034.
“Salajengipun”
Bebau Pilang nglajengaken anggenipun cariyos “Ki Bau Pethek lan
rencang-rencangipun kula ajak wangsul dhateng griya, saprelu ngrembag lekasipun
Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan. Amargi Ki Bau Pethek kuwatos menawi lekasipun
Ki Bau lan Jagabaya Kawisan mila sampun pikantuk palilah saking Ki Lurah,
pramila enjing wau Ki Bau Pethek kula ajak manggihi Ki Bau Peleman. Dening Ki
Bau Peleman, kula kekalih dipun ajak sowan lan nyuwun pitedah dhateng Ki Lurah”.
Ki
Lurah Pangapitan ketingal menawi santer lampahing penggalihipun. Ketitik
sanaosa anggenipun cariyos Bebau Pilang sampun rampung nanging boten tumuli
dipun tanggapi. Malah Ki Lurah ketingal lajeng tumungkul, palarapanipun
ketingal njengkerut. Tiyang-tiyang sampun sami tanggap ugi sami mangertosi
menawi panggalihipun Ki Lurah nembe ruwet. Nanging tiyang-tiyang menika boten
mangertos lampahing penggalihipun Ki Lurah. Wasana tiyang-tiyang menika lajeng
kendel boten wantun kumecap, namung ngrantos dhawuh saking Ki Lurah.
“Hm……”
sareng sampun sawatawis anggenipun kendel, Ki Lurah lajeng unjal ambegan
landhung, lajeng ngunandika alon “babar pisan aku ora nyana, jebul wis adoh
laku sing ditempuh dening Dungkul lan wong-wong Padhepokan Nagalanang kanggo
ngorak-arik Desaku iki”.
Mireng
pangunandikanipun Ki Lurah makaten menika, tiyang-tiyang inggih lajeng sami
sawang-sawangan sesamining rencang, boten wonten ingkang wantun atur pamanggih,
awit inggih boten gadhah atur ingkang sakintenipun jumbuh kalihan lampahing
penggalihipun Ki Lurah.
“Nuwun
sewu Kakang” dumadakan Ki Palir wicanten alon.
“Iya,
piye Dhi?” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah paring sasmita murih Ki Palir
ngaturaken rerigen.
“Saestu
kula tumut rumaos dosa dhateng Pangapitan, menapa dene dhateng Kakang Lurah” Ki
Palir lajeng matur “ingkang sepisan, jalaran duginipun Kakang Dungkul ing
Pangapitan rumiyin sesarengan kalihan kula lajeng sasampunipun jengandika
paringi griya, panggenan kula cecaketan kalihan panggenanipun Kakang Dungkul
lan Kakang Dhangkal, ewa samanten kabekta saking anggen kula kasengsem
ngraosaken legining rejeki peparing jengandika, ketungkul nggagas lan nggarap
pategilan lan sabin, kula lajeng tledhor
temah boten mangertos menawi kadang-kadang kula menika jebul satru munggweng
cangklakan. Sanaosa makaten, sanaosa sampun radi kasep, kula kepengin sanget
nebus dosa lan ndandosi kalepatan kula kala wau, awit saking menika mugi Kakang
Lurah kepareng nuntun kula murih kula tumunten saged nebus dosa lan ndandosi
kalepatan menika.”
“Ngene
ya Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “awakmu aja kaduk ati rumangsa luput ngono
kuwi. Merga nek sing dipetung lupute, kuwi kabeh kanggonan luput, luwih-luwih
aku sing wis gelem dadi pangarepe wong sadesa Pangapitan iki. Nanging nek
perkara luput iki digedhek-gedhekne bakal ora becik kedadeane. Sing baku,
wong-wong sing isih duwe kasetyan marang Desa Pangapitan iki kudu tumuli
nyawiji ing panemu, banjur bareng tumandang murih Pangapitan rahayu saka
sakehing godha rencana.”
“Nuwun
sewu Ki Lurah” Bebau Pethek munjuk atur “sak niki sampun cetha menawi Ki Bau lan
Ki Jagabaya Kawisan sampun mbalela awit nuruti pangajakipun Ki Dungkul, menapa
boten langkung prayogi menawi tiyang kalih menika tumunten dipun rangket lan dipun
kunjara, makaten ugi Ki Dungkul sarta tiyang-tiyang ingkang ngaken minangka
siswa saking Paguron Nagalanang ingkang sampun cetha badhe mbalela dhateng
Mataram menika?”
“Inggih
Ki Lurah” Bebau Pilang numpangi rembag “kula sarujuk kalihan aturipun Adhi Bebau
Pethek menika. Awit menawi boten tumunten dipun rangket, kula kuwatos selak
sansaya kathah Bebau lan Pamong ing Pangapitan ingkang kenging kabujuk dening
Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan. Lan kula ugi kuwatos, menawi ngantos Ki Dungkul
ngundang rencang-rencangipun kanthi sesidheman mlebet dhateng Pangapitan lan
damel kisruh.”
“Aja
grusa-grusu Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan “kabeh kudu digagas sing dawa,
aja nganti merga kesusu tumandang wekasan dadi kebat kliwat. Ora ngrampungake prakara
malah sansaya ngambra-ambra”.
“Lajeng
kersanipun Ki Lurah kados pundi?” Bebau Peleman ingkang gentos matur “kaparenga
paring dhawuh, menapa ingkang kedah kula lampahi murih kawontenan ing
Pangapitan tumunten saged tentrem malih?”
“Saiki
ngene wae” Ki Lurah lajeng paring dhawuh “suk Ngahad kuwi rak dina Ngahad Legi
ta?. Dina rembug desa saben selapan, ing rembug desa mengko prakara iki bakal
tak bukak lan dadi rembug, kanthi mangkono bakal luwih gampang anggone ngudhari
prekara sing ruwet iki. Mung wae, gandheng karo kahanan, rembug desa Ngahad Legen
iki bakal tak majokne mengko bengi.”
“Mangke
dalu Bapa?” Sukmana nyela rembag, nyuwun pirsa.
“Bener
Sukmana” Ki Lurah paring wangsulan “Mula saiki uga ayo andum gawe, Kowe karo Ki
Bau Pilang lan Ki Bau Pethek, mubenga. Para Bebau sa Pangapitan padha kabarana
yen adicara Rembug Desa dianakne mengko bengi, kabeh Bebau supaya padha teka
karo nganthi kabeh Pamong ing Padhukuhane dhewe-dhewe.”
“Inggih
Bapa sendika ngestokaken dhawuh” Sukmana atur wangsulan.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” Bebau Pilang munjuk atur.
“Iya,
piye Ki Bau?”
“Menapa
kalebet Ki Bau Kawisan?” Bebau Pilang nyuwun pirsa.
“He
he he iya Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan kalihan gumujeng alon “prentahku
mau durung rampung, mligi kanggo Bebau Kawisan aja ndika apa Sukmana sing
ngabari, nanging kareben Ki Bau ing Peleman wae”.
“Inggih
Ki Lurah sendika ngestokaken dhawuh” kebat Bebau Peleman atur wangsulan.
“Lan
ana wuwuhan prentah marang ndika Ki Bau Pilang, Pethek lan Peleman” Ki Lurah
nutugaken anggenipun paring dhawuh “kajaba nganthi para pamong sing ana dhukuh
ndika, aja ngawistarani padha ndika siyagakne sinoman lan sapukawat saka dhukuh
ndika, padha parentahna murih siyaga gegaman lan nganakne baris pendhem ing
sakupenge Dalem Kalurahan, kanggo njagani menawa ana apa-apa.”
“Inggih
Ki Lurah, boten langkung inggih sendika” nyulihi Bebau Pilang lan Bebau Pethek,
Bebau Peleman atur wangsulan.
Sukmana
lan Para Bebau ingkang wonten ing Pringgitan menika lajeng sami nyuwun pamit
bidhal nindakaken dhawuhipun Ki Lurah.
Sasampunipun
dumugi jawi, Bebau Peleman inggih lajeng mendhet kapalipun dipun cengklaki
badhe dhateng Kawisan. Sukmana, Bebau Pilang lan Bebau Pethek sami rerembagan,
bidhal ijen-ijen andum ingkang badhe dipun purugi menapa bidhal sareng sedaya
dipun purugi tiyang tiga.
“Ingkang
dipun purugi rak kantun nem panggenan ta Dhi?” Bebau Pethek pitaken dhateng
Sukmana.
“Lha
inggih ta Ki Bau” Sumana suka wangsulan “Dhukuh ing Pangapitan menika sedaya
rak cacah sedasa, sewelas sak Dhukuh Krajan. Ingkang sampun boten prelu dipun
kabari sampun wonten tiga, lajeng ingkang ngabari Bebau ing Kawisan Ki Bau
Peleman, Bebau Krajan mangke saged dipun ampiri. Dados nggih leres kantun nem
dhukuh. Punthuk, Ngreca, Jambon, Sumber, Kuncen lan Munggur.”
“Nuwun
sewu nggih Dhi” Bebau Pethek wicanten malih “kula kok taksih radi njit-njiten ta
Dhi, menawi badhe kepanggih kalihan kanca-kanca Bebau, menawi ijen sami ijen?.
Wewayanganipun Ki Bau Kawisan kala wingi enjing ingkang badhe kerengan kalihan
Kakang Bau Pilang menika taksih kumanthil-kanthil ing mripat kula”.
“Menapa
kula piyambak kemawon ingkang ngaturi Bebau-bebau ing nem Dhukuh menika?” Sukmana pitaken kalihan mesem “ndika kalih Ki
Bau Pilang wangsul kemawon?”.
“Boten
Dhi” ingkang wangsulan malah Bebau Pilang “kajawi menika dhawuh saking Ki
Lurah, kula inggih kepengin kepanggih kadang-kadang Bebau sanesipun, kajawi Bebau
Kawisan ingkang sampun dipurugi Ki Bau Peleman”.
“Estunipun
kula inggih kepengin kepanggih kanca-kanca Bebau sanesipun Dhi” Bebau Pethek
wicanten malih “nanging pengin kula wontena rencangipun”.
“Lha
nek ngoten nggih awake piyambak, tiyang tiga niki mlampah sareng mawon” Sukmana
wangsulan kalih mesem sansaya wiyar “dados saben Bebau dipurugi tiyang tiga.”
“Inggih
Dhi. Saenipun mila makaten kemawon” Bebau Pilang gentos wicanten “mumpung
taksih wonten wekdal, mangga tumunten bidhal samenika kemawon”.
Tiyang
tiga tumunten minggah dhateng gigiring kapalipun piyambak-piyambak. Dipun
wiwiti saking ler, ingkang dipun panggihi rumiyin piyambak Bebau ing Punthuk.
Bebau ingkang sampun radi sepuh, nanging taksih katingal njenthara menika, wicanten
blaka menawi radi kaget, boten padatan Ki Lurah majengaken adicara Rembug
Dhusun malem Ngahad Legen, mila lajeng pitaken wonten menapa?.
“Boten
wonten menapa-menapa kok Ki Bau” gandheng Bebau Pilang lan Bebau Pethek boten
saged nyukani wangsulan, lajeng Sukmana ingkang mangsuli pitakenipun Bebau
Punthuk inggih Ki Sukidi “namung benjing malem Ngahad Legi menika anyarengi
Paman Palir ngawontenaken wilujengan ing griyanipun, nengeri anggenipun Boyong
dhateng Pangapitan, tiyang samangke Bibi Tandur semahipun Paman Palir sampun
dugi lan badhe ndherek gesang ing Pangapitan”.
“Ooo,
sokur ta Dhi, menawi makaten mangke dalu sedaya pamong ing Punthuk kula ajake
sowan dhateng Pendhapa Kalurahan.”
(ana candhake)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar