka pamong sampun dipun cathet dening Ki Carik ing
dlancang minangka paseksen bilih sampun dugi ing parepatan rembag dhusun
menika.
Anyarengi
miyosipun Ki Lurah ingkang kadherekaken dening Sukmana lan Ki Palir saking
dalem wingking lan lenggah ing Pendhapa, Bebau Punthuk ugi sampun dugi
sesarengan kalihan para pamong ingkang saking dhukuhipun.
“Piye
Ki Carik apa adicara wis bisa diwiwiti?” Ki Lurah paring pandangu dhateng Ki
Carik.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” Ki Carik atur wangsulan “atur uninga, bilih taksih wonten
Bebau tiga ingkang dereng dugi, inggih menika Bebau Jambon, Bebau Sumber saha
Bebau Kawisan. Makaten ugi pamong sanesipun saking tigang dhukuh menika, saking
Jambon pamongipun sampun jangkep dugi sedaya lan kala wau wonten ingkang matur
bilih Ki Bau Jambon boten saged dugi awit wonten pambeng, saking Sumber
pamongipun ingkang dugi nembe Ki Modin Dulah lan Pala Angon Samirun, saking
Kawisan babar pisan dereng wonten ingkang dugi. Menawi saking dhukuh-dhukuh
sanesipun miturut paniti kula sedaya sampun jangkep. Samangke borong anggenipin
Ki Lurah badhe amiwiti adicara menika.”
“Yen
pancen mangkono” Ki Lurah ketingal radi ngincangaken imbanipun, lajeng paring
dhawuh wangsulan dhateng Ki Carik “ya coba dienteni sedhela, barang sapanginang,
mbok menawa sing padha durung teka kene kuwi padha isih mlaku ing dalan. Lan para
sing wis padha ana kene ndika aturi padha ngrahabi banyu panas lan pala
kependhem sing wis diladekne bocah-bocah kalurahan kuwi.”
“Inggih
Ki” atur wangsulanipun Ki Carik ingkang lajeng wicanten dhateng sedaya ingkang
wonten ing pendhapa “mangga kanca, sami dipun rahabi menapa ingkang sampun
kaladosaken ing ngajeng ndika sami, sawontenipun kemawon kanthi mardika”.
Kawontenan
ing Pendhapa lajeng kepireng tumawon, awit suwantenipun para pamong ingkang
sami rerembagan piyambak-piyambak kalihan rencang ingkang wonten ing caketipun.
“Sajake
Baune Kawisan kuwi pancen wis niyat arep mbalela tenan kok” kalih njawil Bebau
Pethek ingkang linggihipun pas ing sisih keringipun, Bebau Pilang wicanten ing
sacaketing kupingipun Bebau Pethek.
“Ketingale
mila ngoten Kakang” wangsulanipun Bebau Pethek ingkang ugi mawi suwanten lirih
“nek Baune Sumber niku kirangan, mergi pamong saking Sumber rak nggih enten
sing teka?”
“Iya
Dhi” Bebau Pilang suka wangsulan “nanging tekaa, ya mung Modin karo Jagatirta
sing wis tuwa-tuwa ngono lho? Bayan karo Jagabayane ya padha ora teka. Kamangka
mau olehe kandha marang awake dhewe rak mung rada kasep tekane ana kene, merga
arep mampir pamit menyang Kawisan. Jebul saiki malah ora teka, kathik Bayan
karo Jagabayane ya melu ora teka pisan. Lha nek Baune Jambon, mau wis diwarahi
Adhi Sukmana ngana kae lan nyatane arepa wonge ora teka nanging pamonge teka
kabeh.”
“Ketingale
Baune Kawisan kalih Baune Sumber kenging menapa ta Ki Pilang?” Bebau Ngreca
ingkang ugi mireng anggenipun Bebau Pilang lan Bebau Pethek rembagan, awit
linggihipun pas ing kananipun Bebau Pilang nrambul rembag pitaken.
“Kula
piyambak nggih boten mudheng kok Ki Bau” wangsulanipun Bebau Pilang “awit
ingkang ngabari Baune Kawisan wau rak Ki Bau Peleman, menawi criyose Baune
Peleman wau, Baune Kawisan inggih wicanten nek ajeng dugi. Lha nek Baune Sumber
wau criyos menawi badhe mampir dhateng Kawisan rumiyin. Niki kalih-kalihipun
inggih sami anggenipun dereng napa malah boten dugi sedanten.”
Bebau
Ngreca manggut-manggut, badhe wicanten malih, nanging boten siyos jalaran
kepireng Ki Carik ngeplokaken tanganipun, asung sasmita murih sedaya sami
kendel anggenipun rerembagan piyambak.
“Dulur-dulur,
gandheng wancinipun sansaya dalu, mangka sinambi ngrantos sedulur ingkang
dereng dugi, menika parepatan rembag dhusun badhe dipun wiwiti mathuk menapa
boten?” Ki Carik wicanten dhumateng sedaya ingkang wonten ing pendhapa.
“Nggih,
mathuk sanget Ki Carik”
“Nggih
sae niku Ki Carik”
Tiyang-tiyang
sami saur manuk, nayogyani kersanipun Ki Carik.
“Mangke
saderengipun ndika sami ngaturaken prakawis menapa ingkang kedah dipun tandangi
dening Dhusun, langkung rumiyin Ki Lurah badhe paring dhawuh bab sejarah tuwin
kalinggihanipun Dhusun Pangapitan menika, ingkang makaten menika murih kula lan
ndika sami tansah kemutan lelabetanipun para leluhur cikal bakal ingkang
ambakali Dhusun papan panggenan kula lan ndika sami pados sandhang lan pangan
saha nyekapi kabetahaning gesang menika” Ki Carik wicanten malih sasampunipun
kawontenan wangsul anteng “samangke kaparenga Ki Lurah medhar pangandika, nuwun”.
“Sedulurku
kabeh para pamong lan pangembating Desa Pangapitan” Ki Lurah miwiti ngendika “mesthine
ndika kabeh wis padha ngrumangsani yen tenane awake dhewe iki kabeh bisa
manggon lan golek sandhang pangan sarta kabutuhaning urip liyane ing papan sing
jeneng Desa Pangapitan iki mung kari nemu. Ora yasa dhewe. Awake dhewe bisa
nemu Desa Pangapitan iki jalaran leluhure dhewe wis ngrekasa yasa Desa iki,
mula saiki aku arep takon marang ndika kabeh, minangka turun sing wis
ditinggali Desa Pangapitan iki, awake dhewe kudu tansah setya marang apa sing
dadi sumpahe para leluhur biyen apa kena mlaku lan tumindak sakarepe dhewe,
mung wewaton marang karsa priyanggane?”
Ki
Lurah kendel anggenipun ngendika, ngentosi wangsulan saking para Bebau lan
Pamong ingkang mlempak ing Pendhapa menika.
Nanging ngantos radi sawatawis dereng wonten ingkang kumecap atur
wangsulan.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” sasampunipun radi sawatawis sepen, Bebau Punthuk ngangkat
tanganipun kalihan matur “kula minangka Bebau Punthuk, ingkang sedaya sampun
pirsa menawi kula menika Bebau ingkang sepuh piyambak, keparenga atur wangsulan
dhateng Ki Lurah magepokan kalihan pandangu kala wau.”
“Iya,
Ki Bau pancen umur ndika kuwi sabarakan karo aku, dadi ya bener nek ndika kuwi
kalebu Bebau lan Pamong sing tuwa dhewe ing Pangapitan kene” dhawuh
wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem “saiki coba ndika kandhakne apa sing dadi
wangsulan ndika.”
“Inggih
Ki Lurah” Bebau Punthuk wicanten malih “saderengipun kula nyuwun pangapunten
mbok bilih mangke atur wangsulan kula lepat, kula suwun Ki Lurah menapa
sedherek sanesipun ingkang wonten ing pendhapa mriki kersaa angleresaken.”
“Iya
Ki Bau, diage kandhakna apa sing dadi panemu ndika”
“Gandheng
Bumi Pangapitan menika tilaran saking para leluhur ingkang anggenipun yasa
sakalangkung rekaos, nyawa ingkang dados totohanipun, pramila kula nggadhahi
pamanggih sedaya ingkang purun manggen ing Pangapitan menika kedah setya
dhateng sumpahipun para leluhur” Bebau Punthuk nglajengaken aturipun “lan sok
sintena ingkang manggen ing Pangapitan mriki langkung remen nggega karsa priyangga,
kamangka cengkah kalihan sumpahipun para leluhur, mangka tiyang menika boten
pantes gesang ing Pangapitan menika.”.
“Mangkono
panemune Ki Bau Punthuk?” Ki Lurah paring wangsulan ingkang kalajengaken paring
pandangu malih dhateng sedaya ingkang wonten mriku “saiki sapa sing nduweni
panemu beda karo panemune Ki Bau Punthuk iki? Aja rikuh lan aja pakewuh ndika
ngacung wae lan ndika kandhakne apa sing dadi panemu saka ndika?!?”
Kawontenan
dados sidhem malih, boten wonten ingkang ngacung utawi wicanten menapa-menapa.
Nanging Ki Lurah boten tumunten ngendika malih, ngentosi mbok menawi wonten
ingkang badhe wicanten ngaturaken pamanggihipun.
“Nuwun
sewu lan nyuwun pangapunten Ki Lurah” sareng kawontenan dados sidhem, dumadakan
Bebau Kuncen ingkang umuripun taksih nem lan kenging kawastanan Bebau ingkang
anem piyambak ing Pangapitan, ngacungaken tanganipun kalihan wicanten. Sedaya
mripat ingkang wonten ing pendhapa lajeng sami ningali prenahipun Bebau Kuncen.
“Iya
Ki Bau Kuncen” Ki Lurah radi kejot nanging sinamudana, lajeng paring wangsulan
lan pandangu “ndika duwe panemu apa? Coba ndika kandhakne sing cetha!”.
“Boten
nggadhahi pamanggih Ki Lurah” Bebau Kuncen kebat anggenipun atur wangsulan “namung
badhe nyuwun pirsa, jalaran mila kula inggih dereng mangertos saestu”.
“nDika
arep takon bab apa magepokan karo sing tak kandhakne lan panemune Ki Bau
Punthuk iki mau, Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar