Total Tayangan Halaman

Senin, 29 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (35)


 

035.

        Boten dangu ing griyanipun Bebau Punthuk tiyang tiga ingkang dados utusanipun Ki Lurah Pangapitan menika inggih lajeng nutugaken anggenipun ngayahi jejibahan. Ngabari para Bebau sanesipun bilih parepatan Rembug Dhusun utawi adicara parepatan Akad Legen dipun majengaken mangke dalu.

        Sedaya Bebau inggih sampun nyagahi dhawuh saking Ki Lurah Pangapitan bilih mangke dalu badhe nganthi sadaya Pamong ingkang wonten ing dhukuhipun andugeni parepatan rembug dhusun menika. Namung Bebau ing Sumber ingkang criyos bilih anggenipun dugi mangke dalu menika radi kasep. Lan Bebau ing Jambon taksih dereng saged suka wangsulan ingkang gumathok.

        “Nek pancen Ki Lurah ngersakne adicara Akad Legen dimajokne dadi mengko bengi, aku ya ndherek wae Ki Pilang lan Ki Pethek” makaten wicantenipun Bebau Sumber “sapungkur ndika mengko aku ya mesthi banjur aweh kabar marang Para pamong sing ana ing Sumber kene. Mung wae, aku nyuwun tulung mengko aturna Ki Lurah, nek anggonku teka mbok menawa rada kasep, jalaran aku wis kadhung nyaguhi nekani sedhahan saka Ki Batasigar lan Ki Dungkul ing Kawisan, dadi aku mengko sadurunge menyang Kalurahan mampir dhisik menyang Kawisan tak pamit marang Ki Batasigar lan Ki Dungkul”.

        “Iya Ki Sumber” wangsulanipun Bebau Pilang, kalihan nggagas nginten manawi Bebau Sumber sampun katut dhateng pangajakipun Bebau Kawisan, manunggal dhateng Paguron Nagalanang, nanging Bebau Pilang inggih boten wicanten menapa-menapa sasampunipun dipun kedhepi dening Sukmana murih boten wicanten kathah-kathah “weling ndika mengko bakal tak aturne marang Ki Lurah”.

        Nalika Sukmana, Bebau Pilang lan Bebau Pethek pamitan badhe nglajengaken lampah, Bebau Sumber anggenipun nguntabaken inggih ngantos dumugi regol ngajeng.

        Benten kalihan wangsulanipun Bebau ing Jambon, ingkang anggenipun murugi sasampunipun tiyang tiga kala wau nilaraken griyanipun Bebau Sumber.

        “Piye ya Ki Pilang lan Ki Pethek?” makaten anggenipun suka wangsulan Bebahu Jambon dhateng Bebau Pilang lan Bebau Pethek “satemene nek Ki Lurah ngersakne adicara Akad Legen iki dimajokne dadi mengko bengi kuwi ya apik-apik wae. Nanging ya gene kok dadakan ngono lho? Dhawuh kok kaya sak deg, sak nyet, kuwi rak ndadekne sing didhawuhi rada gedandaban ta Ki?”

        “Nampa dhawuh saka dhuwurane kok gedandaban ta Ki Jambon?” Bebau Pilang suka wangsulan “gajege awake dhewe biyen sadurunge dikukuhne dadi Bebau, wis tau nyaguhi jejibahan bakal leladi marang desa sawayah-wayah. Kamangka nekani parepatan Akad Legen iki kalebu peranganing kuwajibane Bebau. Rak ya ngono ta Ki Jambon? Ya gene bisa gedandaban?”.

        Mireng wangsulanipun Bebau Pilang makaten menika, Sukmana tumunten suka sasmita murih Bebau Pilang sampun kesangeten anggenipun wicanten. Sampun ngantos ndadosaken sulaya ing rembag kalihan Bebau Jambon.

        “Pancen nek diparakne neng rembug ndika kuwi, ndika bener Ki Pilang” tujunipun Bebau Jambon inggih lajeng nglenggana lan suka wangsulan kalihan suwanten ingkang sareh “nanging, kaya awake dhewe iki rak ya duwe urusan liyane barang ta Ki Pilang? Kaya mengko bengi kuwi, aku wis nduweni kesaguhan marang Guruku sing banget tak ajeni nek aku arep sowan ing ngarsane merga aku ditimbali supaya marak. Lha nek adicara Akad Legen kanthi dadakan dimajokne dadi mengko bengi, kuwi rak ndadekne aku bingung. Kamangka minangka Bebau ing Jambon sing kebawah prentah Desa Pangapitan, aku wajib nekani Parepatan Akad Legen iki, awit cetha nek aku iki kebawah dening Ki Lurah. Nanging nek aku ora nuhoni dhawuh timbalane Guruku, aku wedi nek nganti kena walat, priye nek ngene iki Ki Pilang?”

        Bebau Pilang ingkang sampun nggadhahi panginten awon dhateng Bebau Jambon, inggih menika kakinten menawi Guru ingkang dipun kajengaken dening Bebau Jambon menika menawi dede Ki Dungkul mesthi Ki Batasigar, ketingal menawi manahipun wiwit benter. Ketingal praupanipun wiwit mbrabak abrit lan tanganipun dipun kepelaken. Makaten ugi kalihan Bebau Pethek, mripatipun ketingal murup.

        “Nyuwun Pangapunten Ki Bau” nanging dereng ngantos Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek wicanten, Sukmana ngrumiyini wicanten dhateng Bebau Jambon.

        “Inggih, kados pundi Adhi Sukmana?” Bebau Jambon suka wangsulan lan pitaken ingkang menapa ingkang dipun kajengaken Sukmana.

        “Menawi purun ngalab pamanggih kula” Sukmana wicanten malih “prakawis menika sampun dipun damel awrat anggenipun nggagas, dados boten sisah ngantos bingung menapa……”

        “Kok saged makaten liripun kados pundi ta Dhi?” Bebau Jambon kalihan suwanten renyah pitaken “kula menika sak niki estu bingung lho Dhi? Bingung kaworan sumelang, sumelang kuwalat dhateng Guru nanging ugi sumelang nampi dukanipun nginggilan inggih keng Bapa ingkang dados pangarsaning Dhusun Pangapitan menika”.

        “Mila saking menika, kula tawa pamanggih dhateng Ki Bau, mbok bilih purun ngengge dene menawi boten purun lan Ki Bau milih nglajengaken anggenipun bingung lan sumelang inggih sumangga”  wangsulanipun Sukmana kalihan mesem.

        Boten namung Bebau Jambon kemawon ingkang ketingal dereng mudheng dhateng wicantenipun Sukmana, sanadyan Bebau Pilang lan Bebau Pethek, inggih sami-sami ketingal gumun.

        “Makaten Ki Bau” Sukmana lajeng wicanten malih “nggen kula criyos dhateng ndika menika, kula minangka putranipun Bapa Lurah Pangapitan. Dados inggih sampun ndika tampi kados wicantenipun lare dolan, purun menapa boten Ki Bau?”

        “Mesthi kemawon kula purun ta Dhi” wangsulanipun Bebau Jambon sareh “tiyang kula inggih mangertos menawi Adhi Sukmana menika asring kadhawuhan dening Ki Lurah anyulihi nindakaken padamelan ingkang dados jejibahanipun Ki Lurah.”

        “Menawi makaten” Sukmana nglajengaken anggenipun wicanten “mila leres menawi Pamong utawi Warga Dhusun Pangapitan menika ngantos wantun ndaga dhawuhipun Ki Lurah magepokan kalihan tata reh paprentahan, sami kemawon sampun wani nantang dhateng Ki Lurah lan pantes nampi pidananing Dhusun. Kalebet dugi ing parepatan Ahad Legen menika. Nanging, ndika nggih kedah emut, boten sedaya pamong ingkang boten dugi ing Parepatan Akad Legen menika sabab linandhesan raos wantun nantang dhawuhipun Ki Lurah, nanging ugi wonten ingkang jalaran wonten pambeng ingkang saged katampi dening nalar lan mila inggih awit wonten pambeng saestu. Kados upaminipun pamong ingkang nembe sakit, utawi kulawarganipun wonten ingkang sakit lan mbetahaken dipun tenggani. Lan menawi dalu mangke ndika sampun kelajeng nyagahi dhawuhipun Guru ndika, menika ugi saged kalebetaken pambeng, namung kemawon……”

        “Namung kemawon pripun Dhi?” kanthi suwanten ingkang groyok nanging kawewahan ulat ingkang wiwit bingar Bebau Jambon nyela rembag, pitaken.

        “Sepisan ndika kedah marentahaken sedaya Pamong ing Jambon murih ndugeni parepatan Akad Legen ingkang wekdalipun dipun majengaken dados mangke dalu menika” Sukmana wicanten malih “Kaping kalih benjing enjing menawi ndika sampun sowan ing ngarsanipun Guru ndika, ndika kedah sowan ing ngarsanipun Ki Lurah saprelu asok kalepatan awit boten saged ndugeni parepatan Akad Legen, lajeng ngaturaken menapa ingkang dipun rembag dening Guru ndika kalihan ndika lan sedherek-sedherek tunggal sapaguron ing pepanggihan menika mangke, menika menawi wonten rembag ingkang magepokan kalihan Dhusun utawi warga Pangapitan menawi prakawis sanesipun ingkang boten wonten sambetipun kalihan Dhusun utawi warga Pangapitan, boten ndika aturaken dhateng Ki Lurah inggih boten menapa-menapa.”

        “Inggih Adhi, kula sampun mangertos kalihan ingkang Adhi Sukmana dhawuhaken” Bebau Jambon nigas rembag malih.

        “Salajengipun mangke kula ingkang badhe ngaturaken sedaya menika dhateng Bapa” Sukmana nutugaken anggenipun wicanten, “nanging……”

        “Nanging kados pundi malih Adhi?” Bebau Jambon pitaken.

        “Nanging ndika kedah saestu anetepi ingkang kula criyosaken kalih prakawis kala wau” wangsulanipun Sukmana “menawi ndika jebul lamis, boten nindakaken kalih prakawis kasebat, mangka dede sinten-sinten ingkang badhe tumandang, kula piyambak ingkang badhe mandhegani para sapukawating dhusun, ngrangket lan ngendharat ndika kalebetaken ing pakunjaran. Awit sampun  cetha menawi ndika sampun wantun murang tata lan sampun ngremehaken kapitadosan ingkang ndika tampi saking Ki Lurah lumantar kula menika. Kados pundi?”

        “Inggih Adhi” Bebau Jambon suka wangsulan “sedaya dhawuhipun Adhi Sukmana badhe kula tindakaken”.

        Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek manthuk-manthuk, mireng wangsulanipun Bebau Jambon dhateng Sukmana ingkang makaten kala wau. Gandheng sedaya Bebau ing Pangapitan sampun dipun kabari lan Bebau Jambon menika ingkang pungkasan, pramila tiyang tiga menika inggih lajeng pamitan wangsul. Kanthi praupan ingkang bingar nedahaken menawi manahipun kalegan, Bebau Jambon nguntabaken wangsulipun Bebau Pilang, Bebau Pethek lan Sukmana ngantos dumugi regol ngajeng.

        “Kula ngaturaken genging panuwun saestu lho Dhi” sareng sampun radi tebih nilaraken griyanipun Bebau Jambon, Bebau Pilang nyaketaken kapalipun ingkang dipun tunggangi dhateng kapalipun Sukmana kalihan wicanten.

        “Ngaturaken panuwun ing prakawis menapa ta Ki Bau?” wangsulanipun Sukmana kalihan pitakenan.

 

 

(ana candhake)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...