Total Tayangan Halaman

Selasa, 30 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (36)


 

036.

        Bebau Pilang gumujeng radi sora, ndadosaken Bebau Pethek mireng mila lajeng nggelak kapalipun kangge njejeri kapalipun Bebau Pilang. Lurung ingkang boten patos wiyar menika dipun kebaki dening tiyang tiga ingkang kekapalan, dados saupami saking ngajeng wonten tiyang ingkang ugi nunggang kapal badhe boten saged simpangan.

        “Lha iki kok malah padha jejer-jejer ngebaki dalan ta?” Sukmana grenengan ingkang ugi dipun mirengaken dening Bebau kalih ingkang wonten sisih keringipun menika “iki mengko nek ana wong liwat nggiring kebone rak sida ora bisa liwat”.

        “Nanging ing wanci-wanci makaten menika boten wancinipun tiyang nggereg maesa saking paguyangan kok Dhi” ingkang wangsulan Bebau Pilang “anu ngambali kala wau lho, tujunipun Adhi Sukmana wonten lan tumunten ngendika, upami boten wonten rak sampun dados pasulayan antawisipun kula lan Adhi Pethek kalihan Baune Jambon, tiyang kula kekalih sampun getem-getem dhateng sok sintena ingkang sampun ngempal kalihan tiyang-tiyang Paguron Nagalanang”.

        “Lha ndika napa getun kalih sing kula kandhakne dhateng Ki Bau Jambon kala wau ta Baune?” Sukmana gentos taken.

        “Boten makaten Adhi” wangsulanipun Bebau Pilang “malah kula matur nuwun dhateng ndika adhi Sukmana, jebul kula ingkang sampun tuwek niki, kawon nalar kalih adhi Sukmana ingkang kanthi gampil ngrampungaken prakawis kanthi mawi tembung ingkang sareh nanging nandhes lan mikolehi.”

        “Lha gajegipun Bapa Lurah menika rak sampun wongsal-wangsul paring pitedah dhateng sedaya pamong ing Pangapitan mriki ta Ki Bau?” Sukmana suka wangsulan kalihan mesem “sedaya prakawis menika manawi taksih saged dipun rampungaken mawi rembag inggih anggenipun ngrampungaken kedah mawi rembag, boten kengin migunakaken sanesipun. Menapa malih kala wau Ki Bau Jambon ugi boten nyebat sinten gurunipun menika sinten. Nanging ndika ketingal meh kemawon ndakwa menawi gurunipun Ki Bau Jambon menika menawi dede Ki Batasigar inggih Paman Dungkul rak makaten ta?, Pramila kula lajeng mbudidaya murih saged netepi ungeling paribasan, bisa kenaa iwake nanging aja nganti buket banyune, ngaten Ki Bau”.

        “Inggih mila leres makaten Adhi” wangsulanipun Bebau Pilang “nanging gandheng nalar kula ingkang dhedhel kekathahen betah menika, mbok menawi ingkang njalari kula supe dhateng pitedahipun ingkang Bapa, Ki Lurah Pangapitan.”

        “Inggih boten makaten Ki Bau” Sukmana gentos suka wangsulan “ndika supe kala wau awit kabekta saking taksih wonten raos anyel jalaran nembe kemawon grejegan kalihan Ki Bau ing Kawisan. Menapa boten makaten?”

        Bebau Pilang boten wangsulan malih, malah lajeng narik lising kapal ingkang dipun tunggangi temah radi alon lampahipun. Lurung ingkang kala wau dipun kebaki dening kapal ingkang jejer tiga, wangsul radi longgar malih. Bebau Pethek ugi tanggap. Lajeng tumut niru lekasipun Bebau Pilang. Samangke tiyang tiga menika anggenipun kekapalan iring-iringan. Sukmana ingkang manggen ing ngajeng piyambak, kasusul Bebau Pilang lan ingkang wingking piyambak Bebau Pethek.

        Nalika lampahipun tiyang tiga menika dumugi margi protigan Ngapit, Bebau Pethek lan Bebau Pilang nglajengaken lampahing kapalipun bablas badhe wangsul dhateng Dhukuhipun piyambak-piyambak, badhe ngrampungaken jejibahanipun nindakaken dhawuh saking Ki Lurah, parentah dhateng para pamong ing dhukuhipun lan nyiyagakaken para sapukawat lan sinoman murih baris pendhem ing sacaketing kalurahan. Sukmana menggok nganan badhe mampir dhateng griyanipun Bebau Krajan, saderengipun wangsul dhateng Kalurahan ngaturaken wohing dinuta dhateng tiyang sepuhipun, inggih Ki Lurah Pangapitan. Nalika samanten wekdalipun taksih siyang, sanaosa srengenge sampun ngglewang mangilen nanging taksih tebih saking cakrawala ngandhap sisih kilen, taksih watawis setunggal genter inggilipun.

        Nalika Sukmana dumugi griya, sedaya warga Dalem Kalurahan ketingal sami repot piyambak-piyambak. Ki Palir kabiyantu dening para rewang ketingal nata diyan-diyan lan ting ingkang badhe kangge madhangi pendhapa saha plataran Kalurahan.  Rewang sanesipun sami nata gelaran tikar kangge lenggahipun para Bebau lan Pamong mangke ing joganing pendhapa. Ing pawon para tiyang estri sami ocal-ocal tetedhan, nyawisaken pasegahan dhateng para ingkang badhe ndumugeni parepatan Akad Legen ingkang wekdalipun dipun majengaken mangke dalu menika.

        Sukmana inggih lajeng manggihi tiyang sepuhipun ing dalem wingking, ngaturaken sedaya wangsulanipun para Bebau ingkang dipun purugi kalihan Bebau Pilang lan Bebau Pethek. Kalebet ngaturaken wangsulanipun Bebau Sumber ingkang duginipun radi randhat awit badhe pamitan dhateng Ki Dungkul ingkang ngawontenaken pepanggihan ing Kawisan. Kajawi menika Sukmana ugi mamitaken Bebau Jambon ingkang wonten Pambeng awit katimbalan dening gurunipun, ugi ngaturaken kasagahanipun Bebau Jambon bilih benjing enjing badhe sowan ing ngarsanipun Ki Lurah ngaturaken sedaya ingkang dipun rembag kalihan gurunipun ingkang wonten sesambetanipun kalihan Dhusun Pangapitan.

        “Yen ngrungokne critamu kuwi, katone Bebau Sumber lan Bebau Jambon kuwi wis wiwit kasengsem marang pangajake Pamanmu Dungkul lan kanca-kancane” ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun Sukmana rampung anggenipun matur “nanging sajake durung padha kebacut, ketitik isih padha eling marang kalungguhan lan jejere minangka Bebau sing kebawah dening Kalurahan Pangapitan. Ya muga-muga wae isih padha bisa dielingne, luwih-luwih Bebau Jambon sing wis nyaguhi yen sesuk esuk bakal nemoni aku lan nyritakne apa sing dirembug karo gurune kuwi, sing kira-kira ya Dungkul utawa Batasigar.”

        “Kula kinten inggih makaten Bapa” Sukmana matur “inggih mugi-mugi kemawon sedaya ingkang sampun dipun bujuk dening Paman Dungkul lan rencangipun, tumunten kaparingan emut lan taksih saged dipun emutaken.”

        “Ya muga-muga wae mangkono Sukmana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

        “Nuwun sewu Bapa” Sukmana matur malih “menapa sampun wonten kabar saking Ki Bau Peleman prakawis anggenipun manggihi Ki Bau Kawisan?”

        “Ya, pancen Bebau Kawisan kuwi nyata julig lan mbutuhake kawigaten mirunggan” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan unjal napas landhung.

        “Liripun kados pundi Bapa?”

        “Mau Bebau Peleman wis teka kene maneh” dhawuhipun Ki Lurah malih “nglapurake menawa wis teka menyang omahe Bebau Kawisan. Sawise dikabari nek Parepatan Akad Legen dimajokne dadi mengko bengi, Bebau Kawisan ora guneman apa-apa kajaba mung wangsulan ngiyani. Nanging Bebau Peleman weruh yen kahanan Dhukuh Kawisan ana owah-owahan kang beda karo dhukuh-dhukuh liyane, ya kuwi saben omah katon padha yasa granggang sing dicawisake ing keringing omah. Kajaba kuwi, nalika Bebau teka ing omahe Bebau Kawisan, ing omahe Bebau Kawisan kuwi akeh banget gegaman lan pirantining perang, kaya dene Pedhang, Tumbak, Golok, Clurit lan sapanunggalane. Lan ing pekarangane Bebau Kawisan akeh para sapukawat lan sinoman sing katone lagi wae padha gladhen ulah kanuragan. Nanging Bebau Peleman ora guneman apa-apa marang Bebau Kawisan sing ana sambunge karo sing diweruhi. Mula banjur dadi gagasan, apa karepe Bebau Kawisan iki? Yen digandhengne karo sing dikabarake dening Bebau Pethek apa dene Bebau Pilang akeh benere manawa Bebau Kawisan wis duwe lekas arep wani marang aku lan arep mbudidaya murih Pangapitan misah saka Mataram lan manunggal karo Paguron Nagalanang sing mbalela marang Mataram.”

        “Lajeng kados pundi anggenipun nyikepi lekasipun Bebau Kawisan ingkang makaten menika Bapa?” Sukmana matur nyuwun pirsa.

        “Yen pancen wis cetha nek Bebau Kawisan mbalela ya kudu ditandangi, dirangket lan dipidana jumbuh karo dosane” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “yen prelu mengko ing Parepatan Rembug Desa Akad Legen iki, Bebau Kawisan bakal tak tanting apa sing dikarepake, bakal panggah setya marang Pangapitan sing ateges isih setya marang Mataram apa nedya nurut lekase wong-wong Paguron Nagalanang sing nyata-nyata wani mbalela marang Mataram lan arep nyengkuyung madege kraton anyar sing mung ana angen-angene wong sing ora bisa nampa kahanan lan kanyatan. Kanthi mangkono bisa katon sapa sing isih setya marang Pangapitan lan sapa sing wis katut melu pambujuke wong-wong Nagalanang.”

        Sasampunipun paring dhawuh makaten menika kala wau, Ki Lurah lajeng dhawuh dhateng Sukmana murih tata-tata kangge ndherek pepanggihan ing adicara Rembug Desa mangke dalu. Sukmana inggih lajeng mundur saking dalem wingking badhe tata-tata.

        Boten dangu sasampunipun srengenge serap, kawontenan ing Kalurahan Pangapitan ketingal reja. Kathahing diyan ingkang dipun pasang ing Pendhapa sarta ting-ting ingkang dipun seleh ing Pekarangan ndadosaken kawontenan padhang meh kados ing wanci rahina kemawon. Lare-lare alit kathah ingkang sami dolanan ing plataran Kalurahan, kados dene gobag sodor, dhelikan, playon lan sapiturutipun. Sadaya ketingal remen kanthi manah ingkang mardika. Nanging lare-lare kala wau lajeng sami nyingkir sareng para pamong saking dhukuh-dhukuh sa Pangapitan sami dugi. Pamong-pamong kala wau sami macak besus, lajeng sami minggah ing pendhapa mapan linggih ing tikar ingkang sampun dipun gelar.

 

 

(ana candhake)

   

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...